Kamis, 24 Maret 2022

KURSI

Hla wong jenenge wae cita-cita mesti kudu dhuwur, yen bisa ya sakdhuwure langit. Yen ana wong ngarani cita-citaku mokal kelakone ya wis ben, anggep wae dadi semangat utawa pecut supaya aku luwih sregep setiyar ben bisa kelakon. 
Sengaja ora tak sebutke cita-citaku, ben padha penasaran.

Pancen aku arep gawe kejutan, ngono istilahe jaman saiki. Yen jaman biyen sinebut gawe pengeram-eram. Anake wong buruh tani wae kok nggayuh kursi. Kabeh padha mencep lambene, padha ngece jare wong cebol kok nggayuh lintang. Pokoke sakarepmu anggonmu muni, mengko yen kesel rak ya mingkem dhewe, batinku. 

Gentho wae bisa dadi raja, gek aku wong jujur mestine ora mokal yen dadi raja, batinku karo maca bola-bali cerita Ken Arok. Ah ... Ken Arok, bisa dadi inspirasiku nanging ya ora nyonto persis, kudu ana sing diowahi sithik, ditambah utawa dikurangi. 

Sakiwa tengenku jebul akeh lemah amba bawera lan nyimpen emas ireng utawa batu bara. Apa aku arep dadi juragan tambang batu bara? Rasane kok ora perlu, amarga papan jembar ngilak-ilak iki dadi duweke Koh Sing, China saka Betawi. 

Ana cerita liya jare papan kene iki duweke PT Ali Baba, sakwenehing perusahaan gedhe, saham utawa sing duwe andhil ing kono wong akeh. Ana sing duwe saham sak lot pengaji sak milyar, ana sing duwe saham rong lot pengaji rong milyar, nanging akeh-akehe sing duwe saham para pejabat, paling akeh dhewe duweke komandan Linmas. 

Hebat tenan komandan Linmas iki, apa meneh yen nyawang anake mbarep kang rupane ayu moblong- moblong, asmane Juminten. Dhuh ... Juminten mbesuk kapan aku bisa sesandhingan karo sliramu. Rasane yen nyawang bokonge, jan ... pengin nyiwel tenan. 

Dina iki wis genep pitung dina aku pasa mutih, banjur reresik awak, sakbanjure aku mateg aji sineksenan bumi lan langit. Japa mantra tak waca kaping telu.

"Niat ingsun ora njala sato iwen. Niat ingsun ora njala sato iber-iberan.
Niat ingsun ora njala kewan galak. Nanging ingsun njala sukma ndika, rara ayu Juminten, prawan ayu pepujaningsun. Ora ana dina padhang yen awak ingsun ora ana ing sandhingmu. Ora ana impen kang endah, kajaba ndika lelangen asmara karo ingsun."

Dheg ... dheg ... dheg ... bumi tak gedrug kaping telu.

Sore iku aku lungguhan aneng ngarep omah, dak sawang langit sisih kulon   werna biru resik ora ana mendhung sinaput. Saka kadohan katon ana pawongan wadon mlaku alon nuju omahku. Atiku rada nratap, apa kae Juminten? 

Aku rada kaget. Pranyata ora keliru, Juminten mbalang esem luwih dhisik. Aku kaya mabur ing awang- awang.

"Arep tindak ngendi dhik kok ijen wae," aruhku karo mbales esem.

"Golek padhang hawa kok Mas, neng omah kok ati dadi sumpek," wangsulane karo ndhingkluk. 

"Hla apa dak kancani ben padang atimu."

"Mas Djoko gelem ngancani aku?"

Krungu wangsulane Juminten klambiku saknalika dadi sesak. Jebul katresnanku ditimbangi. Atiku mongkog, donya iki duwekku kabeh. 

Prasasat dalan kampungku dadi alus kabeh. Ing sakiwa tengene dalan kekembangan padha megrok, gandane arum ngambar-ambar. 

Aku mlaku alon-alon mecaki dalan kampung. Pamer marang kabeh warga, iki lo calon manten sasi ngarep, utawa sasi Besar.

Jebul malah suwe mijet wohing ranti, wulan Syawal Juminten wis sah dadi sisihanku miturut ukum agama lan ukum negara.

Sanajan sinawang warga kampung dadi mantune pak komandan Linmas kayane aku ora sakdrajat, nanging bapak maratuwaku rumangsa bombong atine. Duwe mantu bagus tur ya sarjana tenan, dudu sarjana ecek- ecek.

Krungu rerasane tangga teparo aku ya mung ngguyu. Jare aku iki wong lanang sing kebeneran anggone tetak. Jan ... asem tenan!

"Nak, tahun 2024 wani maju ngrebut kursi?" pitakone bapak maratuwa karo klepas-klepus udud. 

Ya iki kalodhangan sing tak tunggu-tunggu, yen mung bab kepinteran rasane aku ora kalah, nanging tetep kudu ana ragat lan rencana sing mateng. Sing luwih baku lan pokok dhukungan ragat kang ora sithik.

"Piye, wani ora maju ngrebut kursi?" Bapak takon meneh sajak semu ndhesek. 

"Wantun Pak, kula siap sauger Bapak siap ragatipun".

Bapak ngguyu ngakak nganti wong sakomah dadi kaget. 

"Yen bab ragat iku masalah cilik," wangsulane karo nuduhake jenthik, "Sing baku sliramu kudu siap sakabehe. Dak kandhani ya, tambang batu bara kae sahame wis dadi duwekku kabeh, neng Papua kana aku ya duwe tambang emas, emas kuning tenan dadi luwih aji."

Atiku wis manteb kanggo ngadhepi tahun 2024, aku ora arep sesumbar, mengko yen wis entuk kursi aku arep makarya sakuwatku. Yen mung ngurusi sakwernane tambang, ya tambang batu bara, tambang emas, tambang nikel lan liya-liyane iku wis dadi penggaweanku, ora susah nekakake tenaga saka negara China, aku Djoko Wahono, elek- elek ngene jebolan saka S2 Geology Universitas Gajah Mada. 

Sukoharjo tlatah Madegondo, 22 Maret 2022

Sumedi

Candhik Kala ing Pesisir Kidul

Ya kaya ngene iki rasane ati yen lagi kapedhotan katresnan, apa wong lanang yen lagi kepedhotan katresnan ora sedhih, ora bingung? Malah susah lan sedhihe ngungkuli wanodya sing kapedhotan katresnan, ora bisa digambarake nganggo tembung lan ukara. Ditampik prawan sing saksuwene iki dadi geganthilane ati, dhuh ... rasane ati lara, lara banget. 

Nanging aku percaya menawa Sumi ora nulak aku, ora nampik aku, wong dheweke cerita yen aku iki wong lanang sing saksuwene iki tansah diidham-idhamke rina lan wengi. 

"Mas Lis, wiwit dina iki ora usah dolan menyang omahku ya," ngono kandhane karo nangis sesenggukan.  

"Lha kena ngapa," wangsulanku kaget banget. 

"Bapak ibu ora marengake," wangsulane cekak. 

Wiwit dina iku aku ora bisa ketemu karo Sumi,  jare ana sing cerita yen Sumi dipindah menyang kutha liya ben ora bisa sesambungan karo aku. Pokoke kudu pedhot karo aku, titik. Atiku remuk tenan, nganggo srana layang ora ana kabar walesane, nganggo srana HP, ya ora ana sambunge, wong nomer HP-ne diganti. 

Ya wis tak pupus atiku, tak terimakke, aku ya ngrumangsani yen aku iki mung pegawe cilik anake wong mlarat. Dene Sumi iku anake pak lurah tur sawahe neng Delanggu kana jembar banget. Wiwitane mbiyen aku ya rada minder, nyatane Sumi ya nimbangi katresnanku.

 Awan iku sepeda motor tak playokake rada banter nuju pantai Parangtritis, golek lelipur ati sing sumpek iki. Wewayangane Sumi ora bisa ilang saka uripku, ya eseme, solah bawane lan omongane sing gonal-ganel kaya Pergiwa. 

Aku percaya yen Sumi atine ya sedhih banget, aku percaya kabeh mau mung akal-akalane bapak ibu maratuwa wurung. Aku krungu kabar yen Sumi arep dijodhokake karo priya anggota TNI AL. 

Tekan pesisir kidul Parangtritis isih sore, kahanane pancen endah banget, pawongan sing plesiran ya akeh banget ora kepetung. Aku lungguh ing watu karang kang gedhe karo dolanan pasir, ngrungokake jemlegure swara ombak sing ora ana mandhege. Wektu mbrambat alon, tak sawang ing sisih kulon ana candhik kala kang endah banget wernane. 

Rasane ati iki meri banget yen weruh para kanoman lanang wadon padha keceh banyu segara karo gegojegan. Aku mung meneng wae nyawang kaendahan wayah surup mau, rasane ati kaya diiris-iris welat kang landhep. 

Tak sawang saka kadohan ana sawenehing wanodya mlayu nuju panggonanku linggih. Durung tekan panggonanku dheweke wis celuk-celuk banter, "Mas Lis ... mas Lis ... aku aja ditinggal," jebul dheweke iku Sumi. Saknalika tak kekep lan tak rangkul.

"Mas Lis, aku aja ditinggal, aku ora bisa urip yen ora karo Mas Lis ...."  Sumi wiwit nangis mingsek- mingsek neng sandhingku. 

"Banjur karepmu kepriye, aku mung manut," pitakonku karo nyekeli kenceng tangane.

"Pokoke awake dhewe kudu lunga adoh saka ngomah, aku emoh yen dijodhokake karo priya liya sakliyane mas Lis." 

Atiku saya tambah mongkok.

"Ya wis ayo dirembug karo mlaku-mlaku turut pesisir karo keceh banyu segara!" Wah rasane atiku seneng banget, bisa gegandhengan tangan karo Sumi. 

"Apa tembungmu bisa tak gondheli? " Sumi tak tanting atine. 

"Tenan mas Lis, aku pilih mlayu saka ngomah yen dipeksa karo bapak," wangsulane manteb.

Pesisir kidul sansaya katon endah ditambah sesawangan candhik kala nambahi bungahe ati kang lagi kasmaran iki." Apa awake dhewe mlayu menyang Jakarta wae?" usulku marang Sumi.

 "Mengko dirembug bareng aneng ngomah, bapak duwe vila kosong neng kana," wangsulane Sumi karo nuduhake arah panggonane vila mau.

Dak sawang Sumi katon tambah ayu banget, kamangka lagi telung sasi aku pisah karo dheweke. Rambute sing ketel tambah dawa tekan bokong. Atiku rada kaget yen bapake Sumi duwe vila neng panggonan obyek wisata iki. Ning ya ana empere wong lurah sugih saka Delanggu. Aku lan Sumi terus mlaku nuju vila kang apik banget wewangunane. Sikilku teles kabeh kesempyok ombak banyu segara. Semono uga sikile Sumi lan sandhangane ya teles kabeh. 

Mlebu vila aku dikon lungguh aneng kursi dawa kang empuk.

"Tunggu sik ya mas Lis, aku tak salin sandhangan neng kamar," pamite Sumi karo menehi esem kang manis banget.

Sumi ... Sumi ... ora ngira babar pisan jebul sliramu anake priyayi sugih mblegedhu, mula bapak-ibumu ora lila yen anake wadon sing ayu moblong-moblong dadi bojoku. Dadi bojone pegawe rendhahan kaya aku iki. 

Ora let suwe ana wong wadon setengah tuwa nggawa beri wadhah gelas wedang karo panganan ana piring,  "Mangga mas dipun unjuk mumpung taksih anget, namung wedang jae kok," kandhane karo mundur mlebu kamar.

 Tak sawang, isen-isen kamar tamu mau katon endah banget. Aku banjur mbayangake kang ora- ora. Sakumpama aku bisa gawe lilihe ati bapak lan ibune, lan aku dipek mantu, mbok menawa aku lan Sumi dikon manggon ana vila iki.

Rada suwe anggone Sumi salin sandhangan, aku ya ora wani ngombe suguhane wong durung dimanggake sing duwe vila. Tak sawang saka jendhela sunare rembulan katon nambahi endahe swasana wengi iki. Dhuh ... endahe pesisir kidul wayah wengi, swara jumlegure ombak wis ora patek krungu.

Aku iki ya mung titah sawantah apa bisa aku ngadhepi godha kaya mangkene? Wong lanang wadon isih enom manggon ana vila kang sepi, apa aku bisa nahan godhane setan. Ora pedhot- pedhot aku dzikir maca al-fatihah lan ayat qursi sakbisaku. Mbuh wis pirang puluh anggonku maca, aja nganti gepok senggol karo Sumi yen durung resmi dadi bojoku.
 
Sumi teka karo mesem, nganggo sandhangan werna ijo katon tambah ayu banget. " Hlo kok durung diunjuk wedange, selak adhem, lho!" ujare karo njejeri anggonku lungguh. "Ngene wae mas, mengko bengi awake dhewe metu saka vila iki, aku wis siap nggawa sandhanganku kabeh. Ayo siap-siap metu saka vila selak bapak ibuku nusul mrene.  Ayo wedange diunjuk dhisik!" 

Aku ora wangsulan apa- apa, dak sawang Sumi katon ayu banget gek gandane arum banget. 

"Kosik ta dhik, dipikir sing mateng aja kesusu njupuk keputusan, wong jejodhoan iku kudu entuk donga lan pangestune wong tuwa," wangsulanku cekak. 

"Ya wis yen kersane mas Lis kaya ngono, ning wengi iki awake dhewe kudu metu saka vila iki, galo sawangen sunare rembulan kang endah kae." 

"Ya wis, ayo mangkat selak kewengen! " 

Batinku terus ndedonga ben slamet saka godhane setan. Sumi nggandheng tanganku mlaku sakpinggire pesisir kang sepi. Dak sawang saka kadohan kok kaya ana keramean, sunare lampu padhang banget lan ana swara gamelan kang ditabuh.  

"Ayo mrana, Mas!" ujare Sumi karo nggeret tanganku. Aku kaya kebo sing dicocok irunge, mung manut apa sing dikarepke. Bedhekanku ora kleru, pancen ana priyayi sugih sing duwe gawe, sajake duwe gawe mantu. 

Tekan ngarep omah wis ana para panitya sing nyambut tekaku lan tekane Sumi. 

"Iki sapa sing duwe gawe mantu?" pitakonku marang Sumi. Dheweke mung meneng wae ora aweh wangsulan. Aku gumun banget sakatase daerah pesisir pinggir segara kok ana omah apik banget tur jembar ngilak-ilak meh padha karo kraton. 

"Cara lan adat tlatah kene pancen apik kok mas Lis, tamu sing teka dihormati, disubya-subya."

Aku lan Sumi lungguh kursi kang direngga apik banget kaya temanten ngono kae. Aku dadi tambah bingung. Sumi mung mesam-mesem, sajak seneng banget.

Wengi iku Sumi paribasan kaya widodari, ayu banget, sedheng aku mung nganggo celana jeans lan kaos oblong tur rada teles kena kringet. Aku tambah bingung, kabeh pawongan kang ana kono padha nyawang aku. Aku krasa kok ana sing ora beres ing awakku. Dak jiwit dhewe awakku, apa aku ngimpi?

Pranyata aku ora ngimpi, iki kasunyatan urip sing lagi tak lakoni karo Sumi. Ora beda kaya wong duwe gawe neng kampung kae, kabeh tamu disuguhi unjukan lan dhaharan sakwernane. Aku ora wani mangan lan ngombe, mbuh apa sebabe kok pikiran lan atiku nulak kahanan iki.

Aku didadekake manten aneng papan iki? Apa maneh bapak ibu lan sedulur-sedulur ora ana sing ngerti.

Bola bali Sumi ndhesek aku akon mangan lan ngombe nanging aku emoh. Praupane Sumi katon ayu nanging rada anyel atine karo aku. Aku dhewe rumangsa anyel, ora ngerti tujuane dolan mrene kok ngerti-ngerti didadeke manten.

Dak sawang kabeh tamu sing rawuh katon ayu lan bagus, nanging kok ana sing kurang lan ora padha karo menungsa lumrah kae. Astagfirullah haladzim, batinku bola bali nyuwun pitulungane Gusti Allah SWT. Aja-aja aku iki mlebu neng alame lelembut. Batinku tambah cubriya.

Dak sawang Sumi ulate mbesengut sajak wis ngerti isine atiku. Tengah wengi tamu padha bali kabeh. Sumi dak jawil, karepku arep dak ajak mulih. Nanging aku ora bisa omong apa-apa. Bareng kahanan wis sepi Sumi nggeret aku mlebu kamar.

"Hlo dhik, ayo bali mulih," karepku muni ngono nanging cangkemku kaya dikunci.

Wis genah aku iki lagi mlebu neng alame lelembut. Sumi dak sawang karo tak wacakake  Al-Fatihah lan ayat kursi bola-bali. Aku pengin ngerti sapa sejatine Sumi ing ngarepku iki. 

Rumangsa wadine kewiyak Sumi nesu banget. Aku ditendang sakrosane nganti tiba krungkep. Dumadakan gedung magrong- magrong sing kanggo pawiwahan mantenanku mau ambruk keterjang ombak segara. Aku setiyar sak rosaku srana nglangi lan nyuwun marang Gusti Allah Kang Maha Welas Asih.

Dak sawang wis katon wit-witan akeh banget, aku terus nglangi  sakuwatku nyedhaki pesisir. Rasane aku wis ngidak pasir ateges aku wis tekan sakpinggire segara kidul. Aku ora kuwat, mbuh apa sing bakal kedadeyan.

Bareng eling aku lagi sadar yen aku lagi dirawat neng Rumah Sakit Panti Rapih Ngayogjakarta. 

"Wonge sing kalap wis sadar, " ujare perawat sing ana kono. 

Sukoharjo, 23 Maret 2022

Sumedi

BINGUNG

Awan iku bubar udan deres, prasasat banyu kaya disuntak saka langit, nanging anehe langite isih katon mendhung. Apa iki sing diarani  pengaruh Lanina kae? Bedhekanku ora kliru let sedhela udan deres teka maneh. Saka kadohan tak sawang ana wong wadon mlaku sak penake karo nyangking jrigen plastik kosong, ora nggagas yen awake wis klebes kena banyu udan.

 

"Mbakyu, mbok ngeyup dhisik, sampeyan mengko masuk angin lho."

 

Wong wadon mau nyawang aku karo mesem.

 

"Genah panase kaya ngene kok diarani udan," wangsulane karo ngguya- ngguyu nyawang aku. Weruh tumindake lan krungu wangsulane aku wis bisa mbiji yen wong wadon iki lagi bingung utawa stress.

 

"Arep tindak ngendi wayah udan ngene nggawa jrigen kosong," pitakonku sakkenane.

 

"Aku arep nggoleki pak Jokowi, aku arep njaluk lenga klentik kanggo nggoreng tempe," wangsulane sajak karo nesu. Aku ya mung mbatin, wong iki bingung merga nggagas lenga kanggo nggoreng.

 

"Yen mung lenga ora usah nggoleki pak Jokowi, ayo mengko nyang omahku tak wenehi rong liter," semaurku karo nyawang praupane sing katon pucet. Dheweke ora wangsulan malah nyawang sakkojur awakku karo mesam- mesem.

 

"Hayo.... ngaku wae, sampeyan Jokowi ya ... ora usah ngapusi."

 

 We lhadalah, dasar wong ora waras tenan iki, ngono batinku. Rasane ati ora mentala ngadhepi wong wadon iki. Umure kurang luwih telung puluh tahunan, yen daksawang kanthi teliti rupane ya ayu, irunge mbangir, pakulitane kuning resik, ya mung ora kopen amarga kahanan ekonomine mosak-masik. Hla bojomu nyambut gawe neng ngendi?" pitakonku ben nuwuhake rasa paseduluran.

 

"Kula pun randha kok pak!" Mak dheg ... rasane ati krungu wangsulane wong wadon mau. Dheweke omong ngalor ngidul, jare jaman saiki kok kejem tenan.

 

"Aku dilereni saka penggawean tanpa oleh pesangon," ngono ceritane.

 

"Sabar ya ndhuk, mengko rak ya oleh ijol penggawean sing luwih kepenak," tembungku menehi panglipur. Dheweke manthuk-manthuk sajak atine kelegan.

 

"Nanging sampeyan pak Jokowi ta? " pitakone meneh sajak durung percaya karo wangsulanku.

 

"Kliru ndhuk, aku dudu Jokowi, tak kandhani ya jenengku Djoko Wahono", semaurku karo nuduhake KTP.

 

"Hore ... hore ... aku ketemu Jokowi. Hidup Jokowi! Ayo ngumpul ... ana bancakan lenga goreng ...."

 

Ora let suwe ana wong siji loro sing teka panggonanku ngeyup lan jagongan karo wong wadon sing lagi strees mau.

 

"Ndhuk omahmu ngendi, ayo tak terke mulih, mengko tak tukokake lenga rong liter," ujarku karo nganthi tangane ben ora mlayu.

 

"Omahku adoh banget, kudu numpak bis umum bayare limang juta," wangsulane karo ngguyu nyekikik. Rasane yen nyawang kahanan kaya ngene iki aku ora bisa nyalahake sapa-sapa, jebul isih akeh banget wong sing uripe aneng sakngisorku, buruh pabrik, buruh srabutan uga kanoman sing isih nganggur ya akeh.

 

"Sing sabar ya ndhuk, ora usah mikir sing dhuwur, urip iku kudu diakehi rasa syukure, yen saiki rekasa mengko liya dina bisa wae uripmu dadi mulya. Ayo melu donga muga- muga pemerintah bisa ngatasi kahanan iki dadi luwih apik, sabar ya ndhuk!" Wong wadon mau sajak mudheng lan banjur mesem.

 

"Kula manut pak Djoko Wahono, kula njenengan terke wangsul nggih pak!"

 

Ati dadi lega, jebul tembung saklimah mau dadi tamba rasa bingung sing lagi dilakoni. Aku wis nemokake siasat, paling gampang ya tak terake numpak taksi nuju RS Jiwa neng Kenthingan. Sakdalan-dalan atine katon bungah banget.

 

"Pak Djokowah iki ya mobilmu dhewe?" pitakone karo nyawang aku tanpa kedhep.

 

"Ya dudu ta ndhuk, iki mobil mas sopir sing bagus kuwi,“ wangsulanku cekak. Sakdalan-dalan rasane atiku kaya diiris-iris nggagas wong wadon iki. Pandongaku muga-muga enggal diparingi waras pulih kaya wingi uni, bisa nyambut gawe maneh aneng pabrik konveksi. Sajake larane klebu entheng.Tekan ngarep regol RSJD mobil mandek, bocah wadon mau dak tuntun mudhun saka mobil taksi.

 

"Ndhuk iki omahmu, ta?"  Dheweke nyawang aku tanpa kedhep.

 

"Matur nuwun pak Djokowahono, kula mboten butuh lenga, kula nyuwun pandonga njenengan, mugi-mugi kula saget enggal waras kados wingi uni." Bocah wadon mau ngambung tanganku bola-bali, atiku trenyuh banget.

 

Madegondo, 20 Maret 2022