Selasa, 24 Juni 2008

Cerkak : Dhuwit Lanang

Cerkak : Dhuwit lanang

Rumangsaku kaya isih tanggal enom wae, dompet kandel ati uga dadi kendel. Dhasar awak waras kanthong kandel mula dina iku rasane kaya neng kutup sisih elor tegese wengi iku luwih suwe tinimbang awan. Dhasar manungsa kalong, angger wengi luwih dawa atine luwih seneng, esuk mau aku oleh dhuwit lanang, mengkono istilahe PNS sing lagi nampa rapelan blanja, iki dhuwite wong lanang wong ngomah ora perlu dibagehi ndhak tuman njagakake. "Mbok enggo ngapa Har?", pitakone kancaku karo klesik-klesik. Aku mung mesem, nanging dheweke wis ngerti karepku."Neng omahe sapa?", ganti aku takon. Sarbini durung aweh wangsulan, "sik tak ngontak bala-bala kabeh", semayane karo menyat lunga . Mbuh kepriye larah-larahe kok dadi Gang Pangunci iki ana, aku klebu wong anyaran. Critane dhisik nalika uripe pegawe negeri isih rekasa padha golek lelipur kanthi srana ngombe ciu. Edan tenan lelipur ati kok wujude ngombe ciu, apa ora kliru, apa ora ngerti dosa?, ning suwene suwe pakulinan mau saya ndadra, sanajan saiki uripe pegawe wis kepenak, nanging pakulinan ala mau tetep ditindakake. Ah,... ya ngono iku wong sing kliru tumindake, ora syukur malah kufur. Nalika aku dadi pegawe anyaran aku ditimbali kepala dinasku. "Dhik Harjono, priye penemumu meruhi kanca-kanca sing padha seneng ngombe ciu?", pitakone kepala dinasku mau karo nyawang aku tanpa kedhep. Pinangka lulusan saka IAIN aku rumangsa ditantang kanggo mbrantas pakulinan ala iki. " Menapa sampun nate dipun elingake?", pitakonku nlesik. "Wah wis nganti jeleh anggonku ngandhani, nanging mlebu kuping kiwa metu kuping tengan, malah wis tau dadi seling surup aku ditantang gelut", wangsulane kepala dinasku nelangsa." Priye dhik Harjono apa bisa ngandhani wong-wong mau?", aku durung aweh wangsulan, "sanes wekdal kula cobi pak , mbokmenawi saget", aku nyanggupi tugas abot mau.


Liya dina aku ngadhep kepala dinas karo ngusulake cara kanggo mbrantas kebiyasaan elek mau.Kepala dinasku sajak setuju." Ning apa tumindak iki ora ngrugekake asmane dhik Harjono pinangka sarjana agama lulusan IAIN?", pitakone pak kepala dinas sajak wangu-wangu. "Mboten pak, sauger bapak kersa ndamel layang pranyatan ingkang nerangaken menawi tumindak kula punika namung mujudaken sarana kangge mbrantas tumintak maksiyat kanthi cara alus, paribasane entuk iwake ning ora buthek banyune", mengkono semaurku manteb.


*****


Meh rong sasi aku nyemplung ing donyaning peteng iki, ya main kertu, ya melu ngombe ciu lan liya-liya tumindak ala. Mula bukane tekaku ing pasrawungan Gang Pangunci iki disujanani, nanging saking pinterku, kabeh mau suwe-suwe ora ngawistarani babar pisan. Aku kaya wong sing lagi kapedhotan katresnan lan mbutuhake panglipur yaiku ngombe ciu lan main kertu, ning kabeh mau mung samudana wae. Kaya sing wis dijanjekake, wengi iku manggon aneng omahe pak Jarwo, tetunggule gang Pangunci. Informasi dak aturake marang bapak kepala dinas, lan bapak kepala dinas banjur ngontak pejabat kepolisian supaya nggropyok tumindak mau, kanti apus -apus sarana diinapkan selama tiga hari / tiga malam di kantor polisi karebe kapok tenan. Lagi seneng-senenge aku sak kanca padha mendem, dumadakan lawang omah didobrak saka njaba, "jangan lari, dan semua pemabok harap angkat tangan!", perintahe pak polisi kanthi swara kang sora. Aku sak kanca digiring munggah mobil tahanan polisi sing wis dicepakake, lan aku sak kanca ditahan neng kantor polisi. Ya neng kantor polisi iki aku nglaksanakake tugas dakwahku.


*****


" Kanca-kanca, aku rumangsa getun banget duwe tumindak kaya mengkene iki, apa ora ana dalan liya sing luwih becik kanggo golek panglipur?", pitakonku marang kanca-kanca karo dak sawang siji mbaka siji. " sing wis duwe kulawarga, kulawargane dadi katut isin, putra-putrane dadi poyokan neng sekolahe, sing isih joko kaya aku ya wong tuwaku katut elek asmane amarga saka tumindakku". Kabeh dak sawang padha manthuk-manthuk. " Ngene wae kanggo ngisi wektu sing longgar ayo padha dak ajari sholat". Kabeh padha manthuk-manthuk, bubar sholat isih dak tambahi kultum. " Aku arep ngajokake pitakone, kabeh sing ngerti bisa aweh wangsulan". Aku nyoba pitakonan kaya sing diajarake kiyayiku ing pondhok. " Apa bab sing paling cedhak lan apa bab sing paling adoh?. kabeh padha wangsulan miturut pangertene dhewe-dhewe, ana sing wangsulan : sing paling cedhak ya kowe, karo nudhing awakku. " ya bener nanging durung pener", wangsulanku. Ana sing semaur "sing paling cedhak ya omahku, ra sah ngebis mlaku wae ya bisa tekan ngomah", " Ya bener nanging durung pener" , wangsulanku. Kabeh wangsulane dak benerake kabeh ben atine lega, banjur aku aweh wangsulan sing bener lan pener miturut agama. "Dak kandhani ya, sing paling cedhak iku ya pestine pati, lan sing paling adoh iku wektu sing wis kita lakoni.", kabeh kanca-kanca padha ndomblong sajak ora mudheng, mula aku banjur njlentrehake sakbisaku ben marem atine. " Tegese sing paling cedhak iku pestine pati, sapa sing ngerti kapan bakal mati?", kabeh padha meneng kaweden."Wong mati iku bisa neng ngendi wae, kapan wae

Tidak ada komentar: