Sabtu, 22 Desember 2012

KECIPRATAN

Wayah surúp wís liwat, swarané bêdhúg maghríb wís ora kêprungu mênèh, kang ånå amúng sêsawangan kang bangêt éndah nangíng rinåså sêpi lan nglangut, íng sisíh kulón lintang panjêr soré cêmlóróng pandhang nguwasani langít wêngi sisíh kulón. Ånå råså sêsak sakjêroníng dhådhå. “Ah, kahanan kók kåyå mêngkéné,” Grênêngé wanodyå ayu mau bola-bali karo ngusap lúh síng wiwít ndlèwèr íng pipiné kang alús. “Jêng... kunci lan layang-layang mobíl gawanên waé mbók mênåwå aku sésúk répót gawéyan,” aturé Mas Handókó karo ngêlúngaké barang mau. Pasúryané ora kåyå padatan.
 
Durúng diwangsuli Mas Handókó wís ngêndika mênèh. “Oh iyå... kêrtu ATM-ku ugå gawanên waé mbók mênåwå sakmångså-mångså sliramu mbutúhaké, isíh apal nómêr PIN-é ta?” Babar pisan ora dinyånå lan tanpå ånå sasmitå mênåwå soré kang éndah mau jêbúl mujúdaké soré kang pungkasan Mas Handókó saré ånå kéné. Wêngi iki dadi wêngi kang sêpisanan turu ijèn kanthi status bójón tahanan KPK. Mbúh pirang tahún mêngko dhèwèké bakal nyandhang statús lêgan ora, nangíng råndhå yå ora. “Dhúh Gústi Allah nyuwún pangapuntên sêdåyå lêpat kawulå.”
Pikirané têmlawúng nggagas kånå kéné kang bakal dilakóni, kêpriyé anggóné arêp ngabari bapak ibu íng désa, rasané ora mêntålå yèn kahanan kåyå mêngkéné bapak ibu síng ndungkap yúswå sêpúh kók mèlu-mèlu mikiraké. Wanodya mau nglirík barang kang nglumbrug ånå pójók sênthóng. Amúng awujúd gombal síng wís pirang-pirang sasi ora tau kadêmók. Sajadah lan rukúh mau ngélingaké marang Pangérané kang amúng kadhang kålå disujudi.
Klunuh-klunuh wanodyå mau mêtu såkå sênthóng sakprêlu njupúk banyu wudu sakprêlu arêp nindakaké salat wêngi. Bubar rampúng salat dhådhå rasané luwíh longgar, ambêgan rinåså luwíh lêgå. Mas Handókó priyå sêtêngah tuwa mau pancèn wís bisa ngêntasaké såkå jurang kêmískinan kulåwargå, ora amúng dhèwèké síng biså kasêmbadan kabèh kêbutuhané anangíng wóng tuwå lan adhi-adhiné pådhå mèlu uríp múlya. Omah déså síng mauné wís dhóyóng biså dijêjêgaké mênèh malah saiki katón luwíh éndah sinawang, tinimbang omah íng kiwa têngêné.
***
Tróntóng-tróntóng sang bagaskårå mandhangi jagad råyå, wanodyå mau nyobå nguwataké ragané kanggo ngadhêpi dina iki. “Dhúh Gústi Allah paringånå kêkiyatan manah lan rågå kawulå,” sambaté wanodyå mau. Koran ésúk kang nglêmprak ånå méjå tambah nggodha ati, yèn arêp diwåcå sumêlang yèn bakal nambahi ngêrêsíng ati mênåwå krungu kahanané Mas Handókó, déné yèn ora diwåcå kók yå ånå råså kêpingín mangêrtèni wartå kang lagi sinandhang garwané kinasíh. Ditimbang lan dipétúng luwíh bêcík yå diwåcå sanajan mbúh mêngko kêpriyé dadiné. Lagi måcå hêadlinê koran ésúk atiné wanodya mau wís trataban.
“KPK sêdang têlusuri kêkayaan Handókó hasíl korúpsi proyèk…,” wanodyå mau atiné gêtêr bangêt mbayangaké mênåwå bandhanê katút disita KPK. Koran ésúk banjúr disèlèhaké, pikirané nggagas omah lan kabèh isèn-isèné. Sanajan múng omah cilík nangíng wís dadi duwèké sakwutuhé, amarga sèrtifikaté nyêbútaké jênêngé, Rêtnåníngrúm SÉ. Mobíl kang ånå garasi dilírik,”Ah… aman, sanajan amúng jênís kijang tahún 2006 nangíng BPKB lan STNK uga nganggo jênêng Rêtnåníngrúm SÉ.”
Wanodyå mau banjúr mèsêm nangíng mbúh apa sababé mèsêm. Rêtnåníngrúm kèlingan jaman isíh kuliyah mbiyèn, såpå wóng síng gêlêm ngragadi kuliyahé, amargå wóng tuwané tangèh lamún biså ngragadi. Rêtnåníngrúm ngêrti sêpirå asilé kadang tani jaman saiki, sawah sakpathók amúng cukúp kanggo mangan sabên dinané. Mulå nalikå wís lulús såkå pamulangan SMA, Rêtnåníngrúm nyambút gawé anèng dilêr mobíl kang dadi margané biså têtêpungan karo priyå sugíh kang saiki dadi bojoné. “Kók kêrjå åpå ora kuliyah jêng?” aruhé Mas Handókó alús nalikå sêmånå. “Mbótên gadhah ragad,” wangsulané Rêtnåníngrúm barès.
“Yèn gêlêm kuliyah mêngko dakragadi!” kandhané Mas Handókó tandhês. Wêwayangané Mas Handókó katón kumlébat nggodhå, sanajan wís sêtêngah tuwå nangíng isíh biså nggodhå atiné prawan jaman saiki síng kêdanan båndhå donyå. Rêtnåníngrúm banjúr kèlingan cèlèngané Mas Handókó anèng bank síng gunggúngé ora dimangêrtèni amargå buku tabungané digåwå Mas Handókó, nangíng kêrtu ATM-é wís dipasrahaké dhèk wingi. Atiné dadi trataban amargå kèlingan yèn dhèwèké kudu mèlu nylamêtaké bandhané Mas Handókó kanggo uríp mêngkoné. Rêtnåníngrúm agé-agé nuju gêdhúng bank sakprêlu njupúk dhuwít, saébå kagété barêng mangêrtèni sêpira gêdhéné saldo tabungané Mas Handókó. Drijiné síng alús mau mijêt ångkå 1 têrús mijêt mênèh ångkå nol kapíng pitu, “Transaksi Anda sêdang diprosès,” wangsulané mêsín pintêr mau, ora watårå suwé dhuwít sêpuluh yutå mêtu såkå mêsín mau. Rêtnåníngrúm nggagas kudu ambal kapíng pirå dhèwèké bisa nguras dhuwít síng akèhé sêmånå mau.
Wanodyå mau sakliyané ayu pancèn pokíl, dhèwèké wís nggraitå yèn arêp dilêbókaké anèng buku tabungané bakal nuwúhaké pitakónan wêrnå-wêrnå, mulå rêncanané dhuwít mau arêp ditukókaké mas-masan. Saktêngahé nggagas íng mburiné akèh wóng padha antré arêp nggunakaké ATM, mulå Rêtnåníngrúm banjúr nglèrèni. Karêpé mono arêp pindah mênyang ATM íng papan liyå karêbèn ora nyubriyani. Mobíl kijang síng disêtiri dhéwé mlaku kanthi bantêr, dumadakan ånå sakwènèhíng nóm-nóman numpak pit móntór ugal-ugalan, kanggo ngindhari tabrakan stír mobíl dibantíng mêngiwå. Ora ngêrtiå malah nyénggól bak trêk síng mómót pasír, dhèèr…
Tabrakan ora biså diéndhani mênèh. Amúng têkan sêmånå kang bisa diélíng-élíng Rêtnåníngrúm. Ånå råså pêríh íng bathuké. Tangané sisíh kiwå dipêrban. Pêrawat kang nunggóni mèsêm karo ngandhani. “Mbak Rêtnå wóntên rumah sakít dr Muwardi, mbénjíng malíh mênawi nyêtír mobil íngkang ngatós-atós nggíh”. Wanodyå ayu mau múng biså manthúk, pikiran tambah mbundhêt mikiraké lêlakón kang bakal diadhêpi, nangíng dhèwèké wís gêlêm ngakóni. “Aku kêcipratan doså”.