Kamis, 24 Maret 2022

Omah gedhong magrong-magrong


 Hla wong jenenge menungsa sanajan diwenehi emas sakgunung gedhene ya isih duwe milik kepengin emas rong gunung, mengko yen wis duwe emas rong gunung ya bakal kepengin duwe emas telung gunung gedhene. Pokoke ora ana mareme, ora ana syukure, isih kurang akeh, durung marem yen kabeh donya iki durung dadi duweke. Mengko yen wis duwe kabeh donya iki ya meksa durung marem, paribasane jagad iki arep diemperi. Conto sing paling gamblang lan cetha wela-wela ya pak lurah Dargodikara. Dhisik nalika isih dadi ketua RT kepengin dadi ketua RW. Pancen ora maido yen dheweke iku rada pinter lan jarene jujur. Yen bab kapinteran aku percaya tenan amarga ijazah saka pamulangan wiwit SD, SMP, SMA, S1, S2 S3 pancen duwe, malah saiki isih nyambi kuliah kanggo nggayuh ijazah S dhung- dhung. Mbuh apa sing dikarepke ijazah S dhung- dhung iku. Tenan apa mung guyonan nanging aku dhewe ya ora mudheng ijazah S dhung- dhung iku ana apa ora. Yen bab kejujuran aku ya ora ngerti  saktenane amarga teges tembung jujur iku dununge ana ati lan amung Gusti Allah dhewe sing mangerteni, pinangka bukti yen sakwenehing uwong iku jujur, menungsa mung diwenehi saklembar layang saka polisi sing diarani SKCK utawa surat keterangan catatan kepolisian. Pokoke yen mung kanggo nggayuh kepenginane dadi lurah ing kelurahan Sumber makmur wae cukup layang keterangan  saka kepolisian iki. Ndelalah kersane Allah, mak cingkrik pak Dargodikara kang wektu semono mung mergawe dadi tukang kayu kelakon kepilih dadi ketua RT. 04 RW. 02 ing desa Sumber makmur. .Sanajan duwe pabrik meubel sing gedhe nanging Dargadikara yen ditakoni bab penggawean wangsulane mung dadi tukang kayu. Wis pokoke kiprah lan kridane dadi ketua RT pancen ngedap-edapi. Wilayah RT. 04 RW. 02 dadi katon resik lan edi peni. Tetanduran lan taman katon asri sinawang. Kabeh warga padha rukun lan gelem melu siskamling, kerja bakti, lan saiki duwe inventaris bala pecah lan sound sistem komplit lan sakpanunggalane, sing luwih nengsemake ati pak  Dargodikara gelem dadi ujung tombak lan ujung tombok bab perkara dhuwit, pokoke yen ngetokake dhuwite ora dipetung, nyah-nyoh.

Ing sakwenehing wektu pak RT.04 RW.02 ya pak Dargodikara lungguh ing cakruk pojok desa jagongan karo wargane. "Pak RT, njenengan niku priyayi pinter kok mung trima dadi ketua RT", guneme pak Santo wargane karo nyesep rokok kretek senengane. "Hla karepmu apa ta kang?"  wangsulene pak Dargo ethok- ethok mbodhoni.Tahun ngajeng pilihan ketua RW, pak Dargo kudu melu nyalon nggih, sedaya warga sampun sarujuk, warga RW.02 setuju njenengan dados ketua RW 02. Kelurahan Sumber makmur, bab ragad lan sanes-sanesipun kula ingkang tanggel jawab. ”Tenane lho kang Santo, para warga gelem dhukung aku?”. ”Saestu pak, pokoke beres”. Kaya wong ketiban wahyu, mak cingkrik Dargodikara kesinungan drajat, kabeh warga padha ndhukung dadi ketua RW. 02 ing desa Sumber makmur, saingane sanajan luwih sugih, luwih kondang nanging ora kepilih, tuwa enom, pinter bodho sugih mlarat padha kepilut atine milih Dargodikara kang wis kondhang dadi wong kang prasaja lan jujur, ajur-ajer gelem srawung masyarakat cilik.

Dargodikara lungguh kursi empuk karo mesam- mesem rumangsa bombong atine. Nanging atine durung rumangsa marem lan lega yen durung bisa nglungguhi dampar kencana ing desa Sumber makmur iki, mbuh mengko swarane warga bab janjine arep makmurake kabeh warga ing RW 02 desa Sumber makmur, mengko yen aku wis dadi lurah utawa kades kabeh warga kelurahan Sumber makmur bakal makmur kabeh uripe, pokoke ora ana wong nganggur. Tahun ngarep iki ana pilkades ing desa Sumber makmur iki. Sruwing- sruwing wis ana kabar jarene saingane  mung pensiunan tentara. Aku kudu maju dadi calon kepala desa Sumber makmur, mengkono swara saka ati cilike, nanging bab ragat?. Dudu pak Dargodikara yen ora pinter, dudu Dargodikara yen ora pinter gawe athikan, dudu Dargodikara yen ora pinter strategi lan politik. Dargodikara kelingan kanca rakete nalika isih cilik sing saiki dadi peternak babi kang sukses. Paribasan ora ngentekake babi sakandhang pak Jinping juragan babi mau gelem ngragadi Dargodikara maju nyalon dadi kades waton mengko yen wis menang pak Jinping di wenehi ijin kanggo mbukak peternakan babi ing desa Sumber makmur. Jebul abot tenan arep dadi lurah utawa kepala desa iki, sakliyane kudu pinter lan awake sehat sing paling pokok dhuwite ya kudu akeh tenan, rakyat saiki wis pinter, yen mung diwenehi kaos oblong mung mesem thok, njaluke amplop sing kandel. Cekake cerita Dargodikara keturutan lenggah ing dampar kencana desa Sumber makmur sanajan mung menang tipis. Desa Sumber makmur kang sejatine tlatah wilayahe pancen makmur tenan, prasasat tukhul kang sarwa tinandur, lan akeh barang pelikan kaya dene emas, perak, nikel lan sakpanuggalane kang aji nanging isih kependhem ing sak jeroning lemah, nanging kena ngapa wargane isih akeh sing uripe mlarat?

Dargodikara mesem karo ngguya-ngguyu sajak marem atine, wis nemokake dalan kanggo makmurake kabeh wargane. Kuncine ana ing bab investasi utawa gelem ngundang investor mlebu ing desa Sumber makmur. Pak Jinping lan kanca-kancane kudu gelem gawe pabrik ing desa kene. Petungane lurah Dargodikara pancen bener, durung nganti limang tahun kahanan wis katon tumata. Jebul penak tenan dadi lurah iku, prasasat tanda tangane bisa dadi dhuwit. Lurah Dargo mrana mrene ngresmekake proyek- proyek kang wis rampung dibangun. Ana kandang wedhus gotong royong duweke kabeh warga desa, ana proyek sapi kereman, ana dalan kampung kang alus, ana bendungan cilik kanggo irigasi pertanian kareben sawah- sawah bisa dipanen setahun kaping telu, ana kreteg cilik nganti kreteg gedhe, ana pos kamling lsp. Lurah Dargodikara kaya wong kemaruk, seneng mbangun sanajan kanthi sarana utang pak Jinping juragan babi. Pancen wis dadi watak lan sipate pak Dargodikara, senenge njaluk dialem kabeh tumindake, senengane golek wah. Bab peternakan babi mau saktemene warga desa Sumber makmur ora sarujuk nanging kepriye meneh lurah Dargodikara kadhung utang janji marang pak Jinping, mula kanggo nyidhem swara wong kang ora seneng, pak Jinping mbangun pabrik tahu ing desa Sumber makmur dadi wargane bisa nyambut gawe lan ampas tahune kena kanggo pakan babi. Ana maneh sipate pak Jinping sing ora disenengi warga, penggaweyane  menehi dhuwit utangan marang para warga kanthi cara njupuk anakan utawa bunga kang katone entheng nanging sejatine ya nekak gulu. Ndelalah kersane Allah, kahanan donya ana pagebluk, akeh warga sing nandang lara, paribasan esuk lara bengine mati, bengi ketaman lara esuk banjur mati. Lurah Dargodikara kaya wong bingung, linglung ora bisa mikir kanthi ati bening, paribasane saking akehe wargane kang tilar donya nganti ora kober layad, nanging sejatine pak Dargodikara pancen emoh layad amarga wedi yen ketularan, malah tembung saklimah ora kober ngaturake bela sungkawa. Pak lurah saiki mung ndhelik ana ngomah thok. Saiki pak lurah awake katon kuru apa meneh yen nggagas utange marang pak Jinping wis sundhul langit. ”Njenengan niku lurah cap napa, dadi lurah kok ora gelem layad wargane sing tilar donya”, mengkono swara sakwenehing warga. Ana meneh sing nyemoni : Pecel saren pak lurah, yen wis kesel ya leren. Wingi ana laporan saka anggota Linmas jare pinggir desa ana pager tembok digambari wong nganggo masker lan ana tulisane; Lur,....rolasan....rolasan,...leren sik  lur....

Dina iku lurah Dargodikara wis mrintahake marang komandan linmas menawa ana wong nggambar neng tembok pager lan gawe tulisan-tulisan sing sajak nyindir kebijakane supaya dibusak, nanging komandan Linmas wangsulane mung inggah-inggih ning ora kepanggih. Wengi iku lurah Dargodikara klisikan ora bisa turu. Miring nengen rasane wedi yen nggagas dampar kencana desa Sumber makmur sing wiwit goyang, miring ngiwa kelingan wewangunan omah joglo kayu jati kanggo bale desa Sumber makmur kang lagi diwiwiti pondasine. Lurah Dargodikara kepengin ninggalake warisan kanggo kabeh warga kelurahan Sumber makmur wujud bale desa kang endah banget pokoke ora kalah yen katandingake karo joglo kabupaten. Rasane ati kaya diiris-iris welat, sajake kabeh warga padha ngece. Piye ya, aku kudu piye, atine rangu- rangu, wis pirang- pirang bengi ora bisa turu. Awake lurah Dargodikara sansaya kuru, praupane pucet, atine judeg. Rasane durung bisa turu nanging kok ana swara gembrudug kaya ana gunung jugrug. Dumadakan tembok senthong omahe ambruk ngebruki awake sing kuru aking mau. Tuluuuuung.... tuluuung... tuluuuung.... pambengoke lurah Dargodikara sakrosane. Mak gragap dheweke nglilir saka anggone turu. Astagfirullah,....astagfirullah.... astagfirullah... Gusti Allah nyuwun pangapunten sedaya dosa kula. Lurah Dargodikara ngelapi kringete sing dleweran. Piye ya aku kudu piye, kelingan kedadeyan awan mau. Ing sakdalan-dalan desa lan pager omah ana tulisan :Omah gedhong magrong- magrong, ngisor amben kosong mlompong..... Omah gedhong magrong-magrong, ngisor amben kosong mlompong,...Omah gedhong magrong-magrong, ngisor amben kosong mlompong. Gek apa tegese ukara mau? Ah iki rak akal-akale wong sing pengin njongkeng kawibawanku, mestine yen kepengin ya nunggu sakrampungku, ora ngene carane.

Kabeh warga desa Sumber makmur mligine sing yuswa sepuh wis apal kahanan kaya ngene iki, pendhak ngadhepi pilkades mesti ana ontran-ontran, ana sing dhukung calon gambar Pari ana sing dhukung calon gambar pohung, ana sing dhukung calon gambar Jagung. Jenenge wae wong isih enom, kepengine sarwa cepet weruh kahanan dadi apik lan makmur, yen rumangsa ora cocok karo lurahe ya langsung njaluk diganti, kanthi sarana gawe mural lan grafiti, dheweke durung ngerti desa Sumber makmur iku mung jenenge thok sing makmur, yen wargane ya isih akeh sing uripe kesrakat, kejaba mbesuk tembe mburi yen dipimpin malaikat.

 

                                                                        Sukoharjo, 02 September 2021

 

                                                                                Sumedi