Selasa, 06 Desember 2011

Nagih Janji (Mapak tekane Konggres Bahasa Jawa V ing Surabaya)

Ing sakwenehing wektu aneng toko buku gedhe ing Jakarta, ana kanoman jemagar udakara umur wolulas tahun lagi miling-miling nyawang buku-buku wacan basa jawa ing toko mau. Ana werna-werna novel basa jawa kang cumepak kanthi irah-irahan: ”Katresnan ing gunung Lawu” anggitane Sutarmanto, ”Kadang konang” anggitane Bonari Nabonenar, ”Kidung wanci sore” anggitane Maria M. Bhoernama, ”Nanggori jaman ora genah” anggitane Romdhonah, ”Oleh-oleh saka paran” anggitane Sugeng Wiyadi, ”Gamane Wanita” anggitane ibu Is Sarjoko, ”Kesandhung gelung”, anggitane Joko Purwanto, ”Sujarahe sopir becak” anggitane Bambang Hermanto, ”Kena godha” anggitane Supono SPd, ”Ontran-ontran kutha Sala th.1998” anggitane Khoirul Soleh, ”Gajah mada” versi basa jawa anggitane Langit Kresna Hariyadi, ”Kumpulan Gurit saka Wetan kali” anggitane Sugiharto BD lan isih ana maewu-maewu judhul novel basa jawa karangan pengarang kang wis lawas apadene pengarang anyar kang dipajang ana toko buku mau, kabeh laris kaya dodolan kacang goreng, sakliyane wujude buku apik lan narik ati, bobote isi ya klebu mentes mula bisa narik kawigatene para siswa lan masyarakat umum tur regane murah banget. Buku lan novel jawa karangan pengarang kondhang kayadene Suparta Brata, lan Arswendo Atmowiloto, lan Mbah Brintik malah kudu dipesen sakdurunge amarga pasediyan mesthi entek. Buku lan novel basa jawa lagi mlebu ing jaman keemasan, buku lan novel basa jawa onjo ing sadhengah papan  panggonan ora mung aneng Jakarta nanging klebu ing kutha gedhe lan kutha cilik liyane. Para pengarange padha ketiban rejeki kang ora dinyana-nyana. Saben wayah longgar ing sapatemonan resmi utawa ora resmi wong-wong padha nyritakake buku anyar kang lagi wae diwaca. ”Wah,.. sampeyan wis maca buku Pedhut wayah esuk karangan mas Arswendo?”, ”durung, apa mas Wendo mbabar buku anyar?”, sing ditakoni malah genti takon. Novel anyar anggitane pengarang saka Solo iki pancen ngedab-edabi tenan. Ing kawitan pehak penerbit wis nyetak sepuluh ewu exemplar, nanging lagi sewulan neng pasaran wis ludhes tanpa tilas, mula nganti seprene wis dicetak maneh ambal ping pitulikur. Ora maido meh kabeh karangane mas Wendo mesthi laris, amarga yen ngarang crita adhakane critane pancen angel dinuga, alur critane mubeng ruwet nanging entek-entekane banjur nyambung meneh, saengga para maos dadi kepilut kudu maca sakrampunge. Ya kahanan kaya ngene iki sing taksuwun rina lan wengi saiki lagi kelakon, kabeh wong jawa padha nresnani basane, padha nggandrungi sastra jawa, padha nguri-uri budaya jawa. Aksara jawa ora mung dadi pajangan nengeri jeneng kutha  apadene kantor pamarentah lan swasta, nanging wis bisa dadi pilihan utama para warga jawa kang nggunakake komunikasi tulis. Iki kabeh mau pancen mujudake asile para-para kang wis gelem cawe-cawe marang ngrembakane basa lan sastra jawa. Pamarentah daerah mligine pemerintah provisnsi Jawa Tengah, Jawa Timur lan Dearah Istimewa Yogjakarta wis setiyar kanthi ragat yen digunggung milyardan rupiyah kanggo nganakake KBJ (Konggres Bahasa Jawa) kang wis makaping-kaping, semono uga para sutresna lan pemerhati sastra jawa kang kanthi suka rena ing penggalih lan swadana uga wis nganakake KSJ (Konggres Sastra Jawa) kang wis ambal-ambalan. Pancen yen disawang lan digagas sanajan loro-lorone padha kang nresnani lan kepengin nguri-uri basa lan sastra jawa, nanging ana bab siji kang mbedakake tumindak mau. KBJ katon luwih moncer amarga dirawuhi para undangan kang klebu tamu VIP, mapane aneng hotel mewah kanthi pasugatan kang mogelake ilat. Asile KBJ mujudake rekomendasi lan putusan-putusan penting, kang bakal dilaksanakake, makalah kang endah, rencana muluk-muluk, lan sing ora keri SPJ (Surat Pertanggung jawaban) kang awujud kwitansi-kwitansi kang kudu ditapak asmani para kang rawuh lan pehak kang wis nampa dhuwit. KBJ katone mung mujudake ”Proyek” kang kudu dilaksanakake saben limang tahun sepisan.  Suwalike Konggres Sastra Jawa (KSJ) mung dirawuhi para sutresna kang nekani kanthi ati kang seneng lan semangat kang makantar-kantar. Sing gelem rawuh ora diwatesi lan dipilih bodho apadene pinter, nanging sing baku sok sapa wae sing nresnani lan kepengin nguri-uri sastra jawa. Mapane ya mung aneng sadhengah papan prasaja, pasugatan ya mung sarwa prasaja, ragat disangga bareng,  sing penting kabeh mau bisa ditanjakake kanthi irit lan temanja, nuwun sewu,.. ora ana sakrupiyah wae kang dikorupsi pehak panitya. Pancen wis sawetara tahun donyane buku sastra jawa wis mati kesilep gebyare sastra Indonesia lan dening donyane internet, nalika semana buku sastra jawa wis disirik pamaos, amarga pamaos padha mlayu menyang warnet utawa ngedhep laptope dhewe-dhewe, pengin maca cerpen apadene cerkak utawa buku lan novel cukup mbukak internet kanthi ragat kang murah, nanging Gusti Allah  banjur ngelingake marang sok sapa wae wong jawa, ”He kabeh wong Jawa, kowe aja kesengsem anggonmu nggandrungi marang internet lan sastra Indonesia, mesakna kae para pengarang  basa Jawa kang uripe mengkis-mengkis kaya wong ketaman lara Asma”. Pangandikane Gusti Allah katon duka yayah sinipi, ”Kowe para gubernur, aja mung seneng-seneng nganakake KBJ, tanpa genah tanjane!”, saiki sawangan wong-wong kang padha nganakake KSJ kanthi ragat dhewe, apa kowe ora isin yen mung meneng wae?”. Ndilalah kersane Gusti Allah, para-para wong kang ngaku dadi wong jawa ing ngendi wae papan dununge  banjur padha eling saka anggone ”turu”. Semono uga para gubernur kang duwe ada-ada nganakake Konggres Basa Jawa kaya sadhar anggone tumindak sakarepe dhewe marang mati uripe basa lan sastra jawa. Naluri kepemimpinane kaya dituduhake dalan padhang, dalan mulya kanggo nguri-uri basa lan sastra jawa. ”He nur,... gubernur”, ngendikane Gusti Allah karo njewer kupinge. ”Uripmu iku mung limang tahun, njur apa jasamu kanggo ngurip-urip basa lan sastra jawa?”, ”inggih,... inggih,... nyuwun pangapunten Gusti, kula janji badhe nyengkuyung sedaya setiyar nguri-uri lan ngrembakaken sastra lan basa jawa”, ”janjimu bisa takugemi?”, ”sendika Gusti, menawi kula cidra ing janji kula trimah mundur mboten dados gubernur”, ”tak tagih janjimu!”. Saiki aku wis percaya marang janjine para gubernur mau, basa lan sastra jawa banjur dadi ngrembaka kaya sing tak aturake ing dhuwur, nanging emane lelakon iki dumadi ing tahun 2999 Masehi.
***

Reca Gladhag

Pardi lan Joko esuk iku padha pit-pitan menyang ratan gedhe Slamet riyadi, sakliyane kepengin nonton lan nyawang kahanan Car Free Day (CFD) sing digelar pendhak dina minggu watara jam 06.00 nganti jam 09.00 esuk, bocah loro iku padha kepengin mbuktekake omongane pakdhene Joko kang nyritakake menawa reca gladhag iki bisa manthuk-manthuk  yen weruh menungsa. ”Reca gladhag iku bisa manthuk-manthuk yen weruh menungsa!”, ngono ngendikane pak Parjono, pakdhene Joko marang Pardi lan joko bocah klas papat ing SD iku, ”Napa inggih pakdhe, reca gladhag rak watu ta?”, ”iya,.. nanging yen weruh menungsa gelem manthuk-manthuk, apameneh angger weruh sepur liwat malah tangane ngawe-awe”, kandhane pakdhe Parjono mantep, ”pakdhe mboten ngapusi ta?”, ”ora,... iki tenan, yen ora percaya buktekna dhewe mrana, suk dina minggu dolana mrana idhep-idhep nonton CFD”. Dina minggu iki, wiwit jam enem esuk bocah loro wis pit-pitan menyang ratan gedhe slamet riyadi. Ratan slamet riyadi wiwit protelon Purwosari nganti tekan prapatan Gladhag ditutup kanggo kabeh kendaraan mobil lan pit montor, tujuwane kareben kabeh masyarakat bisa nggunakake ratan slamet riyadi kanggo mlaku-mlaku utawa pit-pitan lan olah raga liyane. Sakliyane iku ben hawane kutha Solo bisa resik ora kakehan polusi kang mbebayani tumrape kasarasan kabeh warga. ”Wah yen saben dina kaya ngene iki seneng ya Jok, hawane resik ora kakeyan polusi gas karbon”, ”iya bener, nanging yen saben dina dianakake CFD terus awake dhewe yen sekolah utawa lelungan numpak bis lan sepedha montor  liwat ngendi?”. ”Oh iya,  ya, yen ngono bener yen dilaksanakake saben seminggu sepisan wae. Tekan ngarep THR Sriwedari bocah loro mau mandheg nonton panggung seni kang dipandhegani para kanoman, lumayan apik tur ya gratis pisan. Joko lan Pardi anggone nonton panggung musik mau nganti padha ndomblong gumun. ”Di,.. ayo mlaku ngetan kana ya ana pangung ayake”. Tekan prapatan Pasarpon wong-wong padha nglumpuk akeh banget, ing kene ana panggung hiburan orkes kroncong. Mlaku mengetan meneh bocah loro mau karo ngguya- ngguyu seneng atine. Ing prapatan Nonongan uga ana wong-wong kang nganakake senam bebarengan, musike rancak nyenengake ati kang padha melu senam. ”Jebul CFD iku apik ya Di?”, ”ya ,.. ya aku ya lagi ngerti pisan iki, suk minggu mrene meneh ya?, ”beres, ning kudune ra ketang sithik ya nggawa sangu ben bisa jajan”, ”ya wis ra apa-apa, idhep-idhep saiki lagi latihan olah raga”, wangsulan Joko karo ngampet ngelak. ”Wis ayo gek mlaku ngetan meneh nuju prapatan Gladhag”, kandhane Pardi karo nggenjot pit rada banter. Aneng prapatan Gladhag kahanan ora kalah ramene, ing kene ana atraksi olah raga senam lantai kang diadani bocah-bocah sakumurane SD lan SMP padha mamerake kabisane. Weruh olah kridhane para pesenam cilik mau Pardi lan joko padha gumun banget, ”kok bisa kaya ngono ya?”, ”angger gelem melu latihan ing sanggar senam mesthi ya bisa”, ”yen melu latihan ya kudu bayar?”, ”ya bayar no mongsok gratisan kabeh, ning yen kowe duwe krenteg kang tenan melu latihan mbok menawa oleh keringan bayaran”. Sakwise marem anggone padha nonton senam mau bocah loro mau padha nuntun pit nuju reca gladhag kang gedhene sak gerdhu pos rondha. Disawang saka cedhakan reca mau, dielus-elus sakojur awake, jebul atos banget. ”Di,.. mripate kok mentheleng terus?”, ”iya,.. ya,. cangkeme ya mung meneng wae”, wangsulane Joko karo ngelus-elus wetenge reca mau. ”Sirahe kok ora manthuk-manthuk?”. ”Wis genah,.. pakdhe Jono ngapusi awake dhewe”, kandhane Pardi karo ngguyu. ”Kosik,.. aja-aja sing dikarepke pakdhe Jono reca sing ana sisih wetan kae?”, kandhane Joko karo nudingi reca gladhag sing mapan sisih wetan dalan. ”Ya wis ayo dibukteke mrana!”. Pardi lan Joko nuntun pit nuju reca gladhag kang mapan aneng sawetane dalan. Disawang saka ngarep tekan mburi, saka kiwa nganti tengen wujude padha plek karo reca kang ana sisih kulon. ”Piye sing aneng kene apa bener bisa manthuk-manthuk yen weruh menungsa?”, pitakone Joko karo nyawang Pardi. ”Ketoke kok ya padha karo sing ana sisih kulon, cangkeme ya mung meneng wae, sirahe ya meneng”, ”coba wetenge elus-elusen ben krasa keri!”, prentahe joko. Yen kowe mengko ngelus-elus wetenge reca, aku tak namatke tenan lambene, mesem apa ora, sirahe manthuk-manthuk apa ora”. ”ya wis tak tindake”. Pardi ngelus-elus wetenge reca mau, tangane diusek-usek sakrosane, bangkekane reca diithik-ithik ben keri, pamrihe mengko recane ben mesem, sirahe ben gelem manthuk-manthuk. ”Piye Jok  mesem apa ora?”, ”ora,... recane mung meneng wae”. Wis-wis,... pakdhe genah ngapusi awake dhewe, wis ayo mulih aku wis kesel. Joko lan Pardi nggenjot pit mulih menyang kampung Laweyan kang lumayan adoh, ing batin arep nutuh pakdhe Jono sing wis ngapusi. Aneng sakjeroning atine sakjane wis maido mongsok ana reca saka watu kok bisa manthuk-manthuk sirahe, nanging sing kandha ngono mau pakdhe Jono mula ya kudu percaya apameneh pakdhe Jono ya akon padha mbukteke dhewe. Tekan ngomah lagi padha nyendhekake pit, pakdhe Jono wis mapakake tekane karo nggawa gelas isi wedang teh lan gorengan pohung. ”Bener ta reca gladhag bisa manthuk-manthuk yen weruh menungsa?”, kandhane pakdhe Jono karo akon bocah loro mau ndang ngombe wedang teh. Gleg,..gleg,...gleg,.. wedang sak gelas entek mlebu weteng. ”Pakdhe ngapusi!”, kandhane cah loro mau meh bareng. ”Ngapusi piye?”, ”recane mung meneng thok, apa ana watu kok bisa manthuk-manthuk”, ”Loh,.. pakdhe rak kandha, reca gladhag iku bisa manthuk-manthuk yen weruh menungsa”. ”Wis tak bukteke dhewe, malah wetenge tak ithik-ithik kok ya ora bisa mesem lan manthuk-manthuk”, kandhane Joko karo mesem dhewe. Pakdhe Jono genti sing ngguyu kemekelen. ”Cah,... cah,... yen aku ngomong iku ya dirungokake dhisik, aku kandha apa ta?”. ”pakdhe kandha jare yen weruh menungsa reca gladhag bisa manthuk-manthuk”, kandhane Joko nutuh. Pakdhe Jono nyedhaki bocah loro mau karo kandha, ”yen,... yen,... iku tegese menawa, utawa sakumpama”, kandhane pakdhe tandhes, ”jlentrehe piye padkdhe”, ”Yen weruh iku tegese menawa weruh, dadi yen ora weruh ya ora manthuk-manthuk, mongsok ana reca watu bisa manthuk-manthuk”, kandhanene pakdhe karo ngguyu kemekelen. Krungu katerangane pakdhe Jono mau bocah loro mung kukur-kukur sirahe sing ora gatel.
*cuthel*

Kamis, 10 November 2011

Pepe

Lakune sajak kesusu banget kaya ana sing disumelangi yen selak kepancal. Paraga mau terus mlaku nguncluk ora ngrewes kahanan sakiwa tengene, kamangka awan iku kahanan lalu lintas rame banget padha rebut banter, swarane klakson mobil lan motor kaya mbudheg-mbudhege kuping wae, isih ketambahan bledug ketiga kang mabul-mabul ora karuwan. Tekan ngarep kabupaten wong mau terus ngener lapangan sangarepe kabupaten, lan lhadalah rak tenan ta,..... paraga mau terus cucul klambi lan kathok dawa, sing dienggo kari kathok kolor werna putih mangkak. Paraga kuru aking mau jebul nglakoni Pepe karo ngadeg sedhakep madhep mengulon pernahe pak bupati ngantor. Panase srengenge sing manggang geger lan sirahe diampet sakuwate. ”Yen aku wis ngene iki yen ora digatekake ya kebangeten tenan”, mbok menawa ngono batine paraga mau. Wong-wong sing padha weruh solah tingkahe paraga mau wiwit padha nyawang saka kadohan awit ora gelem nyedhak amarga panase srengenge kaya mbenthetake sirah, kabeh padha gedheg-gedheg gumun. Ana wong pepe,.. ana wong pepe,.. ueeeedan tenan jaman saiki kok ana wong wani pepe, njur apa paedahe ana DPRD?, aloke sing padha nyawang. Papan sak pinggire lapangan mau dadi kaya pasar tiban, wong-wong padha nglumpuk nonton kahanan sing dianggep ora lumrah lan sarwa nekat mau. Bocah sing lagi mulih sekolah padha mandheg sakperlu nonton. Sing numpak kendharaan ya padha leren melu nyawang kahanan mau, pegawe sing lagi makarya neng kantor padha metu melu nonton wong ya ora akeh gaweyane wae. Kahanan mau dimupangatke para bakul es lan bakul dhawet lan bakul jajanan. Dheweke wiwit nawakake dagangane dhewe-dhewe, ”es, es,..es dhawet nyewu rupiyah legi tanpa sakarin lumayan kena kanggo tamba ngelak”, ”blanggrenge mas,...empuk-empuk limang atusan mawon,....”, ”tempene gembus lumayan kena kanggo subal weteng, sewu rupiyah entuk papat gedhe-gedhe...mangga-mangga mboten sah pekewuh”, ”tahu gorenge tasih anget nyewu telu gratis lombok”,... mangga-mangga selak ketelasen lho, tela godhog nggih wonten, mangga-mangga mboten sah milih sedaya sae, ora lanang ora wedok ditanggung ngendhog, mangga telane legi-legi,.. ”koran-korane, majalah nggih wonten, beritane sae-sae, menika Krisdayanti sampun dados randha, mangga-mangga sinten ingkang purun namung kalih ewu rupiyah mawon, napa TTS kangge ngasah pikir ben pinter golek dhuwit,.. aja nganti kaya bakule”, ujare bakule koran karo cengar-cengir, saka kadohan keprungu swarane sempritan juru parkir dadakan. Para petugas polisi pamong praja nyedhaki paraga kang lagi laku pepe mau karo nakoni lan ngerih-erih supaya nglereni anggone pepe. ”Apa karepmu ta pak kok njenengan nindakake pepe iki, wis ta ayo dilereni, njenengan rak duwe wakil ning DPRD?, usul wae marang wakilmu mengko rak ya diaturke marang pemerintah”, pangajake polisi pamong praja mau kanthi alus. Kabeh mau ora direwes babar blas, paraga mau tetep meneng karo nyawang tanpa kedhep gedung kabupaten sing katon magrong-magrong, joglone dhuwur ngranggeh langit ngungkuli gunung. ”Tak wenehi wektu sepuluh menit kanggo mikir, yen ora gelem nglereni pepe kowe mengko bakal tak peksa tak gawa minggir, ayo sandhange ndang dienggo!”, pangancame polisi pamong praja sing sajak wis kentekan akal. ”Terus,... terus.... pak aja wedi, rakyat neng mburimu kabeh!”, swarane wong nonton sing sajake menehi dhukungan marang paraga pepe mau karo keplok-keplok. Krungu swarane sing padha nonton mau sajake atine petugas polisi pamong praja dadi kedher. Polisi lalu lintas wiwit mudhun menyang tengah ratan awit ratan gedhe mau dadi macet. Ana sakwenehing wong wadon ayu nyedhaki paraga laku pepe karo nggawa kamera photo model anyar, juru warta ayake, ”sapa jenengmu pak, lan apa tujuwanmu laku pepe ?”, paraga mau mung meneng wae. ”Apa wis ora ana dalan liya sing luwih becik, eman lho pak ragamu bisa lara mengko!”. Bareng ora oleh wangsulan juru warta mau takon liya, ”apa njenengan rumangsa ora cocok karo kahanan ing kabupaten iki?”, paraga mau mung manthuk tandha mbenerake. Jethet,...jethet,.. jethet swarane kamera njupuk gambar paraga mau ping telu. ”Apa njenengan wis usul marang wakil njenengan sing aneng DPRD?”, paraga mau gedheg-gedheg menehi tandha yen durung. ”Yen ngono njenengan kleru, mesthine ya usul dhisik karo wakile!”, guneme juru warta menehi pangerten. Paraga mau meneng sedhela banjur nutupi kupinge lan merem mripate aweh tandha yen wakile sing aneng DPRD saiki wis budheg lan picek. ”Terus apa sing njenengan jaluk marang pak bupati?”, paraga mau meneng wae. ”Apa njenengan isih nganggur?, apa njenengan isih keluwen lan kamohan?, apa njenengan ora duwe omah? Apa njenengan duwe kulawarga sing lagi nandang lara ora kuwat nyang rumah sakit?, apa juru warta lan koran ora mehak wong cilik?, apa njenengan ora oleh bageyan dum-duman dhuwit bantuan korban lindhu utawa korban banjir?, apa omah njenengan kena gusuran tanpa oleh ijol kang murwat?, apa njenengan putrane ora bisa sekolah?, apa njenengan ora oleh rasa adil lan tentrem?, apa njenengan oleh layanan petugas kelurahan sing ora sakmesthine?, apa njenengan,..... seeet,... paraga mau nempleke drijine aneng lambene aweh pertandha supaya juru warta mau ora nakoni maneh. Juru warta mau nakoni marang paraga pepe, nanging sejatine pitakonane mau ya wangsulane. Kabupaten Banjarjumput pinangka kabupaten sing lemahe subur lan akeh asil tambang mau pancen sugih mblegedhu, asile mas, tembaga lan lenga patra wae kudune wis nyugihake kabeh rakyate, nanging emane rakyate padha urip kesrakat kurang pangan, akeh sing isih padha nganggur, gedung sekolah padha ambruk, dalan-dalan padha rusak kaya kubangan kebo, lan kahanan ora tentrem dirasakake kabeh wargane, sakdalan-dalan kebak wong ngemis lan wong mbarang golek tibane dhuwit receh, akeh kere sing turu aneng ngemperan toko, akeh wong edan kluyuran turut dalan ora kerumat becik. Apa pak bupati bodho?, mesthi wae ora ning pintere mung kanggo minteri wong cilik, apa pak bupati seneng dhuwit?, mesthi wae malah kepara ngglagut, malah mripate dadi malih ijo. Jebul kabeh sing ditindakake pak bupati mau banjur dinut karo kabeh andhahane, kabeh padha sayuk rukun nyambut gawe bebarengan kanggo muktine dhewe-dhewe, suwalike kabeh rakyate padha keleleran uripe. Oleh pelaporan saka andhahane menawa ana paraga kang lagi pepe, pak bupati caos prentah supaya paraga mau gelem nglereni. ”Sampun wongsal-wangsul kula kengken leren nanging mboten purun kok pak, piyambakipun namung kendel lan merem mawon”, wangsulane polisi pamong praja sing pinitaya ngadhepi paraga mau. ”Ya dielus dhisik apa penjaluke dituruti, kuwi rak trekahe LSM sing butuh dhuwit, yen ora gelem ya dipeksa ngono wae kok bingung!”, wangsulane pak bupati kang duwe asma Drs, Dursasana,MSi entheng. Sansaya awan sing nonton laku pepe mau sansaya akeh, malah let sedhela tanpa ana sing ngomando sing padha nonton padha mlebu lapangan nyedhaki lan rak tenan ta,.... padha melu cucul klambi lan kathok, swasana dadi tambah gayeng, saiki kedadeyan ana laku pepe masal.
Sedulur-sedulur kabeh tak suwun enggal–enggal nglereni laku pepe, pak bupati wis pirsa lan ngerti kabeh penjalukmu, lan sing luwih wigati, penjenengane arep ngowahi kahanan iki sak cepete, APBD tahun ngarep bakal mehak wong cilik, pokoke samubarang bakale murah lan gratis!”, swarane pandaya wara keprungu saka kadohan. Krungu swara saka pandaya wara mau kabeh sing melu laku pepe padha gedheg-gedheg ora percaya. ”Terus,... terus aja wedi, aja gampang percaya iki mung janji-janji kosong kaya biyasane!”, swarane sing padha nonton karo surak-surak banter, ”Hidup rakyat!, hidup wong cilik!”. Dumadakan saka lawang ngarep kabupaten teka pasukan polisi dalmas sak bregada sing siyaga nggawa tameng lan penthungan, kabeh sing melu laku pepe mau digeret lan dipeksa munggah trek digawa menyang kantor polisi, swasana banjur dadi luwih adhem. Esuke para warga kabupaten Banjarjumput padha golek kabar, nanging bareng maca koran dina iku, kabeh padha kuciwa, babar blas ora ana wartane bab laku pepe sing ditindakake para warga. ”Ah,.. yen ngene iki jenenge ya mbelgedhes tenan!”, ujare sing dhek wingi awan dadi paraga laku pepe karo mesem kecut.
&&&&

Omah tulis (omahe para penulis)

Wonten ing kabupaten Sukoharjo Jawa tengah sampun wonten paguyuban warga ingkang sami remen nulis ingkang awujud seratan punapa kemawon, ingkang asipat fiksi utawi non fiksi, paguyuban kalawau mawi tenger utawi nami ”Omah tulis”, paguyuban ingkang madeg nalika tanggal 8 September 2010 dipun sepuhi dening sedherek Daniel Agus Maryanto lan juru tulis Bambang Hermanto, dene para anggota ingkang sampun nggabung wonten pakempalan menika antawisipun sedherek: Sumedi, Sugiharto Budi Darmawan, Santi, Doni Kurniawan, Egrit Puspitawati, Warsito, Bambang Sugiri, Adiguna Prasetya Utama, Sidik Pramono, Galih Purnomo, Trianto, Indarto, Cecep Khoirul Saleh, Lena, Nardi. Para anggota kalawau anggadhahi latar belakang ingkang werni-werni kados: juruwarta, pedagang, pensiunan, pamong desa, Pegiyat LSM ugi para kaneman ingkang taksih sinau wonten pawiyatan. Paguyuban gadhah tujuwan supados para warga anggotanipun saget ndayakaken kesagetanipun bab tulis menulis, ”menulis adalah gaya hidup” menika sloganipun.
Donyanipun sampun rupek ing babagan punapa kemawon, pados pendamelan sansaya rekaos, kathah para pemimpin ingkang tumindak nerak wewaler amung mburu kepentinganipun piyambak kanthi tumindak korupsi pramila kabetahan rakyat sansaya mboten dipun pikir, kangge ngawekani kahanan kala wau para anggota saget nulis bab punapa kemawon miturut kesagetanipun. Kagem sedherek ingkang taksih nganggur utawi setengah nganggur saget ngripta tulisan kados dene cerkak/cerpen, cerita anak, novel lsp. kanthi dipun kintun dhateng redaksi surat kabar Lokal, Regional utawi Nasional. Babagan honorarium ingkang dipuntampi pancen mboten sepintena, nanging saget ndadosaken bombongipun manah, nanging kanggenipun penulis utawi pengarang ingkang sampun mumpuni kados dene sedherek Daniel, nulis utawi ngarang sampun dados pang gaotan ingkang utami, menawi mboten nulis mboten pikantuk asil, pramila saben dintenipun priyayi kadosdene mas Daniel menika mesthi nulis punapa kemawon lan nyatanipun kendhilipun inggih saget jejeg, kulawarganipun kacekapan sedaya kabetahanipun saking asilipun nulis, menika andharan ipun mas Daniel nalika maringi motivasi dumateng penulis-penulis enggal. Benten kaliyan mas Daniel, sedherek Bambang Hermanto pinangka juru tulis Omah tulis, ugi nggadhahi pengalaman ingkang sampun dangu, piyambakipun asring nulis naskah-naskah sandiwara radio duking uni, ugi sampun nate njuwarai lomba nulis ingkang dipun wontenaken Departemen Penerangan rumiyin. Tulisan-tulisanipun ingkang awujud cerpen, cerkak, cernak sampun kathah kita prangguli wonten koran Solo Pos kanti nami samaran Pakdhe Her. Menawi sedherek Sugiharto Budi Darmawan karyanipun saget kita waos ing jagad Jawa Solopos wonten rubrik geguritan. Kula piyambak Sumedi, inggih nembe ajar utawi sinau kados pundi dados penulis ingkang sae tur mumpuni lan ugi produktif, sanajan sampun sepuh (pensiunan), kula mboten isin lan prekewuh ngangsu kawruh dumateng sedherek ingkang taksih enom, paribasan ”kebo nusu gudel” mboten dados punapa. Sekedhik penulis badhe ngaturaken pengalamanipun, nalika taksih makarya dados PNS wonten Pemkot Surakarta menawi wonten wekdal ingkang nganggur asring ajar nulis idhep-idhep ajar komputer ing duk semanten mujudaken barang canggih mboten saben pegawe saget nglampahaken. Wonten setunggal utawi kalih naskah cerkak ingkang dipun pacak wonten Jagad Jawa Solo Pos lan kalawarti Panyebar Semangat, wah,... bombongipun manah mboten saget kula cariyosaken, pokokipun remen sanget, lan tuwuh krenteg ingkang makantar-kantar kangge nulis malih. Penulis mujudake tiyang ingkang pantang mundur ing babagan nulis, nalika semanten sampun puluhan naskah ing kula kintunaken dumateng redaksi koran lan majalah, nanging sajakipun dereng nyekapi syarat utawi layak dipun pacak, nanging sansaya dangu kok saget lancar anggen kula ngarang mliginipun ingkang awujud cerkak utawi wacan bocah. Kula taksih eling honor naskah kula ingkang dipun pacak ing Solo Pos kula tanjakaken tumbas piring melamin ing ngantos sepriki taksih taksih kula pajang wonten lemari pinangka kenang-kenangan. Omah tulis,.. mangga sok sinten kemawon ingkang nggadhahi hobi utawi keremenan nulis utawi ngarang saget sawiji wonten paguyuban menika, idhep-idhep ngangsu kaweruh, nambah kekadangan, wonten unen-unen: ”mungsuh siji wis kakehan nanging sedulur cacah sewu rasane isih kurang”, sumangga nggabung kemawon wonten Omah tulis kanthi alamat: Jl. Pandu No.17 Sukoharjo 57514 sakwetan pasar Sukoharjo, HP.087812525137. Email: omahtulis@yahoo.com. Matur nuwun.
Katulis dening: Sumedi

Jumat, 04 November 2011

”Hore,... aku dadi juwara”

Atiku bingung apadene isin marang kulawargaku dhewe, wong saomah kabeh wis tau dadi juwara, tahun kepungkur bapak dadi juara macapat ing kantore, hadiyahe piala gedhe karo dhuwit satus ewu rupiyah, sanajan wis tau dadi juara bapak ora seneng umuk, yen ngendikan ya malah kepara ngasorake dhiri, semono uga ibu, sanajan mung ibu rumah tangga nanging ya wis nate dadi juara masak olahan pangan saka pohung nalika perayaan pitulas Agustus tahun 2007, hadiyah piala cilik karo piring saklusin, dene Mas Wahyu kangmasku sing mbarep dadi juara pencak silat tingkat kota hadiyahe wujud piala gedhe lan medali mas. Lemari ngarepan wis kebak piala lan piagame saka bapak, ibu lan mas Wahyu, ing batin aku nggagas, suk kapan aku oleh piala kaya bapak, ibu lan mas Wahyu?. ”Kene-kene padha ngumpul, bapak wengi iki arep mborong bakso, kabeh kena tanduk sakwarege”, ngendikane bapak nailka entuk hadiyah mbiyen. ”Pikantuk arta saking pundi ta pak kok kadingaren wantun njajan sakulawarga?”, pitakonku rada gumun, wong sakjege bapak ora nate njajan. Penggaweyane bapak mung dadi PNS rendhahan ing balaikota Solo, blanjane mung pas-pasan kanggo mangan sabendinane. ”Tak critani ya, nanging iki ora ateges aku arep umuk lho”, ngendikane bapak karo ngguyu sajak seneng penggalihe kae. ”Bapak dhek wingi mentas dadi juwara lan entuk hadiyah piala lan dhuwit satus ewu rupiyah”, kandhane bapak karo nuduhake dhuwit saklembar atusan ewon sing isih aneng amplop. ”juwara menapa pak?, pitakonku sajak gumun. ”Bapak dadi juwara macapat aneng kantor”, wangsulane lirih karo mesem. ”Hore,.. selamat nggih pak wangsulanku karo nyalami astane bapak, semono uga mas Wahyu lan ibu padha nyalami bapak kabeh. ”Jebule yen wayah sore bapakmu rengeng-rengeng kae tibake lagi latihan nembang”, kandhane ibu karo ngguyu. Sidane wengi iku bakul bakso sing gawene ider ana kampungku tak celuk neng ngomahku, ora mbuwang kesempatan langka iki, wengi iki aku ngenteke bakso telung mangkok. ”Sakmangkok meneh ndhuk, ben ndang gedhe lan bisa dadi juwara kaya bapak!”, ”amin, amin, amin”, wangsulanku manteb. Nanging beda karo watake bapak, mas Wahyu saben-saben nyabet juwara terus umuk neng ngarepku, ”iki lho ndhuk sang juwara pencak, apa kowe bisa?”, kandhane mas Wahyu karo ngece kae. Nanging aku ora serik, aku ngerti watake mas Wahyu, kabeh mau kanggo mecut aku supaya gelem latihan pencak silat kaya dheweke, nanging aku panggah wae ora gelem nuruti karepe, rasane aku ora duwe bakat pencak silat apamaneh awaku ringkih kaya ngene. Aku percaya kabeh menungsa diwenehi keluwihan lan ana kekurangane dhewe-dhewe, bisaku ya mung sekolah kanthi sregep ben entuk ranking siji sanajan nganti seprene rankingku ya mung tiba tengah-tengahan wae. Bubar ngaso wayah awan aku ditimbali bapak kepala sekolah, pak Darman guru kelasku ngancani aku ngadhep bapak kepala sekolah, ”Tutik,.. iki ana kalodhangan becik kanggo kowe, Pemkot Solo nganakake andon wasis uta lomba ngarang basa Jawa kanggo murid sekolah dasar, kowe tak pilih makili sekolah, sanggup ya?”. Aku bingung ora bisa menehi wangsulan. ”Miturut laporane pak Darman kowe pinter babagan ngarang basa Jawa, dadi kari nggladhi sedhela tak kira wis cukup”, ature pak kepala sekolah sajak dhesek kae. ”Saguh ya Tut, sapa ngerti nasibmu becik idhep-idhep kanggo ngarumake jeneng sekolah mu!”, ature pak kepala karo mbombong aku. ”Inggih kula purun pak, nanging menawi kawon mboten didukani nggih?”. Tekan titi wancine lomba aku wis siyap aneng gedhung Pendhapi Gedhe balaikota, bocah cacah satus seket padha melu andon wasis ngarang crita nganggo basa Jawa kanthi irah-irahan bebas. Aku njupuk irah-irahan: ”Pemkot Solo majibake kabeh pegawene nggunakake basa Jawa ing saben dina jum’ah”. Ing karanganku mau tak tak tulis alesan-alesan kang dhesek kahanane basa Jawa ing jaman saiki sing wis akeh ditinggalake para kanoman, uga tak tulis menawa basa Jawa iku rohe budaya Jawa. Malah ing wektu saiki majalah utawa koran basa Jawa kena dietung nganggo driji cacahe, iku wae uripe mung kempas kempis, sakliyane iku uga tak sisipi crita nalika pak Jokowi walikota Solo sapatemon karo wong saka manca negara, ”Hwo are you mister?”, sapane pak walikota kanthi basa Inggris. Nanging wong saka negara Amerika mau malah wangsulan nganggo basa Jawa kang alus, ”Kabaripun sae awit saking pangestu penjenengan”. Krungu wangsulane tamune mau pak Jokowi banjur mesem ngguyu nanging rada gumun, sakatase wong landa kok basa Jawane pinter. Sidane sapatemonan mau terus nggunakake basa Jawa alus. Yen wong saka manca negara wae padha seneng nggunakake basa Jawa kenangapa awake dhewe malah padha isin?. Karanganku terus tak pepaki crita saka tlatah Ngayogjakarta, Nalika semana aneng bis kota ana sakwenehing turis saka negara manca padha numpak bis kota. Gandheng ora oleh panggonan turis-turis mau kepeksa padha ngadeg. Ana sakwenehing nom-noman sing tumindak kurang ajar padha ngrasani turis mau. ”ben kethek-ketheke padha ngadeg neng bis kota, ben ngrasakake urip ing kutha Jogja”, kandhane wong-wong mau karo ngguyu. Krungu panggodhane wong-wong mau, turis-turis mau padha meneng wae, sanajan ngerti yen dienyek nanging arep mbales cara alus. Nalika tekan terminal, turis mau banjur padha mudhun ora lali karo pamitan marang wong sing ngenyek, ”Nyuwun sewu, kethekipun badhe mandhap terminal mriki”. Krungu pangucape turis mau nom-noman sing ngece raine dadi abang ireng kisinan terus padha melu mudhun sakperlu arep njaluk pangapura marang para turis. Singkat crita karangan banjur tak tutup kanthi kahanan sakbanjure para pegawe nggunakake basa Jawa, Pamarentah pusat mbiji menawa pamerentah Solo perlu oleh pengaji-aji amarga wis nindakake pelayanan masyarakat kang prima, kanthi luwih cepet lan ngajeni para tamu kang njaluk layanan apa wae.
Ora ngira karanganku jebul entuk biji paling dhuwur, aku oleh pengaji-aji utawa hadiyah piala gedhe lan dhuwit rongatus seket ewu rupiyah lan poto bareng karo pak Jokowi, hore,... aku dadi juwara!. (Cuthel)

Kamis, 03 November 2011

Samberana lan Samberini

Udan sewengi  menehi hawa kang seger lan resik esuk dina iki, sunare srengenge nambahi kahanan dadi anget lan endah, ana sakwenehing titahe Gusti Kang Akarya Jagad isih enak-enakan nggantung ing pucuking pang wit kenanga, gedhene saukuran jempol tangane wong lanang dewasa. ”Ayo enthung, iki wis awan ayo metu saka ngomah golek pangan, wetengku wis krasa luwe”, cluluke enthung sing sajake wis tangi saka anggone turu suwe. Anggone turu suwe banget, ora mung sewengi nanging meh seminggu tekan sepuluh dina. Sejatine anggone turu suwe mau luwih pener yen diarani tirakat utawa pasa. Krungu swarane ana enthung alok-alok akon tangi, enthung sing isih nggantung ana pang wit kenanga mau banjur kluget-kluget arep tangi. Anggone tangi ora gampang amarga kudu ngrikiti kemul sing mbuntel sakojur awake. Bareng kabeh kemule wis kebukak atine enthung mau dadi seneng banget. ”Hore aku saiki wis dadi kupu kang endah rupane!”, swarane enthung kang saiki wis malih dadi kupu mau karo kleper-kleper ajar mabur. Bareng wis sajak pinter anggone mabur, kupu mau banjur mabur mumbul ing angkasa nyawang kaendahane bumi saka sisih ndhuwur. ”Jenengku saiki Kupu dudu enthung meneh”, aloke banter karo nyedhaki kanca-kancane. 
Esuk kuwi tamansari kaputren ing kraton Jenggala kebak kupu kang padha mabur. Wujude ana sing gedhe nanging uga ana sing cilik, rupane werna-werna, ana sing kuning pinggire swiwi isih ana werna lirik-lirik biru, ana sing rupane ireng semu biru mengkilap, ana sing rupane ireng campur putih, ana sing rupane werna putih semu kuning, ana sing rupane wungu campur putih plenik-plenik, ana sing rupane soklat kaya bathik, wah pokoke pepak lan endah banget yen disawang. Kupu sing metu saka enthung aneng wit kenanga mau klebu kupu sing gedhe lan endah wernane. Anggone mabur ngubengi taman keputren mau pancen ana sing dituju, yaiku nggoleki kupu sing pada karo dheweke. Wiwit saka pojok tamansari keputren sisih wetan nganti pojok sisih kulon lagi bisa nemokake kupu sing digoleki. “He kupu wedok mrenea, ayo dolan karo aku!” aloke kupu lanang karo mabur nyedhaki kupu wedok sing padha jinise. Krungu pangundange kupu lanang sing padha jinise mau kupu wedok seneng banget atine amarga wiwit tangi turu mau ya mabur ngubengi tamansari keputren. ”iya kupu lanang, aku sakesuk ya mabur mubeng-mubeng nggoleki kowe kok kakang”, wangsulane kupu wedok karo nyedhaki kupu lanang. Sakteruse kupu lanang wedok mau banjur padha mabur bareng-bareng golek pangan sinambi nyawang kaendahane tamansari keputren krajan Jenggala. ”Kupu wedok kowe kok ayu temen, jenengmu sapa?”, pitakone kupu lanang karo njiwit wetenge kupu wedok mau. ”Ah,…. Kupu lanang kok nakal temen, isiiin… aku yen ditonton kupu liya, kae sawangen isih akeh kupu sing durung nemokake kancane”, wangsulane kupu wedok karo mbales njiwit wetenge kupu lanang. Kupu lanang karo kupu wedok mau banjur mencok aneng kembang-kembang sakperlu golek madu lan sari-sarine kembang. Kupu loro lanang wedok mau padha mabur lan mangan bareng, padha dolanan rukun banget, kadhang mabur munggah kadhang mabur mengisor golek madu lan sarine kembang saka wit-witan kembang melati, kembang kemuning, kembang kenanga, kembang tanjung, kembang kanthil lan mawar.
Bareng anggone mabur sajak krasa kesel, kupu lanang mau bali nakoni kupu wedok meneh, ”jenengmu sapa kupu wedok, mongsok wis kenalan suwe kok durung ngerti jenenge”. Kupu wedok banjur ngguyu karo wangsulan, ”jenengku kupu Samberini, asalku saka wit kembang Kenanga ing taman keputren kraton Jenggala, hla jenengmu sapa kupu lanang?”, ”jenengku kupu Samberana, asalku ya saka wit kembang kenanga ing taman keputren kraton Jenggala sisih wetan kana”, wangsulane kupu lanang karo ngobah-ngobahake sungute. Bareng wis ngerti jenenge kupu lanang lan kupu wedok mau banjur mabur meneh runtang runtung rukun banget. “Yen wis dadi kupu ngene iki akeh sing padha seneng ya, beda karo nalika awake dhewe isih dadi uler kae”, ujare kupu Samberana marang kupu Samberini, ”bener kakang, nalika isih dadi uler kae aku meh wae arep dipateni karo kanjeng putri, ya bejane aku isih bisa slamet amarga ndhelik ing suwalike godhong kenanga”, semaure kupu Samberini. ”Samberini yen mabur aja banter-banter, alon-alonan wae karo ngomong-ngomong dhisik”, pangajake Samberana. ”Iya kakang Samberana aku ya wis rada kesel kok, ayo mencok meneh neng kembang kenanga kae”, wangsulane Samberini. Kupu lanang lan kupu wedok sing jenenge Samberana lan Samberini mau kaya wis padha tresnane, sanajan ing tamansari keputren krajan Jenggala iki akeh kupu sing endah-endah rupane, nanging atine Samberana lan Samberini wis nyawiji pengin urip lan mati bebarengan. ”Samberini, yen pancen kowe wis tresna marang aku, apa buktine”, krungu pitakone Samberana mau Samberini banjur ngobah-ngobahake wetenge, mengku karep ben Samberana gelem nindhihi wetenge. Bareng meruhi Samberini wis gelem nampa katresnane, Samberana banjur tumandang gawe nindhihi wetenge Samberini. Kedadeyan mau mung sedhela banget, nanging kanggone Samberana lan Samberini wis marem banget, atine seneng amarga sesuk bakal ana winih sing thukul aneng wetenge. ”Ya wis kakang ayo padha golek papan kanggo turu wengi iki, delengen kae srengengene meh arep angslup!”. Kupu Samberana lan kupu Samberini banjur padha mencok ana sakpucuking wit kenanga sing dhuwur.
 Nalika wayah esuk repet-repet, kupu Samberana lan kupu Samberini wis padha tangi turu, nanging wayah esuk iki rasane awak rada beda, wetenge kupu Samberini malih dadi tambah gedhe, dene kupu Samberana awake ya krasa lungkrah kekeselan amarga sedina wingi padha gegojegan lan dolan menyang ngendi-endi papan. ”Kakang awaku kok rasane lara kabeh, apa aku arep ngendhog ya?”, ”ya bener Samberini, mbokmenawa sore mengko kowe bakal ngendhog, mula ayo dina iki golek papan kanggo ngendhog sing paling aman. Sakbanjure kupu Samberana lan kupu Samberini padha mabur golek panggonan kanggo ndelehake endhog-endhoge. Kabeh wit-witan ditekani lan diambu gandane, dipilih lan digoleki sing cocok karo pangane. Nalika mubeng-mubeng golek wit-witan mau nganti tekan sore lagi bisa nemokake. “Hla yen iki genah wit kenanga, godhong wit kenanga iki mbesuke dadi pangane anak turune dhewe sing isih wujud uler”, kandhane kupu wedok Samberini karo miling-miling golek panggonan. Bareng wis nemokake godhong sing diwawas aman saka ancamane sato kewan lan menungsa, kupu Samberini mau ndelehake endhog-endhoge sing cacahe watara lima tekan sepuluh iji. Kupu Samberini banjur bablas mabur nututi kupu Samberana sing wis ndhisiki mabur adoh. Kupu lanang lan kupu wedok mau banjur padha mabur adoh, nanging abure wis ora banter meneh, sakliyane awake wis kesel nanging uga umure Samberana lan Samberini iki pancen ora dawa. Ing liya dina menawa ora ana alangan sawiji apa, endhog-endhog sing diselehake ing suwalike godhong wit kenanga mau bakal netes wujud uler cilik-cilik, pangane godhong wit kenanga, wujude nggegilani kae. Uler-uler cilik mau penggaweyane ya mung mangan godhong rina lan wengi, mula godhong wit kenanga kadhang-kadhang nganti entek gripis, bareng wis dadi uler gedhe wujude sansaya nggilani sanajan ora nggateli. Nanging yen uler-uler mau padha gelem tirakat utawa pasa ora mangan ora ngombe aneng sakjeroning kemul sing rapet utawa wong akeh ngarani malih dadi enthung sing ora weruh endi elor endi kidul kurang luwih seminggu tekan sepuluh dina bakal malih dadi kupu sing jenenge kupu Samberana lan Samberini, ngono sakteruse. (Cuthel).

Crita saka pojok kutha

Udan saksore kaya disokake saka langit, deres banget malah kepara banjir lambah-lambah ing sadhengah papan, malem Minggu sing kudune reja kebak pengarep-arep dadi sepi tanpa sabawaning wong. ”Nasib,..., nasib,... suk kapan kowe mehak uripku, sambate Prapti karo dheleg-dheleg ing ngarep lawang. Meh seminggu iki Prapti ora wani metu saka ngomah, pulisi lagi mempeng anggone ngrazia para wanita wengi kaya awaku iki. Wis nasibe awak sing mergawe kaya Prapti iki, kurang begjane ketangkep lan diglandhang menyang kantor pulisi mlebu paukuman seminggu kanthi tudhuhan tindak pidana ringan utawa tipiring. Endang wis mlebu paukuman amarga nekat mejeng neng Manahan, papan sepi sing dadi pilihane para WTS kelas teri. Nasibe Endang luwih apik tinimbang nasibe Tinuk sing nekat nyemplung kali tumekane tiwas. Manahan saiki wis ora aman dadi papan palanyahan, Tirtonadi akeh premane sing seneng ora gelem bayar, malah ana sing gelem milara. Rampung macak lan ngolesi awake nganggo parfum Prapti ngilo sepisan meneh, wah yen ngene iki jan ayu tenan awaku,.. kandhane karo mesem dhewe neng ngarep kaca pengilon. Payung digrakake kanggo ngawekani gerimis, Prapti mlaku alon-alon nrabas petenge wengi nuju taman Banjarsari, atine wis manteb wengi iki kudu oleh dhuwit kanggo tuku beras lan nyukupi kabeh kebutuhane. Sakdalan-dalan krungu swarane wong singsot mbeda, ”mampir dhik,.. ngapa dolan adoh-adoh, kene lho mase lagi kijenan”. Prapti ora wangsulan, wis apal karo lageyane wong mau, senenge mbeda ning yen ditenani malah mlayu,.. dhasar lanangan jirih, kandhane Prapti nalika semana. Pasar Legi wis diliwati, isih rame kebak kuli panggul sing bar ngudhunake barang saka trek. Prapti kapok nglayani kuli pasar mau, bayare ra mingsra awake rusak kabeh. Lagi wae tekan sakpinggire taman Banjarsari ana mobil ngampiri dheweke, mesin mobil dipateni, sopire undang-undang, ”dhik mrenea,...”. Kaya biyasane Prapti meneng juwal mahal, nanging mripate nglirik wong lanang sing ana njero mobil. Dhasar bagus tur sugih pisan, sapa ngerti bisa dadi lengganan, batine Prapti karo mbales eseme wong lanang mau. Wong lanang mau mudhun saka mobile nanging ora nyedhaki Prapti malah ngadoh mara nyedhaki wadon liya sing ana ngisor wit cemara, ”Ueedan tenan” pisuhe Prapti ndhrindhil anyel karo nasibe. Sakpungkure wong mau genti ana wong numpak pit montor mara nyedhaki Prapti sing lagi sendhenan aneng pager tembok. ”Ijen mbak?”, aruhe karo nyedhaki, ”genah wong loro no kok ndadak takon”, wangsul ane Prapti mancing. Wengi iki Prapti sajake oleh pangan, atine nyicil ayem, wong loro mau mlaku bareng golek panggonan kang peteng, kamangka taman Banjarsari wis klebu peteng amarga saben dipasangi lampu merkuri mesthi mati diplinthengi tangan jail. Wong lanang mau pijer-pijer nyiweli bokonge Prapti, ”piye gelem pa ra?, dhuwitku ya mung se mene”, kandhane wong lanang mau bares. Prapti emoh nglayani, njaluk undhakan rega, ”apa-apa larang kok mas, yen gelem ya diundhaki, gah aku yen semono!”, wangsulane Prapti karo nguculi gegemane tangan wong lanang mau. Transaksi sex batal, wong lanang mau lunga golek wadon liya, Prapti atine nggondhok karo nggrundel, ”dhasar wong medhit ra ngerti reregan!”. Udan sajake wis mendha, lintang wengi siji loro ketok kerlip-kerlip kaya konang, atine Prapti tambah seneng, biyasane malem Minggu saya wengi saya reja, nanging wadon wengi sing teka ya saya akeh, saingane sansaya abot. Prapti nglirik jam tangane, lagi jam setengah sanga wengi, ”ah,.. isih sore mbokmenawa sedhela meneh bakal teka langganan lawasku”, batine Prapti karo ndonga. Wis telung sasi iki Prapti ora sowan simbah ing Matesih, dhukun ampuh sing dadi piyandele, mula rencanane yen dhuwit wis nglumpuk arep nganyarke sarat nyang Matesih. Mergawe dadi wong palanyahan ya kudu golek dhukun, apa meneh umure wis ora enom meneh kaya ngene yen ora disarati mesthi kalah karo wong anyaran. 
Saka kadohan ketok kledhange wong mara pawakane gedhe dhuwur, Prapti wis apal, gage-gage ngrogoh dhompete nggoleki dhuwit limang ewonan sing wis disiyapke saka ngomah, biyasa uang jasa keamanan,..... Komplek taman Banjarsari pancen ana sing nguwasani, mbuh panguwasa resmi utawa panguwasa sing ora resmi. Saben praktek ana kono kudu mbayar retribusi limang ewu apadene sepuluh ewu gumantung kelase dhewe-dhewe. Kelase Prapti mung kelas teri dadi retribusine ya mung limang ewonan. Durung oleh dhuwit wae wis kudu mbayar dhuwit, urip pancen ngrekasa nanging piye meneh wis jamane kaya ngene, yen ra gelem mbayar mesthi dipilara. Bedhegane Prapti bener, malem Minggu saya wengi sansaya reja, akeh wong lanang sing padha mara ngumbah mata lan ngumbar hawa. Ana mobil teka sing numpaki wong papat padha marani Prapti, ”Dhuh,... cakepnya siapa namanya?”. Prapti wis apal karo wong kaya ngono iku, biyasane mung nggodha thok. Prapti pilih ngadoh, wong-wong mau padha ngguyu terus lunga. Prapti mlaku-mlaku ngubengi jembare taman Banjarsari golek mangsa, sapa ngerti ing pojok kana ana sing ngenteni. Kring,.. kring,.. Hpne muni, telepon saka kancane sing ana Jogja. ”Halo,. Lagi apa Prap?”, ”ah,.. biyasa ideer,...piye kabare Jogya apa isih rame?”, ”kene lagi paceklik, sajake wong lanang saiki pilih kawin siri tinimbang royal”, ”kapan nyang Solo?, saiki Solo sansaya rame lho!”, ”kapan-kapan waelah yen dhuwite wis nglumpuk”, ”pira taripe wong kaya awake dhewe iki?”, ”ah,.. ya nyawang-nyawang tamune, ra ana rega sing mesthi, wis ya pulsaku meh entek”. Prapti mencet Hpne terus dileboke dompet. Malem Minggu pancen beda, sanajan bar udan ya tetep reja, nalika tekan ing pojok taman ana wong lanang sing marani, ”dhik,.. mandheg sik, kene lho aku dikancani”. Prapti mandheg, atine seneng sajak arep kepayon tenan wengi iki, wong loro mlaku runtung-runtung nyang petengan, ”jenengmu sapa dhik?”, ora wangsulan, Prapti malah genti takon, ”sapa sik jenengmu om?”, ”aku Djoni, lha jenengmu sapa?”, ”undangan aku Selfi”. Wong loro mau sajak wis padha cocoke, kanggone wong sing seneng ngumbar hawa lan wong palanyahan jeneng ora penting, sanajan ngaku jenenge Joni apadene Selfi, jeneng mau genah yen dudu jenenge sing tenan. Anggone rembugan ngalor ngidul ora ana bongkot pucuke, sing siji gelem nampa critane sing liya, semono uga sing liya ya gelem nampa critane sing siji. Angin wengi tambah semribit, wong loro arep golek papan sewan ing sakiwa tengene terminal Tirtonadi, dumadakan gorokane Prapti krasa gatel banget, watuke ora bisa ditahan meneh, Ahug,.. ahug,...ahug, swarane lanang saknalika metu, tamune dadi cubriya menawa sing dikencani dudu wadon sejati nanging wong banci. ”Wis ora sida wae dhik, tak kira wong wedok tenan”, wong mau kandha mengkono karo mlayu ninggalke Prapti sing misuh-misuh, ”asu.. ya kowe, mandheg,... tak kampleng sirahmu pecah!”. Wengi iki Prapti kudu prihatin ora ana tamu sing ngencani, dhuwite wis entek, gelem ora gelem sesuk kudu mbaleni gaweyane lawas nyopir becak, wong-wong padha ngundange jenenge mas Prapto. Atine kuwur mulih tanpa nggawa dhuwit, tekan kulon Mangkunegaran krungu sawarana adzan Subuh sing gumandhang banter, wong-wong padha mara menyang mesjid sakperlu sholat, Prapti kelingan welingane swargi embokne: ”wong lanang iku penggaweyane meres kringet mbanting raga kanggo nyukupi kebutuhan kulawarga, dudu wedhak pupur!”, Prapti atine mamang ngadhepi donya, neruske dadi Prapti apa Prapto?.
==000==

Keduwung

Omah iku katon sepi mamring, sajake wis pirang-pirang dina ora ana wong kang ana kono, apa meneh latare katon reget lan lampune uga mati, genah yen wis sauntara dina ora ana sing manggon. Aku rada bingung banjur arep takon sapa wong omah sakiwa tengene ya katon tutupan lawang kabeh gek lawange pager ya ditutup. Rongpuluh tahun kepungkur aku mbiyen kerep dolan mrono, meh saben malem minggu utawa dina preinan aku mesthi dolan mrono saperlu nemoni wong sing dadi gegantilaning atiku. Ah,... Sumi,... Sumi,...saumpama kowe ora blenjani janji mbokmenawa aku bisa urip mulya karo kowe, wektu rongpuluh tahun mbokmenawa anaku wis papat utawa lima. Hla jenenge wae wong tresna iku gampang-gampang angel, sanajan rupane Sumi iku mung klebu tiba sedhengan, ora ayu ya ora elek nanging aku kok ora bisa nglaleke dheweke nganti seprene, rasane donya iku ora ana wong wadon kejaba Sumi, Sumiyem prawan saka Wonogiri. Anggonku kenal Sumi sejatine ora sengaja, pas nalika sekatenen aku nonton bareng kanca-kanca saka kampung, e,.. ndelalah kok ana bocah wadon nganthi bocah cilik nangis mingsek-mingsek neng ngarep mesjid agung. ”Ana apa dhik kok nangis?”, pitakonku karo nyedhaki, ”aku kecopetan kok mas, dompetku ilang, gek piye mengko aku ora bisa mulih nyang Wonogiri”. Ing batin aku wis nggagas, ya iki dalanku dadi satriya kang mbelani wong kang lagi kesusahan, ”ya wis ora sah dipikir, mengko mulihe bareng aku sakanca, omahku Nguter kok dhik dadi bisa nunut rombonganku”. Dhasar aku iki isih joko thing, niyatku nonton sekatenan ya tujuwane golek kenalan sapa ngerti ketemu jodhone. Sebanjure saben dina malem Minggu aku mesti dolan menyang omahe Sumi, kawitane mung kekancan nanging suwe-suwe tuwuh rasa tresna, tresna kang suci tenan dudu tresna amarga nepsu birahi. Pacaran suwene meh telung tahun aku durung tau kok jenenge njiwit tangane, utawa gegojegan kang ngliwati wates. Aku kepengin mbesuke Sumi dadi bojoku, dadi ibune anak-anaku, dadi mbahe wedok putu-putuku, dadi mbah buyute buyut-buyutku. Atiku wis manteb tenan, ya mung Sumi wong wadon ing donya iki kang bakal dadi bojoku. Nanging ana bab sing dadi ganjelaning ati, apa wong arep omah-omah iku mung cukup pawitan tresna?, apa cukup njagakake bantuwane wong tuwa?. Aku iki kanoman kang isih nganggur sanajan ing sakmburine jenengku ana embel-embel titel SE (sarjana ekonomi). Rasane kaya disamber gludhug ing wayah ketiga bareng krungu kabar Sumi arep diomah-omahke karo sawijining pegawe bank. Wektu iku aku wis ora diolehke nemoni Sumi. Rasane atiku kaya wong bingung kae, jebul kaya ngene rasane wong kepedhotan tresna. Apa Sumi medhot katresnane?, pitakonan iku bola-bali ora oleh wangsulan, nanging nyatane wong tuwane Sumi wis njodhokake Sumi karo pegawe bank. Aku nyadhari kabeh iki pancen salahku dhewe ngendi ana wong wedok gelem dipek bojo wong angguran, ngendi ana wong tuwa gelem duwe mantu pengangguran. Rasane aku iki wong lanang kang ora ana ajine babar pisan, tujune akal warasku isih mlaku, aku pengin mbuktekake menawa aku bisa cekel gawe kang lumrah kaya wong-wong kae, mbuh dadi pegawe, mbuh dadi buruh, mbuh bakulan, mbuh nyopir, mbuh nguli, mbuh nukang, mbuh ngojek, mbuh dodolan bakso, mbuh dodolan bakmi, sing penting aku kudu nyambut gawe, ya amarga penggaweyan iki sing dadi jatidirine wong lanang.
***
Ora krasa wektu rong puluh tahun wis kliwat, wektu kang suwe banget kanggone wong liya, nanging kanggoku ora suwe, aku tetep ora bisa nglalekake Sumi, wanita saka Wonogiri mau pancen wis dadi pilihan uripku, yen ora karo Sumi luwung ora kawin iku tekatku. Ora kecekel prawane ya entuk randhane ya ora apa-apa, waton karo Sumi. Nalika aku numpak sepur saka Jakarta wingi aku wis nggagas, wektu rong puluh tahun mesthi wis akeh owah-owahan, omah gebyok omahi Sumi mesthi wis malih wujud dadi omah loji kang endah, wong bojone Sumi iku pegawe bank kang sugih dhuwit, Sumi mesthi malah tambah katon ayu sanajan umure tambah tuwa nanging kabeh mau bisa disetiyari dandan menyang salon wong bojone Sumi iku pegawe bank kang sugih dhuwit, anak-anake Sumi sing mbarep mesthi wis lulus SMA apa malah wis kepara dadi mahasiswa wong bapake pegawe bank kang sugih dhuwit mesthi bisa nyekolahke nganti pamulangan dhuwur. Bubar mikir Sumi aku terus mikir awaku dhewe, joko tuwa nyambut gawe aneng paran nganti rongpuluh tahun durung tau ngambah maneh Wonogiri. Senajan aku wis cekel gawe kang mapan rasane awaku ora kopen wong jenenge wae urip ijen ora ana sing ngopeni. Nanging,... sakumpama Sumi wis dadi randha njur kayangapa ya kahanane?. Randha anak papat utawa anak lima mendah kaya ngapa rekasane uripe, nanging ora, aku percaya Sumi isih tetep urip kepenak wong jeneng wae randhane pegawe bank mesthi akeh bandha tinggalane sing lanang, nanging Sumi apa gelem nampa tekaku?. ”Dhik Sumi apa kabare?”, aku nyoba ngrakit ukara kawitan nalika ketemu sesuk kang sepisanan sakplok pisah rong puluh tahun. Wewayanganku werna-werna, mengko yen ketemu apa aku bisa ngampet tangisku?, apa Sumi ya isih kelingan rupaku?. Pikiranku dadi ngepang mrana mrene ora karuwan, aku malah dadi bingung dhewe. Aku isih nyawang omah gebyok mau, iki genah omahe Sumi mbiyen, kok kaya ora ana owah-owahan babar pisan?. Meja kursi kang ana emperan omah uga meja kursi mbiyen sing tak lungguhi. Tak sawang platarane uga isih ana wit sawo kang saiki katon tambah gedhe. Aku yakin iki genah omahe Sumi, nanging kenangapa kok katon sepi?, apa wis didol wong liya banjur Sumi pindhah omah ing kutha melu bojone?. Luwih saka rong jam aku ngadeg aneng dalan ngarep omahe Sumi. Nalika ana wong lanang setengah tuwa liwat dalan kono aku nyoba pitakon marang dheweke, ”nyuwun pirsa pak, menapa menika griyanipun dhik Sumi bojon pegawe bank rumiyin?”, pitakonku karo nudingi omahe Sumi. Wong lanang iku durung wangsulan , ketoke isih mikir-mikir. ”Eng,... menawi menika leres griyanipun Sumi, nanging sanes Sumi bojon pegawe bank, Sumi ingkang gadhah griya menika prawan ingkang mboten omah-omah!”, wangsulane wong lanang mau karo nyawang aku. Krungu wangsulane wong mau aku dadi bingung, ”dados Sumi mboten saestu dados bojonipun pegawe bank?”, ”mboten,.. Sumi mboten purun dijodhoke kaliyan pegawe bank!”, wangsulane tandhes, ”hla sakmenika Sumi wonten pundi?”, pitakonku ndhedhes kebak pengarep-arep. Wong lanang mau nyawang aku kebak wadi, ”Punapa njenengan dereng pikantuk kabar?”, ”kabar punapa?”, atiku dadi dheg-dhegan. ”Sumi sampun wangsul dhateng pangayunaning Pangeran, nembe sekawandasa dinten kepengker!”, ”dados Sumi sampun seda?”, pitakonku setengah ora percaya, ”leres!”, wangsulane wong mau karo manthuk.Tak sawang omahe Sumi kanti rasa sedhih, atiku keduwung banget, ing pangrasaku Sumi mbukak lawang karo ulat mesem ngawe-awe aku, saya suwe saya adoh terus ilang, bubar iku aku wis ora eling apa-apa meneh, ngerti-ngerti aku wis dirawat ana rumah sakit Wonogiri. (cuthel)
***