Apa ta cerkak iku ?. Kanggone wong - wong saiki mligine dudu wong Jawa, pantes yen ana pitakonan kaya mengkene nanging pitakonan iki kadhang bisa uga saka nom-noman jaman saiki sanajan ta asale uga bocah Jawa. Cerkak pancen tembung jawa sing tegese cerita cekak, yen diterjemahake menyang bahasa Indonesia dadi Cerpen utawa cerita pendek. Ora maido yen cerkak kalah kondhang tinimbang cerpen amarga basa Jawa saiki wis arang digunakake ing kalangan mudha taruna, jare ana sing ngarani yen basa Jawa iku jaman saiki kaya bahasa saka planet liya, apa tumon....? , apa maneh pelajaran basa Jawa ing sekolah jumlahe jam pamulangan winates banget, kalah karo wulangan Indomi ( Bahasa Indonesia, matematika, bahasa Inggris ), amarga wulangan iki dadi wulangan kanggo melu UAN, apa maneh ariwarti apadene kalawarti basa Jawa meh cures, muga-muga ora bisa cures, mbok menawa kalawarti Penyebar Semangat, Jayabaya, Joko Lodhang, Mekarsari, Suplemen Jagad Jawa (Solo Pos )lan liyane bisa dadi beteng tanggule basa Jawa. Mbaleni bab cerkak : yen didulu satleraman pancen padha karo cerpen, nanging cerkak ing basa Jawa iku umume nyritakake kahanan panguripan ing sabendinane, critane gampang dimangerteni lan kadhang ana crita sing marakake ngguyu utawa nyenengake ati, uga ana sing njalari ati iki dadi trenyuh lan sakpanunggalane. Basane lumrahe lugu ora mbulet, tembung-tembung sing rinakit ya sakmadya wae, mulane kadhang-kadhang critane wis bisa dibedhek sakdurunge rampung anggone maca. Sanajan mung cerita sakmadya, nanging cerkak bisa gawe padhange pikiran marang wong sing gelem maca, jebul ing saknjabaning alam pikirane wong sing maca isih ana donya sing luwih jembar, luwih bawera sing ora disumurupi. Akeh kedadeyan pawongan sing bubar maca cerkak atine dadi padhang lan nemokake idhe utawa krenteg kanggo ngowahi uripe. Sing maune isih nganggur ngethekur saiki gelem gliyak-gliyak golek penggaweyan amarga atine rumangsa kesindhir dening cerkak sing nembe rampung diwaca. Ana maneh sing gelem ngowahi tumindake ala sing saksuwene iki isih dilakoni. Ora ateges aku iki ngepik-epik utawa ngelem bab donyane cerkak, nanging tujuwane nggawe cerkak dening penganggite mesti duwe karep kang becik. Dak kira kabeh penganggit cerkak, cerbung apadene karya sastra liyane padha duwe karep mengkono. "Kepriye nasibe cerkak ing mengkone apa bakale isih bisa eksis ing jaman kang sarwa maju iki?". Mbokmenawa iki pitakonan kang dadi PR kabeh pengarang. Jaman saiki, pengarang cerkak saya suwe saya suda amarga kepangan umur, dene regenerasi sajake durung bisa lumaku becik, muga-muga penemuku iki salah. Mbokmenawa para winasis wae durung nduwe krenteg ngarang cerkak. Aku percaya yen mahasiswa jurusan sastra daerah ing UNS, UGM, lan pamulangan luhur liyane bakal ngramekake donyane sastra daerah (Jawa), mbokmenawa amarga durung kober wae. Marang para pangarsa / redaksi ing Ariwarti utawa kalawarti mbok ya kersa nambahi kaca kang mirunggan kanggo madhahi greget para pengarang anyaran kang kepingin asil karyane dipacak ing kalawarti mau, bab honorarium mbokmenawa dudu bab sing wigati, sing penting entuk ijol wragat perangko. Katur para pengarang anyar dak prayogakake nggawe karangan ing donyaning internet, amarga media iki lumayan banget kanggo nggladhi kepinteran nulis. Aku kesengsem banget maca sakwenehing karangan cerkak ing blog ( internet ) jenenge Babungeblog duweke mbak Rie rie ing Hongkong. Sapa penjenengane kuwi?. Dak aturi pirsa ya, dheweke iku penggaweyane dadi TKW neng Hongkong ning nyatane isih kober nggawe cerkak lan tulisan liyane. Wah umpama cerkak mau dikirim menyang redaksi Penyebar Semangat utawa jayabaya mesti bakal dipacak. Katur para kawula mudha , ayo ndang cekat-ceket nggawe blog ing internet, ora bayar kok, ya mung nyilihe internet ditarik ongkos saben jam udakara limang ewu rupiah. Mbokmenawa kanthi sarana iki donyane cerkak bisa tetep eksis sanajan mung urip - uripan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar