Daksekarep angen-angen iki nlasak bebondhotan lelakon sing wis kawuri. Dakjar sakabehe kabukak maneh ing alam wewayangan. Dak uja rasa iki tetegaran ngoyak marang rerangken kedadeyan sing wis mungkur. Kedadeyan sing pepak klawan mendhak mendhukule kahanan. Sapa maneh yen dudu urip sing ajeg sesandhingan klawan Retno. Ya Retno.
Wanita siji kuwi pancen sing ajeg ngisi lembar uripku. Wanita sing tansah bisa gawe rame rikala samun. Gawe bening rikala buket, gawe padhang rikala peteng. Nanging nadyan mangkono wiwit saiki aku kepingin nglalekake ing sisa-sisa uripku. Awit aku ora kepingin lelakon uripku ing salawase kacencang klawan dheweke. Wiwit iki aku kepengin mardika. Urip sing rosa ngadhepi embuh kayangapa wujuding panguripan. Wiwit iki aku kudu nglenggana yen Retno mokal bisa dakdarbeki sawutuhe. Umpama kembang dheweke kang tukul ing pinggir dalan, nadyan endah ora ana sijia kang hak darbeni sawutuhe. Sapa wae bisa methik. sapa wae bisa nikmati ganda arum wangine.
Nanging ...tetela ora gampang . Selit suwe aku ngadoh selot ngelak rasa iki kepengin bali kaya sing wis nate karonce duking uni.
Rikala gagat rina, wayahe bun isih nelesi pasuketan. Nalika manuk-manuk sriti kekiteran ing sela-selane godhong pring sing isih anteng ing pojok desa iki. Nalika aku isih tetep lungguh tekan esuk iki ing pojok kampung. Jalaran ing tengah wengi mau aku tetep kaosik dening wewayangane wanita siji kuwi. Ing tlepukanku datan bisa ngipatake anane wewayangane, saka pakulitane kuning, kanthi mripat bening, rambut dawa, esem pait madu lan andheng-andheng cilik-ing sisih kiwa irung kang bangir.ati iki kang pangut wewayangan wanita sing pantang taunan iki tansah nyiram tlatah cengkar ati iki.
"Tenan, sampeyan kepengin nglaleake aku, tuan?"bengi kuwi swarane nggodha.
"Ya, nglaleake! jalaran tangeh ta aku bakal darbeki awakmu,"wangsulanku cekak.
"Ha...ha...,"Retno ngguyu ngakak."Aku iki dagangan, Tuan. Siapa saja boleh bawa pulang,"kandhane wong wadon iku karo ngrubuhake awake ing pudhakku.
"Nanging geneya kowe nolak yen daktuku lan dakgawa bali,"aku mbbujung omongane.
"Nanging geneya kowe nolak yen daktuku lan dakgawa bali,"aku mbbujung omongane.
"lho-lho...,kowe kuat mbayar?"pitakon iku sing pijer gawe aku klimpungan.
Pancen, aku dudu bos sing dhuwit dadi perkara gampang. Aku wong ngangguran sing ing dina-dinane amung isi aburing angen-angae. Sasat kaya layangan pedhot, ing dina-dinakuamung kleyangan embbuh teka ngendi parane.
Saka kuwi iaku nganti ketemu Retno.
Wong wadon sing mapan ing pocot jejel riyele kutha iki.
Sulakambang wis kawisatra ing barang wetan.
Daklolos rokok sing kari sakler, nuli bungkus kuwi dakremet lan dakunjalake ing kalli cilik sangarepku lungguhan. Bubar
Tidak ada komentar:
Posting Komentar