Srêngéngéné pas ånå
ndhuwúr sirah, kurang luwih jam 12.00, hawané panas ora mêkakat kåyå-kåyå yèn
dituruti arêp ngombé ngêntékaké banyu sak kêndhi. Mak brabat Pak Sardi mlaku
tumuju pawón arêp ngombé lan mangan awan. Ènèng méja wís sumadiyå unjukan lan dhêdhaharan kang dicawisaké déníng Sumiyêm
abdiné. Anggóné Pak Sardi mangan wayah awan iki katón níkmat lan sêgêr bangêt.
Yå, nêmbé wêktu-wêktu saiki anggóné mangan ngrasakaké énak. Pancèn Yu Sumi abdiné kang wis mèlu sapungkuré
ibuné bocah-bocah kondúr nèng pangayunaning Pangéran iki wóng wadón kang pintêr
olah-olah. Sakabèhíng mangsakan kråså énak lan sêdhêp. Sanajan múng wujudé
jangan asêm níng rasané níkmat lan sêgêré ora karuwan kåyå-kåyå arêp ngêntèké
sêgå sak cêthíng, åpå manèh yèn mangsak jangan tumpang wah,...rasané pas
bangét, sêdhêp mantêp. Ora pati pêdhês, níng rådå asín sithík. Cêkak aós Yu Sumi prigêl babagan mangsak. Bab iki Pak Sardi lan pårå putrané
kabèh ngakóni, malah sak wènèhíng dinå anaké Pak Sardi kang aran Parwati wis
naté pitakón.
"Åpå Yu Sumi dhisik wis naté kúrsús masak?" Yu
Sumi ora awèh wangsulan síng gumathók malah múng ngguyu. Yu Sumi, mêngkono
kabèh kéluargané Pak Sardi nyêlúk. Sanajan múng jêjêré réwang, nangíng rupané
ayu, pawakané sêmók túr pakulitané kuning rêsík. Ora atêgês ngrèmèhaké jênaté
Bu Sardi wanitå kang ora pintêr utåwå ora biså mangsak, nangíng abót-abót Bu
Sardi nyukupké blanjané Pak Sardi pinangka PNS rêndhahan bèn biså cukúp
sêwulan, mulå Bu Sardi sabên dinå múng mangsak lawúh åpå anané. Sabên dinå múng
mangsak osèng-osèng utåwå jangan sóp lan nggorèng tahu lan témpé.
Bu Sardi ora naté tindak pasar sapêrlu blånjå kêbutuhan
pawón, nangíng cukúp mênyang dhasarané Mbók Narsíh bakúl idêran síng mangkal
ånå sak pójóké prapatan. "Åjå nganti aku blånjå kêbutuhan pawón nyang
pasar, biså-biså bayarané Pak Sardi êntèk múng kanggo nyukupi pawón,"
mêngkono sêmauré Bu Sardi nalikå ånå tånggå têparo kang takón.
Wís dadi wataké wóng wadón yèn wêrúh åpå-åpå nèng pasar
mêsti kêpingin têtukón lan njalari bórós. Yå wiwít såkå pintêré Bu Sardi
anggóné ngatúr blanjané Pak Sardi, putrané cacah ênêm kabèh bisa sêkolah
dhuwúr. Jókó si mbarép wís lulús såkå UGM kanthi nggóndhól titêl insinyur
Tèknik Sipil, saiki wis nyambút gawé anèng PT Waskita Karya. Parwati kang nómêr
loro ora kalah karo kangmasé. Sanajan bocah wadón níng mujúdaké sarna wanitå
tèknik nuklír kang sêpisan, saiki nyambút gawé anèng BATAN. Prasêtyå kang nómêr
têlu mèh rampúng såkå STTT, malah wís nampa ikatan dinas såkå PT Télékomunikasi,
Catúr Púrnama putrå kang nómêr papat lagi sinau ning Magêlang, dhèwèké taruna
Akmíl sing wis gênah masa dêpané, déné kakang ragíl lan ragíl isíh sinau ånå
SMA.
Yå kabèh mau såkå hasilé pêrjuwangané Bu Sardi anggóné
ngatúr pamêtuné bojoné. Yå múng émané sakdurúngé Bu Sardi bisa nyawang pårå
putrå pådhå mêntas wís dipundhút karo Kang Måhå Kuwåså. Prasasat kåyå wóng
nggéndhóng kapúk sak gêgêm, Pak Sardi rumångså ènthèng bangêt sanggané saiki.
Putrå cacah ênêm wís mêntas papat, déné síng loro wís diragati mbakyu lan
kangmasé, mulå sabên dinå Pak Sardi bisa dhahar lan ngunjúk síng énak ngématké
ilat mangsakané Yu Sumi.
***
***
Sanajan sanggané wís ènthèng, nangíng uríp dadi dhudhå kuwi
yå dikapakna waé mêkså ora kêpénak. Babagan mangan lan umbah-umbah ora ånå masalah,
wís ånå Yu Sumi síng prigêl mangsak lan sakabèhing gawéyan rumah tangga. Banjúr
yèn awakku pinuju masúk angín? Ora kråså luh têmètès såkå mripaté Pak Sardi.
Wêwayangan nalikå masúk angín lan dikêróki bojoné gawang-gawang.
Pikirané Pak Sardi såyå nglangut ngåmbrå-åmbrå kèlingan dhèk jaman isíh dadi mantèn anyar, ing pangråså kåyå arêp kêpingín omah-omah manèh, níng åpå yå patút sak umur-umuranku rabi manèh, banjúr åpå yå kabèh anak-anaku nyarujuki? Rumangsané Pak Sardi pårå putrané pådhå ngumpúl íng pêndhåpå, pådhå nganakaké pasamuan kêluargå.
Pikirané Pak Sardi såyå nglangut ngåmbrå-åmbrå kèlingan dhèk jaman isíh dadi mantèn anyar, ing pangråså kåyå arêp kêpingín omah-omah manèh, níng åpå yå patút sak umur-umuranku rabi manèh, banjúr åpå yå kabèh anak-anaku nyarujuki? Rumangsané Pak Sardi pårå putrané pådhå ngumpúl íng pêndhåpå, pådhå nganakaké pasamuan kêluargå.
"Pókóké aku ora sêtuju mênåwå Bapak arêp kråmå manèh,
aku sanggup ngopèni Bapak mênåwå gêrah!" mêngkono pêngucapé Jókó
sipêmbarêp karo lungå klépat såkå ngomah. Dhasar putra mbarêp, karêpé åpå
pênêmuné njalúk dituruti kabèh adhi-adhiné.
Ganti anak nómór loro, Parwati nduwèni usul. "Mênåwå
Bapak arêp kråmå manèh aku sêtuju Yu Sumi síng kudu dadi sulihé Ibuku, amargå
sakêluarga wís ngêrti ati lan bêbudiné." Kuwi pênêmuné kangmas lan mbakyu,
saiki aku duwèni pênêmu mangkéné, Prasêtyå putrå nómór têlu urún rémbúg.
"Aku sêtuju mênåwå Bapak arêp kråmå manèh, bèn ånå síng ngopèni, asal
sulihé Ibuku dudu Yu Sumi, aku isín nduwèni ibu batur, aku sanggúp nggolèkaké
wanitå síng luwíh têrhórmat!" Saiki tibå giliran putra nómór papat, Catúr
Púrnåmå, priyayiné bagús lan gagah sêdhélå manèh pundhaké nyandang bintang,
bakal promosi dadi brigadir jèndêral. "Bab såpå síng dadi bakal pilihan
Bapak iku yå gumantúng síng bakal nglakóni, månggå sumarah Bapak, kulå namúng
nyarujuki mawón!"
Giliran putrå kakang ragíl kang aran paraban kyainé Påncå
mènèhi panêmu: Mênåwå aku sêtuju Bapak ora kråmå manèh, wóng wís sêpuh waé arêp
golèk åpå? Salah-salah diarani gaplèk pringkilan, tuwèk-tuwèk pêthakilan,"
sabubaré ngucap kåyå mêngkono, mak nyat kyainé Påncå nglungani pasamuan, pêrsis
kåyå kangmasé mbarêp. Suwasånå dadi sêpi, kabèh pådhå mikír dalan kang bêcík.
"Ayo apa pênêmumu ragil?" préntahé Catúr Púrnåmå
barêng wís nunggu sawêtårå suwé si ragíl têtêp mênêng durúng awèh pênêmu.
Nyawang putrané síng ragíl iki, Pak Sardi såyå tambah kêråntå-råntå atiné,
sanajan mijíl lanang, nangíng watak lan praupané pêrsis cèplês kåyå Bu Sardi
síng wís swargi. Karo mbênêrké anggóné lunggúh, dr Nugróhó, ora liya si ragíl
awèh pênêmu: "Babagan Bapak arêp kråmå utåwå ora arêp kråmå yå gumantúng
Bapak, mênåwå arêp kråmå manèh yå gumantúng Bapak såpå síng dadi pilihané, åpå
haké awaké dhéwé para putra iki?" Têmbungé mung sakêcapan, nangíng kabèh
dadi sadhar mênåwå babagan omah-omah iki ora biså dipêkså. Pasamuan kêluargå
bubar, ora ånå kêputusan síng gumathók. Pårå putrå kabèh banjúr pådhå nyuwún
pamít arêp bali mênyang omahé dhéwé-dhéwé. Sakwènèhíng kéwan cilík mlêbu
mripaté Pak Sardi, mak gragap, Pak Sardi sadhar såkå anggóné ngalamún.
"Wé...jêbúl aku lagi ngalamún tå?" karo ngucêk-ucêk mripaté síng
kråså pêrih.
***
Kåyå padatan yèn dinå riyåyå, omah sing sabên dinané katón
sêpi iku kêbak pawóngan, kabèh putrané kang ånå njaban kutha kota pådhå
ngumpúl. Ånå pawóngan síng isíh ênóm jêmagar, ånå síng isíh bocah cilík,
swarané kåyå pasar. Gunggúng kêprúk lanang lan wadón kabèh cacah wóng sêlawé,
kabèh mau ora liyå anak lan putuné Pak Sardi. Bubar Salat Id diadani sungkêman,
lan sakrampungé sungkêman diadani kêmbúl bujånå. Dinå riyåyå iki kiprahé Yu
Sumi anggóné mangsak-mangsak ora baèn-baèn. Mangsak kanggo batíh cacah sêlawé
lan manéka rupa pênjaluké. Ånå síng njalúk dimangsaké jangan tumpang, ånå síng
njalúk dimangsaké bróngkós, sambêl gorèng, gadho-gadho lan sakpanunggalé. Ånå
bab wigati síng arêp dirémbúg dinå riyåyå iki. Kabèh pårå putrané wís sarujúk
mênåwå Pak Sardi arêp pålåkråmå manèh lan Yu Sumi dadi sulihé Bu Sardi.
"Punåpå Yu sumi sampún sagúh Pak?" pitakóné si pêmbarêp marang
Bapaké.
"Durúng ånå walêsan rêmbúg síng gumathók!" Bubar
bakdå, Yu Sumi pamít mulíh mênyang ndésané, kabèh sandhangan lan duwèké digåwå
mulíh, wis sawêtårå wêktu ditunggu nangíng ora ånå kabaré, mbúh åpå síng ånå
pikirané, jêroné sêgårå bisa dipétung, jêroné ati angél anggóné ngêrténi.