Selasa, 09 April 2013

Lassmaro Nguri-uri Basa Jawi




 
Sugeng pepanggihan
Lassmaro pinangka pakempalan utawi paguyuban para alumni SMA. 2 Negeri Surakarta sayektos kedah tumut nguri-uri basa Jawi. Kula pinangka salah satunggalipun alumni sanget prihatos nyumerapi kahanan sakpunika. Kathah sanget para kaneman ingkang sampun mboten purun ngginakaken basa Jawi kanthi pawadan werni-werni. Wonten ingkang alesan bilih basa Jawi punika angel, basa Jawi punika mboten gaul lsp, punapa malih para putra putri ingkang gesang wonten saknjawinipun Jawa Tengah kadosta Jakarta, Bandung, Bogor lan sanesipun, kamangka rama lan ibunipun inggih priyantun Jawi lan malah sampun nate pidalem ing kitha Sala lan sakiwa tengenipun. Basa Jawi nembe mlebet ing zaman ingkang surem, jaman ingkang peteng saengga kathah priyantun jawi asli mboten purun wawan pangandikan ngginakaken basa Jawi. Mesthinipun para priyantun sepuh kedah ngajaraken basa Jawi dumateng para putra-putranipun saengga basa Jawi dados Bahasa Ibu awit kula pitados basa Jawi saget ngraketaken sesambetan kaliyan para leluhuripun ingkang taksih sugeng (gesang). Kathah sanget kedadosan antawisipun putu kaliyan embahipun mboten saget wawan rembag (komunikasi) amargi si putu namung saget bahasa Indonesia, dene embahipun wonten dhusun namung saget basa Jawi, punapa malih panggihipun putu kaliyan embahipun namung setahun sepindah nalika dinten lebaran. Menawi dipun pirsani basa Jawi panci radi benten kaliyan basa sanesipun, mliginipun basa jawi krama inggil wonten undha usuk lan trap-trapanipun utawi unggah ungguh, nanging bab punika kedahipun mboten dados pepalang kangge ngginakaken basa Jawi, paribasanipun senajan dereng saget ngecakaken krama inggil inggih mboten dados punapa sauger taksih kersa ngginakaken basa Jawi ngoko, dados basa jawi mboten ical utawi cures. Sampun kathah sanget kedadosan basa-basa daerah ingkang saben tahun ical utawi cures amargi mboten wonten ingkang ngginakaken. Menawi mboten wonten setiyar ingkang saestu kula pitados basa Jawi krama inggil badhe ical saking pasrawungan. Tandha-tandha kalawau sampun ketingal, sampun kathah priyantun jawi ingkang mboten saget basa jawi krama (inggil). Tandha sanesipun inggih punika sampun awis sanget  wontenipun buku-buku waosan ingkang ngginakaken basa Jawi. Novel basa jawi?, menawi penjenengan mlebet toko buku ingkang ageng mboten badhe manggihaken novel jawi. Koran basa Jawi?, taksih wonten namung awujud suplemen utawi lembaran seminggu sepindhah, contonipun lembaran Jagad Jawa saking koran Solo Pos saben dinten kemis. Majalah basa Jawi inggih namung Panyebar Semangat kaliyan Jayabaya ingkang kababar (terbit) saking kitha Surabaya. Kula gadhah krenteg badhe mbabar buku waosan ngginakaken basa Jawi krama madya  (basa krama padintenan ingkang kula anggep paling kathah dipun ginakaken). Naskahipun sampun wonten, sanadyan mboten saget kabiji sae ananging saget atur pambiyantu tumut nguri-uri basa Jawi. Emanipun mboten wonten pehak penerbit ingkang purun amargi dipun anggep mboten madolaken lan namung ndadosken rugi. Pramila wonten ing kalodhangan punika kula nyuwun tulung lan ngajab dumateng Lassmaro 71 mliginipun kangmas Djoko Prayitno kersoa mandhegani dados penerbit. Kula pribadi mboten pados bathi, amargi kula pribadi mboten mampu ngragadi piyambak. Naskah ingkang sampun kula impun kanthi sesirah (judul) “Sekar setaman”, isinipun maneka werni seserepan ngginakaken basa Jawi krama madya. Katur kangmas Djoko Prayitno, kula nyuwun kanthi sanget kersa paring iguh pertikel, atur pambiyantu mugi naskah punika saget kababar wujud buku waosan basa Jawi, idhep-idhep tumut nguri-uri basa Jawi ingkang saweg mlebet zaman peteng, wasana kula namung saget ngaturake agunging panuwun, Lemah teles, Gusti Allah ingkang badhe males, Matur nuwun.