Kamis, 03 November 2011

Kampus biru

Jejeranku lungguh aneng warung Hik mau terus nyritakake lelakon uripe kang wis kawuri. Pilihanku aneng warung Hik kang dadi ciri khase wong Solo pancen wis trep, arep ngobrol sewengi bethetet ya oleh. ”Wis dhik aja nganti anak turunku nglakoni kaya aku”, ngono ngendikane, ”Lha priye ta mas?, pitakonku neges-neges. ”Iki crita kanggo sampeyan thok lho, iki wadi!”, ngone katerangane. Mas Prapto banjur miwiti critane: Nalika semono aku isih nom-noman kang kebak semangat nanging kurang nggunakake nalar, mligine bab agama aku ora tau sinau lan nindakake apa dhawuhe agama, mula nalika uripku kepepet butuh aku banjur lali mbuh apa nglali aku dhewe ya ora bisa mbedakake, sakteruse crita njur bisa dibedhek, dadi maling lan aku kecekel terus dadi mahasiswa ing kampus biru iku. Jenenge wae pakunjaran sanajan istilah resmine Lembaga Pemasyarakatan nanging tetep pakunjaran utawa bui kang kebak kasangsaran urip, para sipir lan napi nganggo istilah kampus biru, wong klambi sragame werna biru, wah,... kok kaya universitas wae. Nalika mlebu kang sepisanan aku wis diplonco kaya dene mahasiswa anyar kae, tendhangan lan jotosan wis dadi sarapanku saben esuk. ”Sapa jenengmu?”, pitakone galak karo mentheleng, ”Prapto”, wangsulanku cekak, ”Ngapa kowe diukum aneng kene?”, ”aku nyolong wedhuse tanggaku”, wangsulanku bares. Ha,... ha,... ha,... wong-wong mau padha ngguyu ngakak bareng. Tik,... Pitik kowe entuk kanca anyar, iki lho kowe entuk kanca Wedhus, kandhane wong mau karo ngundang wong kang jenenge Pitik. Jebul wis dadi adat pakulinan ing pakunjaran mau saben uwong napi oleh jeneng jumbuh karo tumindak ala sing ditindakake. Sing nyolong pitik diwenehi jeneng Pitik, kang nyolong sapi diundang Sapi, maling nggasak isen-isene omah diceluk Babah alias tukang mbabah, sing maling pit onthel diundang Cengklak, amarga gaweyane nyengklak pit onthel duweke wong liya, sing gaweyane ngrampok diundang Rampak, sing gaweyane nyopet, diceluk Cepot, sing gaweyane ngutil aneng pasar diwenehi jeneng Kutil, sing mlebu pakunjaran amarga mateni wong diundang mbah Tuwek, utawa mbah Jagal. Jaman dhisik pakunjaran iku mung isi wong-wong kang bodho amarga ora sekolah lan ora duwe kepinteran apa-apa, bisane ya mung maling, nggarong, nyopet lsp. Yen ana kalodhangan padha diwenehi ketrampilan nukang kayu utawa nukang batu, ana uga kang diajari dadi tukang cukur rambut utawa jahit sandhangan. ”Perih,... dhik yen tak critakake, nanging anehe kok ya akeh kang padha bali tumindak nyolong meneh, jare neng pakunjaran mau rasah mikir urip wong butuh mangan ya gratis, mula kadhang ana napi ing pakunjaran awake malah lemu amarga ora nggagas butuh lan mikir kulawarga sing ana ngomah. Aku banjur mikir apa kahanan pakunjaran kang dicritakake mas Prapto mau saiki wis beda apa isih padha?. Wayah awan iku aku mlaku-mlaku aneng ratan Slamet riyadi, tekan sakulone Gladag aku mandheg sak perlu nyawang gedung kang banget endah lan gedhe, ing sangarepe gedung mau akeh wong padha nunggu, sajake kulawargane para napi utawa tahanan kang arep tilik, ”layak padha krasan urip aneng kene wong gedunge wae mentereng kaya ngene apike, memper entuk sebutan Kampus biru”, batinku muni dhewe. ”Sugeng siyang pak, kula wartawan badhe pados informasi babagan LP punika”, laporku marang bapak kang kawogan tugas awan iku, aku nuduhake Kartu Pers. Bapak kepala LP kang nemoni aku priyayine apik banget, kabeh pitakonku diwangsuli kanthi gamblang. Kang sepisan tak cathet jumlah warga binaan utawa para napi lan tahanan kang ana, banjur tata tertib urip ing LP uga dadi kawigatenku. Gedung kang saka njaba katon endah mau jebul sejatine nyimpen kebak wadi. Akeh para napi sing banjur saiki dadi wong kang kinormat amarga gelem mertobat, suwalike akeh wong kang dadi tambah nekad, yen ndhisik mung maling pitik saiki malah dadi garong gedhe amarga oleh kapinteran saka sapadha-padha napi. Aku banjur kelingan mas Prapto kancaku jagongan aneng warung Hik, saiki wis dadi pengusaha mebel kang sukses amarga saka asil dhidhikan nalika aneng kampus biru. Kahanan donya saya suwe saya maju, owah-owahaning jaman, maling pitik saiki wis ora ana meneh, sing ana maling HP utawa maling pit montor utawa maling mobil, sing maune mbegal aneng papan sepi saiki malih dadi rampok toko emas ing tengah awan, malah saiki ana maling anyar kang jaman dhisik durung ana yaiku maling dhuwite rakyat, alias koruptor, uga uga napi amarga tumindak nggunakake lan dodolan narkoba. Saben-saben dina gedhe mligine dina gedhe Riyaya lan dina HUT Proklamasi kabeh para napi kang tumindake becik bakal entuk karinganan ukuman kang sinebut remisi. Cathetanku banjur tak pepaki bab riwayat pendidikan para napi kang dadi warga binaan, aku dadi kaget, temen-temen kaget, jebul para napi saiki malah akeh-akehing lulusan sekolah kang lumayan dhuwur, akeh sing wis nyandhang gelar S1 uga ana. Urip ing donya pancen aneh, kadhang aku banjur melu mikir kena ngapa para koruptor klas kakap kae kok amung entuk paukuman sethithik ora jumbuh karo tumin dake?. Ah,... yaiki jenenge urip ing donya, kang ana mung pengadilan dudu keadilan, dene keadilan kang sejati amung mbesuk ana pengadilane Kang Akarya Jagad. Angenku banjur temlawung adoh, mbesuk kapan negara iki dadi makmur lan kabeh kawulane padha urip mulya?, aku banjur mbayangake saumpama negara iki ora ana korupsi lan pungli lan sakjinise, tak kira yen mung butuh sekolah wae wargane ora perlu cucul dhuwit, kanggo gawe dalan kampung ora perlu urunan amarga negara wis sugih. Mak nyut,... aku banjur eling lelakone Gayus pegawe kantor pajek sing dhuwite milyardan kae, apa bakale mbesuk uga nampa paukuman kang murwat karo tumindake?. Terus pulisi sing dhuwite milyardan kae dhuwit padhang apa dhuwit peteng?, ah,.... embuh kok nggagas bandhane wong liya. Aku banjur nggagas kedadeyan ing kuthaku dhewe sing saiki duwe slogan ”Solo kuthaku, Jawa budhayaku lan Berseri tanpa korupsi”, sanajan wis luwih apik tinimbang sing wis-uwis nyatane pungli ing Terminal Tirtonadi isih ana. Pancen babagan korupsi lan pungli angel dibuktekake, nanging nyatane wong cilik padha ngrasakake akibate.
Wengi iku mas Prapto wis nunggu aku aneng warung Hik pinggir ratan Slamet riyadi, ”wis suwe mas?”, aruhku marang juragan mebel mau, ”wis dhik , iki wedangku jae wis asat”, wangsulane. ”Mas saiki kampus wis beda karo jaman sampeyan”, kandhaku miwiti. Juragan mebel weton kampus biru mau mlenggong sajak gumun, ”sing beda apane?”, ”pokoke akeh sing owah, saiki warga binaan kampus biru akeh-akehe dudu wong bodho nanging wong pinter lan sekolahe dhuwur”, kandhaku karo nyruput jae panas senenganku. Kampus biru saiki pancen panggonane wong-wong pinter, si Pitik , si Wedhus, si Cengklak, si Kutil wis arang banget, saiki sing manggon ana kono akeh-akeh si Korep lan si Limpung”. Tak sawang juragan mebel lulusan kampus biru mau sajak bingung, ”piye ta dhik apa sing mbok karepke”. Karo nyaut tempe gembus aku njlentrehake, ”si Korep iku napi kang penggaweyane pejabat nyambi dadi koruptor, dene si Limpung iku napi sing penggaweyan pegawe ngrangkep pungli.
Wengi saya terus mrambat, ratan Slamet riyadi sansaya sepi, gedung kampus biru ing sakpinggire ratan Slamet riyadi mau dadi bukti menawa isih akeh pawongan kang seneng gelem tumindak nalisir saka tatanan ukum, nanging dudu mujudake jaminan menawa tumindak nglawan ukum bakal sirna saka bumi Nuswantara, wong pedhang ukum amung landhep sisih ngisor, nanging kethul menawa dicakake mendhuwur, dhuh,... Gusti Allah paringana eling marang para pemimpin bangsa.
00--00

Tidak ada komentar: