Bubar sinau Patimah karo Saleh padha nagih janji bapake, ”Bapak kala wingi janji badhe ndongeng, saget nggih pak sakpunika diwiwiti?”, kandhane Patimah karo nyedhaki pak Barkah bapake. ”Inggih, kula nggih remen tutuge dongeng Kancil kados pundi pak?”, Saleh genti melu nagih janji. Bocah kakang adhi klas lima lan klas papat SD mau pancen wis kulina didongengke bapake wayah arep mapan turu. Kanggone pak Barkah sing saben dina makarya pinangka guru SD ing desane, dongeng mujudake sarana kanggo nglipur anak-anake lan menehi tambahan sesurupan sing migunani supaya ing tembe mburi mbesuk dadi wong sing duwe laku utama. ”Saiki bapak arep dongeng kanthi irah-irahan: ”Gegeran ing pasar”. “nggih pak kula remen sanget”, wangsulane bocah loro meh bareng. Pak Barkah banjur miwiti ndongeng: Ing pasar sing rame banget, ana kedadeyan sing ngeram-erami lan nganeh-anehi. Lumrahe wong neng pasar iku rak ya nganggo sandhangan, nanging ana wong dodolan tempe padha wuda, wuda tenan tanpa sandhangan babar pisan, malah aneng pasar sisih njero ana wong dodolan iwak sapi diiris-iris, lan ana maneh wong dodolan kambil utawa kelapa padha dikepruki. Ing njaban pasar uga ana wong dodolan kayu padha ditaleni utawa dibongkok, kandhane pak Barkah miwiti crita mau. Bocah loro sing padha krungu mau padha gumun krungu crita sing banget ngagetake atine. “Bakul tempe kok wuda, apa ya wis ora duwe sandhangan utawa pancen rada edan ta pak?, pitakone Saleh karo ngguyu. ”Kok mboten isin nggih pak?”, Patimah ngimbuhi. Ya kuwi kedadeyan ing pasar jaman saiki sing tak sumurupi dhek wingi. Gek sing luwih mesakake bakul iwak diiris-iris karo lading gedhe sing landhep mingis-mingis kae, lan bakule kambil dikepruk, mak presss!,.... dene bakule kayu padha dibongkoki nganti ora bisa obah. ”Wis-wis donyane pancen lagi gegeran, mula awake dhewe kudu tansah eling marang Pangeran”, kandhane pak Barkah karo ngampet ambegan, ketok melu sedhih. ”Nanging malah ana sing luwih nggumunake ana copet utawa maling sing kecekel kok malah ditumpakake mobil!”. Bocah loro mau bingung lan gumun krungu critane bapake. Arep maido wong sing crita bapake dhewe mongsok bapak arep ngapusi, nanging yen tenan kok ya aneh kahanan mau. Patimah lan Soleh mau banjur padha mikir dawa, nanging wusanane ya ora tekan pikirane bocah loro mau, mula banjur takon bapake meneh, ”Sebabipun napa ta pak bakule tempe sami wuda menika, yen mboten gadhah jarik, kula purun mbantu, jarik kemul kula saget kangge jarik bakule tempe”, usule Patimah marang bapake. ”Kula inggih mesakaken bakule kambil mongsok dikepruki gek salahe napa ta pak, mesthinipun rak mboten pikantuk main hakim piyambak”, Saleh genti semaur. ”Hla copet kok malah ditumpake mobil kok penak temen, mestine copet niku wau sing dibongkok napa dikepruki!”, kandhane Patimah. Krungu usul lan omongane anake lanang lan wedok mau pak Barkah mung ngguyu. ”ngene lo cah ayu lan cah bagus anaku, Crita ing dhuwur mau pancen kasunyatan tenan, kowe sesuk bisa mbuktekake, nanging kowe kudu bisa ngerti sejatine crita mau”, kandhane pak Barkah karo unjal ambegan. Pasar iku panggonane setan lan iblis. Setan-setan mau seneng banget padha nggoda atine bakul-bakul sing ringkih imane. Ana ing pasar mau akeh bakul sing padha dodolan sakwernane dagangan, ya beras, gula, lenga, kayu, tempe, iwak, kambil lan kabeh kebutuhan wong urip ana ing kono. Pancen pasar iku mujudake lawang rejekine Gusti Allah, salah sijine lawang rejeki Gusti Allah ya iku kanthi dadi bakul utawa dagang neng pasar. Mula yen kepengin uripe slamet donya lan akherat, kabeh menungsa klebu bakul mau kudu bisa milih endi dalan sing bener lan endi dalan sing salah. Amarga nyambut gawe dadi bakul neng pasar iku godhane gedhe banget, kepengin cepet sugih banjur nyolong timbangan, pengin dagangan laris banjur golek pesugihan, merdhukun utawa malah ana sing ngingu thuyul, malah ana bakul sing gelem malsu barang dagangane. Kabeh mau tumindak ala lan sirik utawa ngingkari ananing Gusti Allah Swt sing Maha Murah lan maha Asih, dosane gedhe ora oleh pangapura. Donya iki isine ana werna loro, ana awan ana bengi, ana becik ana ala, ana waras ana kalane lara, ana susah ana bungah, ana lanang ana wedok, ana padhang ana peteng, kabeh mau jodhone utawa pasangane urip. Mula kanggo mbantu menungsa ben bisa slamet uripe menungsa kudu gondhelan srengenge lan rembulan. Srengenge iku maknane kitab suci Al Qur’an, dene rembulan iku maknane hadits sunahe Rasulullah Muhammad Saw, dene lintang sing cacahe maewu-ewu ora kepetung kae mau maknane para alim ulama, para kyai, para ustadz lan mubaligh sing bisa njlentrehake apa werdine lan kandhungan isine Al Quran lan hadits. Soleh lan Patimah mau saktemene mudheng bab kahanan donya sing ana loro mau, nanging atine isih mamang mikir kahanan pasar sing gegeran mau. ”Lha terus bakul tempe sing padha wuda, bakul iwak sing diiris-iris lan bakul kayu sing dibongkok, bakuk kambil sing dikepruki lan copet sing ditumpakake mobil mau sejati mung crita plesetan kanggo narik kawigatenmu wae, nanging iku crita sing tenanan ora mung apus-apus”, kandhane pak Barkah karo ngampet ngguyu. ”Bapak ngapusi nggih, ketara ngampet ngguyu!”, kandhane Patimah karo nyedhaki. ”Ngene ya cah bagus lan cah ayu kabeh anaku, sing tak karepake bakul tempe padha wuda iku ora bakule sing wuda tanpa sandhangan, nanging tempe sing didol mau wis dionceki wungkusane alias tempe wuda, dene bakul iwak sing diiris-iris karo lading sing mingis-mimgis mau dudu bakule sing diiris-iris, nanging iwake sapi sing diiris-iris, semono uga bakul kambil sing dikepruki iku dudu bakule sing dikepruki naning kambile dikepruk banjur dicukili, bakul kayu sing dibongkok iku dudu bakule sing dibongkok nanging kayune sing dibongkok ben ora wudar, dene copet sing ditumpakake mobil iku werdine copet mau digawa menyang kantor pulisi sak perlu nampa ganjaran paukuman. Krungu wangsulane bapake mau bocah loro padha ngguyu kepingkel-pingkel. ”Bapak ki kok ya ana-ana wae, tak kira yen tenan!”. Jarum jam tembok wis nuduhake angka sanga wengi, Patimah bali menyang peturone dhewe, dene Saleh dikeloni bapake. ”Mbenjing ndongeng malih nggih pak?”, kandhane Patimah karo ngancing lawang, ora let suwe wis keprungu swara kaya ana wong nggraji kayu, ngrok,.... ngrook,... ngrokkkk, wong telu mau wis mlebu neng alam impene dhewe-dhewe kang endah.
***(Cuthel)***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar