Senin, 07 Januari 2013

Sawah


Sesawangan esuk iku katon endah banget, kekembangan padha megrok kaya mapak mletheke sang surya. Sasi Nopember lagi ana udan siji loro kang niba mula among tani lagi wani nyebar winih. Beda kara kanca tani liyane, saiki pak Wandi ora menyang sawah, sawahe wis dilempit. Ana rasa bingung dadi wong sugih anyaran, dhuwit dodolan sawah isih ana bank cacahe setengah milyar. ”Jare arep tuku mobil kang?”, aruhe pak Tarman karo nyesep rokoke. ”Karepku mono arep  tak tukokke sawah njaban desa rak luwih murah dadi aku isih bisa nyambut gawe, dene yen ana turahane dhuwit sithik lagi ditukoke mobil sekenan kena kanggo omprengan ben dicekel si Bambang. ”Lha apa wis tarenan karo anakmu lanang?”, “wo,.. bocah saiki angel kandhanane, jare tuku mobil iku sing anyar sisan ben kena nggo carteran”. Wong saomah padha duwe penemu dhewe-dhewe, sing enom pengin mobil, mbokne Bambang njaluk kalung, anake wedok pengin motor sekutik, pak Wandi dadi sansaya bingung, jebul nyekel dhuwit akeh iku malah sedhih. Biyasane wayah esuk ngene iki wis aneng sawah, mbuh ndhangir, mbuh matun, mbuh ngrabuk pokoke ana wae penggaweyan sing diayahi. Urip dadi wong tani sejatine kebak kabagyan lan kanugrahan, ati tentrem ora ngangsa sanadyan asile sithik. Lagi weruh tandure thukul ijo royo-royo wae wis nyicil ayem, weruh pari padha mratak dadi bisa ngguyu, nyawang pari wis kuning wis bisa ngrancang asil panenan kanggo tuku apa ta apa, bareng saiki?. Pak Wandi nyecep kopi cawisan esuk mau sing durung disenggol. Jebul donya iki  mung sawang sinawang, wong tani yen nyawang wong dagang jare rasane penak banget, penggaweyane entheng batine sakumbrug. Para pedagang nyawang pegawe negeri ya padha meri, jare linggihan neng kantor wae bayarane saben tahun mundhak tur oleh pensiun. Suwalike sing dadi pegawe negeri padha  kepengin yen nyawang juragan gedhe saben dina numpak mobil mlebu metu menyang bank njupuk dhuwit yutan. Nanging embuh nyatane sing bener sing endi, bareng saiki ngrasake dadi wong sugih pak Wandi lagi bisa mbenerake penemune mbiyen, wong tani iku sanadyan ora nyugihi nanging marakake ati tentrem amarga barang sing dipangan kabeh barang kang halal, durung ana critane wong tani padha korupsi. ”Pak iki ana mobil sekenan ning barange isih apik”, kandhane Bambang karo nyedhaki anggone lungguh. ”Lha regane pira?”, “njaluke sangang puluh lima yuta nanging bisa suda”. Durung putus anggone rembugan bab mobil sekenan wis kedhisikan tekane lurah Samto sing gaweyane makelaran lemah. ”Dhe sawah kidul desa ana sing didol, murah lho dhe selak kedhisikan wong liya”. ”Lha ambane pira lan isih ana irigasi apa ora?”, “beres kok dhe, ambane kurang luwih patang ewu meter persegi lan isih kebanyon saka irigasi desa. Krungu rembugane lurah Samto mau pak Wandi luwih ketarik atine, jebul urip neng desa yen ora nyekel pacul malah atine sedhih, gampang katerak lelara. Krungu rembugane pak lurah karo bapake mau  Bambang atine kuwatir, sumelang bapake kena pengaruh. Lurah Samto wis nyathut dhuwite rakyat sing oleh ganti rugi proyek jalan tol, jare kanggo ragat administrasi. Atine pak Wandi wis manteb dhuwit dodolan sawah kudu diwujudke sawah meneh, ”lha njaluke pira ta pak lurah?”, ”njaluke rongatus seket yuta, iki aku omong apa anane, dene yen kedadeyan aku pikiren lho!”, wangsulane lurah Samto blaka. ”Lha kok dhuwur nemen, kok kaya sawah keterak proyek”, ”ya mengko omonga dhewe karo sing duwe, aku mung nglantarke”. Sakpungkure lurah Samto, Bambang nyedhaki bapake, “rasah nggugu omongan lurah Samto, bapak wis ngerti ta gedhohane?”. Proyek dalan tol Semarang Solo Kertosono gawe geger wong tani, akeh wong sugih dadakan, nanging akeh wong nganggur dadakan. Para kadang tani sing saben dina ana sawah saiki mung thenguk-thenguk ngekep dhengkul, sanadyan sugih dhuwit nanging atine susah, sanadyan bisa nyawang anak-anake padha numpak sepedha motor nanging atine tambah ketir-ketir, sanadyan bisa nyawang bojone padha nganggo gelang kalung nanging atine malah miris aja-aja mengko malah dijambret. Durung genep telung sasi celengane pak Wandi gari telung atus yuta, atine tambah sumelang nganti seprene durung oleh sawah anyar. Reregan sawah sansaya dhuwur alesane werna-werna jare sakiwa tengane jalan tol arep kanggo proyek perumahan mewah, jare sawah kono bakal dienggo proyek pabrik. Kabar ndedele reregan sawah kanggone pak Wandi nambahi kumat lelarane. Ing pikirane pak Wandi saiki desa-desa kebak makelar lemah, jare arep nukoni lemah lan sawah kanthi rega luwih dhuwur tinimbang mbesuk yen sing ngregani pamarintah. Pamarentah sajake mung mikir kebutuhane wong sugih dhuwit, pamarentah mung mikir investor saka njaban rangkah. Dalan-dalan dijembarake kareben trek lan mobil bisa liwat, ora perduli nrajang sawahe para tani, ora perduli nerak omahe wong cilik, ora perduli nrabas kuburane para leluhur sing penting jalan tol kudu ndang rampung. Sanadyan rakyat entuk ganti rugi nanging ora mikir kanthi dawa, apa wong tani wis siyap nampa owah-owahan kahanan?. Negara Indonesia iki negara agraris, tegal sawah dudu amung sumber pangan  nanging uga sumber panguripan. Mbok dalan iki dijembarake sepira ambane tetep wae ora amot yen pabrik mobil terus diidini gawe mobil tanpa ana watesan. Sawangen dalan gedhe kae saiki kebak mobil lan motor tanpa kendhat pada rebut banter, malah ora sethithik nyawane menungsa mung kaya nyawane pitik saben dina keplindhes rodha.
***

Pak Wandi nyawang sawahe sing saiki wis ucul saka tangane, ing papan kono ndhisik dheweke adus kringet nggarap sawah kanggo kulawargane. Nanging saiki pak Wandi mung bisa nyawang buldoser padha ngratakake watu lan pasir kanggo dhasaran dalan tol, let sedhela stom liwat wira wiri kanggo ngalusake dalan aspal mau. Pikirane mumet nggagas owah-owahan jaman kang sejatine ora disarujuki, nanging wong cilik ongklak angklik bisane mung manut karo wong dhuwuran. ”Pak minggir aja neng kono, ketabrak modar kowe!”, swarane mandor proyek dalan mau ngabangake kupinge, ”yen aku emoh minggir kowe arep apa”, wangsulane pak Wandi karo malang kerik. Weruh tumindake pak Wandi sing nekat mau mandor proyek nglarak pak Wandi sarana kasar, “minggir apa tak laporke polisi!”. Ing pangrasane pak Wandi ana wong pirang-pirang padha ngroyok dheweke, pak Wandi ora trima diremehake ati lanange. Dheweke mbrontak kanthi males sakbisa-bisane, watu krikil ing pinggir dalan mau dadi gaman kanggo males, wat-wut pak Wandi anggone mbandhemi wong–wong mau karo bengok-bengok, “balekna sawahku,… balekna sawahku,… aku ora butuh dalan tol, ora sudi aku nampa dhuwitmu, aku ora butuh pembangunan kang nyengsarakake wong cilik, kowe dudu pemimpinku kowe mung ngapusi aku, ayo dha minggate yen ora kepengin mati saka tanganku”. Tumindak lan swarane pak Wandi sansaya suwe sansaya nggegirisi, ora let sawetara ana rombongan polisi teka, pak Wandi dicekel lan digawa lunga menyang kutha.
***
Mbuh wis pirang dina anggone mapan ana kono pak Wandi lagi eling, rumangsane dina iku atine krasa rada tentrem, awake krasa kepenak. ”Piye pak rasane awakmu, wis kepenak ta?”, pitakone Bambang karo ngelus-elus sikile bapake. Let sedhela ana perawat rumah sakit mara nggawa obat karo ngulungake wedang. “Wis waras pak, mangsa pirang-pirang dina kok turu thok”, pitakone juru rawat RSJ mau karo mesem, ”wis krasa ayem atiku, rasane awaku ya wis entheng, hla iki aku aneng ngendi ta?”, ”bapak lagi lara, iki ana rumah sakit, wis gek wedang lan obate ndang diombe”. ”Hla aku lara apa ta, wong karepku esuk mau arep macul neng sawah kok wong-wong padha nyekel aku”. “sawahe bapak saiki aneng kidul desa, wingi wis tak sebari winih pak, mengko bapak bisa nggarap”. “ya ayo aku terna mulih ndang tak garape sawahe, wiwit mbiyen aku ora setuju dalan tol iku”. Awan iku dokter kang mriksa pak Wandi maringi resep anyar, ngendikane rong dina maneh pak Wandi wis diidini bali mulih sauger neng ngomah diwenehi gaweyan aneng sawah, dheweke ora lara abot nanging mung bingung.
--cuthel--