Nelangsa, mbokmenawa
tembung kang paling pas kanggo nyumurupi kahanan iki, tokoh nasional kang uga
pengu saha sukses Indonesia kang kawentar, Aburizal Bakrie(Ical) paring
pengaji-aji marang para pelestari budaya Jawa antarane: Ki Anom Suroto seniman (dalang)
wayang kulit, Bondan Nusantara pelestari ketoprak, H.Achmad Tobroni pelestari
reog Ponorogo, Paguyuban Ludruk karya Budaya Mojokerto, lan Paguyuban Pengrajin
Keris Mega Remeng Sumenep Madura. Bebrayan Jawa rumangsa mongkog atine dene ana
tokoh nasional kang duwe kawigaten gedhe marang maju mundure lan mati uripe
budaya jawa kang sansaya suwe menawa ora ana
kawigaten saka para kang winasis apadene para priyayi kang sembada bakal
surem lan nemahi cures. Aburizal Bakrie sanajan dudu wong Jawa nanging wis gelem melu cawe-cawe
nguri-uri budaya jawa kanthi cara menehi pengaji-aji(Bakrie award) marang para
seniman lan paguyuban budaya jawa, bab iki muga-muga bisa nambahi tekat lan
greget para -para kang antuk pengaji-aji mau supaya luwih sregep anggone padha
nguri-uri lan majokake budaya jawa ing bidhange dhewe-dhewe. Ora jeneng ewa
utawa meri, jujur wae ana pitakonan ing sakjeroning ati para panggilut sastra
jawa, hla kok sastra jawa luput durung oleh kawigaten?, apa sastra jawa dudu bageyane
budaya jawa?. Ora kesusu nyalahke para priyayi kang kadhapuk dadi panitya,
mbokmenawa panitya kang disepuhi bapa Dr.Purwadi M.Hum kalepyan marang anane
sastra jawa. Sastra jawa pancen kinaran mati ora urip ya ora, durung karuwan
saben tahun ana buku sastra kang dibabar dening penerbit umum, racake buku
sastra jawa kang ana iku dianggit lan diterbitke (dibandhani) dhewe dening
pengarange kanthi cacah kang winates banget awit ora duwe ragat. Sastra jawa
gagrak anyar kang awujud geguritan, cerkak, cerbung amung urip ana ing majalah
Panyebar Semangat, Jayabaya, Joko Lodhang, suplemen Jagad Jawa, Mekarsari. Dadi
ya tembung lumrah menawa sastra jawa luput saka kawigatene panitya apa malah
kepara bingung anggone arep mbiji. Kanggone para panggilut sastra jawa babagan
iki malah dadi panjurung lan panyemangat anggone tetep nguri-uri sastra jawa,
para panggilut sastra jawa utamane kang wis
yuswa sepuh wis
kulina ngadhepi kahanan kaya mengkene, sastra jawa mung diremehake, dikiwakake.
Muga-muga wae generasi enom sastrawan jawa luwih wasis anggone nganggit saengga
akeh buku-buku sastra jawa kang dibabar tundhone bisa oleh kawigaten. Sejatine
kang dibutuhake panggilut sastra jawa
ing wektu iki dudu pengaji-aji ananging bapa angkat kang gelem ngemong uripe
sastra jawa, bapa angkat mau awujud pribadi utawa lembaga kang gelem nerbitake
karya-karya sastra jawa kang asipat nirlaba malah kepara gelem tombok, amarga
tanpa ana penerbit kang gelem sabiyantu tangeh lamun ana buku sastra jawa kang kababar.
Bakrie award
pinangka pengaji-aji budaya jawa kang nembe sepisan iki sajake isih gaga-gaga
sapa kang pantes diwenehi lan bageyan budaya jawa kang endi kang pantes
diwenehi, hla wong ya lagi sepisanan mula bebrayan jawa isih duwe pengarep-arep
akeh muga-muga Bakrie award iki bisa lumaku terus saben tahun kaya hadiyah
Rancage saka tlatah Pasundan, saben tahun menehi pengaji-aji marang buku sastra
Indonesia
lan daerah kalebu sastra jawa. Yen ngudhari bab budaya jawa saktenane pancen
amba bawera, ing jagade seni wae ana pirang-pirang, kayata seni tari, seni
karawitan, macapat, seni sastra, seni swara, seni tradisional ing daerah-daerah
kang meh cures. Durung ngrembug budaya jawa kang dadi saranane wong urip liyane
kayata nalika ngadani upacara mantu lsp. Mula Bakrie award kabiji lan kaacungi
jempol loro dening kabeh bebrayan jawa, nanging kudu ana tintingan kang luwih
njlimet lan teliti kareben Bakrie award nduweni bobot kang antep lan menjila
pinangka pengaji-pengaji kang diedum saben tahun, mesthine ora saben wong lan
paguyuban bisa nampa pengaji-aji mau kanthi gampang, wasana amung sumangga.
***