Swarané sêpédha mótór pak pós såyå suwé såyå cêtha. Dhèwèké
mandhêg ånå ngarêp omahku sak pêrlu ngêtêraké layang såkå Dhík Sri ing Bantúl,
wís kênå dijagakaké, mèh sêtêngah sasi sêpisan layang såkå Bantúl têkan omahku,
sêmono ugå sêtêngah sasi sêpisan layangku têkå ing omahé Dhík Sri. Antarané aku
lan Dhík Sri íng Bantúl wís suwé anggóné sêsambungan kêkancan, malah íng wêktu
saiki sêsambungan mau dadi sêsambungané antarané wóng wadón lan wóng lanang
síng nêmbé pacaran, ya múng amargå jarak antarané Sålå lan Bantúl mbutúhaké
wêktu sêtugêl dinå mênawa arêp kêtêmu, mulå ya múng liwat layang aku lan
dhèwèké pådhå ndhudhah råså síh katrêsnan.
Sêpédha onthèl tahún 70 dadi pawitanku, mangkat lan mulíh
sêkolah bêbarêngan goncèngan pit èlèk iki. Ah..., saumpamané zaman biyèn aku
wis duwé sêpédha mótór utawa HP mbók mênåwå critané bédå. Lulús såkå pamulangan
SMA aku lan Dhík Sri pisah, aku nyambút gawé dadi pêgawai Pêmêrintah, sanajan
isíh dadi tênaga hónórèr lan Dhík Sri bali mênyang Bantúl sak prêlu mulíh lan
golèk panggawéan. Nalikå ing Sålå dhèwèké ndèrèk Pakdhéné sak prêlu sékolah. Dhík Sri, mêngkono aku nyêbut jênêngé, asmané kang komplét Sri Partinah, kanggo
ukuran zaman sêmånå åpå manèh zaman saiki jênêng mau katóné ndésani lan ora
madólké, nangíng såpå ngira yèn síng duwé jênêng mau pawóngané ayu. Pakulitané
kuning rêsik, dêdêg piyadêgé sêdhêng, nétrané bundêr irêng katón kåyå ngétókaké
sunar, rikmané irêng kêtêl tur dåwå nganti sak ngisoré bókóng. Pókóké ora kalah
ayu yèn ditandhíngké karo Inul Daratista pênyanyi ndhangdhut síng wís kawêntar
yèn nyanyi gawéné ngobahaké pérangané awak, ya adóh. Dhík Sri sakdhuwuré
pênyanyi mau. Mbók mênåwå lagi sêjajar mênåwå ditandhingaké bintang sinêtrón
Marisa Haque utawa Soraya Haque, ugå sêjajar mênawa ditandhíngaké Ayu Azahrí
utawa Sarah Azhari. Ugå sêjajar mênåwå ditandhíngaké karo Kharisma Kapór utawa
Karina Kapór bintang film saka India. Wah,... jan ayu tênan.
Pacaran sasuwéné mèh nêm tahun, nêmbé kapíng loro aku dolan
mênyang omahé íng Bantúl, ya amargå sakliyané adóh panggónané ning síng gênah
kanggo ragad mrånå aku ora duwé. Yå mêrga såkå iku anggónku ngêrtèni watak lan
bêbudèné yå múng saktléraman, ora ngêrti sak tênané, sênajan nalikå isíh
sêkolah awór dadi siji, nangíng råså trêsnå mau lagi tuwúh nalikå aku karo
dhèwèké wís pêpisahan. Mbúh amargå arang anggónku kêpêthúk, råså síh katrêsnan
mau kók ora dadi tuwúh subúr. Sêthithík mbåkå sêthithík ilang kêsilêp wanitå
liyå, sêmånå uga Dhík Sri, katóné yo ora béda karo aku, dhèwèké yo têrús
nglalèkaké aku.
Kêdadéyan mau wís kêlakón udåkårå têlúng pulúh tahún
kêpungkúr. Aku saiki wís duwé kêluwargå dhéwé, sêmono ugå dhèwèké tak kirå wís
pêputrå akèh, awít anggoné omah-omah luwíh dhisík tinimbang aku. Kêdadéyan
lindhu gêdhé síng nêmahi tlatah provinsi Jawa Têngah lan Daérah Istiméwa
Yógyakarta kang lagi kêpungkúr ndadèkaké aku kèlingan marang dhèwèké.
Wêwayangan nalikå pacaran kumlébat wélå-wélå kåyå waé lagi kêlakón dhèk wingi,
ugå wêwayangan sakumpamané, aku lan Dhík Sri kêlakón sêsandhingan dadi laki
rabi. Kåyå-kåyå aku lan dhèwèké wís rêsmi bêbrayan, ngêdêgaké balé somah kang
ayêm têntrêm. Bubar gajian tanggal siji kåyå biayasané kabèh blanjaku bruk
pêthuthuk tak pasrahné Dhík Sri.
"Nyoh Dhík, iki turahané blanjaku sasi iki, sak karêpé
anggónmu ngatúr lan nyukúpké!" Åjå mênèh jênêngé múng siså blånjå, sanajan
blanjaku isíh utúh tanpa pótóngan, tak kirå ora bakal cukúp kanggo nyukupi
kêbutuhan sêsasi, amargå aku múng sawijiníng PNS andhahan kang gawéyané múng
dipréntah thók, mulå blanjané yå múng sakimit. "Alhamdulillah, iki wis
cukúp kanggo sêsasi Mas, mênåwå ånå kurangané aku bisa duwé asíl såkå opah
jaitan síng tak tåmpå," sémaurané Dhík Sri karo nyawisaké sêgå lan jangan
kanggo mangan awan.
Dhasar wóngé ayu rupané, bêbudèné ugå ora nguciwani, tansah
nêrima ing pandum. Yå kåyå mêngkéné iki sing diarani aku wóng síng kêbênêran
anggónku têtak. Balé somahku tansah ayêm têntrêm kêbak råså bagyå múlyå.
Sanajan múng dadi bojoné pégawai cêndhèk, nangíng Dhík Sri tansah ngaturaké
pênuwún marang Gústi Kang Måhå Wikan, mula rêzêki têkå lumintu tanpå
kêndhat-kêndhat. Sanajan múng uríp manggón ånå Pêrumnas jêmbaré múng sak
cuplêk, nangíng rasané kaya uríp nèng swarga. Kabèh mau yå amargå Dhík Sri
wanodyå kang solèkhah lan gêlêm mbantu èkèr-èkèr golèk pangan.
Bubar mangan awan, kåyå padatan aku lèyèh-lèyèh ånå
sênthóng, ora sawêtara suwé Dhík Sri nusúl. Yå amarga aku lan dhèwèké isíh
klêbu têmantèn anyar mula najan isíh awan, aku ora nulak nalika dhèwèkné
kêpingín nindakaké sarêsmi. Wola-wali ora jêlèh-jêlèh, wah..., jan kaya uríp
nèng swargå kaé. Pancèn tak akóni, mênåwå masalah siji iki, aku lan Dhík Sri
pådhå karêmé.
Wêwayang kang éndah mau sêthithík mbåkå sêthithík ilang,
ganti wêwayangan síng kahanané kósók baliné. Jêbúl Dhík Sri iku múng ayu lahiré
thók. Bêbudèné èlèk lan wataké angèl bangêt. Dikirå dadi bójón PNS iku énak lan
kêpénak, dikirå síng kakúng bayarané gêdhé túr ajêg åpåmanèh têmbéné mburi
éntúk pènsiún. Mulå pêndak byar njalúk barang-barang síng rêgané larang.
"Mas, mbók omahé dhéwé iki digawé tingkat, karêbèn mênåwå ånå tamu nginêp
biså longgar!" mêngkono pênjaluké Dhík Sri.
Aku ora sêmaúr babar pisan. Atiku wís jèngkèl, kêndharaan
sêpéda mótór iki lagi ngancík cicilan kapíng wólu. Kamångkå aku kudu nyicíl
kapíng patang pulúh wólu. Yå amargå uripé sing srakah iki aku dadi katut
kêcêmplung utang bank, pêndhak sasi ora tau nggåwå mulíh blånjå. Kamångkå
satêmêné aku iki kêpingín uríp mulyå sanajan múng kanthi uríp kang prasójó,
kósók baliné Dhík Sri wanodyå kang kédanan båndhå. Karêpé pêndhak mêtu rêsèpsi
jagóng utåwå acara arisan kampúng waé kudu nganggo sayak anyar.
Bisaku múng ngêlús dhådhå. Nangíng nalikå dhèwèké malah
njalúk supåyå sêpéda mótórku diijólké mobíl, nêsuku ora bisa tak ampêt mênèh. "Dhasar
wóng wédók ora duwé utêk, mbók yó ngrumangsani awaké dhéwé iki såpå!"
untúng tanganku ora sida nêmpilíng rainé. Yå wiwit dinå iku aku ora caturan
karo Dhík Sri. Dhèwèké tak sêkarép, yèn isíh kêpingín dadi bojoku ya kudu
ngêrtèni kahané síng lanang síng kêrjané dadi PNS, ora susah dadi gêgayuan síng
mulúk-mulúk síng tundhóné múng nyêngsarakaké dhéwé, níng mênåwå wís ora iså
diatúr yå sakarêpmu, arêp lungå yå ora tak gondhèli.
Lamat-lamat aku krungu lapórané tånggå têparo, mênåwå yèn
aku lagi lungå nyambút gawé mênyang kantór, dhèwèké ugå lungå, malah jaré wís
naté ånå wêrúh dhèwèké goncèngan karo wóng lanang liyå mlêbú sakwènèhíng hotèl.
Ah..., dhasar wóng wadón síng ora ngêrti agåmå, mulå tinimbang kêbacút-bacút
luwíh bêcík tak jak ngadhêp ning kantór pêngadilan agama sak pêrlu tak wènèhi
layang pêgat. Mak gragap aku élíng såkå anggónku ngalamún, amargå bojoku njiwít tanganku,
jêbúl layang síng nêmbé tak tåmpå mau dudu layang såkå Dhík Sri ing Bantúl,
nangíng layang såkå Badan Kêpêgawaian Nêgara Kantór Wilayah II Jógja, kang
ngabaraké mênåwå aku saiki wis púrnå dadi pènsiún. Aku bisa lulús såkå PNS
kanthi slamêt lan dhuwèni hak pènsiún. Wóng wadón síng ånå jèjèrku ora liyå yå
bojoku tak rangkúl, sanajan ayuné ora kåyå Dhík Sri, nangíng bêbudèné ora
nguciwani. Bisaku múng nyênyuwún marang Gusti Allah, mugå-mugå Dhík Sri lan
kêluwargané di diparingi slamêt såkå lindhu gêdhé iki.