Hla wong jenenge wae cita-cita mesti kudu dhuwur, yen bisa ya sakdhuwure langit. Yen ana wong ngarani cita-citaku mokal kelakone ya wis ben, anggep wae dadi semangat utawa pecut supaya aku luwih sregep setiyar ben bisa kelakon.
Sengaja ora tak sebutke cita-citaku, ben padha penasaran.
Pancen aku arep gawe kejutan, ngono istilahe jaman saiki. Yen jaman biyen sinebut gawe pengeram-eram. Anake wong buruh tani wae kok nggayuh kursi. Kabeh padha mencep lambene, padha ngece jare wong cebol kok nggayuh lintang. Pokoke sakarepmu anggonmu muni, mengko yen kesel rak ya mingkem dhewe, batinku.
Gentho wae bisa dadi raja, gek aku wong jujur mestine ora mokal yen dadi raja, batinku karo maca bola-bali cerita Ken Arok. Ah ... Ken Arok, bisa dadi inspirasiku nanging ya ora nyonto persis, kudu ana sing diowahi sithik, ditambah utawa dikurangi.
Sakiwa tengenku jebul akeh lemah amba bawera lan nyimpen emas ireng utawa batu bara. Apa aku arep dadi juragan tambang batu bara? Rasane kok ora perlu, amarga papan jembar ngilak-ilak iki dadi duweke Koh Sing, China saka Betawi.
Ana cerita liya jare papan kene iki duweke PT Ali Baba, sakwenehing perusahaan gedhe, saham utawa sing duwe andhil ing kono wong akeh. Ana sing duwe saham sak lot pengaji sak milyar, ana sing duwe saham rong lot pengaji rong milyar, nanging akeh-akehe sing duwe saham para pejabat, paling akeh dhewe duweke komandan Linmas.
Hebat tenan komandan Linmas iki, apa meneh yen nyawang anake mbarep kang rupane ayu moblong- moblong, asmane Juminten. Dhuh ... Juminten mbesuk kapan aku bisa sesandhingan karo sliramu. Rasane yen nyawang bokonge, jan ... pengin nyiwel tenan.
Dina iki wis genep pitung dina aku pasa mutih, banjur reresik awak, sakbanjure aku mateg aji sineksenan bumi lan langit. Japa mantra tak waca kaping telu.
"Niat ingsun ora njala sato iwen. Niat ingsun ora njala sato iber-iberan.
Niat ingsun ora njala kewan galak. Nanging ingsun njala sukma ndika, rara ayu Juminten, prawan ayu pepujaningsun. Ora ana dina padhang yen awak ingsun ora ana ing sandhingmu. Ora ana impen kang endah, kajaba ndika lelangen asmara karo ingsun."
Dheg ... dheg ... dheg ... bumi tak gedrug kaping telu.
Sore iku aku lungguhan aneng ngarep omah, dak sawang langit sisih kulon werna biru resik ora ana mendhung sinaput. Saka kadohan katon ana pawongan wadon mlaku alon nuju omahku. Atiku rada nratap, apa kae Juminten?
Aku rada kaget. Pranyata ora keliru, Juminten mbalang esem luwih dhisik. Aku kaya mabur ing awang- awang.
"Arep tindak ngendi dhik kok ijen wae," aruhku karo mbales esem.
"Golek padhang hawa kok Mas, neng omah kok ati dadi sumpek," wangsulane karo ndhingkluk.
"Hla apa dak kancani ben padang atimu."
"Mas Djoko gelem ngancani aku?"
Krungu wangsulane Juminten klambiku saknalika dadi sesak. Jebul katresnanku ditimbangi. Atiku mongkog, donya iki duwekku kabeh.
Prasasat dalan kampungku dadi alus kabeh. Ing sakiwa tengene dalan kekembangan padha megrok, gandane arum ngambar-ambar.
Aku mlaku alon-alon mecaki dalan kampung. Pamer marang kabeh warga, iki lo calon manten sasi ngarep, utawa sasi Besar.
Jebul malah suwe mijet wohing ranti, wulan Syawal Juminten wis sah dadi sisihanku miturut ukum agama lan ukum negara.
Sanajan sinawang warga kampung dadi mantune pak komandan Linmas kayane aku ora sakdrajat, nanging bapak maratuwaku rumangsa bombong atine. Duwe mantu bagus tur ya sarjana tenan, dudu sarjana ecek- ecek.
Krungu rerasane tangga teparo aku ya mung ngguyu. Jare aku iki wong lanang sing kebeneran anggone tetak. Jan ... asem tenan!
"Nak, tahun 2024 wani maju ngrebut kursi?" pitakone bapak maratuwa karo klepas-klepus udud.
Ya iki kalodhangan sing tak tunggu-tunggu, yen mung bab kepinteran rasane aku ora kalah, nanging tetep kudu ana ragat lan rencana sing mateng. Sing luwih baku lan pokok dhukungan ragat kang ora sithik.
"Piye, wani ora maju ngrebut kursi?" Bapak takon meneh sajak semu ndhesek.
"Wantun Pak, kula siap sauger Bapak siap ragatipun".
Bapak ngguyu ngakak nganti wong sakomah dadi kaget.
"Yen bab ragat iku masalah cilik," wangsulane karo nuduhake jenthik, "Sing baku sliramu kudu siap sakabehe. Dak kandhani ya, tambang batu bara kae sahame wis dadi duwekku kabeh, neng Papua kana aku ya duwe tambang emas, emas kuning tenan dadi luwih aji."
Atiku wis manteb kanggo ngadhepi tahun 2024, aku ora arep sesumbar, mengko yen wis entuk kursi aku arep makarya sakuwatku. Yen mung ngurusi sakwernane tambang, ya tambang batu bara, tambang emas, tambang nikel lan liya-liyane iku wis dadi penggaweanku, ora susah nekakake tenaga saka negara China, aku Djoko Wahono, elek- elek ngene jebolan saka S2 Geology Universitas Gajah Mada.
Sukoharjo tlatah Madegondo, 22 Maret 2022
Sumedi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar