" Ah, iya ya bener ngendikamu Mas, la kepriye ora ngalamun,mbok menawa panjenenganiku tamuku ing papan kene kang pungkasan amarga sesuk aku sak kanca kudu lunga saka papan iki."
"Ditepungake jenengku Bagus sanajan rupaku ora bagus," mengkono tamuku mau nepungake.
"Sunthi jenengku Mas", aku ganti semaur. Priyayine pancen grapyak lan akeh guneme, lagi tetepungan kurang saka limang menit wae rasane wis bisa akrab.
" Aku mrene pancen golek kenangan kang pungkasan saka papan lokalisasi iki, aku ngajab papan iki pancen bisa resik saka tumindak maksiyat." mengkono ujare Mas Bagus.
Sakjam luwih aku lan Mas Bagus ngobrol ngalor ngidul, lan pungkasane Mas Bagus pamitan arep mulih menyang omahe. Dheweke ninggali dhuwit aku sing lumayan akeh lan njaluk alamatku sing sakbenere.
*****
Aneng ngomah rasane kaya dikunjara wae, la kepriye ora susah, la aneng ngomah ya mung thenguk-thenguk wae tanpa duwe gaweyan sing ngasilake.Dhuwit celenganku wis wiwit nipis, rasane ati wis ketir-ketir, dumadakan pak pos mandheg aneng ngarep omah, ngeterake layang saka Mas Bagus, dhuh,.... bungahe ati iki, sapa ngerti mbesuke Mas Bagus bisa ngentasake aku saka urip kang nistha iki. Layang dak bukak kanthi alon, ana rasa bungah lan ati iki tambah dheg-dhegan wae.
" Dhik Sutinem sing dak tresnani", mak dheg rasane ati kaya diumbulake karo Mas bagus. Pancen jenengku sing asli iku Sutinem, nanging ing lokalisasi aku nganggo jeneng " Sunthi", layang dak waca kanthi ati kang dheg-dhegan.
Surabaya, 12 Desember 2007
" Dhik Sutinem sing dak tresnani",
Wiwit ketemu karo sliramu ing papan kana kae, aku dadi kepengin omah-omah karo sliramu. Bab sapa ta sliramu aku kabeh wis mangeteni, nanging apa sliramu ngerteni aku lan sapa ta sejatine aku iki?. Bares wae ya dhik, aku iki wong lanang sing ora beda karo sliramu. Tumindak nistha lan ala kabeh wae wis nate dak tindakake. Nanging aku pengin mareni kabeh mau sakdurunge kasep.
Mula yen sliramu gelem dak jak urip bebarengan nyabrang ing samodra bebrayan agung, ayo dhik wangsulana layang iki, gelema dhik Sutinem dak jak urip anyar ing sakjeroning bale somah kang resmi lan ayo padha urip kang anyar, urip kang kebak laku utama sanajan mung urip sarwa prasaja, wis ben lelakonmu lan lelakonku dikubur bareng-bareng ing samodra pangapura.
Aku ora njanjekake urip kang moncer kebak kemewahan donya, nanging aku percaya yen aku karo sliramu bisa urip bagya mulya. Sepisan maneh, aku ora meksa nanging aku tetep nunggu walesan layang iki ben atikku bisa tentrem.
Saka kanca anyarmu sing nembe kasmaran,
Bagus
Ora krasa, kacu cilik wis teles kebes eluhku, bisaku mung pasrah jiwa lan raga marang Mas Bagus.
Sunare srengenge wayah esuk ing Surabaya nambahi endahing swasana bale somahku. Kembang Kenanga ing ngarep omahku nyebarake ganda kang arum. Cepet-cepet aku dandan sak perlu arep ngeterake Panji anakku mbarep saka titisane Mas Bagus kang saiki makarya dadi montir sepeda montor , Allahuakbar,......... Laillahailallah,..... Alhamdulillah pujiku marang Pangeran Kang Maha Kuwasa.
*******
Cerkak : Sumedi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar