Kamis, 03 November 2011

Keduwung

Omah iku katon sepi mamring, sajake wis pirang-pirang dina ora ana wong kang ana kono, apa meneh latare katon reget lan lampune uga mati, genah yen wis sauntara dina ora ana sing manggon. Aku rada bingung banjur arep takon sapa wong omah sakiwa tengene ya katon tutupan lawang kabeh gek lawange pager ya ditutup. Rongpuluh tahun kepungkur aku mbiyen kerep dolan mrono, meh saben malem minggu utawa dina preinan aku mesthi dolan mrono saperlu nemoni wong sing dadi gegantilaning atiku. Ah,... Sumi,... Sumi,...saumpama kowe ora blenjani janji mbokmenawa aku bisa urip mulya karo kowe, wektu rongpuluh tahun mbokmenawa anaku wis papat utawa lima. Hla jenenge wae wong tresna iku gampang-gampang angel, sanajan rupane Sumi iku mung klebu tiba sedhengan, ora ayu ya ora elek nanging aku kok ora bisa nglaleke dheweke nganti seprene, rasane donya iku ora ana wong wadon kejaba Sumi, Sumiyem prawan saka Wonogiri. Anggonku kenal Sumi sejatine ora sengaja, pas nalika sekatenen aku nonton bareng kanca-kanca saka kampung, e,.. ndelalah kok ana bocah wadon nganthi bocah cilik nangis mingsek-mingsek neng ngarep mesjid agung. ”Ana apa dhik kok nangis?”, pitakonku karo nyedhaki, ”aku kecopetan kok mas, dompetku ilang, gek piye mengko aku ora bisa mulih nyang Wonogiri”. Ing batin aku wis nggagas, ya iki dalanku dadi satriya kang mbelani wong kang lagi kesusahan, ”ya wis ora sah dipikir, mengko mulihe bareng aku sakanca, omahku Nguter kok dhik dadi bisa nunut rombonganku”. Dhasar aku iki isih joko thing, niyatku nonton sekatenan ya tujuwane golek kenalan sapa ngerti ketemu jodhone. Sebanjure saben dina malem Minggu aku mesti dolan menyang omahe Sumi, kawitane mung kekancan nanging suwe-suwe tuwuh rasa tresna, tresna kang suci tenan dudu tresna amarga nepsu birahi. Pacaran suwene meh telung tahun aku durung tau kok jenenge njiwit tangane, utawa gegojegan kang ngliwati wates. Aku kepengin mbesuke Sumi dadi bojoku, dadi ibune anak-anaku, dadi mbahe wedok putu-putuku, dadi mbah buyute buyut-buyutku. Atiku wis manteb tenan, ya mung Sumi wong wadon ing donya iki kang bakal dadi bojoku. Nanging ana bab sing dadi ganjelaning ati, apa wong arep omah-omah iku mung cukup pawitan tresna?, apa cukup njagakake bantuwane wong tuwa?. Aku iki kanoman kang isih nganggur sanajan ing sakmburine jenengku ana embel-embel titel SE (sarjana ekonomi). Rasane kaya disamber gludhug ing wayah ketiga bareng krungu kabar Sumi arep diomah-omahke karo sawijining pegawe bank. Wektu iku aku wis ora diolehke nemoni Sumi. Rasane atiku kaya wong bingung kae, jebul kaya ngene rasane wong kepedhotan tresna. Apa Sumi medhot katresnane?, pitakonan iku bola-bali ora oleh wangsulan, nanging nyatane wong tuwane Sumi wis njodhokake Sumi karo pegawe bank. Aku nyadhari kabeh iki pancen salahku dhewe ngendi ana wong wedok gelem dipek bojo wong angguran, ngendi ana wong tuwa gelem duwe mantu pengangguran. Rasane aku iki wong lanang kang ora ana ajine babar pisan, tujune akal warasku isih mlaku, aku pengin mbuktekake menawa aku bisa cekel gawe kang lumrah kaya wong-wong kae, mbuh dadi pegawe, mbuh dadi buruh, mbuh bakulan, mbuh nyopir, mbuh nguli, mbuh nukang, mbuh ngojek, mbuh dodolan bakso, mbuh dodolan bakmi, sing penting aku kudu nyambut gawe, ya amarga penggaweyan iki sing dadi jatidirine wong lanang.
***
Ora krasa wektu rong puluh tahun wis kliwat, wektu kang suwe banget kanggone wong liya, nanging kanggoku ora suwe, aku tetep ora bisa nglalekake Sumi, wanita saka Wonogiri mau pancen wis dadi pilihan uripku, yen ora karo Sumi luwung ora kawin iku tekatku. Ora kecekel prawane ya entuk randhane ya ora apa-apa, waton karo Sumi. Nalika aku numpak sepur saka Jakarta wingi aku wis nggagas, wektu rong puluh tahun mesthi wis akeh owah-owahan, omah gebyok omahi Sumi mesthi wis malih wujud dadi omah loji kang endah, wong bojone Sumi iku pegawe bank kang sugih dhuwit, Sumi mesthi malah tambah katon ayu sanajan umure tambah tuwa nanging kabeh mau bisa disetiyari dandan menyang salon wong bojone Sumi iku pegawe bank kang sugih dhuwit, anak-anake Sumi sing mbarep mesthi wis lulus SMA apa malah wis kepara dadi mahasiswa wong bapake pegawe bank kang sugih dhuwit mesthi bisa nyekolahke nganti pamulangan dhuwur. Bubar mikir Sumi aku terus mikir awaku dhewe, joko tuwa nyambut gawe aneng paran nganti rongpuluh tahun durung tau ngambah maneh Wonogiri. Senajan aku wis cekel gawe kang mapan rasane awaku ora kopen wong jenenge wae urip ijen ora ana sing ngopeni. Nanging,... sakumpama Sumi wis dadi randha njur kayangapa ya kahanane?. Randha anak papat utawa anak lima mendah kaya ngapa rekasane uripe, nanging ora, aku percaya Sumi isih tetep urip kepenak wong jeneng wae randhane pegawe bank mesthi akeh bandha tinggalane sing lanang, nanging Sumi apa gelem nampa tekaku?. ”Dhik Sumi apa kabare?”, aku nyoba ngrakit ukara kawitan nalika ketemu sesuk kang sepisanan sakplok pisah rong puluh tahun. Wewayanganku werna-werna, mengko yen ketemu apa aku bisa ngampet tangisku?, apa Sumi ya isih kelingan rupaku?. Pikiranku dadi ngepang mrana mrene ora karuwan, aku malah dadi bingung dhewe. Aku isih nyawang omah gebyok mau, iki genah omahe Sumi mbiyen, kok kaya ora ana owah-owahan babar pisan?. Meja kursi kang ana emperan omah uga meja kursi mbiyen sing tak lungguhi. Tak sawang platarane uga isih ana wit sawo kang saiki katon tambah gedhe. Aku yakin iki genah omahe Sumi, nanging kenangapa kok katon sepi?, apa wis didol wong liya banjur Sumi pindhah omah ing kutha melu bojone?. Luwih saka rong jam aku ngadeg aneng dalan ngarep omahe Sumi. Nalika ana wong lanang setengah tuwa liwat dalan kono aku nyoba pitakon marang dheweke, ”nyuwun pirsa pak, menapa menika griyanipun dhik Sumi bojon pegawe bank rumiyin?”, pitakonku karo nudingi omahe Sumi. Wong lanang iku durung wangsulan , ketoke isih mikir-mikir. ”Eng,... menawi menika leres griyanipun Sumi, nanging sanes Sumi bojon pegawe bank, Sumi ingkang gadhah griya menika prawan ingkang mboten omah-omah!”, wangsulane wong lanang mau karo nyawang aku. Krungu wangsulane wong mau aku dadi bingung, ”dados Sumi mboten saestu dados bojonipun pegawe bank?”, ”mboten,.. Sumi mboten purun dijodhoke kaliyan pegawe bank!”, wangsulane tandhes, ”hla sakmenika Sumi wonten pundi?”, pitakonku ndhedhes kebak pengarep-arep. Wong lanang mau nyawang aku kebak wadi, ”Punapa njenengan dereng pikantuk kabar?”, ”kabar punapa?”, atiku dadi dheg-dhegan. ”Sumi sampun wangsul dhateng pangayunaning Pangeran, nembe sekawandasa dinten kepengker!”, ”dados Sumi sampun seda?”, pitakonku setengah ora percaya, ”leres!”, wangsulane wong mau karo manthuk.Tak sawang omahe Sumi kanti rasa sedhih, atiku keduwung banget, ing pangrasaku Sumi mbukak lawang karo ulat mesem ngawe-awe aku, saya suwe saya adoh terus ilang, bubar iku aku wis ora eling apa-apa meneh, ngerti-ngerti aku wis dirawat ana rumah sakit Wonogiri. (cuthel)
***


Tidak ada komentar: