Wis wengi, dalan-dalan sepi. Mung ono siji loro kendharaan sing lewat. Langite mendhung, lan hawa wiwit kroso atise, nandhakake menawa sedhela maneh udan. Nanging Sasongko terus wae jumangkah. Raine tumungkul, koyo lagi ngetungi akehing jangkah sing wis dilakoni.
Pikirane ora ngalih saka kahananing omah lan kulawargane sing ditinggalake wiwit sore. Atine sansaya kuwur lan peteng. Apamaneh yen kelingan polatane Aminah sisihane sing kembeng-kembeng eluh nalika ngucapake tembung pungkasan sak durunge dheweke budhal mau.
"Mas, Bu Mangku wis ora gelem maneh menehi utangan beras. Alesane reregan ora ajeg, dadi ora wani potang,luwih-luwih awake dhewe, yen bayar ya akeh mlesete. Susune Totok ya wis entek lo Mas, kari nggo bengi iki."
Kaya mitralyur tembunge bojone samsaya nindhihi rasane sing wis abot.
Ora ana wangsulan sing dikandhakake. Batine angles. Umpama patut mono Sasongko kepengin nangis gulung koming.
Patang sasi kepungkur Sasongko kepeksa metu saka gaweyan sing lagi rong tahun diayahi. Alesane perampingan, perusahaan wis ora kuwat mblanja amarga kahanan ekonomi sing morat marit.
Ana wong satusan sing di-PHK. Apa sing bisa ditindakake? Unjuk rasa?Protes grudukan tekan DPR? Utawa njaluk tulung menyang lembaga sing mbuh rangerti sing bisa ngentasake panandhange?
Kesuwen!Sawetara anak bojone selak luwe amarga ora dipakani kaya mestine. Ya yen kasil, yen ora?
Sasongko pilih meneng senadyan ana sing ngajak protes. Pesangon gaji telung sasi sing diwenehake perusahaan ditampa kathi ikhlas, senadyan batine njerit. Dhuwit semono bisa kanggo mangan tekan kapan?
Sasongko uga banjur golek gaweyan tekan ngendi endi, paribasan udan lan panas ditrabas supaya bisa entuk pametu. Nanging nyatane nganti celengane entek mekso durung kasil. Kamangka Sasongko wis nekat, dadi tukang nyapu ndalan ya wis gelem ta wis, watone aja ngemis. Amarga kandhani priyayi sepuh, ngathung kuwi pakarti sing kuno. Mbuh yen kepepet.
Sandhangane saiki mung kari rong setel, liyane wis didol diijolke beras lan susune anake.
Pancen uripe durung temata sakwise nyambut gawe rong tahun. Nyelengi ya durung bisa wong omah ya isih ngontrak. Maklum, dudu pagawe sing duwe kalungguhan.
Telung sasi sak wise cekel gawe, Sasongko wis njaluk rabi. Suk ngenteni apa, saiki ngenteni apa, jarene. Ngenteni sugih ya selak ngakik. Dielikake wong tuwane nekat wong nyatane Aminah wanita pilihane saguh urip rekasa bareng dheweke.
"Wis ben Mas, pancen kabeh kudu diwiwiti saka ngisor. Yen awake dhewe gemi, rak ya mesti bisa nyelengi," kandhane Aminah nalika semana.
"Jarene, lelakon ndonyo iki kaya rodha, mubeng, kadhang kala ana ngisor kadhangkala ana ndhuwur. Sapa ngerti, suk emben awake dhewe bisa sugih," kandhane maneh.
Sansaya mantep atine Saasongko, rumangsa ora kleru anggone milih bojo. Wanita pilihane dudu cewek matre kaya sesebutan sing kerep dikandhakake cah jaman saiki saben ngerti wong wadon mata dhuwiten. Nyatane uripe Sasongko ayem-ayem wae.
Setahun sak wise rabi, Totok lahir. Kebutuhan tambah, ya susu bayi, ya popok bayi, ya bubur bayi. Pancen abot, nanging uripe apik-apik wae kok. Kabagyan lan ketentreman ki jarene dumunung ana atine dhewe-dhewe. Pokoke yen ati nrima, uripe tentrem. Nanging saiki Sasongko ora bisa kandha ngono. Arep ayem piye wong wetenge luwe. Arep nrima piye wong dioyak kabutuhan. Njaluk wong tua? Aja nganti. Bojone wis dipenging, rekasa dikaya ngapa aja nganti banjur nubruk wong tuwa. Biyen dipenging, nekat. Ngisin-ngisini!
"Sabar ya Am, sedhela maneh aku mesthi enggal entuk gaweyan," panglipure Sasongko saben bojone sambat.
Mak bruk! Dumadakan Sasongko tiba, kerungkep. Senadyan raine tumungkul, nanging mripate ora weruh yen ana tlundhakan trotoar sing malangi ana ngarepe. Kudune krasa mlumpat, ning piye, wong pikirane mlayu mrana-mrana.
Ora ana sing weruh, wong dalan wis sepi. Sasongko ndheprok ana pinggir dalan, ngelus dhengkule sing rada babak ketatap lingiring trotoar.
Nalika arep tangi, Sasongko rada nolah-noleh mbok menawa ana sing eruh, rekane isin. Tujune ora. Nalika noleh nyang kiwa ndalan,jebul ana warung bakmi sing isih bukak. Gandaning masakan mak brebet ngithik-ithik irunge. Sasongko lagi kelingan yen wetenge luwe. Mak clegug, Sasongko ngulu idu...Pikirane bali nyang ngomah maneh. Yen dheweke wae luwe, apa maneh bojone, anake...
"Susune Totok entek Mas," tembunge bojone mau kumandhang maneh ana kupinge.
Sasongko krekel-krekel tangi, banjur jumangkah ngadoh saka papan kono. Mripate kembeng-kembeng eluh, diampet ora kasil, nyatane atine kaya diiris-iris tenan. Lakune gloyoran, mbuh kenangapa, sikile krasa lemes, tur rada kedhingklangan amarga dhengkule lara sakwise tiba.
Nalika mak gluyur pas ngarepe ana cagak listrik, tujune ora nganti nabrak. Cagak listrik digujengi kenceng, ambegane ditata. Nalika atine rada sumeleh lan arep wiwit lumaku, dumadakan mripate weruh pit ontel semendhe ana tembok. Apik, mesti regane larang Duweke sapa? Ora ana wong sak kiwa tengening papan kono. Mesti sing duwe lagi tuku rokok, utawa jajan bakmi ana warung kono. Sembrono yen ilang piye? Dumadhakan ana setan ngoroki kupinge. Sing jenenge iman lunga mbuh menyang ngendi, sing baku Sasongko nemokake dalan. Mbuh setan belang ngendi Sasongko ora preduli. Pit enggal dicengklak lan nggeblas. Ora mulih, pit iki kudu dadi dhuwit luwih dhisik.
Nyang ndi ya? Sasongko kelingan Mas Slamet tilas kancane nyambut gawe biyen. Slamet bukak bengkel, yen dheweken nubruk ora ketang sethithik mesti bisa. Lan maneh omahe ya ora adoh saka kene.
Nalika mlebu ngomah, Sasongko nyangking tas kresek isi werna-werna. Ana susu, ana gula teh, lan beras sawetara, uga mi instan.
"Mas, tujune ndang tekan ngomah, galo, wis gremis," Kandhane Aminah karo nyandhak gawane bojone.
Udan deres ora dirasa wong ya wis tekan ngomah. Aminah praupane sumringah. Tanpa takon ngendi asal usule, mi instan banjur dimasak. Themal-themel olehe mangan bareng bojone. Atine ayem amarga sesuk Totok isih bisa ngombe susu maneh.
Lagi jam sanga, Aminah nembe wae ngentepke liwet nalika Slamet teka mrono. Sasongko isih turu. Nanging ing mburine Slamet ana pulisi cacah loro. Aminah durung duwe pikiran werna-werna nganti Slamet crita yen mau bengi Sasongko nyolong pit onthel sing banjur digadhekake menyang dheweke.
Meh wae Aminah ambruk yen mburine ora ana cagak sing nyangga awake.
"Nyol...long pit?" gemeter suwarane Aminah.
"Iya Am, bengi-bengi nyang ngomahku, kandhane butuh dhuwit, tak wenehi seket wong aku mung nyekel dhuwit sak mono, njur pit-e dititipake aku, jarene esuk iki arep didol. Aku lagi ngilang ilingi pite amarge sirku arep tak tuku dewe nalika ana wong mara lan nitik yen jarene kuwi pite."
Saiki Aminah ambruk, langite panyawange peteng, donyane peteng. Pangarep-arepe tatas.( dening: Widayat ) kapetik saking Solo Pos