Sanajan amung seminggu
sepisan diwulang Pak Sarman nanging bocah-bocah SD Negeri Mangkubumen mau
seneng banget atine, jebul sinau basa jawa iku ora angel nanging gampang tur
nyenengke ati apameneh pak Sarman guru kang pinter ndhagel. Akeh bocah kangelan
ngucapake tembung-tembung basa jawa kang saiki wis
arang dirungokake amarga akeh wong sih luwih seneng ngucapake nganggo bahasa Indonesia,
bareng sing ngajari pak Sarman kabeh dadi gampang. Awan iku kaya biyasane pak
Sarman teka karo mesem. ”Asalammu’alaikum, sugeng siang bocah-bocah kabeh”.
Waalaikumusalam, sugeng siyang pak
guru”, gerr,…. swarane bocah sak kelas mbatarubuh ora kena diampet, kelas dadi
rame amarga atine bocah-bocah padha bungah. ”Stop,… mandheg,.. ayo buku
pasinaune diwetokake”, ucape pak Sarman karo nyelehake barang ana ndhuwur meja.
”PR minggu wingi wis
padha digarap cah bagus lan ayu?”, ”sampun pak guru ingkang bagus”….”heh,…
kleru, kleru aku iki dudu guru kang bagus, aku iki guru wis tuwek dadi wis ora
bagus meneh”, wangsulane pak Sarman karo mesem. Pak Sarman pancen pinter
ndhagel lan mbanyol kareben bocah-bocah padha seneng sinau basa jawa. Nuwun
sewu, pak Sarman iku jane priyayine wis tuwek
tur elek nanging pinter, sakliyane iku untune wis ompong dadi lagi weruh wujude wae
wong-wong padha ngguyu. Sakplok pak Sarman mulang basa jawa ing SD Negeri
Mangkubumen, bocah-bocah dadi luwih pinter ngucapake basa krama inggil, nulis
lan maca aksara jawa uga lancar lan pinter, sakliyane pinter ngomong nganggo
basa jawa uga padha pinter nembang macapat lan tindak tanduke luwih sopan lan
ngajeni marang kabeh guru-guru ing kono. Awan iki pak Sarman mulang kanthi cara
kang kepenak dirungokake, kabeh pelajaran bisa ditampa sarana gampang amarga
dilandhesi rasa seneng karo gurune, rasa bombong marang basa jawa, rasane
diwulang sakjam isih kurang. ”Pak mangke ndongeng malih nggih?, bocah sakkelas
padha nagih janji, ”ya,… iku bab gampang, sauger mengko yen wis tekan ngomahe dhewe-dhewe kabeh
pelajaran kudu disinau lan diapalke!”, “inggih pak ngestokaken dhawuh,…”.
“Anggonku arep ndongeng diwiwiti saiki apa sesuk?”, pak Sarman takon marang
muride karo ngguyu meneh. ”sakmenika pak, sakmenika”, wangsulane bocah-bocah
kebak semangat. Sak durunge ndongeng pak Sarman njupuk barang gawan saka ngomah
kang mau diselehake ana ndhuwur meja. ”Coba bocah bagus lan bocah ayu,.. aku
arep takon, barang iki jenenge apa?”, pitakone pak Sarman karo nuduhake marang
para murid. Ora let suwe bocah-bocah wis
padha wangsulan. ”Blangkon,.. blangkon,.. blangkon pak guru”, wangsulane kabeh
murid ora ana kang kleru. ”Kabeh pinter,.. ora ana kang luput”. Pak Sarman
terus nganggo blangkon kang digawa saka ngomah mau karo mesem-mesem kemaki.
Dina iki aku ora arep ndongeng nanging aku arep gawe bedhekan, sapa sing bisa
mangsuli tak biji satus, bedhekan gampang banget wong wangsulane ya ana
ngarepmu iki. Bocah-bocah sansaya gumun lan bingung karo karepe pak Sarman.
”Menapa pak bedhekanipun?”, “sabar,.. sabar,.. mengko dhisik, kanggo mbantu
wangsulane ben bener lan pener tak wenehi kuncine”, “inggih pak”, wangsulane
bocah-bocah bareng katon selak kepengin krungu. “Apa jenenge wong tuwa nganggo
blangkon sing wis
ora duwe untu kaya aku iki?”, ger..... bocah-bocah padha ngguyu pating cekikik.
”Tak wenehi kunci wangsulane…….. waja”. Bocah sakelas katon bingung anggone
arep wangsulan. ”Wektune mung sepuluh menit, sapa bisa mangsuli kanti bener lan
pener bijine satus!”, kandhane pak Sarman karo ngguyu sajak nantang kae. ”Kula
saget pak, wangsulanipun: pak ompong”, wangsulane Handi karo ngampet ngguyu,
”salah, durung bener lan pener”. Bocah sakkelas pating cekikik padha ngguyu.
”Kula saget pak, wangsulanipun: pak guru mboten kagungan waja”, kandhane Atik
karo mesem ngarep-arep wangsulane bisa oleh biji satus. ”Salah, isih durung
pener” ujare pak Sarman karo nyawang murid liyane. ”Wis ana kuncine….. waja, gampang ta?”.
Swasana kelas tambah gayeng. ”Kula saget pak, wangsulanipun: pak Sarman badhe
tumbas waja”, kandhane Eny karo ngguyu nyekikik. “Isih salah, dudu iku sing tak
karepeke, ayo,… ayo sapa meneh aja isin-isin mangsuli, salah ora apa-apa”,
kandhane pak Sarman karo mbenerake anggone nganggo blangkon. Bocah–bocah
sakelas wiwit bingung amarga wektune kanggo menehi wangsulan wis meh entek, sawetara iku pak Sarman
njupuk kapur banjur nggambar ana papan tulis. Ora let suwe gambar wis dadi, gambare lucu
banget kaya gambare pak Sarman dhewe. ”Ayo sapa wani nyoba mangsuli, wangsulane
mengko tak tulis neng ngisor gambar iki,
ayo wektune gari semenit, aku kudu mulang menyang kelas liya”. Pak Sarman
wiwit ngetung sarana mundur lakune dhetik jam: lima,… papat,.. telu,… loro,… siji,….ora ana
kang bisa mangsuli kanthi bener lan pener. Bocah-bocah sakelas dadi penasaran
kabeh, “menapa pak wangsulanipun?”. “Wangsulane tak tulis sing gedhe-gedhe ya?”,
”inggih pak”. Pak sarman banjur njupuk kapur lan nulis ing papan tulis: ”WONG
JAWA ILANG WAJANE”. Maca tulisan wangsulan mau bocah sakelas padha ngguyu
nyekakak ora bisa meneng.
*cuthel*