Sênthóng
papan anggóné turu katón rêsik, kordhèn jêndélå wêrnå jambón ditambah kêmbang
mêlati sing disêbar sakdhuwuré sprèi nyêbar gåndå kang arúm ngrêsêpaké ati. Ing
pójókan sênthóng diwènèhi vas kêmbang arúm ndalu sing gandané ngambar-ambar, lampu
bolam limang watt nambahi swasånå romantis. Anggóné nunggu rawuhé Mas Brótó
kanthi tênanan, kabèh tinåtå kanthi pêrmati åjå nganti nguciwani, ugå anggóné
ngudi sarirå tansah pêrmati. Adús kanthi sabún wangi, ugå sabún sing ngandhúng
surúh kanggo ngósóki pérangan awak sing wadi, ora lali jamu sari rapêt.
Ah,
åpå yå wêngi iki múng liwat kanthi músprå? Mêngkånå panggrêsahé Wêningati. Wis
udåkårå têlúng Minggu iki Mas Brótó ora naté kondúr, sanajan tiba gilirané kudu
kondúr ning omahé Wêningati, Mas Brótó mêsti blénjani janji, kuduné têlúng dinå
ånå omahé Dhik Múrti lan têlúng dinå ånå kéné, bab sisa wêktu sêdinå sumarah
Mas Brótó sing arêp kondúr. Nanging nyatané? Ånå waé alêsané, sing putrané lagi
lårå, utåwå wêngi iku kêntèkan kêndaraan kêpêkså mulih mênyang omahé Dhik Múrti
garwané anyar.
Ah,
yå kåyå mêngkéné nasibé dadi mbók tuwå kåyå wis ora dikanggókaké manèh. Sanajan
rupaku iki ora kalah ayu yèn ditandhingké karo Dhik Múrti, nanging kêpriyé
manèh aku ngrumangsani yèn dadi wóng wadón ora bisa mènèhi kêturunan.
Sakliyané kuwi Dhik Múrti pancèn isih luwih ênóm, lagi ngancik pitulikur tahún.
Kagungan putrå kang solèh apa solèkah wis dadi kêpinginanku lan Mas Brótó wiwit isih pacaran.
Sakliyané kuwi Dhik Múrti pancèn isih luwih ênóm, lagi ngancik pitulikur tahún.
Kagungan putrå kang solèh apa solèkah wis dadi kêpinginanku lan Mas Brótó wiwit isih pacaran.
"Súk
yèn diparingi mómóngan Dhik Wêning kêpingin lanang åpå wadón yå?" pangucapé
Mas Brótó nalika isih têmantèn anyar. Anggóné sélak kêpingin mómóng putrå,
kåyå-kåyå wis ora bisa diêmpêt manèh, yå amargå wis limang tahún kliwat anggóné
omah-omah kók durúng ånå tåndhå-tåndhå arêp diparingi mómóngan.
Ora kurang-kurang Mas Brótó apadéné Wêningati anggóné mbudi dåyå, mênyang dhóktêr wis têpúng gêlang kabèh wis diparani, srånå pijêt urút wóng kang ahli ugå ora kurang-kurang.
Ora kurang-kurang Mas Brótó apadéné Wêningati anggóné mbudi dåyå, mênyang dhóktêr wis têpúng gêlang kabèh wis diparani, srånå pijêt urút wóng kang ahli ugå ora kurang-kurang.
Pungkasané
mênyang dhóktêr spésialis ahli kandhungan kang mratêlakaké mênåwå ånå pênyakit
tumór sing manggón ånå kandhungané Wêningati kang kudu diangkat amargå ndrawasi
uripé Wêningati. Prasasat kåyå ånå gludhúg nyambêr sirahé Wêningati nalikå
krungu yèn rahimé kudu diangkat kang wusanané ndadèkaké Wêningati ora bakal
biså kagungan putrå saklawasé.
Yuswané
Mas Brótó wis ngliwati 35 tahún, kamångkå kêpinginané kagungan putrå ora biså
dikêndhakaké manèh, mula siji-sijiné dalan Wêningati kudu ngiklasaké Mas Brótó
nikah manèh. Nalikå arêp omah-omah manèh, prasêtyané Mas Brótó ora arêp
nglalèkaké Wêningati, ora arêp mbédak-mbédakaké bab rêjêki lan sakabèhing bakal
digawé adil. Nanging åpå wêkasané? Prèèèt,...
wóng lanang anggêr wis kêturutan karêpé mêsthi lali kabèh janjiné.
Wêningati
bisané múng nangis sêsênggukan. Têlúng
Minggu lawasé Wêningati ora disénggól kakungé. Atiné kråså kêråntå-råntå, åpå
yå kudu mêngkéné wóng-wóng wadón sing diwayúh kaé yå? Tinimbang nangisi nasibé
sing nrênyúhaké ati, dhèwèké nóntón siaran télévisi sinambi têturón. Siaran
Êmpat Mata kang digiyaraké sakwènèhing TV lan dipandhu Thukúl Arwana biså
nglêlipur ati sawêtårå wêktu. Lamat-lamat gambar lan swårå télévisi mau saya suwé saya
ilang, mak lês,...
Wêningati
kêturón anglêr. Ånå sakjêroning pangimpèn Mas Brótó kondúr nyangking olèh-olèh
samubarang åpå waé sing disênêngi Wêningati, ora lali nggåwå gêthúk lindri lan
klêpón. "Iki lho Dhik tak tukókaké kalúng bêrliyan modhèl anyar!"
kandhané Mas Brótó sinambi nganggókakê kalúng ånå guluné Wêningati, ora lali
karo ngêsun pipiné Wêningati sing alús. Dhasar wis pirang-pirang ndinå
Wêningati ora disénggól kang garwå, mula nafsu birahiné kåyå kêpancing dadi
makantar-kantar. Mula ora êlêt suwé wóng saklórón padha nindakaké sarêsmi.
Kåyå nèng alam swargan rasané, malah impèné såyå lumaku adóh, aduóh... bangêt,
malah saiki balé somahé bali ayêm têntrêm manèh kåyå wingi uni.
"Mas
saiki aku wis mbóbót lho, ngancik wulan kaping sångå!" ujaré Wêningati
sajak rådå alêman. Soré iku Mas Brótó ngajak Wêningati mlaku-mlaku mênyang toko
sakprêlu blånjå kêpêrluan kanggo ngadhêpi babaran. Pópók bayi, kêmúl bayi,
wêdhak bayi kabèh dibóróng Mas Brótó. Wóng saklórón wis gawé rêncana mênawa
mbésúk arêp babaran nèng rumah sakit bêrsalin sing wis kondhang, Rumah Sakit
Bêrsalin Sayang Putra. Atiné wóng saklórón katón móngkóg jalaran kêpinginané
kagungan putrå bakal kalêksanan.
Mawarnå-warnå
jênêng kanggo bakal putrané wis rinakit.
Yèn sing bakal lair mbésuké lanang, jênêng Brótó
Putranto, utåwå Brótó Séna, utåwå Tåpå Brótó, kabèh mau sing duwé hak maringi
asmå Mas Brótó. Yèn sing bakal lahir mijil wédók ugå wis dicawisaké jênêng Tyas
Sulistyaningsih, utåwå Éndang Larasati, utawa Putri Kèn Utami, kabèh mau sing
duwé hak maringi asmå Wêningati. Putra kang bakal lair digadhang-gadhang têmbéné mbésúk
dadi putrå putri kang solèh utåwå solèkah.
Ing
pangråså Wêningati mbóbót wis sangang sasi punjúl sêpulúh dinå. Awaké kråså
lårå kabèh, pêgêl-pêgêl, jabang bayi rasané kaya wis nêndhang-nêndhang lan
atiné kråså dhêg-dhêgan. Åpå yå kåyå mangkéné iki rasané wóng arêp babaran?
"Mas, rasané kók aku kåyå arêp babaran, têrna nyang
rumah sakit!" mêngkono pênjaluké Wêningati marang sing kakung. Mak
jranthal kåyå asu digitik, Mas Brótó gagé-gagé ngêtókaké mobilé såkå garasi.
Anggóné
nyêtir mobil kanthi rikat, nyalib mêngiwå nyalib mênêngên amrih têkan rumah sakit
amargå sêlak ora kuwat krungu sambaté Wêningati. Têkan ing rumah sakit
Wêningati ditumpaké kêréta dhóróng lumêbu kamar bêrsalin. Pårå dhóktêr, bidhan
apadéné pêrawat pådhå ribút anggóné nulungi. "Adhúh... Gusti nyuwún
kêkiyatan."
"Adúh... Mas Brótó tulungånå aku Mas, iki priyé
rasané aku kók ora kuwat tênan," sambaté Wêningati ngaruwårå.
Yå
nêmbé sêpisan iki awaké ngrasakaké larané dadi wóng wédók. Dhèwèké rumångså
gêlå bangêt kèlingan nalikå wani marang êmbóké sing wis nglairké dhèwèké, jêbúl
kåyå ngéné rasané wóng nglairké. Lamat-lamat kåyå êmbóké sing wis swargi marani
Wêningati. "Wis Ndhúk, aku wis ngapurani kabèh luputmu, wis ayo
dikuwat-kuwatké karêbèn jabang bayi énggal mêtu." Mak plóng rasané ati,
Wêningati kaya éntúk kêkuawatan anyar, dhèwèké unjal ambêgan landhúng.
"Ayo
Bu, sêpisan manèh sing ngêdên!" swarané bidhan mréntahaké, nanging jabang
bayi kåyå mbandhêl isih kêpingin ana wêtêngé ibuné. Såyå suwé Wêningati ora
kuwat nandhang lårå, rasané wóng kang arêp nglairaké kaya wóng lagi sakaratul maut.
Alón-alón mripaté Wêningati mêrêm, ambêgané sêthithik
mbaka sêthithik sansåyå arang lan banjúr mandhêg. Ing pangråså ånå kêrétå
kêncånå mudhún såkå wiyati marani dhèwèké. Para widódari pådhå ndhèrèkåké
Wêningåti numpåk kêrétå kêncånå nuju swargålokå.
***
Wanci
jam wólu ésúk, tånggå têparoné Wêningati pådhå cingak, omahé isih kêncar-kêncar
lampuné, swårå télévisi ugå isih muni nanging Wêningati ora katón. Ora biyasané Wêningati durúng tangi, mulå ånå sakwènèhing
tånggå kang ndhódhógi lawang, lan nginjên åpå sing lagi kêdadéyan ånå ing
sakjêroning omahé wóng wadón kang urip ijèn iku. Ånå ing pandulu, Wêningati
katón gumléthak ånå klåså ora obah sanajan dicêluki kanthi swårå bantêr. Lawang
omahé didhobrak, Wêningati ditêmókaké wis kaku ora ånå nyawané. Ing praupané
kang rêsik sajak mèsêm kåyå wóng turu kaé.