Sabtu, 22 Desember 2012

TAMU KANG PUNGKASAN

Lakuné dinå rumangsaku cêpêt bangêt, wêktu sêwulan síng diidinaké såkå pêmêrintah rumangsaku lagi dhèk wingi, nangíng ngêrti-ngêrti kari sêdinå iki. Dinå sésúk aku lan kåncå-kåncå sak profèsiku gêlêm ora gêlêm kudu ninggalaké panggónan iki, yå panggónan ålå síng dadi mungsuhé masyarakat síng kêpéngin uripé slamêt donyå lan akhirat. Pancèn wiwitané aku ora sêngåjå mlêbu papan èlèk síng diarani lokalisasi, nangíng kabèh amargå kêpèpèt kahanan, biyåså... masalah klasik síng diadhêpi pawóngan síng uríp íng padésan, kurang pangan lan sandhang lan ora kuwat ngadhêpi sanggan uríp, gèk kamóngkó síng jênêngé golèk pênggawéyan iki angèlé jan ngêpól tênan.
Åjå manèh aku sakkåncå síng múng duwé ijazah SMP tanpå nduwèni kêtrampilan, sanajan síng wís duwé èmbèl-èmbèl gêlar sarjana waé akèh síng kêcêmplúng ing profèsi iki sanajan bédå kêlasé. Ora kråså lúh têmètès ing pipiku, uríp kók múng kåyå ngéné, gèk súk kapan aku biså mêntas såkå panggónan iki? Dhúh,... Gústi Allah paringånå pitudúh mêrgi íngkang lêrês lan pinanggihnå jodho íngkang saé. Aku unjal ambêgan landhúng, gèk kåyå aku iki åpå ånå wóng lanang síng sudi mêngku? Níng aku pêrcåyå yèn Gústi Allah iku ora saré, sakwijiníng dinå mêngko aku bakal kêtêmu jodhoku. Dak élíng-élíng nasibé kåncå-kåncå sak profèsiku nyatané ugå ånå wóng lanang síng gêlêm ngêpèk bojo. Mbak Éndah dipèk bojo sopír trêk lêngganané malah nyatané saiki biså uríp bagyå múlyå íng ndéså. Dhík Hèsti ugå dipèk bojo wóng lanang sanajan múng dadi mbók ênóm anangíng kabèh kêbutuhané biså dicukupi, Éndang kancaku sak kampúng ugå diwêngku wóng lanang sanajan wís rådå sêpúh yuswané nangíng nyatané gêmati bangêt malah saiki diparingi putrå. Bubar macak kåyå biyasané aku lungguhan íng têras omah, biyåså,... mancíng iwak alias nggodhå wóng lanang síng kêpéngin awaké dikêpénakaké sanajan múng sêdhélå, syúkúr yèn gêlêm nginêp sêwêngi, wah... mêsti bayaran síng dak tåmpå lumayan kanggo sangu mulíh mênyang ndéså.
"Mampír Mas,"... godhaku nalikå ånå sakwènèhíng pawóngan mlaku ijèn karo miling-miling nyawang têras póndhókanku, dhèwèké mèsêm lan gêlêm mampír. "Ngunjúk mênåpå Mas?" ujarku karo nggandhèng tangané dak jak lunggúh íng sandhíngku. Wóng lanang mau manút waé. "Biyasané wóng lanang iku sênêngané ngunjúk susu yå, kópi susu åpå coklat susu?" aku sansaya wani nggodhå, lha wóng síng digodhå yå sansåyå sênêng atiné. Yå kåyå mêngkéné pênggawéyanku sabên ndinå nglayani tamu síng gêlêm mampír íng kamarku. Wêktu limang tahún uríp íng lokalisasi pancèn akèh bungah lan susahé, nangíng kêpénaké múng watês bab kadonyan, bisa cukúp sandhang lan pangan ora nyambút gawé abót, nangíng rêkasané biså-biså kêtularan pênyakit sifilis utawa AIDS lan dadi mungsuhé masarakat, amargå dianggêp dadi sampah masyarakat síng kudu disírnakaké. Aku isíh kèlingan nalikå lokalisasi iki didhémo warga masyarakat, awakku nganti ndrêdhêg kawêdèn.
"Lho kók malah ngalamún?" ujaré wóng lanang síng dadi tamuku iku ngagètaké atiku. "Ah, iyå yå bênêr ngêndikamu Mas, lha kêpriyé ora ngalamún, mbók mênåwå panjênêngan iku tamuku íng papan kéné kang pungkasan amargå sésúk aku sak kåncå kudu lungå såkå papan iki." "Ditêpungaké jênêngku Bagús sanajan rupaku ora bagús," mêngkono tamuku mau nêpúngaké.  "Sunthi jênêngku Mas," aku ganti sêmaúr. Priyayiné pancèn grapyak lan akèh gunêmé, lagi têtêpungan kurang såkå limang mênít waé rasané wís biså akrab. "Aku mréné pancèn golèk kênangan kang púngkasan såkå papan lokalisasi iki, aku ngajab papan iki pancèn biså rêsík såkå tumindak maksiyat," mêngkono ujaré Mas Bagús. Sak jam luwíh aku lan Mas Bagús ngóbról ngalór ngidúl, lan pungkasané Mas Bagús pamitan arêp mulíh mênyang omahé. Dhèwèké ninggali dhuwít aku sing lumayan akèh lan njalúk jênêng lan alamat omahku síng sakbênêré.
Anèng ngomah rasané kåyå dikunjåra waé, la kêpriyé ora susah, la anèng ngomah yå múng thêngúk-thêngúk waé tanpå duwé gawéyan síng ngasilaké. Dhuwít cèlènganku wís wiwít nipís, rasané ati wís kêtar-kêtir, dumadakan pak pós mandhêg anèng ngarêp omah, ngêtêraké layang såkå Mas Bagús, dhúh,... bungahé ati iki, såpå ngêrti mbésúké Mas Bagús biså ngêntasaké aku såkå uríp kang nisthå iki. Layang dak bukak kanthi alón, ånå råså bungah lan ati iki tambah dêg-dêgan waé.
"Dhík Sutinêm síng dak trêsnani," mak dhêg rasané atiku kaya diumbúllaké karo Mas Bagús. Pancèn jênêngku síng asli iku Sutinêm, nangíng ing lokalisasi aku nganggo jênêng "Sunthi", layang dak waca kanthi ati kang dêg-dêgan
Surabaya, 12 Désèmbêr 2007
"Dhík Sutinêm síng dak trisnani". Wiwít kêtêmu karo sliramu ing papan kånå kaé, aku dadi kêpingín omah-omah karo sliramu. Bab såpå tå sliramu aku kabèh wís mangêrtèni, nangíng åpå sliramu ngêrtèni aku lan såpå tå sêjatiné aku iki? Barès waé ya dhík, aku iki wóng lanang síng ora bédå karo sliramu. Tumindak nistå lan ålå kabèh waé wís naté dak tindakaké. Nangíng aku péngín marèni kabèh mau sakdurungé kasèp.
Mula yèn sliramu gêlêm dak jak uríp bêbarêngan nyabrang íng samodrå bêbrayan agúng, ayo dhík wangsulana layang iki, gêlêmå Dhík Sutinêm dak jak uríp anyar íng sakjêroníng balé somah kang rêsmi lan ayo pådhå uríp kang anyar, uríp kang kêbak laku utåmå sanajan múng uríp sarwå prasåjå, wís bèn lêlakónmu lan lêlakónku dikubúr barêng-barêng lan dilarúng íng samodra pangapurå.
Aku ora njanjèkaké uríp kang moncèr kêbak kêméwahan donyå, nangíng aku pêrcåyå yèn aku karo sliramu biså uríp bagyå múlyå. Sêpisan manèh, aku ora mêkså nangíng aku têtêp nunggu walêsan layang iki bèn atiku bisa têntrêm. Såkå kåncå anyarmu síng nêmbé kasmaran.
Bagús
Ora kråså, kacu cilík wís têlês kêbês êlúhku, bisaku múng pasrah jiwå lan rågå marang Mas Bagús. Sunaré srêngéngé wayah ésúk íng Suråbåyå nambahi éndahíng swasånå balé somahku. Kêmbang kênångå íng ngarêp omahku nyêbaraké gåndå kang arúm. Cêpêt-cêpêt aku dandan sak pêrlu arêp ngêtêraké Panji anakku mbarêp såkå titisané Mas Bagús kang saiki makaryå dadi móntír sêpéda mótór, Allahuakbar,... laillahaillallah, alhamdulilllah pujiku marang Pangéran Kang Maha Kuwasa.

Sri Partinah, Prawan såkå Bantúl

Swarané sêpédha mótór pak pós såyå suwé såyå cêtha. Dhèwèké mandhêg ånå ngarêp omahku sak pêrlu ngêtêraké layang såkå Dhík Sri ing Bantúl, wís kênå dijagakaké, mèh sêtêngah sasi sêpisan layang såkå Bantúl têkan omahku, sêmono ugå sêtêngah sasi sêpisan layangku têkå ing omahé Dhík Sri. Antarané aku lan Dhík Sri íng Bantúl wís suwé anggóné sêsambungan kêkancan, malah íng wêktu saiki sêsambungan mau dadi sêsambungané antarané wóng wadón lan wóng lanang síng nêmbé pacaran, ya múng amargå jarak antarané Sålå lan Bantúl mbutúhaké wêktu sêtugêl dinå mênawa arêp kêtêmu, mulå ya múng liwat layang aku lan dhèwèké pådhå ndhudhah råså síh katrêsnan.
Sêpédha onthèl tahún 70 dadi pawitanku, mangkat lan mulíh sêkolah bêbarêngan goncèngan pit èlèk iki. Ah..., saumpamané zaman biyèn aku wis duwé sêpédha mótór utawa HP mbók mênåwå critané bédå. Lulús såkå pamulangan SMA aku lan Dhík Sri pisah, aku nyambút gawé dadi pêgawai Pêmêrintah, sanajan isíh dadi tênaga hónórèr lan Dhík Sri bali mênyang Bantúl sak prêlu mulíh lan golèk panggawéan. Nalikå ing Sålå dhèwèké ndèrèk Pakdhéné sak prêlu sékolah. Dhík Sri, mêngkono aku nyêbut jênêngé, asmané kang komplét Sri Partinah, kanggo ukuran zaman sêmånå åpå manèh zaman saiki jênêng mau katóné ndésani lan ora madólké, nangíng såpå ngira yèn síng duwé jênêng mau pawóngané ayu. Pakulitané kuning rêsik, dêdêg piyadêgé sêdhêng, nétrané bundêr irêng katón kåyå ngétókaké sunar, rikmané irêng kêtêl tur dåwå nganti sak ngisoré bókóng. Pókóké ora kalah ayu yèn ditandhíngké karo Inul Daratista pênyanyi ndhangdhut síng wís kawêntar yèn nyanyi gawéné ngobahaké pérangané awak, ya adóh. Dhík Sri sakdhuwuré pênyanyi mau. Mbók mênåwå lagi sêjajar mênåwå ditandhingaké bintang sinêtrón Marisa Haque utawa Soraya Haque, ugå sêjajar mênawa ditandhíngaké Ayu Azahrí utawa Sarah Azhari. Ugå sêjajar mênåwå ditandhíngaké karo Kharisma Kapór utawa Karina Kapór bintang film saka India. Wah,... jan ayu tênan.
Pacaran sasuwéné mèh nêm tahun, nêmbé kapíng loro aku dolan mênyang omahé íng Bantúl, ya amargå sakliyané adóh panggónané ning síng gênah kanggo ragad mrånå aku ora duwé. Yå mêrga såkå iku anggónku ngêrtèni watak lan bêbudèné yå múng saktléraman, ora ngêrti sak tênané, sênajan nalikå isíh sêkolah awór dadi siji, nangíng råså trêsnå mau lagi tuwúh nalikå aku karo dhèwèké wís pêpisahan. Mbúh amargå arang anggónku kêpêthúk, råså síh katrêsnan mau kók ora dadi tuwúh subúr. Sêthithík mbåkå sêthithík ilang kêsilêp wanitå liyå, sêmånå uga Dhík Sri, katóné yo ora béda karo aku, dhèwèké yo têrús nglalèkaké aku.
Kêdadéyan mau wís kêlakón udåkårå têlúng pulúh tahún kêpungkúr. Aku saiki wís duwé kêluwargå dhéwé, sêmono ugå dhèwèké tak kirå wís pêputrå akèh, awít anggoné omah-omah luwíh dhisík tinimbang aku. Kêdadéyan lindhu gêdhé síng nêmahi tlatah provinsi Jawa Têngah lan Daérah Istiméwa Yógyakarta kang lagi kêpungkúr ndadèkaké aku kèlingan marang dhèwèké. Wêwayangan nalikå pacaran kumlébat wélå-wélå kåyå waé lagi kêlakón dhèk wingi, ugå wêwayangan sakumpamané, aku lan Dhík Sri kêlakón sêsandhingan dadi laki rabi. Kåyå-kåyå aku lan dhèwèké wís rêsmi bêbrayan, ngêdêgaké balé somah kang ayêm têntrêm. Bubar gajian tanggal siji kåyå biayasané kabèh blanjaku bruk pêthuthuk tak pasrahné Dhík Sri.
"Nyoh Dhík, iki turahané blanjaku sasi iki, sak karêpé anggónmu ngatúr lan nyukúpké!" Åjå mênèh jênêngé múng siså blånjå, sanajan blanjaku isíh utúh tanpa pótóngan, tak kirå ora bakal cukúp kanggo nyukupi kêbutuhan sêsasi, amargå aku múng sawijiníng PNS andhahan kang gawéyané múng dipréntah thók, mulå blanjané yå múng sakimit. "Alhamdulillah, iki wis cukúp kanggo sêsasi Mas, mênåwå ånå kurangané aku bisa duwé asíl såkå opah jaitan síng tak tåmpå," sémaurané Dhík Sri karo nyawisaké sêgå lan jangan kanggo mangan awan.
Dhasar wóngé ayu rupané, bêbudèné ugå ora nguciwani, tansah nêrima ing pandum. Yå kåyå mêngkéné iki sing diarani aku wóng síng kêbênêran anggónku têtak. Balé somahku tansah ayêm têntrêm kêbak råså bagyå múlyå. Sanajan múng dadi bojoné pégawai cêndhèk, nangíng Dhík Sri tansah ngaturaké pênuwún marang Gústi Kang Måhå Wikan, mula rêzêki têkå lumintu tanpå kêndhat-kêndhat. Sanajan múng uríp manggón ånå Pêrumnas jêmbaré múng sak cuplêk, nangíng rasané kaya uríp nèng swarga. Kabèh mau yå amargå Dhík Sri wanodyå kang solèkhah lan gêlêm mbantu èkèr-èkèr golèk pangan.
Bubar mangan awan, kåyå padatan aku lèyèh-lèyèh ånå sênthóng, ora sawêtara suwé Dhík Sri nusúl. Yå amarga aku lan dhèwèké isíh klêbu têmantèn anyar mula najan isíh awan, aku ora nulak nalika dhèwèkné kêpingín nindakaké sarêsmi. Wola-wali ora jêlèh-jêlèh, wah..., jan kaya uríp nèng swargå kaé. Pancèn tak akóni, mênåwå masalah siji iki, aku lan Dhík Sri pådhå karêmé.
Wêwayang kang éndah mau sêthithík mbåkå sêthithík ilang, ganti wêwayangan síng kahanané kósók baliné. Jêbúl Dhík Sri iku múng ayu lahiré thók. Bêbudèné èlèk lan wataké angèl bangêt. Dikirå dadi bójón PNS iku énak lan kêpénak, dikirå síng kakúng bayarané gêdhé túr ajêg åpåmanèh têmbéné mburi éntúk pènsiún. Mulå pêndak byar njalúk barang-barang síng rêgané larang. "Mas, mbók omahé dhéwé iki digawé tingkat, karêbèn mênåwå ånå tamu nginêp biså longgar!" mêngkono pênjaluké Dhík Sri.
Aku ora sêmaúr babar pisan. Atiku wís jèngkèl, kêndharaan sêpéda mótór iki lagi ngancík cicilan kapíng wólu. Kamångkå aku kudu nyicíl kapíng patang pulúh wólu. Yå amargå uripé sing srakah iki aku dadi katut kêcêmplung utang bank, pêndhak sasi ora tau nggåwå mulíh blånjå. Kamångkå satêmêné aku iki kêpingín uríp mulyå sanajan múng kanthi uríp kang prasójó, kósók baliné Dhík Sri wanodyå kang kédanan båndhå. Karêpé pêndhak mêtu rêsèpsi jagóng utåwå acara arisan kampúng waé kudu nganggo sayak anyar.
Bisaku múng ngêlús dhådhå. Nangíng nalikå dhèwèké malah njalúk supåyå sêpéda mótórku diijólké mobíl, nêsuku ora bisa tak ampêt mênèh. "Dhasar wóng wédók ora duwé utêk, mbók yó ngrumangsani awaké dhéwé iki såpå!" untúng tanganku ora sida nêmpilíng rainé. Yå wiwit dinå iku aku ora caturan karo Dhík Sri. Dhèwèké tak sêkarép, yèn isíh kêpingín dadi bojoku ya kudu ngêrtèni kahané síng lanang síng kêrjané dadi PNS, ora susah dadi gêgayuan síng mulúk-mulúk síng tundhóné múng nyêngsarakaké dhéwé, níng mênåwå wís ora iså diatúr yå sakarêpmu, arêp lungå yå ora tak gondhèli.
Lamat-lamat aku krungu lapórané tånggå têparo, mênåwå yèn aku lagi lungå nyambút gawé mênyang kantór, dhèwèké ugå lungå, malah jaré wís naté ånå wêrúh dhèwèké goncèngan karo wóng lanang liyå mlêbú sakwènèhíng hotèl. Ah..., dhasar wóng wadón síng ora ngêrti agåmå, mulå tinimbang kêbacút-bacút luwíh bêcík tak jak ngadhêp ning kantór pêngadilan agama sak pêrlu tak wènèhi layang pêgat. Mak gragap aku élíng såkå anggónku ngalamún, amargå bojoku njiwít tanganku, jêbúl layang síng nêmbé tak tåmpå mau dudu layang såkå Dhík Sri ing Bantúl, nangíng layang såkå Badan Kêpêgawaian Nêgara Kantór Wilayah II Jógja, kang ngabaraké mênåwå aku saiki wis púrnå dadi pènsiún. Aku bisa lulús såkå PNS kanthi slamêt lan dhuwèni hak pènsiún. Wóng wadón síng ånå jèjèrku ora liyå yå bojoku tak rangkúl, sanajan ayuné ora kåyå Dhík Sri, nangíng bêbudèné ora nguciwani. Bisaku múng nyênyuwún marang Gusti Allah, mugå-mugå Dhík Sri lan kêluwargané di diparingi slamêt såkå lindhu gêdhé iki.

KECIPRATAN

Wayah surúp wís liwat, swarané bêdhúg maghríb wís ora kêprungu mênèh, kang ånå amúng sêsawangan kang bangêt éndah nangíng rinåså sêpi lan nglangut, íng sisíh kulón lintang panjêr soré cêmlóróng pandhang nguwasani langít wêngi sisíh kulón. Ånå råså sêsak sakjêroníng dhådhå. “Ah, kahanan kók kåyå mêngkéné,” Grênêngé wanodyå ayu mau bola-bali karo ngusap lúh síng wiwít ndlèwèr íng pipiné kang alús. “Jêng... kunci lan layang-layang mobíl gawanên waé mbók mênåwå aku sésúk répót gawéyan,” aturé Mas Handókó karo ngêlúngaké barang mau. Pasúryané ora kåyå padatan.
 
Durúng diwangsuli Mas Handókó wís ngêndika mênèh. “Oh iyå... kêrtu ATM-ku ugå gawanên waé mbók mênåwå sakmångså-mångså sliramu mbutúhaké, isíh apal nómêr PIN-é ta?” Babar pisan ora dinyånå lan tanpå ånå sasmitå mênåwå soré kang éndah mau jêbúl mujúdaké soré kang pungkasan Mas Handókó saré ånå kéné. Wêngi iki dadi wêngi kang sêpisanan turu ijèn kanthi status bójón tahanan KPK. Mbúh pirang tahún mêngko dhèwèké bakal nyandhang statús lêgan ora, nangíng råndhå yå ora. “Dhúh Gústi Allah nyuwún pangapuntên sêdåyå lêpat kawulå.”
Pikirané têmlawúng nggagas kånå kéné kang bakal dilakóni, kêpriyé anggóné arêp ngabari bapak ibu íng désa, rasané ora mêntålå yèn kahanan kåyå mêngkéné bapak ibu síng ndungkap yúswå sêpúh kók mèlu-mèlu mikiraké. Wanodya mau nglirík barang kang nglumbrug ånå pójók sênthóng. Amúng awujúd gombal síng wís pirang-pirang sasi ora tau kadêmók. Sajadah lan rukúh mau ngélingaké marang Pangérané kang amúng kadhang kålå disujudi.
Klunuh-klunuh wanodyå mau mêtu såkå sênthóng sakprêlu njupúk banyu wudu sakprêlu arêp nindakaké salat wêngi. Bubar rampúng salat dhådhå rasané luwíh longgar, ambêgan rinåså luwíh lêgå. Mas Handókó priyå sêtêngah tuwa mau pancèn wís bisa ngêntasaké såkå jurang kêmískinan kulåwargå, ora amúng dhèwèké síng biså kasêmbadan kabèh kêbutuhané anangíng wóng tuwå lan adhi-adhiné pådhå mèlu uríp múlya. Omah déså síng mauné wís dhóyóng biså dijêjêgaké mênèh malah saiki katón luwíh éndah sinawang, tinimbang omah íng kiwa têngêné.
***
Tróntóng-tróntóng sang bagaskårå mandhangi jagad råyå, wanodyå mau nyobå nguwataké ragané kanggo ngadhêpi dina iki. “Dhúh Gústi Allah paringånå kêkiyatan manah lan rågå kawulå,” sambaté wanodyå mau. Koran ésúk kang nglêmprak ånå méjå tambah nggodha ati, yèn arêp diwåcå sumêlang yèn bakal nambahi ngêrêsíng ati mênåwå krungu kahanané Mas Handókó, déné yèn ora diwåcå kók yå ånå råså kêpingín mangêrtèni wartå kang lagi sinandhang garwané kinasíh. Ditimbang lan dipétúng luwíh bêcík yå diwåcå sanajan mbúh mêngko kêpriyé dadiné. Lagi måcå hêadlinê koran ésúk atiné wanodya mau wís trataban.
“KPK sêdang têlusuri kêkayaan Handókó hasíl korúpsi proyèk…,” wanodyå mau atiné gêtêr bangêt mbayangaké mênåwå bandhanê katút disita KPK. Koran ésúk banjúr disèlèhaké, pikirané nggagas omah lan kabèh isèn-isèné. Sanajan múng omah cilík nangíng wís dadi duwèké sakwutuhé, amarga sèrtifikaté nyêbútaké jênêngé, Rêtnåníngrúm SÉ. Mobíl kang ånå garasi dilírik,”Ah… aman, sanajan amúng jênís kijang tahún 2006 nangíng BPKB lan STNK uga nganggo jênêng Rêtnåníngrúm SÉ.”
Wanodyå mau banjúr mèsêm nangíng mbúh apa sababé mèsêm. Rêtnåníngrúm kèlingan jaman isíh kuliyah mbiyèn, såpå wóng síng gêlêm ngragadi kuliyahé, amargå wóng tuwané tangèh lamún biså ngragadi. Rêtnåníngrúm ngêrti sêpirå asilé kadang tani jaman saiki, sawah sakpathók amúng cukúp kanggo mangan sabên dinané. Mulå nalikå wís lulús såkå pamulangan SMA, Rêtnåníngrúm nyambút gawé anèng dilêr mobíl kang dadi margané biså têtêpungan karo priyå sugíh kang saiki dadi bojoné. “Kók kêrjå åpå ora kuliyah jêng?” aruhé Mas Handókó alús nalikå sêmånå. “Mbótên gadhah ragad,” wangsulané Rêtnåníngrúm barès.
“Yèn gêlêm kuliyah mêngko dakragadi!” kandhané Mas Handókó tandhês. Wêwayangané Mas Handókó katón kumlébat nggodhå, sanajan wís sêtêngah tuwå nangíng isíh biså nggodhå atiné prawan jaman saiki síng kêdanan båndhå donyå. Rêtnåníngrúm banjúr kèlingan cèlèngané Mas Handókó anèng bank síng gunggúngé ora dimangêrtèni amargå buku tabungané digåwå Mas Handókó, nangíng kêrtu ATM-é wís dipasrahaké dhèk wingi. Atiné dadi trataban amargå kèlingan yèn dhèwèké kudu mèlu nylamêtaké bandhané Mas Handókó kanggo uríp mêngkoné. Rêtnåníngrúm agé-agé nuju gêdhúng bank sakprêlu njupúk dhuwít, saébå kagété barêng mangêrtèni sêpira gêdhéné saldo tabungané Mas Handókó. Drijiné síng alús mau mijêt ångkå 1 têrús mijêt mênèh ångkå nol kapíng pitu, “Transaksi Anda sêdang diprosès,” wangsulané mêsín pintêr mau, ora watårå suwé dhuwít sêpuluh yutå mêtu såkå mêsín mau. Rêtnåníngrúm nggagas kudu ambal kapíng pirå dhèwèké bisa nguras dhuwít síng akèhé sêmånå mau.
Wanodyå mau sakliyané ayu pancèn pokíl, dhèwèké wís nggraitå yèn arêp dilêbókaké anèng buku tabungané bakal nuwúhaké pitakónan wêrnå-wêrnå, mulå rêncanané dhuwít mau arêp ditukókaké mas-masan. Saktêngahé nggagas íng mburiné akèh wóng padha antré arêp nggunakaké ATM, mulå Rêtnåníngrúm banjúr nglèrèni. Karêpé mono arêp pindah mênyang ATM íng papan liyå karêbèn ora nyubriyani. Mobíl kijang síng disêtiri dhéwé mlaku kanthi bantêr, dumadakan ånå sakwènèhíng nóm-nóman numpak pit móntór ugal-ugalan, kanggo ngindhari tabrakan stír mobíl dibantíng mêngiwå. Ora ngêrtiå malah nyénggól bak trêk síng mómót pasír, dhèèr…
Tabrakan ora biså diéndhani mênèh. Amúng têkan sêmånå kang bisa diélíng-élíng Rêtnåníngrúm. Ånå råså pêríh íng bathuké. Tangané sisíh kiwå dipêrban. Pêrawat kang nunggóni mèsêm karo ngandhani. “Mbak Rêtnå wóntên rumah sakít dr Muwardi, mbénjíng malíh mênawi nyêtír mobil íngkang ngatós-atós nggíh”. Wanodyå ayu mau múng biså manthúk, pikiran tambah mbundhêt mikiraké lêlakón kang bakal diadhêpi, nangíng dhèwèké wís gêlêm ngakóni. “Aku kêcipratan doså”.

JODHO

Mbókmênåwå iki wís garisíng pêpêsthèn mênåwå antarané Jammila lan Martónó dudu jodhoné, kamångkå kabèh kåncå lan tanggané wís nggraitå mênåwå pawóngan jókó lan prawan iki bakal sêsandhingan saklawasé urip. Ulêm wís sumêbar, kåncå lan tånggå sak désa wís pådhå nåmpå ulêm, katêríng ugå wís nåmpå panjêr, sêmono uga gêdhúng síng kanggo pahargyan ugå wís nåmpå panjêr, malah miturút rêncanané arêp nanggap campúrsari, pahargyan bakal digêlar sarånå gêdhèn-gêdhèn, nangíng wusånå kabèh mau gagar wigar ora sidå kalêksanan.
Ånå wóng wadón nggåwå bocah cilík mårå mênyang omahé Pak Hartówiyónó yå wóng tuwané Jammila. Dhèwèkné ngaku mênåwå bojoné Mas Martónó kanthi nudúhaké layang kawín rêsmi såkå KUA. "Nyuwún pangapuntên Pak, kulå suwún ijab qóbúl antawisipún Jammila kaliyan garwå kulå Mas Martónó dipún batalakên, kula mbótên ngidini mênawi Mas Hartónó badhé émah-émah malíh!" Mêngkono pangucapé wóng mau kang asmå Tarni, bojoné Martónó. "Punikå putêranipun Mas Martónó ingkang alít, déné ingkang agêng nêmbé sékolah."
Prasasat ånå lindhu gêdhé síng nêmahi ånå kêluwargané Pak Hartówiyónó. Udan tangís ora biså dikêndhakaké. Kapêkså pahargyan åpådéné ijab qóbúl dibatalké. Pranyåtå kabèh layang såkå Martónó iku aspal, asli níng palsu. Prasasat kåyå dipópók léthóng sak kandhang rainé kêluwargané Pak Hartówiyónó. Isín lan kuciwa bangêt såkå pokalé Martónó. Jammila bisané múng nangís ungkêp-ungkêp ånå sênthóng. Dhèwèké rumångså diapusi mêlèk-mêlèkan. Ya kabèh mau salahé dhéwé gampang pêrcåyå ómóngan lan pangarihé priyå.
Wis dadi lumrahé prawan ing désané, lulús SMP biasané bocah wédók diomah-omahké wóng tuwané. Ånå síng lêlandhêsan síh trêsnå kang suci såkå bocahé síng bakal nglakóni, nangíng ugå ora sêthithik kang múng manút miturút síng dikêrsakaké wóng tuwané. Jammila ngrumangsani yèn ora manút karo wóng tuwané. Dhèwèké kêpingin nêrusaké sêkolah, têmbéné kêpingín biså nyambút gawé kanggo mbantu nyukupi kêbutuhané balé somah bésuké lan malês kabêcikané wóng tuwå. Nangíng wusanané malah nêmahi lêlakón kang nggåwå lingsêmé kabèh kêluwargané. Prawan sak umurané Jammila mau ing déså kéné wís dianggêp prawan kasèp, kamångkå umuré durúng gênêp patlikúr tahún.
Lamat-lamat Jammila krungu pasémóné tånggå têparo lan kåncå-kancané. "Sêlak kiamat lho, kapan anggónmu arêp ningkahan?"  Ånå síng nyêmóni liyå manèh "Apa arêp golèk jaran síng nganggo sungu piyé?" Ugå ånå síng nyêmóni, "Rasah miling-miling, mêngko éntúk wóng guwing lho!" Kabèh pasêmón mau yèn dirasakaké ati bangét anggóné nyêríkaké, nangíng kasunyatan nganti têkan sêpréné síng jênêngé jodho mau durúng têkå. Pancèn síng jênêngé jodho, rêjêki lan pati iku ånå astané síng Ngrêkså Jagad. Jammila ora kurang-kurang anggóné sêtiyar, nanging jêjêré wanitå yå múng kanthi golèk pênggawéyan karêbèn olèh têtêpungan wóng lanang. Bubaran mulíh såkå pabrík ånå wóng lanang kang ngêtútaké ånå sak mburiné Jammila. Ora pisan ora pindho, anggêr wanciné Jammila mulíh såkå pabrík pawóngan mau nyêgat sakpêrlu ngajak têtêpungan.
Prasasat kåyå tumbu olèh tutúp, wóng luru-luru kêtêmu wóng golèk-golèk. Jammila nåmpå kanthi sênêng têtêpungan wóng lanang mau kang ngaku asmané Martónó, malah nganggo èmbèl-èmbèl Drs. Cêkêl gawé ånå pêrusahaan swasta. Priyayiné bagús gêdhé dhuwúr, yèn mênganggo sarwå nècis. Yèn disawang saktlêraman pancèn nêngsêmaké, mêsti akèh prawan síng kêpincút. Nangíng yèn gêlêm nastitèkaké, ora bakal ånå wóng bagusé kåyå mêngkono, nduwé titêl túr yå cêkêl gawé pisan kók isíh jókó. Umumé sakumuré dhèwèké mêsti wís nggéndhóng anak loro utawa têlu.
Yå wís dadi bêgjané Jammila, sanajan digawé wirang nangíng dhèwèké isíh biså njågå barang síng palíng aji tumrapé wóng wédók. Dhèwèké ora kontal godhané sétan, kêncêng lan singsêt anggóné tapihan lan kêmbênan. Ora kuwat nandhang wirang isín ing désané, Jammila nêdyå lungå mênyang Jakarta, sakliyané golèk pênggawéyan anyar ugå golèk lêlipúr ati kang nandhang wirang mau. Bapak ciliké Jammila kang ånå Jakarta nyarujuki mênåwå Jammila arêp mèlu dhèwèké.
Ora nganti gantaran sasi, Jammila wis olèh pênggawéyan ånå sakwènèhing pabrik. Dhasar pênggawéyané srêgêp túr sékolahé yå lumayan dhuwúr, lulusan D3, sakliyané iku yå pancèn Jammila iku ayu praupané, mula kariêr yå têrús munggah. Wêktu têlúng tahún anggóné nyambút gawé rasané kåyå dhèk wingi waé. Praståwå síng nggawé wirang kabèh kêluwarga wis dilalèkaké.
Saiki Jammila wis nduwé têtêpungan priyå síng kênå dipêrcåyå bêbudéné. Anggóné nlêsih-nlêsihaké calón bojoné iki nganti têkan asal-usulé, åjå nganti kêdadéyan kang wis kêpungkúr nêmahi manèh. Priyå mau tunggal kabupatèn níng bédå kêcamatan. Priyayiné solèh rådå antêng sithik, cêkêl gawé pisan lan umur-umurané yå sak pantaran. Wulan Dulhijah kang arêp têkå bakal dirêsmèkaké, malah yèn ditlusur-tlusur sårå silahé isíh tunggal mbah canggah såkå Bu Hartówiyónó. Yå wís dadi bêgjané Jammila, síng dhèk êmbèn kêlårå-lårå kêwirangan, saiki wís nêmu êmas sak gênthóng, sakliyané kêtêmu jodhoné ugå biså nglumpúkaké balúng pisah. Nangíng lêlakón yèn durúng tutúg iku yå ånå waé sêbab musababé. Sêwulan sakdurungé rêncana ijab kabúl lan pahargyan, Mas Hardi, ora liyå yå calón bojoné Jammila kondúr mênyang ndésa sak pêrlu nganakaké pêrsiapan ubå rampéné ningkahan.
Yå amúng têkan sêmono sêsambungan antarané Hardi lan Jammila, kabar síng ditåmpå déning Jammila bangêt ngagètaké. Bús síng ditumpangi Mas Hardi kêcêmplúng jurang ånå tlatah Sêmarang, Hardi salah sijiné kórban mau. Jammila lan kêluwargané múng biså nêksèni têrbêlå kang diusúng mênyang pêkuburan désa. Dhúh.... Gústi Allah paringånå iman ingkang kiyat lan manah ingkang sabar, mêngkono pênyuwunané Jammila rinå lan wêngi. Anggóné ngadhêpi pacoban mau kanthi ditåmpå ati kang iklas lan sabar, wís dadi nasibé yèn isíh kudu uríp ijèn, mulå ora sawêtara suwé Jammila wís biså nglalèkaké kêdadéyan mau. panguripané diênggo nyambút gawé pinångkå ngibadah marang Gústi Allah, blanjané kang gêdhé kanggo mbantu ponakan-ponakan síng ånå ndéså. Malah saiki anèng omahé ngopéni salah sijiné ponakan kang diangkat minångkå anak pupón. Íng sakjêroné ati kåyå-kåyå wís ora kêpingin omah-omah, jalaran yuswané saiki wís ngancik sêtêngah abad punjúl sêthithik. Karêpé Jammila, sakliyané biså mbantu bocah mau, é... mbókmênawa ing têmbé mburiné bésúk bocah mau bisa dikóngkón njupúkaké banyu yèn dhèwèké wís tuwå ora biså gêmragèh.
Iku mau karêpé Jammila, nanging Gústi Allah nduwèni rêncana liyå. Mbúh kêpriyé larah-larahé, Jammila wís ora kélingan, nalikå ånå sakwènèhé kanca nyambút gawéné têkå ngomahé Jammila nêpúngaké pawóngan sêtêngah tuwå síng wís dhúdhå, Jammila gêlêm diajak têtêpungan. Mula bukané ya múng micara ngalór-ngidúl ora ånå tujuwan, pungkasané dadi kèlingan mênåwå pawóngan mau kåncå barêng nalikå tindak haji têlúng tahún kêpungkúr, nangíng bédå brêgadané. Wóng têluné pådhå ngguyu gayêng. Sêsrawungan mau dadi rakêt. Sabên ndinå pådhå SMSan lan halo-halo lumantar HP. Yaiku mau dadi margané wóng saklórón pådhå kêpingin ngadêgaké balé somah.
Yå wís dadi bêgjané Jammila, saiki wis winêngku déníng kakúng sanajan yuswané wís rådå sêpúh, nangíng bêgjané manèh ora susah opèn-opèn bocah, pêndhak tahún Jammila lan kakúngé nåmpå punjungan lan disungkêmi såkå pårå putêra-putêrané kang cacah ênêm. Kabèh wís mêntas uríp ånå liyå kampungé. Uripé Jammila lan kakungé katón bagyå mulyå, kakúng putri pådhå nyambut gawé, blanjané nglumpúk dadi siji. Rinå lan wêngi Jammila ora kêndhat-kêndhat anggoné ngatúrké panuwún marang Gústi Allah. Alhamdulillahi rabbil ‘alamin, makapíng-kapíng, tanpå watês nganti lambéné klómóh.