Wayah surup wis liwat, swarane bedhug maghrib wis ora keprungu meneh, kang ana amung sesawangan kang banget endah nanging rinasa sepi lan nglangut, ing sisih kulon lintang panjer sore cemlorong padhang nguwasani langit wengi sisih kulon. Ana rasa sesek sakjeroning dhadha, ”ah,.. kahanan kok kaya mengkene”, grenenge wanodya ayu mau bola-bali karo ngusap luh sing wiwit ndlewer ing pipine kang alus. Kahanan bungah dadi susah malik kanthi cepet banget, wingi kahanan kang endah kaya mengkene iki bisa dirasakake karo sisihane, sinambi nglaras aneng teras omah kang madhep mengulon, sinambi ngemil kacang godhog senengane mas Handoko. Meja kursi saka ukiran kayu jati modhel Jepara nambahi swasana omah cilik kang cekli dadi tambah antik. ”Jeng,.. kunci lan layang-layang mobil gawanen wae mbokmenawa aku sesuk repot gaweyan”, ature mas Handoko karo ngulungake barang mau. Pasuryane ora kaya padatan, durung diwangsuli mas Handoko wis ngendika meneh, ”oh iya,... kertu ATMku uga gawanen wae mbok menawa sakmangsa-mangsa sliramu mbutuhake, isih apal nomer PINe ta?. Babar pisan ora dinyana lan tanpa ana sasmita menawa sore kang endah mau jebul mujudake sore kang pungkasan mas Handoko sare ana kene. Wanodya ayu mau banjur noleh nyawang tetanduran melati sing nyebarake ganda arum, ”apa nasibku kaya kembang melati?”, wanodya mau ora wani mangsuli pitakonan sing nggubel sakjeronng ati. Atine ditatag-tatagake ngadhepi kahanan kang bakal dilakoni, sanajan ing babagan ekonomi dudu mujudake tantangan kang abot ananging lirikan netra lan sindhiran tembung saka tangga teparo lan kanca kantor bakal dadi welat landhep kang mbeler ati lan rasa pangrasa. Wengi iki dadi wengi kang sepisanan turu ijen kanthi states bojon tahanan KPK. Mbuh pirang tahun mengko dheweke bakal nyandhang states legan ora nanging randha ya ora. Luwih telung jam mripat iki babar pisan ora bisa merem, pikirane molak malik ora karuwan nganti swara jago kluruk kang sepisan isih dirungu cetha. ”Dhuh Gusti Allah nyuwun pangapunten sedaya lepat kawula”. Pikirane temlawung nggagas kana kene kang bakal dilakoni, kepriye anggone arep ngabari bapak ibu ing desa, rasane ora mentala yen kahanan kaya mengkene bapak ibu sing ndungkap yuswa sepuh kok melu-melu mikirake. Wanodya mau nglirik barang kang nglumbrug ana pojok senthong, amung awujud gombal sing wis pirang-pirang sasi ora tau kademok. Sajadah lan rukuh mau ngelingake marang Pengerane kang amung kadhang kala disujudi. Klunuh-klunuh wanodya mau metu saka senthong sakperlu njupuk banyu wudu sakperlu arep nindakake sholat wengi. Anggone rukuk lan sujud kanthi tumakminah prasasat kabeh donga diwaca bola-bali. Bubar rampung sholat dhadha rasane luwih longgar, ambegan rinasa luwih lega. Mas Handoko priya setengah tuwa mau pancen wis bisa ngentasake saka jurang kemiskinan kulawarga, ora amung dheweke sing bisa kasembadan kabeh kebutuhane ananging wong tuwa lan adhi-adhine padha melu urip mulya. Omah desa sing maune wis dhoyong bisa dijejegake meneh malah saiki katon luwih endah sinawang tinimbang omah ing kiwa tengene apameneh jobine wis diganti keramik model anyar. Wanodya mau atine mongkog nanging emane pilihane mau ora nggagas sepira laraning ati Ngadiman jejaka kanca saka desa sing wis asok katresnan kanthi tulusing ati, kabeh mau amarga amung sulap kahanan lan gebyaring donya kang diwenehake dening mas Handoko. ”Apa aku ngundhuh wohing penggawe?”, meneh wanodya mau nyoba naliti bebendu kang lagi disandhang, nanging sepisan meneh wanodya mau ora wani mangsuli pitakonane dhewe. Trontong-trontong sang bagaskara madhangi jagad raya, wanodya mau nyoba nguwatake ragane kanggo ngadhepi dina iki, sanajan sakojur awak krasa lungkrah ananging kudu dipeksa, dhaharan lan unjukan kang disumadiyakake dening pembantune amung dipangan sithik, sega telung sendhok kang mlebu dirasa pait kadidene jamu brotowali, ”dhuh Gusti Allah paringana kekiyatan manah lan raga kawula”, sambate wanodya mau. Koran esuk kang nglemprak ana meja tambah nggodha ati, yen arep diwaca sumelang yen bakal nambahi ngeresing ati menawa krungu kahanane mas Handoko, dene yen ora diwaca kok ya ana rasa kepengin mangerteni warta kang lagi sinandhang garwane kinasih. Ditimbang lan dipetung luwih becik ya diwaca sanajan mbuh mengko kepriye dadine. Lagi maca headline koran esuk atine wanodya mau wis trataban. ”KPK sedang telusuri kekayaan Handoko hasil korupsi proyek.......”, wanodya mau atine geter banget mbayangake menawa bandhane katut disita KPK, koran esuk banjur diselehake, pikirane nggagas omah lan kabeh isen-isene. Sanajan mung omah cilik nanging wis dadi duweke sakwutuhe amarga sertifikate nyebutake jenenge, Retnaningrum,SE. Mobil kang ana garasi dilirik, ”ah,... aman, sanajan amung jenis kijang tahun 2006 nanging BPKB lan STNK uga nganggo jeneng Retnaningrum,SE. Wanodya mau banjur mesem nanging mbuh apa sababe mesem, mbokmenawa mesem amarga mbiji awake dhewe kang pokil, sanajan bocah saka desa nanging wasis ngadhepi kahanan donya kang sarwa awut-awutan iki, ujare kandha kudu melu ngedan yen ora ngedan mundhak ora keduman. Retnaningrum kelingan jaman isih kuliyah mbiyen, sapa wong sing gelem ngragadi kuliyahe, amarga wong tuwane tangeh lamun bisa ngragadi, Retnaningrum ngerti sepira asile kadang tani jaman saiki, sawah sakpathok amung cukup kanggo mangan saben dinane. Mula nalika wis lulus saka pamulangan SMA Retnaningrum nyambut gawe aneng diler mobil kang dadi margane bisa tetepungan karo priya sugih kang saiki dadi bojone. ”Kok kerja apa ora kuliyah jeng?”, aruhe mas Handoko alus nalika semana, ”mboten gadhah ragad, wangsulane Retnaningrum bares. ”Yen gelem kuliyah mengko dakragadi!”, kandhane mas Handoko tandhes. Wewayangane mas Handoko katon kumlebat nggodha, sanajan wis setengah tuwa nanging isih bisa nggodha atine prawan jaman saiki sing kedanan bandha donya. Retnaningrum banjur kelingan celengane mas Handoko aneng Bank Mandiri sing gunggunge ora dimangerteni amarga buku tabungane digawa mas Handoko, nanging kertu ATMe wis dipasrahake dhek wingi, atine dadi trataban amarga kelingan yen dheweke kudu melu nylametake bandhane mas Handoko Kanggo urip mengkone. Retnaningrum age-age nuju gedung bank Mandiri sakperlu njupuk dhuwit, saeba kagete bareng mangerteni sepira gedhene saldo tabungane mas Handoko. Drijine sing alus mau mijet angka 1 terus mijet meneh angka nol kaping pitu, ”transaksi anda sedang diproses”, wangsulane mesin pinter mau, ora watara suwe dhuwit sepuluh yuta metu saka mesin mau. Retnaningrum nggagas kudu ambal kaping pira dheweke bisa nguras dhuwit sing akehe semono mau. Wanodya mau sakliyane ayu pancen pokil, dheweke wis nggraita yen arep dilebokake aneng buku tabungane bakal nuwuhake pitakonan werna-werna, mula rencanane dhuwit mau arep ditukokake mas-masan. Saktengahe nggagas ing mburine akeh wong padha antri arep nggunakake ATM, mula Retnaningrum banjur nglereni, karepe mono arep pindah menyang ATM ing papan liya kareben ora nyubriyani. Mobil Kijang sing disetiri dhewe mlaku kanthi banter, dumadakan ana sakwenehing nom-noman numpak pit montor ugal-galan, kanggo ngendhari tubrukan stir mobil dibanting mengiwa, ora ngertia malah nyenggol bak trek sing momot pasir, dher,..... tubrukan ora bisa diendhari meneh. Amung tekan semono kang bisa dieling-eling Retnaningrum. Ana rasa perih ing bathuke, tangane sisih kiwa diperban, perawat kang nunggoni mesem karo ngandhani: Mbak Retna wonten rumah sakir dr. Muwardi, mbenjing malih menawi nyetir mobil ingkang ngatos-atos nggih”. Wanodya ayu mau mung bisa manthuk, pikiran tambah mbundhet mikirake lelakon kang bakal diadhepi, nanging dheweke wis gelem ngakoni, ”aku kecipratan dosa”.
**0**
Tidak ada komentar:
Posting Komentar