Wancine lagi ndungkap jam lima sore. Nanging langit ing awang-awang katon repet-repet, kaya-kaya wis meh surub. Kira-kira ana rong jam lawase srengenge kaling-kalingan mendhung. Hawane krasa kaya diungkep, sakwise sak awan muput peteng panase srengenge sasat ngobong bumi. Padatan, ing titi wanci kaya mengkene iku Mas Sigap maca koran. Sak wuse adus, tumuli nyandhak laptop sedhela kanggo naliti gaweyan kantor utawa mbukak internet. Sakdurunge Ranu lan Rani padha sinau, Mas Sigap uga merlokake ngobrol karo anak-anakku sing lucu-lucu. Beda karo padatan, sore iku polatane Mas Sigap katon suntrut, praeyane semu mbranang kepara peteng.Embuh kaping pira anggone wira-wiri neng njero kamar, tanpa ngucap sajakana kang winadi. Aku dhewe ora wani takon apa kang njalari Mas Sigap kaya mengkono. Aku lagi jumangkah menyang kamar nalika Mas Sigap takon kanthi swara sogol. " Sapa sing mindhah buntelan ndhuwur lemari?". Ngucap mengkono
Tidak ada komentar:
Posting Komentar