Minggu, 21 Juli 2013

Sehat itu murah!

Upaya untuk menjadikan tubuh sehat patut menjadi renungan di bulan Romadhon ini, mengapa Rosulullah saw. selama hidupnya tak pernah sakit?, adakah yang salah dalam pola hidup, pola pikir dan pola makan kita, sehingga rumah sakit penuh dengan pasien?. Jawaban itu semua tentu kita sendiri yang tahu, meski tujuan puasa untuk menjadikan kita orang bertakwa, dan tubuh yang sehat hanyalah efek positip dari puasa kita.
 Coba kita ingat apa yang kita makan saban hari, barangkali porsi makan kita yang terlalu banyak dan tidak sebanding dengan akivitas kita setiap hari.Tanda tidak sebanding dengan melihat kondisi tubuh kita (berat badan), apabila terlalu gemuk  atau terlalu kurus, namun yang kita dapati di jaman sekarang banyak orang yang terlalu gemuk
Fungsi makan dijaman sekarang telah bergeser dari tujuan utama, makan adalah untuk mendapatkan energi dan tentunya energi diperlukan untuk melaksanakan ibadah dalam wujud apapun. Namun di jaman sekarang makan adalah perilaku dengan aneka tujuan. Ada yang makan untuk memenuhi selera dan nafsu badaniah, ini terbukti dengan menjamurnya rumah makan dengan aneka cita rasa yang sangat menggoda lidah. Segala macam resep makanan dicipta tanpa menghiraukan lagi sehat atau tidak sehat.
Coba kita renungkan fungsi dari berbagai zat pewarna, zat pengawet, zat penguat rasa dll. Jenis–jenis bahan ini sebetulnya tak dibutuhkan oleh tubuh kita namun terpaksa hadir dimeja makan kita tanpa kita sadari, akibatnya kita jadi kecanduan rasa nikmat dari makanan.
Yang lebih berbahaya lagi adalah makan dijadikan sarana untuk pelarian dari suatu masalah. Setiap ada masalah hidup bukannya diselesaikan dengan bijak namun dihindari untuk dilupakan dengan makan enak di restoran secara berlebihan.
Perut kita (lambung, dan berbagai alat pencernaan, usus besar dll) adalah sumber penyakit, kalau tak hati-hati akan sangat berbahaya. Segala sesuatu yang berlebihan dalam pola makan akan sangat berbahaya karena menimbulkan berbagai jenis penyakit yang sulit disembuhkan.
Rasulullah Saw. Adalah suri tauladan kita dalam soal makan. Beliau tidak makan kalau tak lapar dan berhenti makan sebelum kenyang. Makanan pagi Rasulullah adalah 7 butir kurma ajwa (matang). Ada riwayat yang meng gambarkan tubuh Rasulullah Saw. sangat atletis, perutnya datar dan kalau berjalan tak ada yang bisa mengalahkan kecepatannya.
Meski Allah Swt memberikan imumnitas (kekebalan tubuh) namun semua ada batasnya kalau kita ceroboh dalam soal makan/minum. Para ahli kesehatan berpenda pat bahwa kekebalan tubuh itu berasal dari berbagai aspek. Sekitar 50% kekebalan berasal dari qolbu, dan selebihnya sangat ditentukan oleh, pikiran, fisik, emosi, nafsu dll.
Di bulan Rommadhon yang penuh barokah ini dimana tubuh kita beristirahat dari aktivitas makan di siang hari, marilah kita bisa memaksimalkan fungsi qolbu kita. Belajar menyukuri segala karunia Allah SWT adalah langkah yang sangat bijaksana. Buanglah penyakit hati seperti iri, dengki dll.
Allah SWT selalu memberikan kekayaan dan kecukupan pada setiap umatnya, maka jadilah kita orang yang dermawan di bulan suci ini, tingkatkan aktivitas ibadah, dan terapkan pola makan seperti yang dilakukan junjungan kita, niscaya kita akan mendapatkan tubuh yang sehat atau paling tidak lebih sehat dari bulan lain.
Marilah dibulan Romadhon ini kita, membiasakan makanan yang serba alami, terutama banyak makan buah-buahan seperti: kurma, pisang, apel pepaya dll. Hindari minum es dan sambal, stop merokok!.
Bagi yang ingin hidup sehat terbebas dari berbagi penyakit saya punya kiat sederhana, pernahkah anda makan/minum kacang hijau mentah?. Caranya sangat mudah dan biayanya sangat murah. Ambil kacang hijau sebanyak sesendok makan, bersihkan dari kotoran dan buang yang gabug. Cuci sampai bersih, lalu rendam dalam gelas dengan air mineral selama kurang lebih 10-12 jam. Kalau tak punya air mineral (air kemasan) bisa direndam air dingin yang sudah matang. Setelah itu kacang hijau dimakan mentah-mentah dan air rendaman diminum. Apabila anda ingin memakan/meminum sore hari habis buka puasa, maka pembuatannya dipagi hari, dan sebaliknya bila anda ingin makan/minum dipagi hari, pembuatannya sore hari sebelumnya. Lakukan kebiasaan ini selama anda ingin sehat, saya telah membuktikan lebih dari delapan tahun, dan hasilnya sangat dahsyat. Tak pernah sakit yang serius. Mungkin anda akan bertanya bagaimana rasanya?. Enak dan segar!.
Berapa lama umur anda?, adalah rahasia Allah Swt, namun soal kesehatan adalah tanggung jawab kita sendiri, maka jadilah orang yang sehat sehingga bisa menikmati hidup dengan enak dan ibadah bisa kita lakukan dengan lancar. Jadikan bulan Romadhon tahun ini sebagai awal mengatur pola makan kita. Laksanakan ibadah puasa dengan penuh semangat agar kita tetap sehat, memang puasa itu menyehatkan.
Itu semua adalah hanya efek positif dari puasa kita, namun tujuan puasa kita haruslah karena mencari ridha  dari Allah SWT untuk menjadi orang yang bertakwa.
Semoga kita dapat meraih pahala puasa di sepertiga awal bulan (Berkah), pertengahan bulan (Ampunan) dan akhir  bulan Romadhon (Bebas dari api neraka).
                           *****
Sukoharjo, awal Romadhon 1434.H
Sumedi

Sekar Setaman I

Sekar setaman No. 11

Jinisipun omben-omben(Unjukan)
Priyantun jawi kondhang pinangka priyantun ingkang remen nglaras mirengaken klenengan sinambi ngunjuk wedang kopi, wedang jae, wedang teh ginasthel(legi,panas, kenthel), nanging sejatosipun inggIh kathah sanget inuman utawi unjukan tradisional ingkang dipun racik dening simbah-simbah rumiyin contonipun:
  1. Tape kambang, unjukan menika eca sanget, menapa malih diunjuk nalika hawa radi asrep. Bahan lan caranipun ndamel: Santen klapa radi cuwer kemawon dipun godhog, lajeng dipun cemplungi irisan klapa enom alit-alit lan ditambah tape pohung. Gendhis jawi lan gendhis pasir sacekapipun. Supados kraos sedhep dipun paringi pandhan wangi utawi kayumanis
  2. Rujak degan, unjukan menika eca sanget, dipununjuk sadhengah wekdal cocok. Bahan lan caranipun ndamel: Degan utawi klapa ingkang taksih enom, toyanipun dipun godhog dipun campur kaliyan toya biyasa. Degan dipun serut lajeng dipun cemplungaken dados setunggal, ditambah gendhis jawi lan gendhis pasir sacekapipun, langkung sedhep diparingi pandhan wangi utawi kayumanis
  3. Cao, unjukan menika caranipun ndamel prasaja sanget, bahan lan caranipun ndamel:Ingkang kawitan damel juruh saking gendhis pasir (meh kados sirup nanging mboten mawi jantu), lajeng dipun campur toya sacekap ipun. Isinipun  cao mangga kersa, saget dipuniseni serutan degan, kolangkaling, janggelan, lsp. Supados kraos sedhep dipunperesi jeruk nipis.
  4. Kolak, unjukan menika sampun kondhang dados unjukan wajib nalika wulan Romadhon. Bahan lan caranipun ndamel: Santen sacekapipun dipun godhog, gendhis jawi lan gendhis pasir sacekapipun lajeng dipun iseni miturut seleranipun piyambak, biyasanipun isinipun kolak: pisang raja/kepok, kolangkaling, tela/pohung.
Babagan unjukan tradisional sejatosipun kathah sanget jinisipun, kula namung saget nyaosi sekedhik conto ing nginggil, wasana sugeng nyobi

Sukoharjo, 28 Juli 2012


 
Sekar setaman No. 12
Jambu kluthuk
Taneman woh-wohan menika ginanipun kathah sanget, tur inggih klebet taneman ingkang uripan (gampil gesang sanajan mboten dipunrimat), raosipun mboten patiya eca tur kathah isinipun, pramila bebrayan agung kathah ingkang mboten sami remen. Nanging wolak-walikipun jaman nalika nembe ungsum penyakit demam berdarah(DB), para ahli nembe saget manggihaken manfaat woh jambu kluthuk. Unjukan jus jambu kluthuk saget dados tamba gerah DB kalawau. Saderengipun bebrayan agung namung mangertos ginanipun ron jambu kluthuk ingkang enem(pupus) kangge ngusadani sakit diare (mencret). Sanesipun kangge tamba, ron jambu kluthuk saget kangge damel bumbu tigan pindang, (tigan bebek godhog ingkang werninipun kulit soklat)
caranipun dipun godhog kaliyan brambang sakulitipun
Nalika nembe ungsum jambu bangkok ingkang ageng-ageng, kathah bebrayan agung ingkang sami nanem, sejatosipun jambu bangkok kalawau inggih nunggal jinis kaliyan jambu kluthuk.
Wasana namung semanten seserepan bab jambu kluthuk, mugi wonten guna lan paedahipun

Sukoharjo, 28 Juli 2012



 
Sekar setaman No. 13
Sate Jamu
Dhaharan sate mbokmenawi sampun kathah ingkang pirsa, werninipun kathah, kadosta : sate wedhus, sate ayam sate sapi, sate kelinci, sate tempe gembus(satekere), sate jerohan lsp. Babagan jamu inggih sampun mujudaken barang limrah, kados ta: Jamu kencur, jamu puyang, jamu kunir, jamu godhong kates, lan sakwernanipun jamu godhogan ingkang sampun dipun racik ahlinipun. Lajeng bab Sate jamu?, kula pidados taksih kathah priyantun ingkang dereng mangertos, punapa malih priyantun saking sakjawine kitha sala. Ing kitha Sala sakmenika nembe model sate jamu, kula aturi ngatos-atos mliginipun umat Islam, amargi sate menika klebet dhaharan ingkang ukumipun haram. Sababipun menapa?. Sate jamu mujudaken sate saking daging segawon (satu iwak asu). Inggih menika wolak-walikipun jaman, kewan asu kok disate, apa ora aneh?. Racikan masakanipun inggih werni-werni, kadasta;Tongseng asu, Rica-rica asu, Empal asu, Sate bakar asu lsp. Wonten cariyos lucu ingkang kula sumerepi. Sakwenehing dinten kula mireng wicantenan antawisipun tiyang kalih, ingkang setunggal sopir becak, ingkang setunggalipun malih calon penumpang:
Calon penumpang     :“Pak becak, mrenea!”
Sopir becak             :”Dipun dherekaken tindak pundi mas?”
Calon penumpang     :”Sampeyan purun nggawa prawan?”
Sopir becak             :”Purun, menawi upahipun cocok”
Calon penumpang     :”Menyang Nusukan nggawa prawan”
Mireng wicantenan kalawau kula radi bingung, pramila kula namung mendel kemawon, kula mboten ngagas malih. Let sekedhap kula sumerep becak kalawau mlampah mbeta segawon cacah gangsal dipun taleni kersanipun segawon-segawon wau mboten ucul, dene calon penumpang kalawau nitih sepedha motor ngetutaken wonten sakwingkingipun becak.
Kula lajeng gedheg-gedheg, asu kok diistilahke prawan. Miturut cariyosipun tiyang sakiwa tengen mriku, daerah Nusukan panci kathah warganipun ingkang nyambut damel sadean sate jamu (sate asu).



Sukoharjo, 29 Juli 2012



 
Sekar setaman No. 14
Lelembut
Wonten ing kabudayan jawi taksih kathah kapitadosan bilih sanesipun donya ingkang kasat mata punika, inggih donyanipun menungsa, taksih wonten donya ingkang sanes ingkang makhlukipun dipun wastani lelembut, utawi badan alus. Lelembut kalawau inggih gesang kados kula penjenengan, nanging papan pangenanipun biyasanipun wonten papan-papan ingkang dipun anggep wingit kados ing wit ringin ingkang ageng ngrembuyung, kuburan, lepen-lepen ingkang awis- awis dipun srambah tiyang, lsp. Dene naminipun lelembut kalawa:
  1. Wewe, wujudipun dipungambaraken, kados tiyang estri ingkang rambutipun panjang dipunore, susunipun ageng, rupinipun awon.Wonten ingkang nyebut wewe gombel.
  2. Wedhon, wujudipun mboten cetha, namung rupinipun pethak, mlampah mboten nggambah lemah.
  3. Thuyul, wujudipun kados lare alit, gundhul, wuda, sok malah dipundadosaken pesugihan tiyang ingkang sesat imanipun
  4. Sundel bolong, wujudipun kados dene tiyang estri, rupinipun ayu nanging gegeripun bolong.
  5. Glundhung pringis, wujudipun namung sirah thok ingkang ngglundhung lan cangkemipun mringis.
  6. Biyung tulung, wujudipun mboten wonten, nanging namung kepireng swantenipun ingkang njaluk tulung. Tulung,…. tulung,….tulung,… nanging menawi wonten tiyang ingkang nyelaki, swanten kalawau saya nebih terus.
  7. Peri, wujudipun dipungambaraken kados tiyang estri ingkang ayu tur gandanipun wangi, pramila kathah priyantu kakung ingkang kegodha.Tiyang kakung ingkang kegodha kalawau nembe eling naila sampun enjing piyambakipun tilem angler wonten papan ingkang mboten sakmestinipun kadosta tilem wonten pinggir lepen, wonten ngandhap wit ringing ingkang ageng lsp.
  8. Gendruwo, wujudipun dipungambaraken kados dene tiyang sepuh
  9. Jrangkong, wujudipun dipungambaraken kados rangka menungsa ingkang gesang.

Taksih kathah sanget sebutan-sebutan kangge lelembut miturut daerahipun piyambak-piyambak, kadosta: kuntilanak, memedi  pocong, setan kuburan, lsp, nanging ingkang sami ngen dikaken, meh sedaya lelembut kalawau menawi mlampah mboten ngambah lemah. Wonten ingkang pitados bilih menawi nyumerepi lelembut kados ingkang kula sebat ing nginggil, dipun sranani cucul busana utawi wuda, lelembut wau ajrih sanget.
Wasana namung sumangga, mboten perlu ajrih.


Sukoharjo, 29 Juli 2012

 

Sekar setaman No. 15
Silir
Naminipun  wilayah alit ing daerah Sala sisih wetan. Senajan jembaripun wilayah kalawau namung alit ( namung tataran RT), Silir sampun kondhang dumugi saindhenging nuswantara. Menika cariyos ingkang sampun lawas, menawi penjenengan tindak mrika sampun mboten wonten. Cariyospun mekaten: Nalika semanten wonten kawicaksanan saking pamarentah Sala bilih kangge ngawekani kathahipun lonthe (WTS) ingkang sumebar ing pundi-pundi panggenan, pamerintah damel papan pelanyahan ingkang resmi, tlatah ingkang dipunanggep nyekapi syarat inggih menika ingkang sepi lan tebih saking pemukiman penduduk, dipunpilih daerah kelurahan Semanggi klebet RT.7, mapanipun sisih wetan tanggul, pramila tiyang ingkang tindak mrika menawi pekewuh “arep neng Silir”, dipun gantos ”Nyang wetan tanggul”. Gandheng Silir mujudaken papan pelanyahan ingkang resmi dipunakeni pamerentah, pramila kathah sanget para priya ingkang remen iseng sami tindak mrika. Priyantun saking daerah sanes menawi tindak dhateng kitha Sala menawi mboten mampir dhateng Silir taksih dipunanggep dereng ngertos Sala. Menika cariyos kedadosan ing tahun sewidakan, nalika panggesangan taksih angel sanget, ngibaratipun namung kangge dhahar kemawon kathah para wadon ingkang kecemplung ing donyanipun palanyahan, kathah para tiyang sepuh ingkang tega dumateng anak wadonipun nyambi dados lonthe. Wonten cariyos malih, ing satunggale tlatah pedhusunan ingkang miskin sanget, prasasat bocah wadon ora tau dandan, ora ngerti wedhak pupur, tur pakulitanipun ireng mbengkerok, sandhanganipun mboten mbejaji, ngantos dados prawan radi kasep. Gandheng kawontenan mekaten piyambak ipun nglembara dhateng kitha Sala pados panggesangan. Cekak critanipun dados WTS ing Silir. Gandheng sampun gadhah arta kathah lan ugi dipunrimat kaliyan mbok-mbokanipun(germo), rupinipun malih dados ayu kinyis-kinyis. Crita salajengipun wonten priya ingkang ngepek bojo lan ngentasaken saking jurang kanisthan kalawau. Kedadosan kalawau lajeng nuwuh aken pemanggih ingkang klintu ing padhusunanipun wadon tilas WTS kalawau, tuwuh unen-unen: yen rupane elek, mlarat, wis kasep, dadiya lonthe dhisik ben payu”. Apa tumon!
Silir sampun resmi dipuntutup, papanipun sakmenika dados rame sanget, saperangan dados punjering perekonomian.

Sukoharjo 29 Juli 2012



 
Sekar setaman No.16
Hotel Krusek
Hotel indonesia (HI) ing ibukota kula pitados penjenengan sampun mireng, Hotel Sahid Raya ing kitha Sala kula inggih pitados pnjenengan malah sampun nate nyare wonten mrika, Hotel Lor In ing kitha Sala sisih kilen penjenengan temtu sampun sumerep. Ing kitha Sala kathah sanget hotel-hotel ingkang tarafipun nasional utawi internasional. Kangge mben tenaken tarafipun, hotel kalawau dipunsebat hotel bintang pinten. Dados wonten hotel bintang setunggal, hotel bintang kalih, hotel bintang tiga, hotel bintang sekawan lan paling inggil hotel bintang gangsal. Dene hotel alit-alit ingkang dereng nggadhahi bintang namung dipunsebat Hotel Melati, utawi Penginapan, utawi Losmen. Hotel bintang gangsal tarifipun ngantos yutan rupiyah sakwenginipun, temtunipun ingkang nginep wonten mriku namung juragan sugih lan pejabat tinggi utawi tiyang saking mancanegari. Nanging ing pasrawungan inggih sok wonten guyonan hotel krusek, punapa hotel krusek menika?. Hotel krusek inggih menika hotel ingkang paring kasempatan kangge nyipeng kanthi tarip jam-jaman, utawi tarif sakperlu , biyasanipun namung sakperu betah kangge ngeloni dhemenanipun utawi WTS. Ah,… tenan ta iki?

Sukoharjo, 29 Juli 2012





Sekar setaman No.17
MONUMEN PERS NASIONAL
Panjenengan dereng pirsa Monumen Pers Nasional?, wah rugi sanget, penjenengan mboten ngertos sujarah pers Indonesia, punapa malih para murid, para siswa, lan para guru ing kitha Sala, penjenengan rugi menawi mboten nyelakaken tindak mrika. Mapanipun wonten ing kitha Sala, alamat ingkang kom plit:  Jl.Gajah Mada No. 59 Surakarta(Sala) telp. (0271) 711494,712734 fax (0271)716008, Email: mpn @mail. kominfo.go.id. Fasebook: monpersnas@gmail.com, Website: mpn.kominfo.go.id Monumen Pers Nasional instansinipun kementrian Komunikasi dan Informatika. Isinipun pepak. Komplit tur mboten sisah mbayar. Koleksi antawisipun:
  1. Mesin ketik tokoh Pers, Mesin hitung kuna, Portable Mixer
  2. Micro film, Kenthongan Kyai Swara Gugah, Radio Kambing
  3. Diorama Sejarah Pers, Patung Perintis Pers, Rekaman Vidio Gerhana Matahari Total, Plat Cetakan Perdana Koran Kedaulatan Rakyat, Baju Wartaman Hendro Subroto, Peralatan Terjun Payung Trisno Yuwono.
Sanesipun barang-barang menika Monumen Pers Nasional, nyumadiyakaken Media Center sacara lelahan (gratis), penjenengan saget internetan gartis. “Wah apike kaya ngene kok ora dimupangatake”, mekaten kula sok grenengan piyambak. Sejatosipun museum, perpustakaan, candi, lan patila ran kina sanesipun menika papan pasinaon, nanging emanipun bangsa kita dereng saget ngregani. MPN ugi kagungan perpustakaan ingkang lumayan komplit, wiwit buku sastra kina, ngantos sastra enggal wonten, buku pengetahun umum inggih komplit. MPN inggih gadhah dokumentasi koran-koran lawas ingkang sampun nate kaedharaken ing Indonesia (koran jaman perjuangan). Menawi penjenengan betah maos koran terbitan enggal inggih wonten, Kompas, Suara Merdeka, Solo Pos, Jawa Pos, Suara Pembaruan, Kedaulatan Rakyat, Pikiran Rakyat, lan koran-koran alit saking daerah ugi wonten. Betah majalah, inggih komplit. Majalah Panyebar Semangat, Jayabaya, Joko Lodang, pokokipun komplit,..plit, gratis,.. tis…., sumangga kula aturi rawuh mrika.


Sukoharjo 29 juli 2012

Sekar setaman No.18
Arem-arem
Arem-arem naminipun tetedhan, wujudipun kados lonthong nanging nglebetipun wonten isinipun, biyasanipun sambel goreng ati. Miturut cariyos ing kula pireng, jebul arem-arem menika inggih wonten critanipun, jlentrehipun mekaten. Nuju sawijinipun dinten wonten priyagung trahipun ngaluhur asmanipun KRT.Remenedha ingkang badhe ketamon sedherek ingkang kathah sanget. Ndilalahipun priyagung kalawau kok inggih keleresan artanipun sampun cupet sanget. ”Wah piye iki dhuwit wis mepet gek arep ana tamu akeh, wektune ya wis mepet sisan”, mekaten sambatipun priyagung kalawau. ”Won,…. Won,… mrenea dhisik”. Priyagung kalawau ngundang abdinipun jurumasak ingkang asma Sripawon. ”Piye iki arep ana tamu akeh gek dhuwit nggo ragat suguhan geri semene”, ngendikanipun priyagung kalawau ketingal bingung sanget. ”Mekaten ndara kula gadhah usul, arta semanten sampun cekap kagem atur pasugatan, tur inggih mboten nglingsemaken”, ”arep mbok suguhi panganan apa”, ”kula mboten mangertos naminipun nanging wujudipun kados lonthong, nanging wonten isinipun sambel gereng ati”, ”panganan iku enak lan wis memper kanggo suguhan?”, “sampun ndara, malah tamu ingkang sampun tuwuk mboten kersa dhahar saget  mbeta wangsul dhateng griya”. “yawis gawekna, aku manut karo omongmu”. Cekakipun crita, Sri pawon lajeng tumandang damel tetedhan utawi panganan kalawau awit wekdalipun sampun mepet. Dumugi titiwanci tamu rawuh lan pasugatan dipunladosaken, manahipun priyagung kalawau radi dheg-dhegan, ”aja-aja suguhanku iki ngisin-isini”, ngaten raos ing salebeting manah. Jebul kawontenan malah suwalikipun, para tamu ketingal remen sanget anggenipun sami dhahar, rumaos marem lan sampun rumaos tuwuk. ”Tetedhan punika damelanipun sinten kangmas?”, pitakenipun salah sawenehing tamu kaliyan gemujeng remen sanget. ”iki gaweyane abdiku dhewe sing jenenge Sripawon”, wangsulanipun priyagung kalawau marang tamunipun ingkang kaleres adhinipun ragil, ”Wah,…. eca tur sae sanget, menapa naminipun tetedhan menika kangmas?”, ”durung ana jenenge”. Priyagung kalawau lajeng nggagas, arep tak jenengke apa ya. “Yawis ngene wae, gandheng durung ana jenenge, mula kabeh para tamuku, padha seksenana: panganan iki tak wenehi jeneng AREM AREM, karana bisa gawe mareme kabeh tamuku.

Sukoharjo, 29 juli 2012                                                                                



Sekar setaman no 19

Cerkak:
Pakdhe  Dullah

Ora jeneng ngalembana amarga kelegan atine, nanging kasunyatane pancen kaya mengkono, priyayine katon bagus sanajan wis sepuh, yen nyenyandhang mesti pantes apameneh yen ngendikan,… wah jan pancen priyayi siji iki mesthi cedhak turune bangsawan saka kraton Surakarta Hadiningrat utawa Sala. Miturut critane yuswane meh ngancik wolung puluh  lima tahun nanging isih ketok timur lan sarirane seger waras, jare adhine sing ragil wae yuswane pitung puluh tahun kamangka pakdhe Dullah iku anak mbarep duwe adhi cacah enem. Aku yen ngundang pakdhe Dullah, asmane kang pepak R.Abdullah Wiryamartono, pensiunan penilik sekolah. Sanajan mung tangga nanging wis dak anggep kaya wong tuwaku dhewe apameneh urip aneng paran kaya ngene iki, sing jenenge sedulur ora liya ya tangga cedhak omah. ”Nakmas kok ya isih kendel temen urip ijen apa ya ora wedi?”, ngono pitakone pakdhe Dullah ing sakwenehng sore. ”Hla sing diwedeni nggih sinten ta pakdhe, yen wonten tiyang badhe nggarong kula gek bandha kula napa?”. Krungu wangsulanku mau pakdhe Dullah ngguyu kemekelen, ”ngene hlo nakmas, jaman aku mbiyen umur kur-kuran kaya nakmas iki aku malih dadi wong jireh ora wani turu ijen, cepet-cepet golek kanca turu!”. Krungu wangsulane pakdhe Dullah genti aku sing ngguyu kemekelen, aku terus nyandhak menyang ngendi parane ngendikane pakdhe Dullah, wis genah mesthi bab bebojowan. Tak akoni nganti umurku ngancik telung puluh tahun ngene iki aku isih wedi golek bojo, sing tak wedeni gek piye mengko anggonku arep ngingoni wong jeneng urip ijen ngene wae pendhak tanggal selawe kanthong iki wis ora tau ana isine. Urip pinangka pegawe negeri cilikan kaya ngene iki sarwa susah, blanjane mung gumantung apike ati presiden, tahun iki gelem ngundhaki apa ora. Sanajan yen disawang ya  katone gagah, nganggo seragam keki mlithit, sepatu ireng mengkilap tur ya tumpakane pit montor, nanging ya iku mau swarane pit montor malah melu ngece, dhit,…. dhit,…dhit,…. jaragan pit montor kredhitan. Jane mono aku iki durung wancine numpak pit montor, nanging kepiye meneh wong jamane kudu mengkono, yen numpak pit onthel kok kaya dadi ora pedhe. Mula nganti umurku telung puluh tahun aku ora wani nyedhaki prawan, kamangka lunase pit montor suk yen umurku telung puluh telu tahun. Karepku mono arep golek samben gaweyan ben entuk tambahan asil raketang sithik, nanging njur arep nyambi apa wong angger mulih saka kantor ya wis jam setengah lima sore rasane awak wis loyo. ”Ora,.. jan-jane nakmas iki sing dienteni sapa, wong blanjane ya wis gedhe ngono, selak kiamat lho!”, pakdhe Dullah malah meden-medeni. Jare pakdhe Dullah mbesuk ing alam akherat iku sing paling rekasa wong kang ora gelem omah-omah, amarga iki sunahe kanjeng Nabi Muhammad saw. ”Ah,.. saestu ta niku pakdhe?”, ”iki tenan, hla kurange nakmas iki apa, blanja ya gedhe, dedeg piyadege ya gagah tur bagus”, ngendikane pakdhe karo manggakake aku dikon ngombe wedang teh. ”Kula ajrih mboten saget ngingoni semah kula pakdhe, blanja kula pun telas dipotong kangge nyaur utangan terus”. Pakdhe Dullah ngguyu kemekelen meneh, “ngene lho nakmas, urip ijen iku mesthi cupet, ngendi ana joko bisa nyenthelke piring, ning yen urip wong loro malah turah,… turah akeh, yen ora nyata aku mengko tukokna sate wedhus sepiring!”, ngendikane pakdhe karo ngguyu kemekelen. “Wong wedok iku pinter ngatur balesomah, mbok blanja sithik bisa cukup, mbok blanja akeh pinter nyelengi”, ngendikane pakdhe Dullah karo nydhot rokok kreteke. Sakwise rembugan ngalor ngidul babagan wong omah-omah, aku ya banjur manut karo ngendikane pakdhe, nanging sakdurunge pakdhe ya tak blakani kahananku yen aku iki mung anake randha sing mlarat gek sedulurku ya akeh pisan. ”Ora apa-apa sedulur akeh iku malah apik, luwih kuwat sentosa!”, ngono ngendikane pakdhe. Dina malem Minggu candhake aku dijak nontoni prawan kang isih kepernah ponakane, jare bocahe ayu tur ya lugu malah yen mung maca lan nulis Qur’an ya pinter, nyambut gawe dadi guru taman kanak-kanak sanajan mung guru honorer. Ing satengahe dalan atiku ya dheg-dhegan, gek wong lanang kaya aku iki apa ana prawan sing gelem, terus mengko gek piye carane kenalan, wah mbayangake aku wis stress dhewe. Lagi mandheg eneng ngarep omah wis ana priyayi sing mbagekake tekaku lan tekane pakdhe. ”Mangga,.. mangga,.. pinarak mlebet, ning niki namung gubug hlo”, ujare sing kagungan omah, ora liya ya adhine pakdhe dhewe. Sakwise padha lungguhan lan kabar kinabaran bab keslametan, ana bocah wadon nggawa beri isi wedang lan panganan, pakdhe njiwit pupuku, aku wis tanggap ya iki bocah wadon sing arep dijodhoke karo aku. ”Nakmas Harto, dikenalke, iki ponakanku, jenenge Aslijah guru TK”, ngendikane pakdhe. Aku ngadeg ngajak salaman, tak akoni wektu iku awaku rasane anyep kabeh, gek kringetku ya dleweran kae. Sanajan katone nyawang nanging aku ora bisa ngematake rupane, mbuh ayu apa ora aku ora ngerti, nanging tekatku wis manteb, yen dheweke gelem aku ya gelem, tur ya gelem banget wong aku dhewe ya sakjane selak kebelet tenan. Sidane amung butuh wektu sesasi kanggo persiapan uba rampene wong arep nikahan, sanajan mung climen nanging kanggoku wis cukup sing penting wis sah miturut agama lan sah uga tumrape pemerintah. Setahun rong tahun aku wiwit mbuktekake apa kang dadi ngendikane pakdhe Dullah, Sasi wingi bojoku wis tuku piring saklusin lan gelas saklusin, sasi iki malah tuku panci alumunium sak set cacah enem. Saben mulih dina bakda ya raketang sak gram rong gram mesthi nyelengi wujud mas-masan. Omahku sanajan prasaja nanging katon resik lan tumata, saben dina bojoku sregep nyapu lan ngepel. Jan,.. ora nyana babar pisan yen uripku bakal kepenak kaya ngene, bagya mulya lair batin. E,... ngertiya wong duwe bojo iku penak rak ya dhisik-dhisik aku kawin, dadi wong lanang kok bodho temen aku iki. Nalika anggonku omah-omah ngancik rong tahun aku wis diparingi momongan kang nambahi regenge balesomahku, bayi cilik wedok mau saya dina tambah gedhe saya nggemesake ati. ”Pak mbenjing gajian kula dipundhutke boneka nggih?”, penjaluke karo ngglendhot neng pangkonku, ”ya,.. ning adhik ora pareng rewel nggih, yen adhik rewel kaya wingi kae mesakake ibu”. ”Anu dhing pak, adhik nggih dipundhutke payung cilik kaliyan pit cilik, nika lho pak sing rodhane tiga!”, ”ya,… ya,.. mengko yen gajian sasi ngarep tak pundhutke kabeh”, wangsulanku ben seneng atine. Rasane kaya lagi dhek wingi anggonku omah-omah, ngerti-ngerti wis meh ngancik telulikur tahun, bocah sing dhisik isih cilik  saiki wis dadi prawan kang ayu menik-menik kaya ibune, wis dadi mahasiswi sing pinter, nanging ya iku kadhang kala nggawe ngelu sirahe bapak ibune, saben-saben duwe penjaluk ora dituruti terus ethok-ethok lara, ya kepeksane bapak ibune kudu nuruti karepe. Setahun iki aku kudu kerep pasa, pasa sing ateges ngampet kepenginan jajan lan tetukon barang  kang kurang perlu, amarga anaku wedok duwe penjaluk akon nukokake pit montor model skutik. Wah,…jan rada judheg tenan aku, karepku mono mangkat mulih sekolah utawa kuliyah rak luwih kepenak numpak bis kota, sak liyane irit ya ben akeh kenalane aneng bis kota sapa ngerti mengko malah ketemu jodhone. Nanging penjaluke sansaya adreng, aku wedi mengko yen ora tak turuti mundhak ndadekake lara, kepeksane pit montorku tak dol kanggo bayar uang muka, dene aku dhewe pilih numpak pit onthel idhep-idhep olah raga.
***
Mangkat mulih menyang kantor aku numpak pit onthel, setengahe aku nggenjot pit banjur kelingan pakdhe Dullah sing saiki wis swargi, apa pakdhe Dullah kae panjang yuswane lan katon sehat amarga senengane numpak pit?, ah mbok menawa iya, wong nyatane numpak pit durung genep rong sasi wae rasane awaku  tambah sehat lan seger. Angger kelingan pakdhe Dullah aku banjur kelingan kanca-kanca sekolah jaman SMA patang puluh tahun kepungkur, saiki malah akeh sing wis dipundhut kondur sowan marak menyang pangayunaning Gusti Allah, dene sing isih urip uga akeh sing padha nandang raga stroke. Ing batin aku tansah ngaturake panuwun marang pakdhe Dullah kang njodhokake aku karo ibune gendhuk, jebul ana ing jaman kang wis maju iki bab jejodhoan isih perlu ana wong kang njodhokake, bocah enom ora becik yen padha golek dhewe, sakliyane sok kleru kadhang kala anggone kekancan  utawa pacaran sok akeh-akehe malah kebablasen. Aku banjur kelingan kancaku nunggal kantor, balesomahe bubrah padha pisahan kamangka dhek emben anggone golek bojo ya amarga pilihan dhewe mung ketemu aneng dalan, mung waton padha senenge, mula ya ora ngerti bobot bebet lan bibite.Tekan ngomah wis meh jam lima sore, leren sedhela banjur adus lan leyeh-leyeh aneng teras omah ngematake wedang teh ginasthel gaweyane ibune gendhuk. ”Piye bu asile ujian anak wedok dhek wingi?”, ”wah apik banget pak, bijine rata-rata entuk biji ”A” dene sing entuk biji “B” mung mata kuliyah cacah loro”. Bojoku nyedhaki anggonku linggih karo omong klesik-klesik. ”Esuk mau pak Dullah Anwar tindak mrene arep nemoni penjenengan”. Kok ndelalah kersane Allah, ing kampungku kok ya ana kang asmane pak Dullah, jangkepe jenenge Abdullah Anwar, pakaryane pinangka pensiunan guru SMP negeri, priyayine  uga wis sepuh, aku yen ngundang  mas Dullah kadhang kala ngundang pakdhe Dullah ngono wae, mbasakake anaku. “Sajak ana perlu apa ta bu?”, ”ya embuh pak, jare sore iki arep mrene”, “ya wis yen ngono tak tunggune”. Durung mingkem anggonku guneman wis keprungu swara uluk salam. ”Assalamu’alikum”, “Waalaikumusalam”, wangsulanku karo nyalami pakdhe Dullah. ”Kok njanur gunung, sajak wonten perlu mas, mangga pinarak lenggah mlebet”, tangkepku grapyak. Tak sawang pak Dullah sajak serius lan ana rembug wigati kang arep diomongake, karo nata anggone lunguh pak Dullah omong kanthi basa kang alus banget, wose rembug tekane ing omahku  diutus pak lurah supaya nakokake apa anaku wedok wis ana sing duwe apa durung. ”Ngene lho pak Harto, sekirane ndhuk Endang durung duwe calon, putrane pak lurah kang asmane Drs Partono kang mergawe aneng bank pemerentah kae kepengin urip bareng karo ndhuk Endang”, ngendikane pak Dullah karo nyawang aku kebak pengarep-arep. Mak jleg ,…. rasane atiku, ya seneng nanging ya bingung, ora nyana babar pisan yen aku iki arep kepayon dagangan. Anak siji karepku mono ben sekolah dhisik nganti tutug lan bisa nyambut gawe, nanging jenenge wae anak wedok, sekolah dhuwur-dhuwur mengko parane ya mung neng pawon. ”Mekaten nggih pak Dullah, sakderengipun kula ngaturaken panuwun ingkang kathah sanget awit rawuh penjenengan, nanging bab punika badhe kula rembag rumiyin kaliyan ingkang badhe nglampahi, rak ya kaya ngono ta bu?”, wangsulanku karo nakoni ibune gendhuk. ”Inggih pak, kula nyuwun wekdal kangge rembakan kaliyan gendhuk”. “Inggih matur nuwun, wangsulan penjenengan kula tengga”, ature pak Dullah karo nyuwun pamit. Sakpungkure pak Dullah aku lan ibune gendhuk pandengan-pandengan, kedadeyan telulikur tahun kepungkur nalika aku dijodhokake karo ibune gendhuk lantaran pakdhe Dullah sing saiki wis swargi kaya gawang-gawang cetha ngegla. Tekane jodho kadhang kala gampang nanging uga kadhang kala angel kepati. Pak Abdullah Anwar kang lagi wae teka ing omahku mesthi wis mawas-mawas, sapa putrane pak lurah iku lan apa pakaryane, semono uga sapa Endang lan anake sapa Endang iku. Yen miturut penemuku kok kabeh katone meh sakdrajat, ya sekolahe bocah-bocah kang arep dijodhokake, semono uga wong tuwane kok ya sakdrajat, gek bocah-bocahe katone ya padha mempeng anggone ngibadah marang Gusti Allah. Rasane atiku kok manteb, semono uga rasane atine ibune gendhuk. ”Wis gek kapan gendhuk ditari, sapa ngerti nasibe gendhuk padha karo nasibe awake dhewe, nemokake jodho lantaran pak Dullah”, ”ya pak, aku kok ya setuju lan manteb menawa gendhuk dipek bojo nak Partono putrane pak lurah”. Wangsulane ibune gendhuk karo ngadeg saka lungguhan. Srengenge wis meh angslup, lamat-lamat wis krungu swarane adzan Magrib saka langgar desa, aku mangkat menyang mesjid bareng-bareng wong telu karo anak lan bojoku, wiwit bar sholat magrib iki dongaku tambah akeh, muga–muga anaku pinaringan jodho karo nak Partono, nanging kabeh mau mung tak pasrahake marang astane Gusti Kang Akarya Jagad. Pasuryane pakdhe Dullah lunga teka silih ganti karo pasuryane pak Dullah Anwar kang mentas teka ing omahku. (cuthel).
--00—


Sukoharjo, 29 Juli 2012

Sekar setaman No.20
Wacan bocah:
”Hore,... aku dadi juwara”
Atiku bingung apadene isin marang kulawargaku dhewe, wong saomah kabeh wis tau dadi juwara, tahun kepungkur bapak dadi juara macapat ing kantore, hadiyahe piala gedhe karo dhuwit satus ewu rupiyah, sanajan wis tau dadi juara bapak ora seneng umuk, yen ngendikan ya malah kepara ngasorake dhiri, semono uga ibu, sanajan mung ibu rumah tangga nanging ya wis nate dadi juara masak olahan pangan saka pohung nalika perayaan pitulas Agustus tahun 2007, hadiyah piala cilik karo piring saklusin, dene Mas Wahyu kangmasku sing mbarep dadi juara pencak silat tingkat kota hadiyahe wujud piala gedhe lan medali mas. Lemari ngarepan wis kebak piala lan piagame saka bapak, ibu lan mas Wahyu, ing batin aku nggagas, suk kapan aku oleh piala kaya bapak, ibu lan mas Wahyu?. ”Kene-kene padha ngumpul, bapak wengi iki arep mborong bakso, kabeh kena tanduk sakwarege”, ngendikane bapak nailka entuk hadiyah mbiyen. ”Pikantuk arta saking pundi ta pak kok kadingaren wantun njajan sakulawarga?”, pitakonku rada gumun, wong sakjege bapak ora nate njajan. Penggaweyane bapak  mung dadi PNS rendhahan ing balaikota Solo, blanjane mung pas-pasan kanggo mangan sabendinane. ”Tak critani ya, nanging iki ora ateges aku arep umuk lho”, ngendikane bapak karo ngguyu sajak seneng penggalihe kae. ”Bapak dhek wingi mentas dadi juwara lan entuk hadiyah piala lan dhuwit satus ewu rupiyah”, kandhane bapak karo nuduhake dhuwit saklembar atusan ewon sing isih aneng amplop. ”juwara menapa pak?, pitakonku sajak gumun. ”Bapak dadi juwara macapat aneng kantor”, wangsulane lirih karo mesem. ”Hore,.. selamat nggih pak wangsulanku karo nyalami astane bapak, semono uga mas Wahyu lan ibu padha nyalami  bapak kabeh. ”Jebule yen wayah sore bapakmu rengeng-rengeng kae tibake lagi latihan nembang”, kandhane ibu karo ngguyu. Sidane wengi iku bakul bakso sing gawene ider ana kampungku tak celuk neng ngomahku, ora mbuwang kesempatan langka iki, wengi iki aku ngenteke bakso telung mangkok. ”Sakmangkok meneh ndhuk, ben ndang gedhe lan bisa dadi juwara kaya bapak!”, ”amin, amin, amin”, wangsulanku manteb. Nanging beda karo watake bapak, mas Wahyu saben-saben nyabet juwara terus umuk neng ngarepku, ”iki lho ndhuk sang juwara pencak, apa kowe bisa?”, kandhane mas Wahyu karo ngece kae. Nanging aku ora serik, aku ngerti watake mas Wahyu, kabeh mau kanggo mecut aku supaya gelem latihan pencak silat kaya dheweke, nanging aku panggah wae ora gelem nuruti karepe, rasane aku ora duwe bakat pencak silat apamaneh awaku ringkih kaya ngene. Aku percaya kabeh menungsa diwenehi keluwihan lan ana kekurangane dhewe-dhewe, bisaku ya mung sekolah kanthi sregep ben entuk ranking siji sanajan nganti seprene rankingku ya mung tiba tengah-tengahan wae. Bubar ngaso wayah awan aku ditimbali bapak kepala sekolah, pak Darman guru kelasku ngancani aku ngadhep bapak kepala sekolah, ”Tutik,.. iki ana kalodhangan becik kanggo kowe, Pemkot Solo nganakake andon wasis uta lomba ngarang basa Jawa kanggo murid sekolah dasar, kowe tak pilih makili sekolah, sanggup ya?”. Aku bingung ora bisa menehi wangsulan. ”Miturut laporane pak Darman kowe pinter babagan ngarang basa Jawa, dadi kari nggladhi sedhela tak kira wis cukup”, ature pak kepala sekolah sajak dhesek kae. ”Saguh ya Tut, sapa ngerti nasibmu becik idhep-idhep kanggo ngarumake jeneng sekolah mu!”, ature pak kepala karo mbombong aku. ”Inggih kula purun pak, nanging menawi kawon mboten didukani nggih?”. Tekan titi wancine lomba aku wis siyap aneng gedhung Pendhapi Gedhe balaikota, bocah cacah satus seket padha melu andon wasis ngarang crita nganggo basa Jawa kanthi irah-irahan bebas. Aku njupuk irah-irahan: ”Pemkot Solo majibake kabeh pegawene nggunakake basa Jawa ing saben dina jum’ah”. Ing karanganku mau tak tak tulis alesan-alesan kang dhesek kahanane basa Jawa ing jaman saiki sing wis akeh ditinggalake para kanoman, uga tak tulis menawa basa Jawa iku rohe budaya Jawa. Malah ing wektu saiki majalah utawa koran basa Jawa kena dietung nganggo driji cacahe, iku wae uripe mung kempas kempis, sakliyane iku uga tak sisipi crita nalika pak Jokowi walikota Solo sapatemon karo wong saka manca negara, ”Hwo are you mister?”, sapane pak walikota kanthi basa Inggris. Nanging wong saka negara Amerika mau malah wangsulan nganggo basa Jawa kang alus, ”Kabaripun sae awit saking pangestu penjenengan”. Krungu wangsulane tamune mau pak Jokowi banjur mesem ngguyu nanging rada gumun, sakatase wong landa kok basa Jawane pinter. Sidane sapatemonan mau terus nggunakake basa Jawa alus. Yen wong saka manca negara wae padha seneng nggunakake basa Jawa kenangapa awake dhewe malah padha isin?. Karanganku terus tak pepaki crita saka tlatah Ngayogjakarta, Nalika semana aneng bis kota ana sakwenehing turis saka negara manca padha numpak bis kota. Gandheng ora oleh panggonan turis-turis mau kepeksa padha ngadeg. Ana sakwenehing nom-noman sing tumindak kurang ajar padha ngrasani turis mau. ”ben kethek-ketheke padha ngadeg neng bis kota, ben ngrasakake urip ing kutha Jogja”, kandhane wong-wong mau karo ngguyu. Krungu panggodhane wong-wong mau, turis-turis mau padha meneng wae, sanajan ngerti yen dienyek nanging arep mbales cara alus. Nalika tekan terminal, turis mau banjur padha mudhun ora lali karo pamitan marang wong sing ngenyek, ”Nyuwun sewu, kethekipun badhe mandhap terminal mriki”. Krungu pangucape turis mau nom-noman sing ngece raine dadi abang ireng kisinan terus padha melu mudhun sakperlu arep njaluk pangapura marang para turis. Singkat crita karangan banjur tak tutup kanthi kahanan sakbanjure para pegawe nggunakake basa Jawa, Pamarentah pusat mbiji menawa pamerentah Solo perlu oleh pengaji-aji amarga wis nindakake pelayanan masyarakat kang prima, kanthi luwih cepet lan ngajeni para tamu kang njaluk layanan apa wae.
Ora ngira karanganku jebul entuk biji paling dhuwur, aku oleh pengaji-aji utawa hadiyah piala gedhe lan dhuwit rongatus seket ewu rupiyah lan poto bareng karo pak Jokowi, hore,... aku dadi juwara!. (Cuthel)


Sukoharjo, 29 Juli  2012

Kamis, 11 Juli 2013

Mulih

       Kutha kang njajekake urip  mulya mau jenenge kutha Jakarta, meh saben kanoman saka ing karang pradesan padha ngimpekake bisa urip mulya aneng Jakarta
      Sepur kluthuk kang ditumpaki kanoman saka karang pradesan mau mlaku alon-alon ninggalake stasiun Balapan Solo, saya suwe lakune banter banget, stasiun kutha –kutha cilik wis diliwati, parak esuk sepur kluthuk mau wis tekan stasiun Gambir ing Jakarta
      Weleh,.. weleh,... jebul Jakarta iki kaya mengkene ta, kanoman kang aran Paino mau sajak gumun nyawang kaendahane kutha Jakarta nalika semono. Dheweke mlaku urut ratan gedhe tanpa duwe tujuwan kang gumathok. Tujuwane mung siji, bisa cekel gawe sakbisane.
      Sedina rong dina durung kecekel gaweyan sing dikarepake, sangu saka desa wis ludhes saksuwene nganggur seminggu. Gelem ora gelem Paino kudu gelem nyambut gawe sakanane.
      “Gelem kowe melu nyambut gawe panggonanku?”
“Gelem wae, aku mrene iki pancen butuh nyambut gawe”
Dina iku Paino nyambut gawe kang kawitan, dadi kuli bangunan proyek gedung susun limolas. Rasa bungah campur kesel ndadekake wektu telung tahun wis diliwati, rasa kangen marang wong tuwa sithik mbaka sithik kesilep endahing kutha Jakarta.
      “Pai,... kowe ora mudik bakda iki?”, pitakone  kanca nunggal gaweyan
      “Ra duwe sangu”, wangsulane Paino entheng.
“Hla dhuwitmu kok guwang neng ngendi?”
“ biyasa,.. dhuwit setan dipangan jin”
      Sejatine yen gelem mudik mono bisa wae nanging wong enom yen lagi kedanan wedokan lali samubarang, dhuwit sepirang-pirang mung kanggo nguja wedokan kang penggaweyane adol awak ayu. Mula dhuwit setan kang asale saka korupsi mau mung entek dipangan jin wedok.
      Kalungguhane pinangka mandhor proyek kepenak banget, saben ana juragan material kang nglebokake pasir lan kricak, pendhak sak trek Paino bisa njaluk bageyan limang persen, tanpa ana tanda tangane Paino tangeh lamun juragan pasir lan kricak bisa oleh order.
      Saiki Paino dudu Paino limang tahun kepungkur, para juragan material yen ngundang Mas ingsinyur utawa Mas  Pai, sing nguwasani bagian material proyek.
      Wolak waliking jaman, tumindake Paino dikonangi kontraktor proyek. Paino dipecat saka penggaweyane tanpa pesangon. Jebul Jakarta iku kejem, grundelane Paino marang atine dhewe. Siji mbaka siji kanca rakete padha ngadoh, wedokan sing mbiyen diuja uga ilang saka genggemane. Bandha donya sing asale saka dhuwit setan entek saklemetan.
      Gawang-gawang kahanan urip ing desa kumlebat aneng pengangene. Jebul urip bagya mulya iku ora amung amarga bandha donya, malah sok kadhang kala bandha donya kang akeh ndadekake urip sengsara, kenapa aku ora mulih?.
      Aku apa kudu mulih menyang desa?, pitakonan mau nggodha atine Paino, kanggo apa urip neng paran yen mung saben dina meres kringet lan ngguwang eluh tanpa guna. Paino nyawang praupane dhewe neng ngarep kaca pengilon. Wong lanang kuru aking tanpa daya urip, umure wis ngancik seket tahun nanging kahanan ragane kaya wong kang wis umur sewidak tahun. Saben wong padha ngundang mbah Paino, urip ijen ing pinggiran kutha Jakarta mapane urip aneng omah kerdhus.
      Kabar sing ditampa saka desa, emboke isih urip ngantu-antu tekane Paino. ”Simbok aku njaluk pangapuramu,.........” tangise Paino aneng njero omah kerdhus dirungu saben dina marang tangga- tanggane
      “Mbok wis mulih menyang desa wae ta mbah!”, kandhane para tangga sing padha krungu sambate mbah Paino,
“Mulih?”, wangsulane Paino kebak teges
“Ya mbah,  muliha wae, sapa ngerti uripmu luwih kepenak tinimbang ana kene”
“Njur raiku tak deleh ana ngendi?”
“Ora perlu isin mbah, sapa ngerti keluwargamu gelem menehi pitulungan marang mbah Paino, apa mbah Paino isih duwe keluwarga?”
“Aku isih duwe biyung, jare kabar sing tak tampa dheweke isih urip!”
“Hla yen ngono mbah Paino kudu wajib mulih, kowe kudu ngabekti marang biyungmu!”
      Mbah Paino atine bingung, ana rasa dosa gedhe kang ngebaki dhadhane, saksuwene iki mbah Paino ora tau mulih tilik marang wong tuwane apameneh gelem kirim dhuwit marang wong tuwane ing desa.
      “Hei menungsa lanang sing jeneng Paino”. Krungu swara banter mau mbah Paino kaget karo noleh ngiwa nengen nggoleki asale swara mau.
      “Kowe iki menungsa kok kebangeten tenan”
“Njenengan sinten kok ngertos nami kula?”
“Aku iki atimu dhewe, ati kang suci kang saksuwene iki mbok lalekake!”
“Kowe kudu mulih nyang desamu, selak telat, kae mbokmu ngantu-antu tekamu”
      Paino kaya lagi eling saka anggone turu suwe, mripate diucek-ucek kaya wong bingung. Aku kudu mulih, aku kudu ngrungkepi pangkone simbok njaluk pangapura.
      Sepur ekonomi saka Jakarta mlebu stasiun Balapan Solo, wong lanang kuru tuwa mau mudhun karo nyangking kerdhus isi sandhangan. Dheweke mlaku arah mengidul kang dituju tlatah desa ing Sukoharjo.
      Mlebu kampung asale, Paino wis ora dikenal marang sapa wae sing ditemoni, atine nratap nyawang sesawangan desa sing wis telung puluh tahun ditinggal lunga. Saka Kadohan papan pomahe wis katon ngegla, emboke lagi lungguhan ijen neng lincak ngarep omah  kang jembar gilar-gilar, Paino ngrungkupi pangkone emboke,
      “Mbok,.... apuranen luputku mbok”, ujare Paino karo nangis sesenggukan. Wong wadon mau kaget banget lan bingung ora kenyana-nyana ana wong lanang ngrungkupi pangkonene.
“Kowe sapa kok nangis neng pangkonku?”. Wong lanang mau nangise sansaya banter ndadekake tangga-tangga padha mara.
”Mbok,.. aku Paino anakmu sing mrosal”. Wong wedok tuwa mau kaget karo nyawang wong sing ngaku jeneng Paino mau.
“Kowe Paino anakku?”, pitakone karo nyawang praupane wong sing nangis neng pangkonan mau.
“Bener mbok, aku Paino anakmu lanang sing mrosal”. Wong wedok mau nyawang  kanthi temenan, ana rasa ing sakjerone ati kang mbenerake yen wong mau pancen bener Paino anake lanang. Gawang–gawang kelingan nalika nyusoni lan ndulang bayi lanang kang digadhang-gadhang bisa mendhem jero mikul dhuwur. Bayi sing ndhisik dicewoki lan didusi, bayi sing ndhisik diterke lan dipethuk saka sekolah dasar. ”Bener kowe Paino anakku lanang sing menyang Jakarta mbiyen?”,
“Bener mbok, aku Paino anakmu lanang, nanging aku Paino sing wis rusak uripe, aku Paino sing wis kalah neng Jakarta”.
 Atine wong wedok mau kaya didhodhok, jebul wong lanang sing nangis aneng pangkone pancen anake lanang sing saksuwene iki diantu-antu tekane.
“Oalah ngger,.... jebul kowe anakku lanang Paino”. Tangise sesenggukan wong wedok tuwa mau ora bisa dibendung, eluhe dleweran nelesi pipi sing wis kisut dipangan umur.
“Kowe, ora luput ngger,....  kowe anakku lanang sing saksuwene iki tak antu-antu tekamu. Paino diambungi karo dikekep sakrosane. “Oalah ngger,....  kowe menang, kowe ora kalah, kowe gelem mulih wis ateges kowe bisa menang ngalahake hawa nafsumu sing ajak-ajak nglalekake marang wong tuwamu iki. Kowe ora rusak, ragamu sing rusak iki bisa didandani kanthi urip ing dalane Pangeran Kang Maha Kuwasa, wis ayo mlebu ngomah, iki omahmu dhewe, iki duwekmu sing kudu mbok rukti sak bisamu.
      Para tangga sing padha teka ngrubung lagi mudheng jebul wong sing mertamu awan iki pancen anake mbok Wirya kang aran Paino kang gelem mulih, mulih saka lelungan kang suwe banget, mulih saka paran kang adoh ngoyak bandha lan kaendahaning kutha Jakarta, nanging oleh-olehane mung kecelik
***
Sukoharjo, awal Romadhon 2013