Kamis, 11 Juli 2013

Mulih

       Kutha kang njajekake urip  mulya mau jenenge kutha Jakarta, meh saben kanoman saka ing karang pradesan padha ngimpekake bisa urip mulya aneng Jakarta
      Sepur kluthuk kang ditumpaki kanoman saka karang pradesan mau mlaku alon-alon ninggalake stasiun Balapan Solo, saya suwe lakune banter banget, stasiun kutha –kutha cilik wis diliwati, parak esuk sepur kluthuk mau wis tekan stasiun Gambir ing Jakarta
      Weleh,.. weleh,... jebul Jakarta iki kaya mengkene ta, kanoman kang aran Paino mau sajak gumun nyawang kaendahane kutha Jakarta nalika semono. Dheweke mlaku urut ratan gedhe tanpa duwe tujuwan kang gumathok. Tujuwane mung siji, bisa cekel gawe sakbisane.
      Sedina rong dina durung kecekel gaweyan sing dikarepake, sangu saka desa wis ludhes saksuwene nganggur seminggu. Gelem ora gelem Paino kudu gelem nyambut gawe sakanane.
      “Gelem kowe melu nyambut gawe panggonanku?”
“Gelem wae, aku mrene iki pancen butuh nyambut gawe”
Dina iku Paino nyambut gawe kang kawitan, dadi kuli bangunan proyek gedung susun limolas. Rasa bungah campur kesel ndadekake wektu telung tahun wis diliwati, rasa kangen marang wong tuwa sithik mbaka sithik kesilep endahing kutha Jakarta.
      “Pai,... kowe ora mudik bakda iki?”, pitakone  kanca nunggal gaweyan
      “Ra duwe sangu”, wangsulane Paino entheng.
“Hla dhuwitmu kok guwang neng ngendi?”
“ biyasa,.. dhuwit setan dipangan jin”
      Sejatine yen gelem mudik mono bisa wae nanging wong enom yen lagi kedanan wedokan lali samubarang, dhuwit sepirang-pirang mung kanggo nguja wedokan kang penggaweyane adol awak ayu. Mula dhuwit setan kang asale saka korupsi mau mung entek dipangan jin wedok.
      Kalungguhane pinangka mandhor proyek kepenak banget, saben ana juragan material kang nglebokake pasir lan kricak, pendhak sak trek Paino bisa njaluk bageyan limang persen, tanpa ana tanda tangane Paino tangeh lamun juragan pasir lan kricak bisa oleh order.
      Saiki Paino dudu Paino limang tahun kepungkur, para juragan material yen ngundang Mas ingsinyur utawa Mas  Pai, sing nguwasani bagian material proyek.
      Wolak waliking jaman, tumindake Paino dikonangi kontraktor proyek. Paino dipecat saka penggaweyane tanpa pesangon. Jebul Jakarta iku kejem, grundelane Paino marang atine dhewe. Siji mbaka siji kanca rakete padha ngadoh, wedokan sing mbiyen diuja uga ilang saka genggemane. Bandha donya sing asale saka dhuwit setan entek saklemetan.
      Gawang-gawang kahanan urip ing desa kumlebat aneng pengangene. Jebul urip bagya mulya iku ora amung amarga bandha donya, malah sok kadhang kala bandha donya kang akeh ndadekake urip sengsara, kenapa aku ora mulih?.
      Aku apa kudu mulih menyang desa?, pitakonan mau nggodha atine Paino, kanggo apa urip neng paran yen mung saben dina meres kringet lan ngguwang eluh tanpa guna. Paino nyawang praupane dhewe neng ngarep kaca pengilon. Wong lanang kuru aking tanpa daya urip, umure wis ngancik seket tahun nanging kahanan ragane kaya wong kang wis umur sewidak tahun. Saben wong padha ngundang mbah Paino, urip ijen ing pinggiran kutha Jakarta mapane urip aneng omah kerdhus.
      Kabar sing ditampa saka desa, emboke isih urip ngantu-antu tekane Paino. ”Simbok aku njaluk pangapuramu,.........” tangise Paino aneng njero omah kerdhus dirungu saben dina marang tangga- tanggane
      “Mbok wis mulih menyang desa wae ta mbah!”, kandhane para tangga sing padha krungu sambate mbah Paino,
“Mulih?”, wangsulane Paino kebak teges
“Ya mbah,  muliha wae, sapa ngerti uripmu luwih kepenak tinimbang ana kene”
“Njur raiku tak deleh ana ngendi?”
“Ora perlu isin mbah, sapa ngerti keluwargamu gelem menehi pitulungan marang mbah Paino, apa mbah Paino isih duwe keluwarga?”
“Aku isih duwe biyung, jare kabar sing tak tampa dheweke isih urip!”
“Hla yen ngono mbah Paino kudu wajib mulih, kowe kudu ngabekti marang biyungmu!”
      Mbah Paino atine bingung, ana rasa dosa gedhe kang ngebaki dhadhane, saksuwene iki mbah Paino ora tau mulih tilik marang wong tuwane apameneh gelem kirim dhuwit marang wong tuwane ing desa.
      “Hei menungsa lanang sing jeneng Paino”. Krungu swara banter mau mbah Paino kaget karo noleh ngiwa nengen nggoleki asale swara mau.
      “Kowe iki menungsa kok kebangeten tenan”
“Njenengan sinten kok ngertos nami kula?”
“Aku iki atimu dhewe, ati kang suci kang saksuwene iki mbok lalekake!”
“Kowe kudu mulih nyang desamu, selak telat, kae mbokmu ngantu-antu tekamu”
      Paino kaya lagi eling saka anggone turu suwe, mripate diucek-ucek kaya wong bingung. Aku kudu mulih, aku kudu ngrungkepi pangkone simbok njaluk pangapura.
      Sepur ekonomi saka Jakarta mlebu stasiun Balapan Solo, wong lanang kuru tuwa mau mudhun karo nyangking kerdhus isi sandhangan. Dheweke mlaku arah mengidul kang dituju tlatah desa ing Sukoharjo.
      Mlebu kampung asale, Paino wis ora dikenal marang sapa wae sing ditemoni, atine nratap nyawang sesawangan desa sing wis telung puluh tahun ditinggal lunga. Saka Kadohan papan pomahe wis katon ngegla, emboke lagi lungguhan ijen neng lincak ngarep omah  kang jembar gilar-gilar, Paino ngrungkupi pangkone emboke,
      “Mbok,.... apuranen luputku mbok”, ujare Paino karo nangis sesenggukan. Wong wadon mau kaget banget lan bingung ora kenyana-nyana ana wong lanang ngrungkupi pangkonene.
“Kowe sapa kok nangis neng pangkonku?”. Wong lanang mau nangise sansaya banter ndadekake tangga-tangga padha mara.
”Mbok,.. aku Paino anakmu sing mrosal”. Wong wedok tuwa mau kaget karo nyawang wong sing ngaku jeneng Paino mau.
“Kowe Paino anakku?”, pitakone karo nyawang praupane wong sing nangis neng pangkonan mau.
“Bener mbok, aku Paino anakmu lanang sing mrosal”. Wong wedok mau nyawang  kanthi temenan, ana rasa ing sakjerone ati kang mbenerake yen wong mau pancen bener Paino anake lanang. Gawang–gawang kelingan nalika nyusoni lan ndulang bayi lanang kang digadhang-gadhang bisa mendhem jero mikul dhuwur. Bayi sing ndhisik dicewoki lan didusi, bayi sing ndhisik diterke lan dipethuk saka sekolah dasar. ”Bener kowe Paino anakku lanang sing menyang Jakarta mbiyen?”,
“Bener mbok, aku Paino anakmu lanang, nanging aku Paino sing wis rusak uripe, aku Paino sing wis kalah neng Jakarta”.
 Atine wong wedok mau kaya didhodhok, jebul wong lanang sing nangis aneng pangkone pancen anake lanang sing saksuwene iki diantu-antu tekane.
“Oalah ngger,.... jebul kowe anakku lanang Paino”. Tangise sesenggukan wong wedok tuwa mau ora bisa dibendung, eluhe dleweran nelesi pipi sing wis kisut dipangan umur.
“Kowe, ora luput ngger,....  kowe anakku lanang sing saksuwene iki tak antu-antu tekamu. Paino diambungi karo dikekep sakrosane. “Oalah ngger,....  kowe menang, kowe ora kalah, kowe gelem mulih wis ateges kowe bisa menang ngalahake hawa nafsumu sing ajak-ajak nglalekake marang wong tuwamu iki. Kowe ora rusak, ragamu sing rusak iki bisa didandani kanthi urip ing dalane Pangeran Kang Maha Kuwasa, wis ayo mlebu ngomah, iki omahmu dhewe, iki duwekmu sing kudu mbok rukti sak bisamu.
      Para tangga sing padha teka ngrubung lagi mudheng jebul wong sing mertamu awan iki pancen anake mbok Wirya kang aran Paino kang gelem mulih, mulih saka lelungan kang suwe banget, mulih saka paran kang adoh ngoyak bandha lan kaendahaning kutha Jakarta, nanging oleh-olehane mung kecelik
***
Sukoharjo, awal Romadhon 2013