Kamis, 24 Maret 2022

Candhik Kala ing Pesisir Kidul

Ya kaya ngene iki rasane ati yen lagi kapedhotan katresnan, apa wong lanang yen lagi kepedhotan katresnan ora sedhih, ora bingung? Malah susah lan sedhihe ngungkuli wanodya sing kapedhotan katresnan, ora bisa digambarake nganggo tembung lan ukara. Ditampik prawan sing saksuwene iki dadi geganthilane ati, dhuh ... rasane ati lara, lara banget. 

Nanging aku percaya menawa Sumi ora nulak aku, ora nampik aku, wong dheweke cerita yen aku iki wong lanang sing saksuwene iki tansah diidham-idhamke rina lan wengi. 

"Mas Lis, wiwit dina iki ora usah dolan menyang omahku ya," ngono kandhane karo nangis sesenggukan.  

"Lha kena ngapa," wangsulanku kaget banget. 

"Bapak ibu ora marengake," wangsulane cekak. 

Wiwit dina iku aku ora bisa ketemu karo Sumi,  jare ana sing cerita yen Sumi dipindah menyang kutha liya ben ora bisa sesambungan karo aku. Pokoke kudu pedhot karo aku, titik. Atiku remuk tenan, nganggo srana layang ora ana kabar walesane, nganggo srana HP, ya ora ana sambunge, wong nomer HP-ne diganti. 

Ya wis tak pupus atiku, tak terimakke, aku ya ngrumangsani yen aku iki mung pegawe cilik anake wong mlarat. Dene Sumi iku anake pak lurah tur sawahe neng Delanggu kana jembar banget. Wiwitane mbiyen aku ya rada minder, nyatane Sumi ya nimbangi katresnanku.

 Awan iku sepeda motor tak playokake rada banter nuju pantai Parangtritis, golek lelipur ati sing sumpek iki. Wewayangane Sumi ora bisa ilang saka uripku, ya eseme, solah bawane lan omongane sing gonal-ganel kaya Pergiwa. 

Aku percaya yen Sumi atine ya sedhih banget, aku percaya kabeh mau mung akal-akalane bapak ibu maratuwa wurung. Aku krungu kabar yen Sumi arep dijodhokake karo priya anggota TNI AL. 

Tekan pesisir kidul Parangtritis isih sore, kahanane pancen endah banget, pawongan sing plesiran ya akeh banget ora kepetung. Aku lungguh ing watu karang kang gedhe karo dolanan pasir, ngrungokake jemlegure swara ombak sing ora ana mandhege. Wektu mbrambat alon, tak sawang ing sisih kulon ana candhik kala kang endah banget wernane. 

Rasane ati iki meri banget yen weruh para kanoman lanang wadon padha keceh banyu segara karo gegojegan. Aku mung meneng wae nyawang kaendahan wayah surup mau, rasane ati kaya diiris-iris welat kang landhep. 

Tak sawang saka kadohan ana sawenehing wanodya mlayu nuju panggonanku linggih. Durung tekan panggonanku dheweke wis celuk-celuk banter, "Mas Lis ... mas Lis ... aku aja ditinggal," jebul dheweke iku Sumi. Saknalika tak kekep lan tak rangkul.

"Mas Lis, aku aja ditinggal, aku ora bisa urip yen ora karo Mas Lis ...."  Sumi wiwit nangis mingsek- mingsek neng sandhingku. 

"Banjur karepmu kepriye, aku mung manut," pitakonku karo nyekeli kenceng tangane.

"Pokoke awake dhewe kudu lunga adoh saka ngomah, aku emoh yen dijodhokake karo priya liya sakliyane mas Lis." 

Atiku saya tambah mongkok.

"Ya wis ayo dirembug karo mlaku-mlaku turut pesisir karo keceh banyu segara!" Wah rasane atiku seneng banget, bisa gegandhengan tangan karo Sumi. 

"Apa tembungmu bisa tak gondheli? " Sumi tak tanting atine. 

"Tenan mas Lis, aku pilih mlayu saka ngomah yen dipeksa karo bapak," wangsulane manteb.

Pesisir kidul sansaya katon endah ditambah sesawangan candhik kala nambahi bungahe ati kang lagi kasmaran iki." Apa awake dhewe mlayu menyang Jakarta wae?" usulku marang Sumi.

 "Mengko dirembug bareng aneng ngomah, bapak duwe vila kosong neng kana," wangsulane Sumi karo nuduhake arah panggonane vila mau.

Dak sawang Sumi katon tambah ayu banget, kamangka lagi telung sasi aku pisah karo dheweke. Rambute sing ketel tambah dawa tekan bokong. Atiku rada kaget yen bapake Sumi duwe vila neng panggonan obyek wisata iki. Ning ya ana empere wong lurah sugih saka Delanggu. Aku lan Sumi terus mlaku nuju vila kang apik banget wewangunane. Sikilku teles kabeh kesempyok ombak banyu segara. Semono uga sikile Sumi lan sandhangane ya teles kabeh. 

Mlebu vila aku dikon lungguh aneng kursi dawa kang empuk.

"Tunggu sik ya mas Lis, aku tak salin sandhangan neng kamar," pamite Sumi karo menehi esem kang manis banget.

Sumi ... Sumi ... ora ngira babar pisan jebul sliramu anake priyayi sugih mblegedhu, mula bapak-ibumu ora lila yen anake wadon sing ayu moblong-moblong dadi bojoku. Dadi bojone pegawe rendhahan kaya aku iki. 

Ora let suwe ana wong wadon setengah tuwa nggawa beri wadhah gelas wedang karo panganan ana piring,  "Mangga mas dipun unjuk mumpung taksih anget, namung wedang jae kok," kandhane karo mundur mlebu kamar.

 Tak sawang, isen-isen kamar tamu mau katon endah banget. Aku banjur mbayangake kang ora- ora. Sakumpama aku bisa gawe lilihe ati bapak lan ibune, lan aku dipek mantu, mbok menawa aku lan Sumi dikon manggon ana vila iki.

Rada suwe anggone Sumi salin sandhangan, aku ya ora wani ngombe suguhane wong durung dimanggake sing duwe vila. Tak sawang saka jendhela sunare rembulan katon nambahi endahe swasana wengi iki. Dhuh ... endahe pesisir kidul wayah wengi, swara jumlegure ombak wis ora patek krungu.

Aku iki ya mung titah sawantah apa bisa aku ngadhepi godha kaya mangkene? Wong lanang wadon isih enom manggon ana vila kang sepi, apa aku bisa nahan godhane setan. Ora pedhot- pedhot aku dzikir maca al-fatihah lan ayat qursi sakbisaku. Mbuh wis pirang puluh anggonku maca, aja nganti gepok senggol karo Sumi yen durung resmi dadi bojoku.
 
Sumi teka karo mesem, nganggo sandhangan werna ijo katon tambah ayu banget. " Hlo kok durung diunjuk wedange, selak adhem, lho!" ujare karo njejeri anggonku lungguh. "Ngene wae mas, mengko bengi awake dhewe metu saka vila iki, aku wis siap nggawa sandhanganku kabeh. Ayo siap-siap metu saka vila selak bapak ibuku nusul mrene.  Ayo wedange diunjuk dhisik!" 

Aku ora wangsulan apa- apa, dak sawang Sumi katon ayu banget gek gandane arum banget. 

"Kosik ta dhik, dipikir sing mateng aja kesusu njupuk keputusan, wong jejodhoan iku kudu entuk donga lan pangestune wong tuwa," wangsulanku cekak. 

"Ya wis yen kersane mas Lis kaya ngono, ning wengi iki awake dhewe kudu metu saka vila iki, galo sawangen sunare rembulan kang endah kae." 

"Ya wis, ayo mangkat selak kewengen! " 

Batinku terus ndedonga ben slamet saka godhane setan. Sumi nggandheng tanganku mlaku sakpinggire pesisir kang sepi. Dak sawang saka kadohan kok kaya ana keramean, sunare lampu padhang banget lan ana swara gamelan kang ditabuh.  

"Ayo mrana, Mas!" ujare Sumi karo nggeret tanganku. Aku kaya kebo sing dicocok irunge, mung manut apa sing dikarepke. Bedhekanku ora kleru, pancen ana priyayi sugih sing duwe gawe, sajake duwe gawe mantu. 

Tekan ngarep omah wis ana para panitya sing nyambut tekaku lan tekane Sumi. 

"Iki sapa sing duwe gawe mantu?" pitakonku marang Sumi. Dheweke mung meneng wae ora aweh wangsulan. Aku gumun banget sakatase daerah pesisir pinggir segara kok ana omah apik banget tur jembar ngilak-ilak meh padha karo kraton. 

"Cara lan adat tlatah kene pancen apik kok mas Lis, tamu sing teka dihormati, disubya-subya."

Aku lan Sumi lungguh kursi kang direngga apik banget kaya temanten ngono kae. Aku dadi tambah bingung. Sumi mung mesam-mesem, sajak seneng banget.

Wengi iku Sumi paribasan kaya widodari, ayu banget, sedheng aku mung nganggo celana jeans lan kaos oblong tur rada teles kena kringet. Aku tambah bingung, kabeh pawongan kang ana kono padha nyawang aku. Aku krasa kok ana sing ora beres ing awakku. Dak jiwit dhewe awakku, apa aku ngimpi?

Pranyata aku ora ngimpi, iki kasunyatan urip sing lagi tak lakoni karo Sumi. Ora beda kaya wong duwe gawe neng kampung kae, kabeh tamu disuguhi unjukan lan dhaharan sakwernane. Aku ora wani mangan lan ngombe, mbuh apa sebabe kok pikiran lan atiku nulak kahanan iki.

Aku didadekake manten aneng papan iki? Apa maneh bapak ibu lan sedulur-sedulur ora ana sing ngerti.

Bola bali Sumi ndhesek aku akon mangan lan ngombe nanging aku emoh. Praupane Sumi katon ayu nanging rada anyel atine karo aku. Aku dhewe rumangsa anyel, ora ngerti tujuane dolan mrene kok ngerti-ngerti didadeke manten.

Dak sawang kabeh tamu sing rawuh katon ayu lan bagus, nanging kok ana sing kurang lan ora padha karo menungsa lumrah kae. Astagfirullah haladzim, batinku bola bali nyuwun pitulungane Gusti Allah SWT. Aja-aja aku iki mlebu neng alame lelembut. Batinku tambah cubriya.

Dak sawang Sumi ulate mbesengut sajak wis ngerti isine atiku. Tengah wengi tamu padha bali kabeh. Sumi dak jawil, karepku arep dak ajak mulih. Nanging aku ora bisa omong apa-apa. Bareng kahanan wis sepi Sumi nggeret aku mlebu kamar.

"Hlo dhik, ayo bali mulih," karepku muni ngono nanging cangkemku kaya dikunci.

Wis genah aku iki lagi mlebu neng alame lelembut. Sumi dak sawang karo tak wacakake  Al-Fatihah lan ayat kursi bola-bali. Aku pengin ngerti sapa sejatine Sumi ing ngarepku iki. 

Rumangsa wadine kewiyak Sumi nesu banget. Aku ditendang sakrosane nganti tiba krungkep. Dumadakan gedung magrong- magrong sing kanggo pawiwahan mantenanku mau ambruk keterjang ombak segara. Aku setiyar sak rosaku srana nglangi lan nyuwun marang Gusti Allah Kang Maha Welas Asih.

Dak sawang wis katon wit-witan akeh banget, aku terus nglangi  sakuwatku nyedhaki pesisir. Rasane aku wis ngidak pasir ateges aku wis tekan sakpinggire segara kidul. Aku ora kuwat, mbuh apa sing bakal kedadeyan.

Bareng eling aku lagi sadar yen aku lagi dirawat neng Rumah Sakit Panti Rapih Ngayogjakarta. 

"Wonge sing kalap wis sadar, " ujare perawat sing ana kono. 

Sukoharjo, 23 Maret 2022

Sumedi

Tidak ada komentar: