Sabtu, 20 Juni 2015

Crita Ngayawara




Bubar diguyur udan sewengi kahanan kampus katon adhem, sesuketan sing dhek wingi katon garing mekingking saiki luwih seger, manuk prenjak methuk mletheke srengenge kanthi swara kang cemengkling, prenjek,.. prenjek,.. prenjek, tiir,.....
Tak sawang para mahasiswa padha luwih sigrak anggone mlaku nuju papan kuliyahe dhewe-dhewe.
”Wik,...nunut!”, bengokku marang Wiwik sing numpak skutik anyar werna abang ati. Dheweke mandheg karo mesem, ”durung teka kirimane?”, aku ora wangsulan terus nyengklak neng goncengan mburi.
”Sajake bapaku lagi kerepotan meneh, nganti kliwat sepuluh dina kok durung teka kirimanku”.
”Mula dadi mahasiswa kudu akeh akale, buwang rasa isin lan pekewuh, iki kahanan darurat!”, ujare Wiwik kaya dhek wingi. kekancan karo Wiwik kanggoku gampang-gampang angel, sing penting tetep waspada. Kenya ayu iku pancen bisa tak umpamakake setan kang arupa malaikat, ing suwalike watak kang seneng nulung, sajake duwe karep ala kang sinandi. Nurut critane wong tuwane ing desa  ora beda adoh karo kahanane wong tuwaku, tani yutun, hla kok gelange anyar, hla kok skutike anyar?. Ah,.. ra nggagas kahanane wong liya, grenengku dhewe.
”Wis ndang mudhun, aku arep nyang Perpus dhisik!”, ujare karo ngerem skutike,
”trims ya”, wangsulanku karo nyablek gegere. Dina iki aku kudu ngrampungke tugasku neng Lab, kandhungan protein wijen sing tak tliti kurang pas. Dadi mahasiswa teknik pangan ngono saiki kudu pinter lan enthengan. Akeh pangan modern kang ngandhung bahan pengawet, pewarna, lan tambahan rasa kang mbebayani tumrap kasarasan awak, aku kudu menehi conto marang masyarakat. Sak apik-apike pangan kanggo menungsa yaiku pangan kang asipat alami, ora nganggo tambahan bahan kimia kang mbebayani.
***
Kranjang gedhe tak cangking, rada abot nanging kepiye meneh, iki wis dadi niyatku, dina iki daganganku kudu entek. ”Tempe dhele resik”, mengkono jenenge daganganku. Pancen wujude ora beda adoh karo tempe dhele biyasa nanging tak gawe kanthi cara resik lan sehat. Swara-swara kang sajake ngece lan ngina ajeg tak tampa, mahasiswa kok dodolan tempe, iki tempe tenan apa tempe tempenan?. ”Dhuh Gusti Allah paringana kekiyatan manah kula”, sambatku marang Kang Gawe Urip.
Rasane aku ora kuwat krungu swara-swara mau, kepeksa anggonku bakulan dodol tempe tak lereni, aku kudu golek cara liya kanggo nyambung urip aneng paran iki, lan kang luwih utama aku kudu bisa lulus. Sore iku aku budhal menyang kampung Jebres sakperlu menehi les privat.
”Eh, mbak Narti tak kira yen lali”, aruhe sakwenehing ibu karo mbukak lawang. Dina iki dina kang sepisan aku menehi les privat marang murid SMA kelas loro. Asile lumayan kena kanggo nyambung urip, apameneh suguhan wedang lan panganan ajeg diparingi. Kudune penggaweyane mahasiswa iki kang paling cocok ya menehi les privat kaya ngene, nanging ora mesthi ajeg ana sing mbutuhke. Panguripanku kaya ubenge rodha, esuk kuliah, sore menehi les privat, bengi sinau nganti tengah wengi. Kabeh bisa mlaku kanthi lancar, meh setahun aku kasil menehi les privat marang muridku, bijine Eni muridku dadi luwih apik. Wong tuwane tambah gemati marang aku, nanging embuh apa sebabe sore iku ulate sajak ngemu prasangka kang kurang apik marang awakku,
”maaf ya mbak sebetulnya saya cocok sama mbak, tapi biar Eni dikasih les privat oleh orang lain aja!”, kandhane bu Leli marang aku karo menehake honorku. Wah iki mesthi ana sing ora beres, genah aku kena pitenah. Sore iku aku ora bisa ketemu karo muridku Eni kanggo nakokake sabab-sababe. Karo nangis aku mulih nuju kostku, tak brukke awak kang lagi sial iki, ”Gusti punapa lepat kula kok nglampahi kahanan ingkang mekaten?”.
Dhuwit wis nipis, sajake bapak ibu pancen wis kentekan akal golek dhuwit kanggo aku, tujune ragat kuliyah wis gratis. Aku rumangsa ketantang kahanan, cacing neng njero lemah wae bisa urip, kenapa aku kang dititahake dadi menungsa ora bisa setiyar?, eling lho sedhela meneh kowe wis nyandhang gelar STP. Lagi nggagas tekan semono ana malaikat teka neng kostku. Aku kudu waspada iki malaikat apa setan?. Wiwik mlebu ngomah karo nyangking tas kresek.
”Nyoh bakmi goreng ndang dipangan!”, guneme karo njejeri lungguh aku. Sakjane ana rasa abot yen arep tak pangan, nanging yen ora tak pangan ya ora kepenak neng ati bisa nyinggung perasaane. Bakmi goreng mau rasane sepa, mbuh apa sababe, atiku ora sreg.
”Piye sida butuh dhuwit apa ora, iki pumpung ana kesempatan?”, kandhane Wiwik karo klesik-klesik. ”Penggaweyane ora abot kok, ora-orane yen ana sing ngerteni”.
Aku ora mangsuli, aku mlebu kolah sakperlu wudhu. Bubar wudhu terus njupuk rukuh lan sholat, anggonku maca alfatekah sengaja tak banterke ben Wiwik krungu. Rampung sholat terus dzikir saksuwe-suwene. Aku nyadhong pituduhe Gusti Allah, atiku wis krasa yen pangajake Wiwik amung nuju dalan kang ora diridhoi Gusti Allah. Durung rampung anggonku dzikir krungu swarane skutik ninggalake kostku, dak toleh Wiwik wis lunga. ”Alhamdulillah”, puji syukur tak aturake marang Gusti Kang Paring Pepadhang. Aku ngerti menawa Wiwik nesu, ya ben iki kabeh dudu salahku. Bakmi goreng tak buntel terus tak guwak menyang pawuhan. Saeba kagete esuk iku bareng aneng lawang omah kostku ana tempelan kertas kang muni ukara: ”Ayam kampus for sale”.
***
Wulan kang tak arep-arep wis teka, wulan suci Romadhon 1433 H. Wulan kang diarep-arep kabeh menungsa luwih-luwih para mahasiswa kang urip aneng paran kaya aku iki. Wulan Romadhon ateges wulan kang ngirit, bisa pasa sesasi tanpa ngetokake ragat. Saben wayah buka aku wis dzikiran aneng masjid karo nunggu takjilan. Lumayan ora mung kolak karo panganan nanging sega kerdhusan ajeg ana.
”Mbak Narti aja lali lho mengko bar trawehan nyang omahku”, ature bu Fatimah karo nggandheng tanganku.
”Wonten acara punapa ta bu?”,
”ya mengko tak kandhani, saiki kegiyatan kampus rak wis sela ta?”,
”sampun bu, kula sakniki dados pengangguran, namung nengga wisuda”, wangsulanku kanthi seneng. Bubar trawehan aku mbalekake rukuh nyang kost, terus nuju nyang daleme bu Fatimah. Tak sawang bu Fatimah wis nunggu neng ngarep lawang.
”Assalamualaikum”, salamku marang bu Fat. ”Waalaikumussalam”, wangsulane bu Fat terus nggandheng tanganku ngajak mlebu ngomah.
”Dadi saiki nak Narti wis lulus ya?”,
”inggih sampun lulus bu awit saking pangestunipun bu Fat sakulawarga.
”Alhamdulillah aku melu seneng, terus acara sakbanjure apa?”. Krungu pitakonan mau aku dadi bingung, sejatine isih ana rasa kepengin nerusake kuliyah nanging ragat saka ngendi, nanging yen arep golek penggaweyan kok ya ora gampang olehe.
”Ngene lho nak Narti, iki yen nak Narti setuju, aku duwe ragat sethithik kena kanggo ragat kuliyah aneng S2, piye cocok ora karo penemune ibu?”.
Aku ora bisa wangsulan, swaraku kaya mandheg aneng nggorokan,
”saestu bu,.....? Bu Fat marani karo ngrungket awakku, nak Narti tak anggep kaya anakku dhewe.
”Matur nuwun bu,... tangisku lan tangise bu Fatimah amor dadi siji.
***
 

Sabtu, 06 Juni 2015

Wadi

Mas Pramónó, têkaku íng rumah sakít iki, mêsthiné panjênêngan pírså dhéwé, mênåwå iki dudu karêpku, nangíng kahanan síng mêkså aku kudu kêtêmu panjênêngan íng papan iki.
Aku njalúk pangapurå mênåwå têkaku ing rumah sakít iki bakal nggugah critå lawas síng ndadèkaké ati panjênêngan gorèh. Kênå åpå panjênêngan kåyå nduwèni råså isín nalikå sapêngarêp karo aku, kamångkå yèn dak råså panjênêngan saiki kåyå déné kêbak dåyå sêmangat síng makantar-kantar, trêngginas sajroníng makaryå lêladi paríng usådå íng rumah sakít iki.

Kejiret Alang-Alang


Daksêkarêp angên-angên iki nlasak bêbóndhótan lêlakón síng kawuri. Dakjar sakabèhé kabukak manèh íng alam wêwayangan. Dakujå råså iki têtêgaran ngoyak marang rêrangkèn kêdadéyan síng wís mungkúr.
Kêdadéyan síng pêpak klawan mêndhak mêndhukulé kahanan. Såpå manèh yèn dudu uríp síng ajêg sêsandhingan klawan Rêtno. Ya Rêtno.
Wanitå siji kuwi pancèn síng ajêg ngisi lêmbar uripku. Wanitå síng tansah biså gawé ramé rikålå samún. Gawé bêníng rikålå bukêt, gawé padhang rikålå pêtêng. Nangíng nadyan mangkono wiwít saiki aku kêpéngín nglalèkaké íng siså-siså urípku. Awít aku ora kêpéngín lêlakón urípku ing salawasé kacêncang klawan dhèwèké. Wiwít iki aku kêpéngín mardikå. Uríp síng roså ngadhêpi êmbúh kåyå ngåpå wujudíng panguripan. Wiwít iki aku kudu nglênggånå yèn Rêtno mokal bisa dakdarbèki sawutuhé. Umpåmå kêmbang dhèwèké kang thukúl íng pinggír dalan, nadyan éndah ora ånå sijiå kang hak darbèni sawutuhé. Såpå waé biså mêthík. Såpå waé bisa nikmati ganda arúm wanginé.

Jumat, 22 Mei 2015

Si Jelita



Priya tampan itu kelelahan setelah seharian berburu dihutan, ia berusaha mencari seteguk air untuk melepaskan dahaganya, dan hai apa itu?.... Pria itu terbelalak matanya melihat air sungai Gangga yang suci. Belum hilang rasa girang hatinya pria tampan itu kembali melihat keajaiban dunia, dilihatnya sosok wanita cantik berdiri disana.
“Kau gadis dari desa sini atau bidadari yang turun dari Kayangan?”, tanya pria tampan itu sambil memandang tak berkedip matanya.
Gadis itu tersenyum malu, hatinya terasa tersanjung, tak beda dengan gadis yang lain, ia sangat gembira mendapat pertanyaan dari pria tampan itu.

Jalan Raya Pembunuh


Jalan Raya Kita Bagai Pembunuh


”TANPA HELEM, dua pelajar SMP berboncengan sepeda motor tanpa menggunakan helm saat melintas dengan kecepatan tinggi di perempatan Bank Indonesia jl. Jenderal Sudirman Solo selasa(19/6). Aksi ugal-ugalan tersebut membahayakan keselamatan pengguna jalan lainnya. Demikian bunyi keterangan dan gambar yang terpampang di Solopos Rabu Kliwon 20 Juni 2012.

Sejak polisi lalulintas tidak menggadakan razia statis ditempat tertentu seperti dulu, pengguna lalulintas jalan raya khususnya sepeda motor bagai orang mbungahi sesuka hati, mereka memacu sepeda motor dengan kecepatan tinggi tanpa menggunakan helm, kadang memboncengkan lebih dari seorang dengan memakai knalpot diluar standar pabrik yang memekakkan telinga, bahkan yang lebih memprihatinkan anak-anak dibawah umur yang seharusnya belum boleh mengendarai sepeda motor sekarang bebas melaju dijalan raya tanpa ada tindakan tegas dari fihak kepolisian.
Fenomena ini sesungguhnya sangat memprihatinkan dan membuat hati pengguna jalan lain merasa miris, bagaimana tidak, data kecelakaan lalu lintas yang merenggut korban jiwa maupun cacad tetap dari tahun ketahun selalu menunjukan peningkatan yang cukup siknifikan. Masyarakat hanya menduga-duga sifat pasif dari fihak kepolisian ini karena polisi sedang memperbaiki citra diri dimana nama baik kepolisian RI tercoreng oleh ulah ”polisi lalulintas yang nakal”.
Semestinya tidaklah demikian caranya, Polisi sebagai pengayom dan pelindung masyarakat harus bersikap arif dan bijaksana dalam mengatasi masalah khususnya keamanan dijalan raya. Razia dan penegakan hukum harus tetap dilakasanakan, masyarakat kita masih belum sadar bahwa aturan lalu lintas masih dianggap sesuatu yang memberatkan, merepotkan dan terkesan mengada-ada. Ini harus menjadi tantangan bagi fihak kepolisian, bagaimana menyadarkan dan mengedukasi masyarakat.
Selain masalah keselamatan pengguna jalan raya, razia (momen) yang diadakan fihak kepolisian tentunya bisa menekan tindak kejahatan pencurian sepeda motor karena para pengguna kendaraan yang tidak bisa menunjukan surat-surat kendaraan akan kena tilang bahkan kalau dipandang kendaraan nya mencurigakan  atau orangnya mencurigakan bisa dimintai keterangan seperlunya.
Razia yang selama ini dilakukan fihak kepolisian sebenarnya sangat diharapkan meski sedikit merepotkan, tetapi mayarakat bisa memakluminya semua demi kebaikan bersama. Silahkan polisi berbenah diri memperbaiki citra, masyarakat yakin masih banyak polisi bermental baik yang bekerja demi kepentingan rakyat.
Kembali ke pokok masalah, jalan raya kita hampir disemua tempat bagai pembunuh, kondisi jalan yang tidak terawat baik karena berlubang maupun bergelombang, dan diruas jalan pada jam-jam tertentu tidak lagi memadai dengan jumlah kendaraan yang melintas sehingga menimbulkan kemacetan dan terjadinya kecelakaan. Ini semua menjadi keprihatinan kita, hampir semua orang sekarang enggan menggunakan sepeda onthel, cara kepemilikan sepeda motor dan mobil dengan cara kredit juga memacu pertumbuhan jumlah kendaraan bermotor.
Kita semua harus sadar sebelum semuanya serba terlambat dengan cara: Pertama, fihak kepolisian harus kembali menegakkan aturan yang ada, adakan razia(momen) lagi ditempat tertentu dengan cara gabungan dengan aparat TNI agar kejadian ”main mata” dengan pelanggar lalu lintas tidak terulang lagi. Kedua, perketat dalam pemberian/pengujian SIM, orang yang belum dewasa sama sekali tidak boleh diberikan SIM, juga bagi calon pengemudi kendaraan umum penumpang harus lebih selektif. Ketiga, lakukan razia dinamis dengan jalan patroli dijalan raya, pengendara yang terang-terangan melanggar aturan lalu lintas dan ugal-ugalan sudah semestinya ditindak tegas tanpa kompromi. Keempat, fihak Dinas Perhubungan yang mengeluarkan izin uji kendaran juga harus lebih teliti, kendaraan yang tidak laik jalan harus dicabut izinnya. Kelima, fihak Dinas Pekerjaan Umum/Bina Marga yang betanggung jawab dalam perbaikan jalan, lakukan segera perbaikan jalan apabila terlihat kondisinya sudah buruk. Keenam, semua fihak yang berkepentingan dengan keselamatan masyarakat harus memberikan edukasi, bagaimanapun setiap waktu masyarakat harus disadarkan bahwa jalan raya bukanlah miliknya sendiri tetapi milik umum, pengguna jalan lain harus dihormati. Fenomena kecelakaan lalu lintas sekarang tidak hanya terjadi dikota-kota besar, tetapi sudah merata hampir disemua tempat termasuk didaerah yang sepi lalulintasnya, setiap hari kita akan terus membaca berita kecelakan dijalan raya maupun kecelakaan kendaraan dengan kereta api. Perpaduan antara kondisi jalanan yang tidak terawat, kesadaran masyarakat yang masih rendah, kondisi angkutan umum yang tidak laik jalan, serta sifat pasif dari fihak kepolisian menjadikan jalan raya kita bagai pembunuh yang sadis. Setiap terjadi kecelakaan lalu lintas pasti akan menimbulkan korban jiwa dan harta apalagi kesadaran masyarakat kita akan pentingnya asuransi masih sangat rendah, tentunya kita tidak akan membiarkan keadaan yang demikian berlarut-larut, kita tunggu saja langkah fihak-fihak yang berkepentingan.
Sukoharjo, Rabu 20 Juni 2012


Sumedi
Pensiunan Diskominfo Kota Solo, warga komunitas sastra ”Omah tulis” Sukoharjo.