Kamis, 03 November 2011

Samberana lan Samberini

Udan sewengi  menehi hawa kang seger lan resik esuk dina iki, sunare srengenge nambahi kahanan dadi anget lan endah, ana sakwenehing titahe Gusti Kang Akarya Jagad isih enak-enakan nggantung ing pucuking pang wit kenanga, gedhene saukuran jempol tangane wong lanang dewasa. ”Ayo enthung, iki wis awan ayo metu saka ngomah golek pangan, wetengku wis krasa luwe”, cluluke enthung sing sajake wis tangi saka anggone turu suwe. Anggone turu suwe banget, ora mung sewengi nanging meh seminggu tekan sepuluh dina. Sejatine anggone turu suwe mau luwih pener yen diarani tirakat utawa pasa. Krungu swarane ana enthung alok-alok akon tangi, enthung sing isih nggantung ana pang wit kenanga mau banjur kluget-kluget arep tangi. Anggone tangi ora gampang amarga kudu ngrikiti kemul sing mbuntel sakojur awake. Bareng kabeh kemule wis kebukak atine enthung mau dadi seneng banget. ”Hore aku saiki wis dadi kupu kang endah rupane!”, swarane enthung kang saiki wis malih dadi kupu mau karo kleper-kleper ajar mabur. Bareng wis sajak pinter anggone mabur, kupu mau banjur mabur mumbul ing angkasa nyawang kaendahane bumi saka sisih ndhuwur. ”Jenengku saiki Kupu dudu enthung meneh”, aloke banter karo nyedhaki kanca-kancane. 
Esuk kuwi tamansari kaputren ing kraton Jenggala kebak kupu kang padha mabur. Wujude ana sing gedhe nanging uga ana sing cilik, rupane werna-werna, ana sing kuning pinggire swiwi isih ana werna lirik-lirik biru, ana sing rupane ireng semu biru mengkilap, ana sing rupane ireng campur putih, ana sing rupane werna putih semu kuning, ana sing rupane wungu campur putih plenik-plenik, ana sing rupane soklat kaya bathik, wah pokoke pepak lan endah banget yen disawang. Kupu sing metu saka enthung aneng wit kenanga mau klebu kupu sing gedhe lan endah wernane. Anggone mabur ngubengi taman keputren mau pancen ana sing dituju, yaiku nggoleki kupu sing pada karo dheweke. Wiwit saka pojok tamansari keputren sisih wetan nganti pojok sisih kulon lagi bisa nemokake kupu sing digoleki. “He kupu wedok mrenea, ayo dolan karo aku!” aloke kupu lanang karo mabur nyedhaki kupu wedok sing padha jinise. Krungu pangundange kupu lanang sing padha jinise mau kupu wedok seneng banget atine amarga wiwit tangi turu mau ya mabur ngubengi tamansari keputren. ”iya kupu lanang, aku sakesuk ya mabur mubeng-mubeng nggoleki kowe kok kakang”, wangsulane kupu wedok karo nyedhaki kupu lanang. Sakteruse kupu lanang wedok mau banjur padha mabur bareng-bareng golek pangan sinambi nyawang kaendahane tamansari keputren krajan Jenggala. ”Kupu wedok kowe kok ayu temen, jenengmu sapa?”, pitakone kupu lanang karo njiwit wetenge kupu wedok mau. ”Ah,…. Kupu lanang kok nakal temen, isiiin… aku yen ditonton kupu liya, kae sawangen isih akeh kupu sing durung nemokake kancane”, wangsulane kupu wedok karo mbales njiwit wetenge kupu lanang. Kupu lanang karo kupu wedok mau banjur mencok aneng kembang-kembang sakperlu golek madu lan sari-sarine kembang. Kupu loro lanang wedok mau padha mabur lan mangan bareng, padha dolanan rukun banget, kadhang mabur munggah kadhang mabur mengisor golek madu lan sarine kembang saka wit-witan kembang melati, kembang kemuning, kembang kenanga, kembang tanjung, kembang kanthil lan mawar.
Bareng anggone mabur sajak krasa kesel, kupu lanang mau bali nakoni kupu wedok meneh, ”jenengmu sapa kupu wedok, mongsok wis kenalan suwe kok durung ngerti jenenge”. Kupu wedok banjur ngguyu karo wangsulan, ”jenengku kupu Samberini, asalku saka wit kembang Kenanga ing taman keputren kraton Jenggala, hla jenengmu sapa kupu lanang?”, ”jenengku kupu Samberana, asalku ya saka wit kembang kenanga ing taman keputren kraton Jenggala sisih wetan kana”, wangsulane kupu lanang karo ngobah-ngobahake sungute. Bareng wis ngerti jenenge kupu lanang lan kupu wedok mau banjur mabur meneh runtang runtung rukun banget. “Yen wis dadi kupu ngene iki akeh sing padha seneng ya, beda karo nalika awake dhewe isih dadi uler kae”, ujare kupu Samberana marang kupu Samberini, ”bener kakang, nalika isih dadi uler kae aku meh wae arep dipateni karo kanjeng putri, ya bejane aku isih bisa slamet amarga ndhelik ing suwalike godhong kenanga”, semaure kupu Samberini. ”Samberini yen mabur aja banter-banter, alon-alonan wae karo ngomong-ngomong dhisik”, pangajake Samberana. ”Iya kakang Samberana aku ya wis rada kesel kok, ayo mencok meneh neng kembang kenanga kae”, wangsulane Samberini. Kupu lanang lan kupu wedok sing jenenge Samberana lan Samberini mau kaya wis padha tresnane, sanajan ing tamansari keputren krajan Jenggala iki akeh kupu sing endah-endah rupane, nanging atine Samberana lan Samberini wis nyawiji pengin urip lan mati bebarengan. ”Samberini, yen pancen kowe wis tresna marang aku, apa buktine”, krungu pitakone Samberana mau Samberini banjur ngobah-ngobahake wetenge, mengku karep ben Samberana gelem nindhihi wetenge. Bareng meruhi Samberini wis gelem nampa katresnane, Samberana banjur tumandang gawe nindhihi wetenge Samberini. Kedadeyan mau mung sedhela banget, nanging kanggone Samberana lan Samberini wis marem banget, atine seneng amarga sesuk bakal ana winih sing thukul aneng wetenge. ”Ya wis kakang ayo padha golek papan kanggo turu wengi iki, delengen kae srengengene meh arep angslup!”. Kupu Samberana lan kupu Samberini banjur padha mencok ana sakpucuking wit kenanga sing dhuwur.
 Nalika wayah esuk repet-repet, kupu Samberana lan kupu Samberini wis padha tangi turu, nanging wayah esuk iki rasane awak rada beda, wetenge kupu Samberini malih dadi tambah gedhe, dene kupu Samberana awake ya krasa lungkrah kekeselan amarga sedina wingi padha gegojegan lan dolan menyang ngendi-endi papan. ”Kakang awaku kok rasane lara kabeh, apa aku arep ngendhog ya?”, ”ya bener Samberini, mbokmenawa sore mengko kowe bakal ngendhog, mula ayo dina iki golek papan kanggo ngendhog sing paling aman. Sakbanjure kupu Samberana lan kupu Samberini padha mabur golek panggonan kanggo ndelehake endhog-endhoge. Kabeh wit-witan ditekani lan diambu gandane, dipilih lan digoleki sing cocok karo pangane. Nalika mubeng-mubeng golek wit-witan mau nganti tekan sore lagi bisa nemokake. “Hla yen iki genah wit kenanga, godhong wit kenanga iki mbesuke dadi pangane anak turune dhewe sing isih wujud uler”, kandhane kupu wedok Samberini karo miling-miling golek panggonan. Bareng wis nemokake godhong sing diwawas aman saka ancamane sato kewan lan menungsa, kupu Samberini mau ndelehake endhog-endhoge sing cacahe watara lima tekan sepuluh iji. Kupu Samberini banjur bablas mabur nututi kupu Samberana sing wis ndhisiki mabur adoh. Kupu lanang lan kupu wedok mau banjur padha mabur adoh, nanging abure wis ora banter meneh, sakliyane awake wis kesel nanging uga umure Samberana lan Samberini iki pancen ora dawa. Ing liya dina menawa ora ana alangan sawiji apa, endhog-endhog sing diselehake ing suwalike godhong wit kenanga mau bakal netes wujud uler cilik-cilik, pangane godhong wit kenanga, wujude nggegilani kae. Uler-uler cilik mau penggaweyane ya mung mangan godhong rina lan wengi, mula godhong wit kenanga kadhang-kadhang nganti entek gripis, bareng wis dadi uler gedhe wujude sansaya nggilani sanajan ora nggateli. Nanging yen uler-uler mau padha gelem tirakat utawa pasa ora mangan ora ngombe aneng sakjeroning kemul sing rapet utawa wong akeh ngarani malih dadi enthung sing ora weruh endi elor endi kidul kurang luwih seminggu tekan sepuluh dina bakal malih dadi kupu sing jenenge kupu Samberana lan Samberini, ngono sakteruse. (Cuthel).

Tidak ada komentar: