Mbókmênåwå iki wís
garisíng pêpêsthèn mênåwå antarané Jammila lan Martónó dudu jodhoné, kamångkå
kabèh kåncå lan tanggané wís nggraitå mênåwå pawóngan jókó lan prawan iki bakal
sêsandhingan saklawasé urip. Ulêm wís sumêbar, kåncå lan tånggå sak désa wís pådhå
nåmpå ulêm, katêríng ugå wís nåmpå panjêr, sêmono uga gêdhúng síng kanggo
pahargyan ugå wís nåmpå panjêr, malah miturút rêncanané arêp nanggap
campúrsari, pahargyan bakal digêlar sarånå gêdhèn-gêdhèn, nangíng wusånå kabèh
mau gagar wigar ora sidå kalêksanan.
Ånå wóng wadón nggåwå
bocah cilík mårå mênyang omahé Pak Hartówiyónó yå wóng tuwané Jammila. Dhèwèkné
ngaku mênåwå bojoné Mas Martónó kanthi nudúhaké layang kawín rêsmi såkå KUA.
"Nyuwún pangapuntên Pak, kulå suwún ijab qóbúl antawisipún Jammila kaliyan
garwå kulå Mas Martónó dipún batalakên, kula mbótên ngidini mênawi Mas Hartónó
badhé émah-émah malíh!" Mêngkono pangucapé wóng mau kang asmå Tarni,
bojoné Martónó. "Punikå putêranipun Mas Martónó ingkang alít, déné ingkang
agêng nêmbé sékolah."
Prasasat ånå lindhu
gêdhé síng nêmahi ånå kêluwargané Pak Hartówiyónó. Udan tangís ora biså
dikêndhakaké. Kapêkså pahargyan åpådéné ijab qóbúl dibatalké. Pranyåtå kabèh
layang såkå Martónó iku aspal, asli níng palsu. Prasasat kåyå dipópók léthóng
sak kandhang rainé kêluwargané Pak Hartówiyónó. Isín lan kuciwa bangêt såkå
pokalé Martónó. Jammila bisané múng nangís ungkêp-ungkêp ånå sênthóng. Dhèwèké
rumångså diapusi mêlèk-mêlèkan. Ya kabèh mau salahé dhéwé gampang pêrcåyå
ómóngan lan pangarihé priyå.
Wis dadi lumrahé prawan
ing désané, lulús SMP biasané bocah wédók diomah-omahké wóng tuwané. Ånå síng
lêlandhêsan síh trêsnå kang suci såkå bocahé síng bakal nglakóni, nangíng ugå
ora sêthithik kang múng manút miturút síng dikêrsakaké wóng tuwané. Jammila
ngrumangsani yèn ora manút karo wóng tuwané. Dhèwèké kêpingin nêrusaké sêkolah,
têmbéné kêpingín biså nyambút gawé kanggo mbantu nyukupi kêbutuhané balé somah
bésuké lan malês kabêcikané wóng tuwå. Nangíng wusanané malah nêmahi lêlakón kang nggåwå lingsêmé kabèh kêluwargané.
Prawan sak umurané Jammila mau ing déså kéné wís dianggêp prawan kasèp,
kamångkå umuré durúng gênêp patlikúr tahún.
Lamat-lamat Jammila
krungu pasémóné tånggå têparo lan kåncå-kancané. "Sêlak kiamat lho, kapan
anggónmu arêp ningkahan?" Ånå síng nyêmóni
liyå manèh "Apa arêp golèk jaran síng nganggo sungu piyé?" Ugå ånå
síng nyêmóni, "Rasah miling-miling, mêngko éntúk wóng guwing lho!" Kabèh
pasêmón mau yèn dirasakaké ati bangét anggóné nyêríkaké, nangíng kasunyatan
nganti têkan sêpréné síng jênêngé jodho mau durúng têkå. Pancèn síng jênêngé
jodho, rêjêki lan pati iku ånå astané síng Ngrêkså Jagad. Jammila ora
kurang-kurang anggóné sêtiyar, nanging jêjêré wanitå yå múng kanthi golèk
pênggawéyan karêbèn olèh têtêpungan wóng lanang. Bubaran mulíh såkå pabrík ånå wóng lanang kang ngêtútaké ånå sak mburiné
Jammila. Ora pisan ora pindho, anggêr wanciné Jammila mulíh såkå pabrík
pawóngan mau nyêgat sakpêrlu ngajak têtêpungan.
Prasasat kåyå tumbu olèh
tutúp, wóng luru-luru kêtêmu wóng golèk-golèk. Jammila nåmpå kanthi sênêng
têtêpungan wóng lanang mau kang ngaku asmané Martónó, malah nganggo èmbèl-èmbèl
Drs. Cêkêl gawé ånå pêrusahaan swasta. Priyayiné bagús gêdhé dhuwúr, yèn
mênganggo sarwå nècis. Yèn disawang saktlêraman pancèn nêngsêmaké, mêsti akèh
prawan síng kêpincút. Nangíng yèn gêlêm nastitèkaké, ora bakal ånå wóng bagusé
kåyå mêngkono, nduwé titêl túr yå cêkêl gawé pisan kók isíh jókó. Umumé
sakumuré dhèwèké mêsti wís nggéndhóng anak loro utawa têlu.
Yå wís dadi bêgjané
Jammila, sanajan digawé wirang nangíng dhèwèké isíh biså njågå barang síng
palíng aji tumrapé wóng wédók. Dhèwèké ora kontal godhané sétan, kêncêng lan
singsêt anggóné tapihan lan kêmbênan. Ora kuwat nandhang wirang isín ing
désané, Jammila nêdyå lungå mênyang Jakarta, sakliyané golèk pênggawéyan anyar
ugå golèk lêlipúr ati kang nandhang wirang mau. Bapak ciliké Jammila kang ånå
Jakarta nyarujuki mênåwå Jammila arêp mèlu dhèwèké.
Ora nganti gantaran
sasi, Jammila wis olèh pênggawéyan ånå sakwènèhing pabrik. Dhasar pênggawéyané
srêgêp túr sékolahé yå lumayan dhuwúr, lulusan D3, sakliyané iku yå pancèn
Jammila iku ayu praupané, mula kariêr yå têrús munggah. Wêktu têlúng tahún
anggóné nyambút gawé rasané kåyå dhèk wingi waé. Praståwå síng nggawé wirang
kabèh kêluwarga wis dilalèkaké.
Saiki Jammila wis nduwé
têtêpungan priyå síng kênå dipêrcåyå bêbudéné. Anggóné nlêsih-nlêsihaké calón
bojoné iki nganti têkan asal-usulé, åjå nganti kêdadéyan kang wis kêpungkúr
nêmahi manèh. Priyå mau tunggal kabupatèn níng bédå kêcamatan. Priyayiné solèh
rådå antêng sithik, cêkêl gawé pisan lan umur-umurané yå sak pantaran. Wulan
Dulhijah kang arêp têkå bakal dirêsmèkaké, malah yèn ditlusur-tlusur sårå
silahé isíh tunggal mbah canggah såkå Bu Hartówiyónó. Yå wís dadi bêgjané Jammila, síng dhèk êmbèn kêlårå-lårå kêwirangan, saiki wís
nêmu êmas sak gênthóng, sakliyané kêtêmu jodhoné ugå biså nglumpúkaké balúng
pisah. Nangíng lêlakón yèn durúng tutúg iku yå ånå waé sêbab musababé. Sêwulan
sakdurungé rêncana ijab kabúl lan pahargyan, Mas Hardi, ora liyå yå calón bojoné
Jammila kondúr mênyang ndésa sak pêrlu nganakaké pêrsiapan ubå rampéné
ningkahan.
Yå amúng têkan sêmono
sêsambungan antarané Hardi lan Jammila, kabar síng ditåmpå déning Jammila
bangêt ngagètaké. Bús síng ditumpangi Mas Hardi kêcêmplúng jurang ånå tlatah
Sêmarang, Hardi salah sijiné kórban mau. Jammila lan kêluwargané múng biså
nêksèni têrbêlå kang diusúng mênyang pêkuburan désa. Dhúh.... Gústi Allah paringånå iman ingkang kiyat lan manah ingkang sabar,
mêngkono pênyuwunané Jammila rinå lan wêngi. Anggóné ngadhêpi pacoban mau
kanthi ditåmpå ati kang iklas lan sabar, wís dadi nasibé yèn isíh kudu uríp
ijèn, mulå ora sawêtara suwé Jammila wís biså nglalèkaké kêdadéyan mau.
panguripané diênggo nyambút gawé pinångkå ngibadah marang Gústi Allah, blanjané
kang gêdhé kanggo mbantu ponakan-ponakan síng ånå ndéså. Malah saiki anèng
omahé ngopéni salah sijiné ponakan kang diangkat minångkå anak pupón. Íng
sakjêroné ati kåyå-kåyå wís ora kêpingin omah-omah, jalaran yuswané saiki wís
ngancik sêtêngah abad punjúl sêthithik. Karêpé Jammila, sakliyané biså mbantu bocah mau, é... mbókmênawa ing têmbé
mburiné bésúk bocah mau bisa dikóngkón njupúkaké banyu yèn dhèwèké wís tuwå ora
biså gêmragèh.
Iku mau karêpé Jammila,
nanging Gústi Allah nduwèni rêncana liyå. Mbúh kêpriyé larah-larahé, Jammila
wís ora kélingan, nalikå ånå sakwènèhé kanca nyambút gawéné têkå ngomahé
Jammila nêpúngaké pawóngan sêtêngah tuwå síng wís dhúdhå, Jammila gêlêm diajak
têtêpungan. Mula bukané ya múng micara ngalór-ngidúl ora ånå tujuwan, pungkasané
dadi kèlingan mênåwå pawóngan mau kåncå barêng nalikå tindak haji têlúng tahún
kêpungkúr, nangíng bédå brêgadané. Wóng têluné pådhå ngguyu gayêng. Sêsrawungan
mau dadi rakêt. Sabên ndinå pådhå SMSan lan halo-halo lumantar HP. Yaiku mau
dadi margané wóng saklórón pådhå kêpingin ngadêgaké balé somah.
Yå wís dadi bêgjané
Jammila, saiki wis winêngku déníng kakúng sanajan yuswané wís rådå sêpúh,
nangíng bêgjané manèh ora susah opèn-opèn bocah, pêndhak tahún Jammila lan
kakúngé nåmpå punjungan lan disungkêmi såkå pårå putêra-putêrané kang cacah
ênêm. Kabèh wís mêntas uríp ånå liyå kampungé. Uripé Jammila lan kakungé katón
bagyå mulyå, kakúng putri pådhå nyambut gawé, blanjané nglumpúk dadi siji. Rinå
lan wêngi Jammila ora kêndhat-kêndhat anggoné ngatúrké panuwún marang Gústi
Allah. Alhamdulillahi rabbil ‘alamin, makapíng-kapíng, tanpå watês nganti
lambéné klómóh.