Pardi lan Joko esuk iku padha pit-pitan menyang ratan gedhe Slamet riyadi, sakliyane kepengin nonton lan nyawang kahanan Car Free Day (CFD) sing digelar pendhak dina minggu watara jam 06.00 nganti jam 09.00 esuk, bocah loro iku padha kepengin mbuktekake omongane pakdhene Joko kang nyritakake menawa reca gladhag iki bisa manthuk-manthuk yen weruh menungsa. ”Reca gladhag iku bisa manthuk-manthuk yen weruh menungsa!”, ngono ngendikane pak Parjono, pakdhene Joko marang Pardi lan joko bocah klas papat ing SD iku, ”Napa inggih pakdhe, reca gladhag rak watu ta?”, ”iya,.. nanging yen weruh menungsa gelem manthuk-manthuk, apameneh angger weruh sepur liwat malah tangane ngawe-awe”, kandhane pakdhe Parjono mantep, ”pakdhe mboten ngapusi ta?”, ”ora,... iki tenan, yen ora percaya buktekna dhewe mrana, suk dina minggu dolana mrana idhep-idhep nonton CFD”. Dina minggu iki, wiwit jam enem esuk bocah loro wis pit-pitan menyang ratan gedhe slamet riyadi. Ratan slamet riyadi wiwit protelon Purwosari nganti tekan prapatan Gladhag ditutup kanggo kabeh kendaraan mobil lan pit montor, tujuwane kareben kabeh masyarakat bisa nggunakake ratan slamet riyadi kanggo mlaku-mlaku utawa pit-pitan lan olah raga liyane. Sakliyane iku ben hawane kutha Solo bisa resik ora kakehan polusi kang mbebayani tumrape kasarasan kabeh warga. ”Wah yen saben dina kaya ngene iki seneng ya Jok, hawane resik ora kakeyan polusi gas karbon”, ”iya bener, nanging yen saben dina dianakake CFD terus awake dhewe yen sekolah utawa lelungan numpak bis lan sepedha montor liwat ngendi?”. ”Oh iya, ya, yen ngono bener yen dilaksanakake saben seminggu sepisan wae. Tekan ngarep THR Sriwedari bocah loro mau mandheg nonton panggung seni kang dipandhegani para kanoman, lumayan apik tur ya gratis pisan. Joko lan Pardi anggone nonton panggung musik mau nganti padha ndomblong gumun. ”Di,.. ayo mlaku ngetan kana ya ana pangung ayake”. Tekan prapatan Pasarpon wong-wong padha nglumpuk akeh banget, ing kene ana panggung hiburan orkes kroncong. Mlaku mengetan meneh bocah loro mau karo ngguya- ngguyu seneng atine. Ing prapatan Nonongan uga ana wong-wong kang nganakake senam bebarengan, musike rancak nyenengake ati kang padha melu senam. ”Jebul CFD iku apik ya Di?”, ”ya ,.. ya aku ya lagi ngerti pisan iki, suk minggu mrene meneh ya?, ”beres, ning kudune ra ketang sithik ya nggawa sangu ben bisa jajan”, ”ya wis ra apa-apa, idhep-idhep saiki lagi latihan olah raga”, wangsulan Joko karo ngampet ngelak. ”Wis ayo gek mlaku ngetan meneh nuju prapatan Gladhag”, kandhane Pardi karo nggenjot pit rada banter. Aneng prapatan Gladhag kahanan ora kalah ramene, ing kene ana atraksi olah raga senam lantai kang diadani bocah-bocah sakumurane SD lan SMP padha mamerake kabisane. Weruh olah kridhane para pesenam cilik mau Pardi lan joko padha gumun banget, ”kok bisa kaya ngono ya?”, ”angger gelem melu latihan ing sanggar senam mesthi ya bisa”, ”yen melu latihan ya kudu bayar?”, ”ya bayar no mongsok gratisan kabeh, ning yen kowe duwe krenteg kang tenan melu latihan mbok menawa oleh keringan bayaran”. Sakwise marem anggone padha nonton senam mau bocah loro mau padha nuntun pit nuju reca gladhag kang gedhene sak gerdhu pos rondha. Disawang saka cedhakan reca mau, dielus-elus sakojur awake, jebul atos banget. ”Di,.. mripate kok mentheleng terus?”, ”iya,.. ya,. cangkeme ya mung meneng wae”, wangsulane Joko karo ngelus-elus wetenge reca mau. ”Sirahe kok ora manthuk-manthuk?”. ”Wis genah,.. pakdhe Jono ngapusi awake dhewe”, kandhane Pardi karo ngguyu. ”Kosik,.. aja-aja sing dikarepke pakdhe Jono reca sing ana sisih wetan kae?”, kandhane Joko karo nudingi reca gladhag sing mapan sisih wetan dalan. ”Ya wis ayo dibukteke mrana!”. Pardi lan Joko nuntun pit nuju reca gladhag kang mapan aneng sawetane dalan. Disawang saka ngarep tekan mburi, saka kiwa nganti tengen wujude padha plek karo reca kang ana sisih kulon. ”Piye sing aneng kene apa bener bisa manthuk-manthuk yen weruh menungsa?”, pitakone Joko karo nyawang Pardi. ”Ketoke kok ya padha karo sing ana sisih kulon, cangkeme ya mung meneng wae, sirahe ya meneng”, ”coba wetenge elus-elusen ben krasa keri!”, prentahe joko. Yen kowe mengko ngelus-elus wetenge reca, aku tak namatke tenan lambene, mesem apa ora, sirahe manthuk-manthuk apa ora”. ”ya wis tak tindake”. Pardi ngelus-elus wetenge reca mau, tangane diusek-usek sakrosane, bangkekane reca diithik-ithik ben keri, pamrihe mengko recane ben mesem, sirahe ben gelem manthuk-manthuk. ”Piye Jok mesem apa ora?”, ”ora,... recane mung meneng wae”. Wis-wis,... pakdhe genah ngapusi awake dhewe, wis ayo mulih aku wis kesel. Joko lan Pardi nggenjot pit mulih menyang kampung Laweyan kang lumayan adoh, ing batin arep nutuh pakdhe Jono sing wis ngapusi. Aneng sakjeroning atine sakjane wis maido mongsok ana reca saka watu kok bisa manthuk-manthuk sirahe, nanging sing kandha ngono mau pakdhe Jono mula ya kudu percaya apameneh pakdhe Jono ya akon padha mbukteke dhewe. Tekan ngomah lagi padha nyendhekake pit, pakdhe Jono wis mapakake tekane karo nggawa gelas isi wedang teh lan gorengan pohung. ”Bener ta reca gladhag bisa manthuk-manthuk yen weruh menungsa?”, kandhane pakdhe Jono karo akon bocah loro mau ndang ngombe wedang teh. Gleg,..gleg,...gleg,.. wedang sak gelas entek mlebu weteng. ”Pakdhe ngapusi!”, kandhane cah loro mau meh bareng. ”Ngapusi piye?”, ”recane mung meneng thok, apa ana watu kok bisa manthuk-manthuk”, ”Loh,.. pakdhe rak kandha, reca gladhag iku bisa manthuk-manthuk yen weruh menungsa”. ”Wis tak bukteke dhewe, malah wetenge tak ithik-ithik kok ya ora bisa mesem lan manthuk-manthuk”, kandhane Joko karo mesem dhewe. Pakdhe Jono genti sing ngguyu kemekelen. ”Cah,... cah,... yen aku ngomong iku ya dirungokake dhisik, aku kandha apa ta?”. ”pakdhe kandha jare yen weruh menungsa reca gladhag bisa manthuk-manthuk”, kandhane Joko nutuh. Pakdhe Jono nyedhaki bocah loro mau karo kandha, ”yen,... yen,... iku tegese menawa, utawa sakumpama”, kandhane pakdhe tandhes, ”jlentrehe piye padkdhe”, ”Yen weruh iku tegese menawa weruh, dadi yen ora weruh ya ora manthuk-manthuk, mongsok ana reca watu bisa manthuk-manthuk”, kandhanene pakdhe karo ngguyu kemekelen. Krungu katerangane pakdhe Jono mau bocah loro mung kukur-kukur sirahe sing ora gatel.
*cuthel*
Tidak ada komentar:
Posting Komentar