Awan iku bubar udan deres, prasasat banyu kaya disuntak saka
langit, nanging anehe langite isih katon mendhung. Apa iki sing diarani pengaruh Lanina kae? Bedhekanku ora kliru let
sedhela udan deres teka maneh. Saka kadohan tak sawang ana wong wadon mlaku sak
penake karo nyangking jrigen plastik kosong, ora nggagas yen awake wis klebes
kena banyu udan.
"Mbakyu, mbok ngeyup dhisik, sampeyan mengko masuk
angin lho."
Wong wadon mau nyawang aku karo mesem.
"Genah panase kaya ngene kok diarani udan,"
wangsulane karo ngguya- ngguyu nyawang aku. Weruh tumindake lan krungu
wangsulane aku wis bisa mbiji yen wong wadon iki lagi bingung utawa stress.
"Arep tindak ngendi wayah udan ngene nggawa jrigen
kosong," pitakonku sakkenane.
"Aku arep nggoleki pak Jokowi, aku arep njaluk lenga
klentik kanggo nggoreng tempe," wangsulane sajak karo nesu. Aku ya mung
mbatin, wong iki bingung merga nggagas lenga kanggo nggoreng.
"Yen mung lenga ora usah nggoleki pak Jokowi, ayo
mengko nyang omahku tak wenehi rong liter," semaurku karo nyawang praupane
sing katon pucet. Dheweke ora wangsulan malah nyawang sakkojur awakku karo
mesam- mesem.
"Hayo.... ngaku wae, sampeyan Jokowi ya ... ora usah
ngapusi."
We lhadalah, dasar
wong ora waras tenan iki, ngono batinku. Rasane ati ora mentala ngadhepi wong
wadon iki. Umure kurang luwih telung puluh tahunan, yen daksawang kanthi teliti
rupane ya ayu, irunge mbangir, pakulitane kuning resik, ya mung ora kopen
amarga kahanan ekonomine mosak-masik. Hla bojomu nyambut gawe neng ngendi?"
pitakonku ben nuwuhake rasa paseduluran.
"Kula pun randha kok pak!" Mak dheg ... rasane ati
krungu wangsulane wong wadon mau. Dheweke omong ngalor ngidul, jare jaman saiki
kok kejem tenan.
"Aku dilereni saka penggawean tanpa oleh
pesangon," ngono ceritane.
"Sabar ya ndhuk, mengko rak ya oleh ijol penggawean
sing luwih kepenak," tembungku menehi panglipur. Dheweke manthuk-manthuk
sajak atine kelegan.
"Nanging sampeyan pak Jokowi ta? " pitakone meneh
sajak durung percaya karo wangsulanku.
"Kliru ndhuk, aku dudu Jokowi, tak kandhani ya jenengku
Djoko Wahono", semaurku karo nuduhake KTP.
"Hore ... hore ... aku ketemu Jokowi. Hidup Jokowi! Ayo
ngumpul ... ana bancakan lenga goreng ...."
Ora let suwe ana wong siji loro sing teka panggonanku ngeyup
lan jagongan karo wong wadon sing lagi strees mau.
"Ndhuk omahmu ngendi, ayo tak terke mulih, mengko tak
tukokake lenga rong liter," ujarku karo nganthi tangane ben ora mlayu.
"Omahku adoh banget, kudu numpak bis umum bayare limang
juta," wangsulane karo ngguyu nyekikik. Rasane yen nyawang kahanan kaya
ngene iki aku ora bisa nyalahake sapa-sapa, jebul isih akeh banget wong sing
uripe aneng sakngisorku, buruh pabrik, buruh srabutan uga kanoman sing isih
nganggur ya akeh.
"Sing sabar ya ndhuk, ora usah mikir sing dhuwur, urip
iku kudu diakehi rasa syukure, yen saiki rekasa mengko liya dina bisa wae
uripmu dadi mulya. Ayo melu donga muga- muga pemerintah bisa ngatasi kahanan
iki dadi luwih apik, sabar ya ndhuk!" Wong wadon mau sajak mudheng lan
banjur mesem.
"Kula manut pak Djoko Wahono, kula njenengan terke
wangsul nggih pak!"
Ati dadi lega, jebul tembung saklimah mau dadi tamba rasa
bingung sing lagi dilakoni. Aku wis nemokake siasat, paling gampang ya tak
terake numpak taksi nuju RS Jiwa neng Kenthingan. Sakdalan-dalan atine katon
bungah banget.
"Pak Djokowah iki ya mobilmu dhewe?" pitakone karo
nyawang aku tanpa kedhep.
"Ya dudu ta ndhuk, iki mobil mas sopir sing bagus
kuwi,“ wangsulanku cekak. Sakdalan-dalan rasane atiku kaya diiris-iris nggagas
wong wadon iki. Pandongaku muga-muga enggal diparingi waras pulih kaya wingi
uni, bisa nyambut gawe maneh aneng pabrik konveksi. Sajake larane klebu
entheng.Tekan ngarep regol RSJD mobil mandek, bocah wadon mau dak tuntun mudhun
saka mobil taksi.
"Ndhuk iki omahmu, ta?" Dheweke nyawang aku tanpa kedhep.
"Matur nuwun pak Djokowahono, kula mboten butuh lenga,
kula nyuwun pandonga njenengan, mugi-mugi kula saget enggal waras kados wingi
uni." Bocah wadon mau ngambung tanganku bola-bali, atiku trenyuh banget.
Madegondo, 20 Maret 2022
Tidak ada komentar:
Posting Komentar