Selasa, 06 Desember 2011

Nagih Janji (Mapak tekane Konggres Bahasa Jawa V ing Surabaya)

Ing sakwenehing wektu aneng toko buku gedhe ing Jakarta, ana kanoman jemagar udakara umur wolulas tahun lagi miling-miling nyawang buku-buku wacan basa jawa ing toko mau. Ana werna-werna novel basa jawa kang cumepak kanthi irah-irahan: ”Katresnan ing gunung Lawu” anggitane Sutarmanto, ”Kadang konang” anggitane Bonari Nabonenar, ”Kidung wanci sore” anggitane Maria M. Bhoernama, ”Nanggori jaman ora genah” anggitane Romdhonah, ”Oleh-oleh saka paran” anggitane Sugeng Wiyadi, ”Gamane Wanita” anggitane ibu Is Sarjoko, ”Kesandhung gelung”, anggitane Joko Purwanto, ”Sujarahe sopir becak” anggitane Bambang Hermanto, ”Kena godha” anggitane Supono SPd, ”Ontran-ontran kutha Sala th.1998” anggitane Khoirul Soleh, ”Gajah mada” versi basa jawa anggitane Langit Kresna Hariyadi, ”Kumpulan Gurit saka Wetan kali” anggitane Sugiharto BD lan isih ana maewu-maewu judhul novel basa jawa karangan pengarang kang wis lawas apadene pengarang anyar kang dipajang ana toko buku mau, kabeh laris kaya dodolan kacang goreng, sakliyane wujude buku apik lan narik ati, bobote isi ya klebu mentes mula bisa narik kawigatene para siswa lan masyarakat umum tur regane murah banget. Buku lan novel jawa karangan pengarang kondhang kayadene Suparta Brata, lan Arswendo Atmowiloto, lan Mbah Brintik malah kudu dipesen sakdurunge amarga pasediyan mesthi entek. Buku lan novel basa jawa lagi mlebu ing jaman keemasan, buku lan novel basa jawa onjo ing sadhengah papan  panggonan ora mung aneng Jakarta nanging klebu ing kutha gedhe lan kutha cilik liyane. Para pengarange padha ketiban rejeki kang ora dinyana-nyana. Saben wayah longgar ing sapatemonan resmi utawa ora resmi wong-wong padha nyritakake buku anyar kang lagi wae diwaca. ”Wah,.. sampeyan wis maca buku Pedhut wayah esuk karangan mas Arswendo?”, ”durung, apa mas Wendo mbabar buku anyar?”, sing ditakoni malah genti takon. Novel anyar anggitane pengarang saka Solo iki pancen ngedab-edabi tenan. Ing kawitan pehak penerbit wis nyetak sepuluh ewu exemplar, nanging lagi sewulan neng pasaran wis ludhes tanpa tilas, mula nganti seprene wis dicetak maneh ambal ping pitulikur. Ora maido meh kabeh karangane mas Wendo mesthi laris, amarga yen ngarang crita adhakane critane pancen angel dinuga, alur critane mubeng ruwet nanging entek-entekane banjur nyambung meneh, saengga para maos dadi kepilut kudu maca sakrampunge. Ya kahanan kaya ngene iki sing taksuwun rina lan wengi saiki lagi kelakon, kabeh wong jawa padha nresnani basane, padha nggandrungi sastra jawa, padha nguri-uri budaya jawa. Aksara jawa ora mung dadi pajangan nengeri jeneng kutha  apadene kantor pamarentah lan swasta, nanging wis bisa dadi pilihan utama para warga jawa kang nggunakake komunikasi tulis. Iki kabeh mau pancen mujudake asile para-para kang wis gelem cawe-cawe marang ngrembakane basa lan sastra jawa. Pamarentah daerah mligine pemerintah provisnsi Jawa Tengah, Jawa Timur lan Dearah Istimewa Yogjakarta wis setiyar kanthi ragat yen digunggung milyardan rupiyah kanggo nganakake KBJ (Konggres Bahasa Jawa) kang wis makaping-kaping, semono uga para sutresna lan pemerhati sastra jawa kang kanthi suka rena ing penggalih lan swadana uga wis nganakake KSJ (Konggres Sastra Jawa) kang wis ambal-ambalan. Pancen yen disawang lan digagas sanajan loro-lorone padha kang nresnani lan kepengin nguri-uri basa lan sastra jawa, nanging ana bab siji kang mbedakake tumindak mau. KBJ katon luwih moncer amarga dirawuhi para undangan kang klebu tamu VIP, mapane aneng hotel mewah kanthi pasugatan kang mogelake ilat. Asile KBJ mujudake rekomendasi lan putusan-putusan penting, kang bakal dilaksanakake, makalah kang endah, rencana muluk-muluk, lan sing ora keri SPJ (Surat Pertanggung jawaban) kang awujud kwitansi-kwitansi kang kudu ditapak asmani para kang rawuh lan pehak kang wis nampa dhuwit. KBJ katone mung mujudake ”Proyek” kang kudu dilaksanakake saben limang tahun sepisan.  Suwalike Konggres Sastra Jawa (KSJ) mung dirawuhi para sutresna kang nekani kanthi ati kang seneng lan semangat kang makantar-kantar. Sing gelem rawuh ora diwatesi lan dipilih bodho apadene pinter, nanging sing baku sok sapa wae sing nresnani lan kepengin nguri-uri sastra jawa. Mapane ya mung aneng sadhengah papan prasaja, pasugatan ya mung sarwa prasaja, ragat disangga bareng,  sing penting kabeh mau bisa ditanjakake kanthi irit lan temanja, nuwun sewu,.. ora ana sakrupiyah wae kang dikorupsi pehak panitya. Pancen wis sawetara tahun donyane buku sastra jawa wis mati kesilep gebyare sastra Indonesia lan dening donyane internet, nalika semana buku sastra jawa wis disirik pamaos, amarga pamaos padha mlayu menyang warnet utawa ngedhep laptope dhewe-dhewe, pengin maca cerpen apadene cerkak utawa buku lan novel cukup mbukak internet kanthi ragat kang murah, nanging Gusti Allah  banjur ngelingake marang sok sapa wae wong jawa, ”He kabeh wong Jawa, kowe aja kesengsem anggonmu nggandrungi marang internet lan sastra Indonesia, mesakna kae para pengarang  basa Jawa kang uripe mengkis-mengkis kaya wong ketaman lara Asma”. Pangandikane Gusti Allah katon duka yayah sinipi, ”Kowe para gubernur, aja mung seneng-seneng nganakake KBJ, tanpa genah tanjane!”, saiki sawangan wong-wong kang padha nganakake KSJ kanthi ragat dhewe, apa kowe ora isin yen mung meneng wae?”. Ndilalah kersane Gusti Allah, para-para wong kang ngaku dadi wong jawa ing ngendi wae papan dununge  banjur padha eling saka anggone ”turu”. Semono uga para gubernur kang duwe ada-ada nganakake Konggres Basa Jawa kaya sadhar anggone tumindak sakarepe dhewe marang mati uripe basa lan sastra jawa. Naluri kepemimpinane kaya dituduhake dalan padhang, dalan mulya kanggo nguri-uri basa lan sastra jawa. ”He nur,... gubernur”, ngendikane Gusti Allah karo njewer kupinge. ”Uripmu iku mung limang tahun, njur apa jasamu kanggo ngurip-urip basa lan sastra jawa?”, ”inggih,... inggih,... nyuwun pangapunten Gusti, kula janji badhe nyengkuyung sedaya setiyar nguri-uri lan ngrembakaken sastra lan basa jawa”, ”janjimu bisa takugemi?”, ”sendika Gusti, menawi kula cidra ing janji kula trimah mundur mboten dados gubernur”, ”tak tagih janjimu!”. Saiki aku wis percaya marang janjine para gubernur mau, basa lan sastra jawa banjur dadi ngrembaka kaya sing tak aturake ing dhuwur, nanging emane lelakon iki dumadi ing tahun 2999 Masehi.
***

Tidak ada komentar: