Selasa, 06 Desember 2011

Nagih Janji (Mapak tekane Konggres Bahasa Jawa V ing Surabaya)

Ing sakwenehing wektu aneng toko buku gedhe ing Jakarta, ana kanoman jemagar udakara umur wolulas tahun lagi miling-miling nyawang buku-buku wacan basa jawa ing toko mau. Ana werna-werna novel basa jawa kang cumepak kanthi irah-irahan: ”Katresnan ing gunung Lawu” anggitane Sutarmanto, ”Kadang konang” anggitane Bonari Nabonenar, ”Kidung wanci sore” anggitane Maria M. Bhoernama, ”Nanggori jaman ora genah” anggitane Romdhonah, ”Oleh-oleh saka paran” anggitane Sugeng Wiyadi, ”Gamane Wanita” anggitane ibu Is Sarjoko, ”Kesandhung gelung”, anggitane Joko Purwanto, ”Sujarahe sopir becak” anggitane Bambang Hermanto, ”Kena godha” anggitane Supono SPd, ”Ontran-ontran kutha Sala th.1998” anggitane Khoirul Soleh, ”Gajah mada” versi basa jawa anggitane Langit Kresna Hariyadi, ”Kumpulan Gurit saka Wetan kali” anggitane Sugiharto BD lan isih ana maewu-maewu judhul novel basa jawa karangan pengarang kang wis lawas apadene pengarang anyar kang dipajang ana toko buku mau, kabeh laris kaya dodolan kacang goreng, sakliyane wujude buku apik lan narik ati, bobote isi ya klebu mentes mula bisa narik kawigatene para siswa lan masyarakat umum tur regane murah banget. Buku lan novel jawa karangan pengarang kondhang kayadene Suparta Brata, lan Arswendo Atmowiloto, lan Mbah Brintik malah kudu dipesen sakdurunge amarga pasediyan mesthi entek. Buku lan novel basa jawa lagi mlebu ing jaman keemasan, buku lan novel basa jawa onjo ing sadhengah papan  panggonan ora mung aneng Jakarta nanging klebu ing kutha gedhe lan kutha cilik liyane. Para pengarange padha ketiban rejeki kang ora dinyana-nyana. Saben wayah longgar ing sapatemonan resmi utawa ora resmi wong-wong padha nyritakake buku anyar kang lagi wae diwaca. ”Wah,.. sampeyan wis maca buku Pedhut wayah esuk karangan mas Arswendo?”, ”durung, apa mas Wendo mbabar buku anyar?”, sing ditakoni malah genti takon. Novel anyar anggitane pengarang saka Solo iki pancen ngedab-edabi tenan. Ing kawitan pehak penerbit wis nyetak sepuluh ewu exemplar, nanging lagi sewulan neng pasaran wis ludhes tanpa tilas, mula nganti seprene wis dicetak maneh ambal ping pitulikur. Ora maido meh kabeh karangane mas Wendo mesthi laris, amarga yen ngarang crita adhakane critane pancen angel dinuga, alur critane mubeng ruwet nanging entek-entekane banjur nyambung meneh, saengga para maos dadi kepilut kudu maca sakrampunge. Ya kahanan kaya ngene iki sing taksuwun rina lan wengi saiki lagi kelakon, kabeh wong jawa padha nresnani basane, padha nggandrungi sastra jawa, padha nguri-uri budaya jawa. Aksara jawa ora mung dadi pajangan nengeri jeneng kutha  apadene kantor pamarentah lan swasta, nanging wis bisa dadi pilihan utama para warga jawa kang nggunakake komunikasi tulis. Iki kabeh mau pancen mujudake asile para-para kang wis gelem cawe-cawe marang ngrembakane basa lan sastra jawa. Pamarentah daerah mligine pemerintah provisnsi Jawa Tengah, Jawa Timur lan Dearah Istimewa Yogjakarta wis setiyar kanthi ragat yen digunggung milyardan rupiyah kanggo nganakake KBJ (Konggres Bahasa Jawa) kang wis makaping-kaping, semono uga para sutresna lan pemerhati sastra jawa kang kanthi suka rena ing penggalih lan swadana uga wis nganakake KSJ (Konggres Sastra Jawa) kang wis ambal-ambalan. Pancen yen disawang lan digagas sanajan loro-lorone padha kang nresnani lan kepengin nguri-uri basa lan sastra jawa, nanging ana bab siji kang mbedakake tumindak mau. KBJ katon luwih moncer amarga dirawuhi para undangan kang klebu tamu VIP, mapane aneng hotel mewah kanthi pasugatan kang mogelake ilat. Asile KBJ mujudake rekomendasi lan putusan-putusan penting, kang bakal dilaksanakake, makalah kang endah, rencana muluk-muluk, lan sing ora keri SPJ (Surat Pertanggung jawaban) kang awujud kwitansi-kwitansi kang kudu ditapak asmani para kang rawuh lan pehak kang wis nampa dhuwit. KBJ katone mung mujudake ”Proyek” kang kudu dilaksanakake saben limang tahun sepisan.  Suwalike Konggres Sastra Jawa (KSJ) mung dirawuhi para sutresna kang nekani kanthi ati kang seneng lan semangat kang makantar-kantar. Sing gelem rawuh ora diwatesi lan dipilih bodho apadene pinter, nanging sing baku sok sapa wae sing nresnani lan kepengin nguri-uri sastra jawa. Mapane ya mung aneng sadhengah papan prasaja, pasugatan ya mung sarwa prasaja, ragat disangga bareng,  sing penting kabeh mau bisa ditanjakake kanthi irit lan temanja, nuwun sewu,.. ora ana sakrupiyah wae kang dikorupsi pehak panitya. Pancen wis sawetara tahun donyane buku sastra jawa wis mati kesilep gebyare sastra Indonesia lan dening donyane internet, nalika semana buku sastra jawa wis disirik pamaos, amarga pamaos padha mlayu menyang warnet utawa ngedhep laptope dhewe-dhewe, pengin maca cerpen apadene cerkak utawa buku lan novel cukup mbukak internet kanthi ragat kang murah, nanging Gusti Allah  banjur ngelingake marang sok sapa wae wong jawa, ”He kabeh wong Jawa, kowe aja kesengsem anggonmu nggandrungi marang internet lan sastra Indonesia, mesakna kae para pengarang  basa Jawa kang uripe mengkis-mengkis kaya wong ketaman lara Asma”. Pangandikane Gusti Allah katon duka yayah sinipi, ”Kowe para gubernur, aja mung seneng-seneng nganakake KBJ, tanpa genah tanjane!”, saiki sawangan wong-wong kang padha nganakake KSJ kanthi ragat dhewe, apa kowe ora isin yen mung meneng wae?”. Ndilalah kersane Gusti Allah, para-para wong kang ngaku dadi wong jawa ing ngendi wae papan dununge  banjur padha eling saka anggone ”turu”. Semono uga para gubernur kang duwe ada-ada nganakake Konggres Basa Jawa kaya sadhar anggone tumindak sakarepe dhewe marang mati uripe basa lan sastra jawa. Naluri kepemimpinane kaya dituduhake dalan padhang, dalan mulya kanggo nguri-uri basa lan sastra jawa. ”He nur,... gubernur”, ngendikane Gusti Allah karo njewer kupinge. ”Uripmu iku mung limang tahun, njur apa jasamu kanggo ngurip-urip basa lan sastra jawa?”, ”inggih,... inggih,... nyuwun pangapunten Gusti, kula janji badhe nyengkuyung sedaya setiyar nguri-uri lan ngrembakaken sastra lan basa jawa”, ”janjimu bisa takugemi?”, ”sendika Gusti, menawi kula cidra ing janji kula trimah mundur mboten dados gubernur”, ”tak tagih janjimu!”. Saiki aku wis percaya marang janjine para gubernur mau, basa lan sastra jawa banjur dadi ngrembaka kaya sing tak aturake ing dhuwur, nanging emane lelakon iki dumadi ing tahun 2999 Masehi.
***

Reca Gladhag

Pardi lan Joko esuk iku padha pit-pitan menyang ratan gedhe Slamet riyadi, sakliyane kepengin nonton lan nyawang kahanan Car Free Day (CFD) sing digelar pendhak dina minggu watara jam 06.00 nganti jam 09.00 esuk, bocah loro iku padha kepengin mbuktekake omongane pakdhene Joko kang nyritakake menawa reca gladhag iki bisa manthuk-manthuk  yen weruh menungsa. ”Reca gladhag iku bisa manthuk-manthuk yen weruh menungsa!”, ngono ngendikane pak Parjono, pakdhene Joko marang Pardi lan joko bocah klas papat ing SD iku, ”Napa inggih pakdhe, reca gladhag rak watu ta?”, ”iya,.. nanging yen weruh menungsa gelem manthuk-manthuk, apameneh angger weruh sepur liwat malah tangane ngawe-awe”, kandhane pakdhe Parjono mantep, ”pakdhe mboten ngapusi ta?”, ”ora,... iki tenan, yen ora percaya buktekna dhewe mrana, suk dina minggu dolana mrana idhep-idhep nonton CFD”. Dina minggu iki, wiwit jam enem esuk bocah loro wis pit-pitan menyang ratan gedhe slamet riyadi. Ratan slamet riyadi wiwit protelon Purwosari nganti tekan prapatan Gladhag ditutup kanggo kabeh kendaraan mobil lan pit montor, tujuwane kareben kabeh masyarakat bisa nggunakake ratan slamet riyadi kanggo mlaku-mlaku utawa pit-pitan lan olah raga liyane. Sakliyane iku ben hawane kutha Solo bisa resik ora kakehan polusi kang mbebayani tumrape kasarasan kabeh warga. ”Wah yen saben dina kaya ngene iki seneng ya Jok, hawane resik ora kakeyan polusi gas karbon”, ”iya bener, nanging yen saben dina dianakake CFD terus awake dhewe yen sekolah utawa lelungan numpak bis lan sepedha montor  liwat ngendi?”. ”Oh iya,  ya, yen ngono bener yen dilaksanakake saben seminggu sepisan wae. Tekan ngarep THR Sriwedari bocah loro mau mandheg nonton panggung seni kang dipandhegani para kanoman, lumayan apik tur ya gratis pisan. Joko lan Pardi anggone nonton panggung musik mau nganti padha ndomblong gumun. ”Di,.. ayo mlaku ngetan kana ya ana pangung ayake”. Tekan prapatan Pasarpon wong-wong padha nglumpuk akeh banget, ing kene ana panggung hiburan orkes kroncong. Mlaku mengetan meneh bocah loro mau karo ngguya- ngguyu seneng atine. Ing prapatan Nonongan uga ana wong-wong kang nganakake senam bebarengan, musike rancak nyenengake ati kang padha melu senam. ”Jebul CFD iku apik ya Di?”, ”ya ,.. ya aku ya lagi ngerti pisan iki, suk minggu mrene meneh ya?, ”beres, ning kudune ra ketang sithik ya nggawa sangu ben bisa jajan”, ”ya wis ra apa-apa, idhep-idhep saiki lagi latihan olah raga”, wangsulan Joko karo ngampet ngelak. ”Wis ayo gek mlaku ngetan meneh nuju prapatan Gladhag”, kandhane Pardi karo nggenjot pit rada banter. Aneng prapatan Gladhag kahanan ora kalah ramene, ing kene ana atraksi olah raga senam lantai kang diadani bocah-bocah sakumurane SD lan SMP padha mamerake kabisane. Weruh olah kridhane para pesenam cilik mau Pardi lan joko padha gumun banget, ”kok bisa kaya ngono ya?”, ”angger gelem melu latihan ing sanggar senam mesthi ya bisa”, ”yen melu latihan ya kudu bayar?”, ”ya bayar no mongsok gratisan kabeh, ning yen kowe duwe krenteg kang tenan melu latihan mbok menawa oleh keringan bayaran”. Sakwise marem anggone padha nonton senam mau bocah loro mau padha nuntun pit nuju reca gladhag kang gedhene sak gerdhu pos rondha. Disawang saka cedhakan reca mau, dielus-elus sakojur awake, jebul atos banget. ”Di,.. mripate kok mentheleng terus?”, ”iya,.. ya,. cangkeme ya mung meneng wae”, wangsulane Joko karo ngelus-elus wetenge reca mau. ”Sirahe kok ora manthuk-manthuk?”. ”Wis genah,.. pakdhe Jono ngapusi awake dhewe”, kandhane Pardi karo ngguyu. ”Kosik,.. aja-aja sing dikarepke pakdhe Jono reca sing ana sisih wetan kae?”, kandhane Joko karo nudingi reca gladhag sing mapan sisih wetan dalan. ”Ya wis ayo dibukteke mrana!”. Pardi lan Joko nuntun pit nuju reca gladhag kang mapan aneng sawetane dalan. Disawang saka ngarep tekan mburi, saka kiwa nganti tengen wujude padha plek karo reca kang ana sisih kulon. ”Piye sing aneng kene apa bener bisa manthuk-manthuk yen weruh menungsa?”, pitakone Joko karo nyawang Pardi. ”Ketoke kok ya padha karo sing ana sisih kulon, cangkeme ya mung meneng wae, sirahe ya meneng”, ”coba wetenge elus-elusen ben krasa keri!”, prentahe joko. Yen kowe mengko ngelus-elus wetenge reca, aku tak namatke tenan lambene, mesem apa ora, sirahe manthuk-manthuk apa ora”. ”ya wis tak tindake”. Pardi ngelus-elus wetenge reca mau, tangane diusek-usek sakrosane, bangkekane reca diithik-ithik ben keri, pamrihe mengko recane ben mesem, sirahe ben gelem manthuk-manthuk. ”Piye Jok  mesem apa ora?”, ”ora,... recane mung meneng wae”. Wis-wis,... pakdhe genah ngapusi awake dhewe, wis ayo mulih aku wis kesel. Joko lan Pardi nggenjot pit mulih menyang kampung Laweyan kang lumayan adoh, ing batin arep nutuh pakdhe Jono sing wis ngapusi. Aneng sakjeroning atine sakjane wis maido mongsok ana reca saka watu kok bisa manthuk-manthuk sirahe, nanging sing kandha ngono mau pakdhe Jono mula ya kudu percaya apameneh pakdhe Jono ya akon padha mbukteke dhewe. Tekan ngomah lagi padha nyendhekake pit, pakdhe Jono wis mapakake tekane karo nggawa gelas isi wedang teh lan gorengan pohung. ”Bener ta reca gladhag bisa manthuk-manthuk yen weruh menungsa?”, kandhane pakdhe Jono karo akon bocah loro mau ndang ngombe wedang teh. Gleg,..gleg,...gleg,.. wedang sak gelas entek mlebu weteng. ”Pakdhe ngapusi!”, kandhane cah loro mau meh bareng. ”Ngapusi piye?”, ”recane mung meneng thok, apa ana watu kok bisa manthuk-manthuk”, ”Loh,.. pakdhe rak kandha, reca gladhag iku bisa manthuk-manthuk yen weruh menungsa”. ”Wis tak bukteke dhewe, malah wetenge tak ithik-ithik kok ya ora bisa mesem lan manthuk-manthuk”, kandhane Joko karo mesem dhewe. Pakdhe Jono genti sing ngguyu kemekelen. ”Cah,... cah,... yen aku ngomong iku ya dirungokake dhisik, aku kandha apa ta?”. ”pakdhe kandha jare yen weruh menungsa reca gladhag bisa manthuk-manthuk”, kandhane Joko nutuh. Pakdhe Jono nyedhaki bocah loro mau karo kandha, ”yen,... yen,... iku tegese menawa, utawa sakumpama”, kandhane pakdhe tandhes, ”jlentrehe piye padkdhe”, ”Yen weruh iku tegese menawa weruh, dadi yen ora weruh ya ora manthuk-manthuk, mongsok ana reca watu bisa manthuk-manthuk”, kandhanene pakdhe karo ngguyu kemekelen. Krungu katerangane pakdhe Jono mau bocah loro mung kukur-kukur sirahe sing ora gatel.
*cuthel*