Sesawangan esuk iku katon endah banget, kekembangan padha
megrok kaya mapak mletheke sang surya. Sasi Nopember lagi ana udan siji loro
kang niba mula among tani lagi wani nyebar winih. Beda kara kanca tani liyane,
saiki pak Wandi ora menyang sawah, sawahe wis dilempit. Ana rasa bingung dadi wong
sugih anyaran, dhuwit dodolan sawah isih ana bank cacahe setengah milyar. ”Jare
arep tuku mobil kang?”, aruhe pak Tarman karo nyesep rokoke. ”Karepku mono
arep tak tukokke sawah njaban desa rak
luwih murah dadi aku isih bisa nyambut gawe, dene yen ana turahane dhuwit
sithik lagi ditukoke mobil sekenan kena kanggo omprengan ben dicekel si
Bambang. ”Lha apa wis
tarenan karo anakmu lanang?”, “wo,.. bocah saiki angel kandhanane, jare tuku
mobil iku sing anyar sisan ben kena nggo carteran”. Wong saomah padha duwe
penemu dhewe-dhewe, sing enom pengin mobil, mbokne Bambang njaluk kalung, anake
wedok pengin motor sekutik, pak Wandi dadi sansaya bingung, jebul nyekel dhuwit
akeh iku malah sedhih. Biyasane wayah esuk ngene iki wis aneng sawah, mbuh ndhangir, mbuh matun,
mbuh ngrabuk pokoke ana wae penggaweyan sing diayahi. Urip dadi wong tani
sejatine kebak kabagyan lan kanugrahan, ati tentrem ora ngangsa sanadyan asile
sithik. Lagi weruh tandure thukul ijo royo-royo wae wis
nyicil ayem, weruh pari padha mratak dadi bisa ngguyu, nyawang pari wis kuning wis
bisa ngrancang asil panenan kanggo tuku apa ta apa, bareng saiki?. Pak Wandi
nyecep kopi cawisan esuk mau sing durung disenggol. Jebul donya iki mung sawang sinawang, wong tani yen nyawang
wong dagang jare rasane penak banget, penggaweyane entheng batine sakumbrug. Para pedagang nyawang pegawe negeri ya padha meri, jare
linggihan neng kantor wae bayarane saben tahun mundhak tur oleh pensiun.
Suwalike sing dadi pegawe negeri padha kepengin
yen nyawang juragan gedhe saben dina numpak mobil mlebu metu menyang bank
njupuk dhuwit yutan. Nanging embuh nyatane sing bener sing endi, bareng saiki
ngrasake dadi wong sugih pak Wandi lagi bisa mbenerake penemune mbiyen, wong
tani iku sanadyan ora nyugihi nanging marakake ati tentrem amarga barang sing
dipangan kabeh barang kang halal, durung ana critane wong tani padha korupsi.
”Pak iki ana mobil sekenan ning barange isih apik”, kandhane Bambang karo
nyedhaki anggone lungguh. ”Lha regane pira?”, “njaluke sangang puluh lima yuta nanging bisa
suda”. Durung putus anggone rembugan bab mobil sekenan wis kedhisikan tekane lurah Samto sing
gaweyane makelaran lemah. ”Dhe sawah kidul desa ana sing didol, murah lho dhe
selak kedhisikan wong liya”. ”Lha ambane pira lan isih ana irigasi apa ora?”,
“beres kok dhe, ambane kurang luwih patang ewu meter persegi lan isih kebanyon
saka irigasi desa. Krungu rembugane lurah Samto mau pak Wandi luwih ketarik
atine, jebul urip neng desa yen ora nyekel pacul malah atine sedhih, gampang
katerak lelara. Krungu rembugane pak lurah karo bapake mau Bambang atine kuwatir, sumelang bapake kena
pengaruh. Lurah Samto wis
nyathut dhuwite rakyat sing oleh ganti rugi proyek jalan tol, jare kanggo ragat
administrasi. Atine pak Wandi wis
manteb dhuwit dodolan sawah kudu diwujudke sawah meneh, ”lha njaluke pira ta
pak lurah?”, ”njaluke rongatus seket yuta, iki aku omong apa anane, dene yen
kedadeyan aku pikiren lho!”, wangsulane lurah Samto blaka. ”Lha kok dhuwur
nemen, kok kaya sawah keterak proyek”, ”ya mengko omonga dhewe karo sing duwe,
aku mung nglantarke”. Sakpungkure lurah Samto, Bambang nyedhaki bapake, “rasah
nggugu omongan lurah Samto, bapak wis
ngerti ta gedhohane?”. Proyek dalan tol Semarang Solo Kertosono gawe geger wong
tani, akeh wong sugih dadakan, nanging akeh wong nganggur dadakan. Para kadang tani sing saben dina ana sawah saiki mung
thenguk-thenguk ngekep dhengkul, sanadyan sugih dhuwit nanging atine susah,
sanadyan bisa nyawang anak-anake padha numpak sepedha motor nanging atine
tambah ketir-ketir, sanadyan bisa nyawang bojone padha nganggo gelang kalung
nanging atine malah miris aja-aja mengko malah dijambret. Durung genep telung
sasi celengane pak Wandi gari telung atus yuta, atine tambah sumelang nganti
seprene durung oleh sawah anyar. Reregan sawah sansaya dhuwur alesane
werna-werna jare sakiwa tengane jalan tol arep kanggo proyek perumahan mewah,
jare sawah kono bakal dienggo proyek pabrik. Kabar ndedele reregan sawah
kanggone pak Wandi nambahi kumat lelarane. Ing pikirane pak Wandi saiki
desa-desa kebak makelar lemah, jare arep nukoni lemah lan sawah kanthi rega
luwih dhuwur tinimbang mbesuk yen sing ngregani pamarintah. Pamarentah sajake
mung mikir kebutuhane wong sugih dhuwit, pamarentah mung mikir investor saka
njaban rangkah. Dalan-dalan dijembarake kareben trek lan mobil bisa liwat, ora
perduli nrajang sawahe para tani, ora perduli nerak omahe wong cilik, ora
perduli nrabas kuburane para leluhur sing penting jalan tol kudu ndang rampung.
Sanadyan rakyat entuk ganti rugi nanging ora mikir kanthi dawa, apa wong tani wis siyap nampa
owah-owahan kahanan?. Negara Indonesia
iki negara agraris, tegal sawah dudu amung sumber pangan nanging uga sumber panguripan. Mbok dalan iki
dijembarake sepira ambane tetep wae ora amot yen pabrik mobil terus diidini
gawe mobil tanpa ana watesan. Sawangen dalan gedhe kae saiki kebak mobil lan
motor tanpa kendhat pada rebut banter, malah ora sethithik nyawane menungsa
mung kaya nyawane pitik saben dina keplindhes rodha.
***
Pak Wandi nyawang sawahe sing saiki wis ucul saka tangane, ing papan kono
ndhisik dheweke adus kringet nggarap sawah kanggo kulawargane. Nanging saiki
pak Wandi mung bisa nyawang buldoser padha ngratakake watu lan pasir kanggo
dhasaran dalan tol, let sedhela stom liwat wira wiri kanggo ngalusake dalan
aspal mau. Pikirane mumet nggagas owah-owahan jaman kang sejatine ora
disarujuki, nanging wong cilik ongklak angklik bisane mung manut karo wong
dhuwuran. ”Pak minggir aja neng kono, ketabrak modar kowe!”, swarane mandor
proyek dalan mau ngabangake kupinge, ”yen aku emoh minggir kowe arep apa”,
wangsulane pak Wandi karo malang
kerik. Weruh tumindake pak Wandi sing nekat mau mandor proyek nglarak pak Wandi
sarana kasar, “minggir apa tak laporke polisi!”. Ing pangrasane pak Wandi ana
wong pirang-pirang padha ngroyok dheweke, pak Wandi ora trima diremehake ati
lanange. Dheweke mbrontak kanthi males sakbisa-bisane, watu krikil ing pinggir
dalan mau dadi gaman kanggo males, wat-wut pak Wandi anggone mbandhemi wong–wong
mau karo bengok-bengok, “balekna sawahku,… balekna sawahku,… aku ora butuh
dalan tol, ora sudi aku nampa dhuwitmu, aku ora butuh pembangunan kang
nyengsarakake wong cilik, kowe dudu pemimpinku kowe mung ngapusi aku, ayo dha
minggate yen ora kepengin mati saka tanganku”. Tumindak lan swarane pak Wandi
sansaya suwe sansaya nggegirisi, ora let sawetara ana rombongan polisi teka,
pak Wandi dicekel lan digawa lunga menyang kutha.
***
Mbuh wis
pirang
dina anggone mapan ana kono pak Wandi lagi eling, rumangsane dina iku atine
krasa rada tentrem, awake krasa kepenak. ”Piye pak rasane awakmu, wis kepenak ta?”,
pitakone Bambang karo ngelus-elus sikile bapake. Let sedhela ana perawat rumah
sakit mara nggawa obat karo ngulungake wedang. “Wis
waras pak, mangsa pirang-pirang dina kok turu thok”, pitakone juru rawat RSJ
mau karo mesem, ”wis krasa ayem atiku, rasane
awaku ya wis entheng, hla iki aku aneng ngendi
ta?”, ”bapak lagi lara, iki ana rumah sakit, wis gek wedang lan obate ndang diombe”. ”Hla
aku lara apa ta, wong karepku esuk mau arep macul neng sawah kok wong-wong
padha nyekel aku”. “sawahe bapak saiki aneng kidul desa, wingi wis tak sebari winih
pak, mengko bapak bisa nggarap”. “ya ayo aku terna mulih ndang tak garape
sawahe, wiwit mbiyen aku ora setuju dalan tol iku”. Awan iku dokter kang mriksa
pak Wandi maringi resep anyar, ngendikane rong dina maneh pak Wandi wis diidini bali mulih
sauger neng ngomah diwenehi gaweyan aneng sawah, dheweke ora lara abot nanging
mung bingung.
--cuthel--