Bubar diguyur udan sewengi
kahanan kampus katon adhem, sesuketan sing dhek wingi katon garing mekingking
saiki luwih seger, manuk prenjak methuk mletheke srengenge kanthi swara kang
cemengkling, prenjek,.. prenjek,.. prenjek, tiir,.....
Tak sawang para
mahasiswa padha luwih sigrak anggone mlaku nuju papan kuliyahe dhewe-dhewe.
”Wik,...nunut!”,
bengokku marang Wiwik sing numpak skutik anyar werna abang ati. Dheweke mandheg
karo mesem, ”durung teka kirimane?”, aku ora wangsulan terus nyengklak neng
goncengan mburi.
”Sajake bapaku lagi
kerepotan meneh, nganti kliwat sepuluh dina kok durung teka kirimanku”.
”Mula dadi mahasiswa
kudu akeh akale, buwang rasa isin lan pekewuh, iki kahanan darurat!”, ujare
Wiwik kaya dhek wingi. kekancan karo Wiwik kanggoku gampang-gampang angel, sing
penting tetep waspada. Kenya ayu iku pancen bisa tak umpamakake setan kang
arupa malaikat, ing suwalike watak kang seneng nulung, sajake duwe karep ala
kang sinandi. Nurut critane wong tuwane ing desa ora beda adoh karo kahanane wong tuwaku, tani
yutun, hla kok gelange anyar, hla kok skutike anyar?. Ah,.. ra nggagas kahanane
wong liya, grenengku dhewe.
”Wis ndang mudhun, aku
arep nyang Perpus dhisik!”, ujare karo ngerem skutike,
”trims ya”,
wangsulanku karo nyablek gegere. Dina iki aku kudu ngrampungke tugasku neng
Lab, kandhungan protein wijen sing tak tliti kurang pas. Dadi mahasiswa teknik
pangan ngono saiki kudu pinter lan enthengan. Akeh pangan modern kang ngandhung
bahan pengawet, pewarna, lan tambahan rasa kang mbebayani tumrap kasarasan
awak, aku kudu menehi conto marang masyarakat. Sak apik-apike pangan kanggo
menungsa yaiku pangan kang asipat alami, ora nganggo tambahan bahan kimia kang
mbebayani.
***
Kranjang gedhe tak cangking,
rada abot nanging kepiye meneh, iki wis dadi niyatku, dina iki daganganku kudu
entek. ”Tempe dhele resik”, mengkono jenenge daganganku. Pancen wujude ora beda
adoh karo tempe dhele biyasa nanging tak gawe kanthi cara resik lan sehat.
Swara-swara kang sajake ngece lan ngina ajeg tak tampa, mahasiswa kok dodolan
tempe, iki tempe tenan apa tempe tempenan?. ”Dhuh Gusti Allah paringana
kekiyatan manah kula”, sambatku marang Kang Gawe Urip.
Rasane aku ora kuwat
krungu swara-swara mau, kepeksa anggonku bakulan dodol tempe tak lereni, aku
kudu golek cara liya kanggo nyambung urip aneng paran iki, lan kang luwih utama
aku kudu bisa lulus. Sore iku aku budhal menyang kampung Jebres sakperlu menehi
les privat.
”Eh, mbak Narti tak
kira yen lali”, aruhe sakwenehing ibu karo mbukak lawang. Dina iki dina kang
sepisan aku menehi les privat marang murid SMA kelas loro. Asile lumayan kena
kanggo nyambung urip, apameneh suguhan wedang lan panganan ajeg diparingi.
Kudune penggaweyane mahasiswa iki kang paling cocok ya menehi les privat kaya
ngene, nanging ora mesthi ajeg ana sing mbutuhke. Panguripanku kaya ubenge
rodha, esuk kuliah, sore menehi les privat, bengi sinau nganti tengah wengi.
Kabeh bisa mlaku kanthi lancar, meh setahun aku kasil menehi les privat marang
muridku, bijine Eni muridku dadi luwih apik. Wong tuwane tambah gemati marang
aku, nanging embuh apa sebabe sore iku ulate sajak ngemu prasangka kang kurang
apik marang awakku,
”maaf ya mbak sebetulnya saya cocok
sama mbak, tapi biar Eni dikasih les privat oleh orang lain aja!”, kandhane bu Leli marang
aku karo menehake honorku. Wah iki mesthi ana sing ora beres, genah aku kena
pitenah. Sore iku aku ora bisa ketemu karo muridku Eni kanggo nakokake
sabab-sababe. Karo nangis aku mulih nuju kostku, tak brukke awak kang lagi sial
iki, ”Gusti punapa lepat kula kok nglampahi kahanan ingkang mekaten?”.
Dhuwit wis nipis, sajake
bapak ibu pancen wis kentekan akal golek dhuwit kanggo aku, tujune ragat
kuliyah wis gratis. Aku rumangsa ketantang kahanan, cacing neng njero lemah wae
bisa urip, kenapa aku kang dititahake dadi menungsa ora bisa setiyar?, eling
lho sedhela meneh kowe wis nyandhang gelar STP. Lagi nggagas tekan semono ana
malaikat teka neng kostku. Aku kudu waspada iki malaikat apa setan?. Wiwik
mlebu ngomah karo nyangking tas kresek.
”Nyoh bakmi goreng
ndang dipangan!”, guneme karo njejeri lungguh aku. Sakjane ana rasa abot yen
arep tak pangan, nanging yen ora tak pangan ya ora kepenak neng ati bisa
nyinggung perasaane. Bakmi goreng mau rasane sepa, mbuh apa sababe, atiku ora
sreg.
”Piye sida butuh dhuwit
apa ora, iki pumpung ana kesempatan?”, kandhane Wiwik karo klesik-klesik.
”Penggaweyane ora abot kok, ora-orane yen ana sing ngerteni”.
Aku ora mangsuli, aku
mlebu kolah sakperlu wudhu. Bubar wudhu terus njupuk rukuh lan sholat, anggonku
maca alfatekah sengaja tak banterke ben Wiwik krungu. Rampung sholat terus
dzikir saksuwe-suwene. Aku nyadhong pituduhe Gusti Allah, atiku wis krasa yen
pangajake Wiwik amung nuju dalan kang ora diridhoi Gusti Allah. Durung rampung
anggonku dzikir krungu swarane skutik ninggalake kostku, dak toleh Wiwik wis
lunga. ”Alhamdulillah”, puji syukur tak aturake marang Gusti Kang Paring
Pepadhang. Aku ngerti menawa Wiwik nesu, ya ben iki kabeh dudu salahku. Bakmi
goreng tak buntel terus tak guwak menyang pawuhan. Saeba kagete esuk iku bareng
aneng lawang omah kostku ana tempelan kertas kang muni ukara: ”Ayam kampus for sale”.
***
Wulan kang tak
arep-arep wis teka, wulan suci Romadhon 1433 H. Wulan kang diarep-arep kabeh
menungsa luwih-luwih para mahasiswa kang urip aneng paran kaya aku iki. Wulan
Romadhon ateges wulan kang ngirit, bisa pasa sesasi tanpa ngetokake ragat.
Saben wayah buka aku wis dzikiran aneng masjid karo nunggu takjilan. Lumayan
ora mung kolak karo panganan nanging sega kerdhusan ajeg ana.
”Mbak Narti aja lali
lho mengko bar trawehan nyang omahku”, ature bu Fatimah karo nggandheng
tanganku.
”Wonten acara punapa
ta bu?”,
”ya mengko tak
kandhani, saiki kegiyatan kampus rak wis sela ta?”,
”sampun bu, kula
sakniki dados pengangguran, namung nengga wisuda”, wangsulanku kanthi seneng.
Bubar trawehan aku mbalekake rukuh nyang kost, terus nuju nyang daleme bu
Fatimah. Tak sawang bu Fatimah wis nunggu neng ngarep lawang.
”Assalamualaikum”,
salamku marang bu Fat. ”Waalaikumussalam”, wangsulane bu Fat terus nggandheng
tanganku ngajak mlebu ngomah.
”Dadi saiki nak Narti
wis lulus ya?”,
”inggih sampun lulus
bu awit saking pangestunipun bu Fat sakulawarga.
”Alhamdulillah aku
melu seneng, terus acara sakbanjure apa?”. Krungu pitakonan mau aku dadi
bingung, sejatine isih ana rasa kepengin nerusake kuliyah nanging ragat saka
ngendi, nanging yen arep golek penggaweyan kok ya ora gampang olehe.
”Ngene lho nak Narti,
iki yen nak Narti setuju, aku duwe ragat sethithik kena kanggo ragat kuliyah
aneng S2, piye cocok ora karo penemune ibu?”.
Aku ora bisa
wangsulan, swaraku kaya mandheg aneng nggorokan,
”saestu bu,.....? Bu
Fat marani karo ngrungket awakku, nak Narti tak anggep kaya anakku dhewe.
”Matur nuwun bu,...
tangisku lan tangise bu Fatimah amor dadi siji.
***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar