Kamis, 10 Juli 2008

Cerkak : Sri Partinah Perawan Saka Bantul

Swarane sepedha montor Pak Pos saya suwe saya cetha. Dheweke mandheg ana ngarep omahku sak perlu ngeterake layang saka Dhik Sri ing Bantul, wis kena dijagakake, meh setengah sasi sepisan layang saka Bantul tekan omahku, semono uga setengah sasi sepisan layangku teka ing omahe Dhik Sri.
Antarane aku lan Dhik Sri ing Bantul wis suwe anggone sesambungan kekancan, malah ing wektu saiki sesambungan mau dadi sesambungane antarane wong wadon lan wong lanang sing nembe pacaran, ya mung amarga jarak antarane Sala lan Bantul mbutuhake wektu setugel dina menawa arep ketemu, mula ya mung liwat layang aku lan dheweke padha ndhudhah rasa sih katresnan.
Sepedha onthel tahun 70 dadi pawitanku, mangkat lan mulih sekolah bebarengan goncengan pit elek iki.Ah,.... saumpamane zaman biyen aku wis duwe sepedha montor utawa HP mbok menawa critane beda. Lulus saka pamulangan SMA aku lan Dhik Sri pisah, aku dadi pegawai pemerintah, sanajan isih dadi tenaga honorer lan Dhik Sri bali menyang Bantul sak perlu mulih lan golek penggaweyan. Nalika ing Sala dheweke ndherek Pakdhene sak perlu sekolah.
Dhik Sri, mengkono aku nyebut jenenge,asmane kang komplit Sri Partinah, kanggo ukuran zaman semana apa maneh zaman saiki jeneng mau katone ndesani lan ora madolke, nanging sapa ngira yen sing duwe jeneng mau pawongane ayu. Pakulitane kuning resik, dedeg piyadege sedheng, netrane bunder ireng katon kaya ngetokake sunar, rikmane ireng ketel tur dawa nganti sakngisore bokong. Pokoke ora kalah ayu yen ditandhingake karo Inul Daratista penyanyi ndhangdhut sing wis kawentar yen nyanyi gawene ngobahake perangane awak, ya adoh. Dhik Sri sakdhuwure penyanyi mau. Mbok menawa lagi sejajar menawa ditandhingake bintang sinetron Marisa Haque utawa Soraya Haque, uga sejajar menawa ditandhingake Ayu Azahri utawa Sarah Azahri. Uga sejajar karo Kharisma kapor utawa Karina Kapor bintang film saka India, Wah,.... jan ayu tenan.
Pacaran sasuwene meh nem tahun, nembe kaping loro aku dolan menyang omahe Dhik Sri ing Bantul, ya amarga sakliyane adoh panggonane ning sing genah kanggo ragad mrana aku ora duwe. Ya amarga saka iku anggonku ngerteni watak lan bebudene ya mung saktleraman, ora ngerti saktenane, sanajan nalika isih sekolah awor dadi siji, nanging rasa tresna mau lagi tuwuh nalika aku karo dheweke wis pepisahan. Mbuh amarga arang anggonku kepethuk, rasa sih katresnan mau kok ora dadi tuwuh subur. Sethithik mbaka sethithik ilang kesilep wanita liya, semana uga Dhik Sri, ketoke yo ora beda karo aku, dheweke yo terus nglalekake aku. Kedadeyan mau wis kelakon udakara telung puluh tahun kepungkur. Aku saiki wis duwe keluwarga dhewe,semono uga dheweke tak kira wis peputra akeh, awit anggone omah-omah luwih dhisik tinimbang aku.
Kedadeyan lindhu gedhe sing nemahi tlatah provinsi Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Jogjakarta kang lagi kepungkur ndadekake aku kelingan marang dheweke. Wewayangan nalika pacaran kumlebat wela-wela kaya wae lagi kelakon dhek wingi, uga wewayangan sakumpamane, aku lan Dhik Sri kelakon sesandhingan dadi laki rabi. Kaya-kaya aku lan dheweke wis resmi bebrayan, ngedegake bale somah kang ayem tentrem. Bubar gajian tanggal siji kaya biayasane kabeh blanjaku bruk pethuthuk tak pasrahne Dhik Sri.
"Nyoh Dhik, iki turahane blanjaku sasi iki, sak karepe anggonmu ngatur lan nyukupke!" Aja meneh jenenge mung sisa blanja, sanajan blanjaku isih utuh tanpa potongan, tak kira ora bakal cukup kanggo nyukupi kebutuhan sesasi, amarga aku mung sawijining PNS andhahan kang gaweyane mung diprentah thok, mula blanjane ya mung sakimit.
"Alhamdulillah, iki wis cukup kanggo sesasi Mas, menawa ana kurangane aku bisa duwe asil saka opah jaitan sing tak tampa, "semaurane Dhik Sri karo nyawisake sega lan jangan kanggo mangan awan.
Dhasar wonge ayu rupane, bebudene uga ora nguciwani, tansah nerima ing pandum. Ya kaya mengkene iki sing diarani aku wong sing kebeneran anggonku tetak. Bale somahku tansah ayem tentrem kebak rasa bagya mulya. Sanajan mung dadi bojone pegawai cendhek, nanging Dhik
Sri tansah ngaturake penuwun marang Gusti Kang Maha Wikan, mula rezeki teka lumintu tanpa kendhat-kendhat. Sanajan mung urip manggon ana Perumnas jembare mung sak cuplek, nanging rasane kaya urip neng swarga. Kebeh mau ya amarga Dhik Sri wanodya kang solekhah lan gelem mbantu eker-eker golek pangan. Bubar mangan awan, kaya padatan aku leyeh-leyeh ana senthong, ora sawetara suwe Dhik Sri nusul. Ya amarga aku lan dheweke isih klebu temanten anyar mula najan isih awan, aku ora nulak nalika dhewekne kepingin nindakake saresmi. Wola-wali ora jeleh-jeleh, wah...,jan kaya urip ning swarga kae. Pancen tak akoni, menawa masalah siji iki, aku lan Dhik Sri padha kareme.
Wewayangan kang endah mau sithithik mbaka sethithik ilang, ganti wewayangan sing kahanane kosok baline. Jebul Dhik
Sri iku mung ayu lahire thok. Bebudene elek lan watake angel banget. Dikira dadi bojon PNS iku bayarane gedhe tur ajeg apamaneh tembene mburi entuk pensiun. Mula pendak byar njaluk barang-barang sing regane larang. "Mas, mbok omahe dhewe iki digawe tingkat, kareben menawa ana tamu nginep bisa longgar!" mengkono penjaluke Dhik Sri.
Aku ora semaur babar pisan. Atiku wis jengkel, kendharaan sepeda motor iki lagi cicilan kaping wolu. Kamangka aku kudu nyicil kaping patang puluh wolu.Yo amarga uripe sing serakah iki aku dadi katut kecemplung utang bank, pendhak sasi ora tau nggawa mulih blanja. Kamangka saktemene aku iki kepingin urip mulya sanajan mung kanthi urip kang prasojo, kosok baline Dhik Sri wanodya kang kedanan bandha. Karepe pendhak metu resepsi jagong utawa acara arisan kampung wae kudu nganggo sayak anyar.
"Dhasar wong wedhok ora duwe utek, mbok yo ngrumangsani awake dhewe iki sapa!" untung tanganku ora sida nempiling raine.
Ya wiwit dina iku aku ora caturan karo Dhik Sri. Dheweke tak sekarep, yen isih kepingin dadi bojoku ya kudu ngerteni kahanane sing lanang sing kerjane dadi PNS, ora susah duwe gegayuhan sing muluk-muluk sing tundhone mung nyengsarakake dhewe, ning menawa wis ora isa diatur ya sakarepmu, arep lunga ya ora tak gondheli.
Lamat-lamat aku krungu laporane tangga teparo, menawa yen aku lagi lunga menyang kantor, dheweke uga lunga, malah jare wis nate ana sing weruh dheweke goncengan karo wong lanang liya mlebu sawenening hotel. Ah...dhasar wong wadon sing ora ngerti agama, mula tinimbang kebacut-bacut luwih becik tak jak ngandhep ning kantor pengadilan agama sak perlu tak wenehi layang pegat.
Mak gragap aku eling saka anggonku ngalamun , amarga bojoku njiwit tanganku, jebul layang sing nembe tak tampa mau dudu layang saka Dhik Sri ing Bantul, nanging layang saka Badan Kepegawaian Negara Kantor Wilayah II Jogja, kang ngabarake menawa aku saiki wis purna dadi pensiun. Aku bisa lulus saka PNS kanthi slamet lan duweni hak pensiun. Wong wadon sing ana jejerku ora liya ya bojoku mau tak rangkul, sanajan ayune ora kaya Dhik Sri nanging bebudene ora nguciwani. Bisaku mung nyenyuwun marang Gusti Allah, muga-muga Dhik Sri lan keluwargane diparingi slamet saka lindhu gedhe iki.
******
Cerkak dening : Sumedi

Tidak ada komentar: