Senin, 09 Juni 2008

Cerkak : Jangan Tumpang

Srengengene pas ana ndhuwur sirah. Kurang luwih jam 12.00, hawane panas ora mekakat kaya-kaya yen dituruti arep ngombe ngentekake banyu sak kendhi. Mak brabat Pak Sardi mlaku tumuju pawon arep ngombe lan mangan awan. Eneng meja wis sumadiya unjukan lan dhedhaharan kang dicawisake dening Sumiyem abdine. Anggone Pak Sardi mangan wayah awan iki katon nikmat lan seger banget. Ya, nembe wektu-wektu saiki anggone mangan ngrasakake enak.

Pancen Yu Sumi abdine kang wis melu sapungkure ibune bocah-bocah kondur neng pangayunaning Pangeran iki wong wadon kang pinter olah-olah. Sakabehing masakan krasa enak lan sedhep. Sanajan mung wujude mung jangan asem ning rasane nikmat lan segere ora karuan kaya-kaya arep ngenteke sega sak cething, apa maneh yen mangsak jangan tumpang wah,...rasane pas banget, sedhep mantep. Ora pati pedhes, ning rada asin sithik.

Cekak aos Yu Sumi prigel babagan mangsak. Bab iki Pak Sardi lan para putrane kabeh ngakoni, malah sak wenehing dina anake Pak Sardi kang aran Parwati wis nate pitakon "Apa Yu Sumi wis nate kursus masak?", Yu Sumi ora aweh wangsulan sing gumathok malah mung ngguyu. Yu Sumi, mengkono kabeh keluargane Pak Sardi nyeluk. Sanajan mung jejere rewang, nanging rupane ayu, pawakane semok tur pakulitane kuning resik.

ora ateges ngremehake jenate Bu Sardi wanita kang ora pinter utawa ora bisa mangsak, nanging abot-abot Bu SArdi nyukupke blanjane Pak Sardi pinangka PNS rendhahan ben bisa cukup sewulan, mula Bu Sardi saben dina mung mangsak lawuh apa anane. Saben dina mung mangsak oseng-oseng utawa jangan sop lan nggoreng tahu lan tempe.

Bu Sardi ora nate tindak pasar saperlu blanja kebutuhan pawon, nanging cukup menyang dhasarane Mbok Narsih bakul ideran sing mangkal ana sak pojoke prapatan. "Aja nganti aku blanja kebutuhan pawon nyang pasar, bisa-bisa bayarane Pak Sardi entek mung kanggo nyukupi pawon," mengkono semaure Bu Sardi nalika ana tangga teparo kang takon.

Wis dadi watake wong wadon yen weruh apa-apa ning pasar mesti kepingin tetukon lan njalari boros. Ya saking pintere Bu Sardi anggone ngatur blanjane Pak Sardi, putrane cacah enem kabeh bisa sekolah dhuwur. Joko sing mbarep wis lulus saka UGM kanthi nggondol titel insinyur Teknik Sipil, saiki wis nyambut gawe aneng PT Waskita Karya. Parwati kang nomer loro ora kalah karo kangmase. Sanajan bocah wadon ning mujudake sarjana wanita teknik nuklir kang sepisan, saiki nyambut gawe aneng BATAN. Prasetyo kang nomer telu meh rampung saka STTT, malah wis nampa ikatan dinas saka PT Telekomunikasi, Catur Purnama putra kang nomer papat lagi sinau ning Magelang, dheweke taruna Akmil sing wis genah masa depane, dene kakang ragil lan ragil isih sinau ana SMA.

Ya kabeh mau saka hasile parjuwangane Bu Sardi anggone ngatur pametune bojone. Ya mung emane sakdurunge Bu Sardi bisa nyawang para putra padha mentas wis dipundhut karo Kang Maha Kuwasa.

Prasasat kaya wong nggendhong kapuk sak gegem, Pak Sardi rumangsa entheng banget sanggane saiki. Putra cacah enem wis mentas papat, dene sing loro wis diragati mbakyu lan kangmase, mula saben dina Pak Sardi bisa dhahar lan ngunjuk sing enak ngematke ilat mangsakane Yu Sumi.

Sanajan sanggane wis enteng, nanging urip dadi dhudha kuwi ya dikapakna wae meksa ora kepenak. Babagan mangan lan umbah-umbah ora ana masalah, wis ana Yu Sumi sing prigel mangsak lan sakabehing gaweyan rumah tangga. Banjur yen awakku pinuju masuk angin? Ora krasa luh temetes saka mripate Pak Sardi. Wewayangan nalika masuk angin lan dikeroki bojone gawang-gawang.

Pikirane Pak Sardi saya nglangut ngambra-ambra kelingan ndek jaman isih dadi manten anyar, ing pangrasa kaya arep kepingin omah-omah maneh, ning apa ya patut sak umur-umuranku rabi maneh, banjur apa ya kabeh anak-anaku nyarujuki? Rumangsane Pak Sardi para putrane padha ngumpul ing pendhapa, padha nganakake pasamuan keluarga.

"Pokoke aku ora setuju menawa Bapak arep krama maneh, aku sanggup ngopeni Bapak manawa gerah!" , mengkono pengucapane Joko sipembarep karo lunga klepat saka ngomah. Dhasar putra mbarep, karepe apa penemune njaluk ditiruti kabeh adhi-adhine.

Ganti anak nomer loro, Parwati nduweni usul. "Menawa Bapak arep krama maneh aku setuju Yu Sumi sing kudu dadi sulihe Ibuku, amarga sekeluarga wis ngerti ati lan bebudine."

kuwi penemune kangmas lan mbakyu, saiki aku duweni penemu mangkene, Prasetyo putra nomor telu durung rembug. "Aku setuju menawa Bapak arep krama maneh, ben ana sing ngopeni, asal sulihe Ibuku dudu Yu Sumi, aku isin nduweni ibu batur, aku sanggup nggolekake wanita sing luwih terhormat!"

Saiki giliran putra nomor papat, Catur Purnama, priyayine bagus lan gagah sedela maneh pundhake nyandang bintang, bakal promosi dadi brigadir jenderal. "Bab sapa sing bakal dadi pilihane Bapak iku ya gumantung sing bakal nglakoni, mangga sumarah Bapak, kula namung nyarujuki mawon!"

Giliran putra kakang ragil kang aran paraban kyaine Panca menehi panemu. Menawa aku setuju Bapak ora krama maneh, wong wis sepuh wae arep golek apa? salah-salah diarani gaplek pringkilan, tuwek-tuwek pethakilan," sabubare ngucap kaya mengkono, mak nyat kyaine Panca ngulungani pasamuan, persis kaya kangmase mbarep. Suwasana dadi sepi, kabeh padha mikir dalan kang becik.

"Ayo apa penemumu ragil?" prentahe Catur Purnama bareng wis nunggu sawetara suwe si ragil tetep meneng durung aweh penemu. Nyawang putrane sing ragil iki, Pak Sardi saya tambah keranta-ranta atine, sanajan mijil lanang, nanging watak lan praupane persis ceples kaya Bu Sardi sing wis swargi. Karo mbenerke anggone lungguh, dr Nugroho, ora liya si ragil aweh penemu: "Babagan Bapak arep krama maneh ya gumantung Bapak sapa sing dadi pilihane, apa hake awake dhewe para putra iki?" Tembunge mung sakecapan, nanging kabeh dadi sadhar menawa babagan omah-omah iki ora bisa dipeksa. Pasamuan keluarga bubar, ora ana keputusan sing gumathok. Para putra kabeh banjur padha nyuwun pamit arep bali menyang omahe dhewe-dhewe. Sakwenehing kewan cilik mlebu mripate Pak Sardi, mak gragap, Pak Sardi sadhar saka anggone ngalamun. "We,...jebul aku lagi nglamun ta?" karo ngucek-ucek mripate sing krasa perih.

******

Kaya padatan yen dina riyaya, omah sing saben dinane katon sepi iku kebak pawongan, kabeh putrane kang ana njaban kutha padha ngumpul. Ana pawongan sing isih enom jemagar, ana sing isih bocah cilik, swarane kaya pasar. Gunggung kepruk lanang lan wadon kabeh cacah wong selawe, kabeh mau ora liya anak lan putune Pak Sardi. Bubar Salat Id diadani sungkeman, lan sakrampunge sungkeman diadani kembul bujana. Dina riyaya iki kiprahe Yu Sumi anggone mangsak-mangsak ora baen-baen. Mangsak kanggo batih cacah selawe lan maneka rupa penjaluke. Ana sing njaluk dimangsake brongkos, sambel goreng, gadho-gadho lan sapanunggalane. Ana bab wigati sing arep dirembug dina riyaya iki. Kabeh para putrane wis sarujuk menawa Pak Sardi arep palakrama maneh lan Yu Sumi dadi sulihe Bu Sardi. "Punapa Yu Sumi sampun saguh Bapak?" pitakone si pembarep marang Bapake.

"Durung ana walesan rembug sing gumathok!"

Bubar bakda Yu Sumi pamit mulih menyang ndesane, kabeh sandhangan lan duweke digawa mulih, wis sawetara wektu ditunggu nanging ora ana kabare, mbuh apa sing ana pikirane, jerone segara bisa dipetung, jerone ati angel anggone ngerteni. ( dening : Sumedi )

Tidak ada komentar: