Senthong papan anggone turu katon resik,kordhen jendhela werna jambon ditambah kembang melati sing disebar sakdhuwure sprei nyebar ganda kang arum ngresepake ati. Ing pojokan senthong diwenehi vas kembang arum ndalu sing gandane ngambar-ambar, lampu bolam limang watt nambahi swasana romantis.
Anggone nunggu rawuhe Mas Broto kanthi tenanan, kabeh tinata kanthi permati aja nganti nguciwani, uga anggone ngudi sarira tansah permati. Adus kanthi sabun wangi, uga sabun sing ngandhung suruh kanggo ngosoki perangan awak sing wadi, ora lali jamu sari rapet. Ah,...apa ya wengi iki mung liwat kanthi muspra?. Mengkana panggresahe Weningati. Wis udakara telung Minggu iki Mas Broto ora nate kondur, sanajan tiba gilirane kudu kondur ning omahe Weningati, Mas Broto mesti mblenjani janji, kudune telung ndina ana omahe Dhik Murti lan telung dina ana kene, bab sisa wektu sedina sumarah Mas Broto sing arep kondur. Nanging nyatane ? Ana wae alesane, sing putrane lagi lara, utawa wengi iku kentekan kendaraan kepeksa mulih menyang omahe Dhik Murti garwane anyar. Ah, ya kaya mengkene nasibe dadi mbok tuwa kaya wis ora dikanggokake maneh
Tidak ada komentar:
Posting Komentar