Kamis, 11 Juli 2013

Mulih

       Kutha kang njajekake urip  mulya mau jenenge kutha Jakarta, meh saben kanoman saka ing karang pradesan padha ngimpekake bisa urip mulya aneng Jakarta
      Sepur kluthuk kang ditumpaki kanoman saka karang pradesan mau mlaku alon-alon ninggalake stasiun Balapan Solo, saya suwe lakune banter banget, stasiun kutha –kutha cilik wis diliwati, parak esuk sepur kluthuk mau wis tekan stasiun Gambir ing Jakarta
      Weleh,.. weleh,... jebul Jakarta iki kaya mengkene ta, kanoman kang aran Paino mau sajak gumun nyawang kaendahane kutha Jakarta nalika semono. Dheweke mlaku urut ratan gedhe tanpa duwe tujuwan kang gumathok. Tujuwane mung siji, bisa cekel gawe sakbisane.
      Sedina rong dina durung kecekel gaweyan sing dikarepake, sangu saka desa wis ludhes saksuwene nganggur seminggu. Gelem ora gelem Paino kudu gelem nyambut gawe sakanane.
      “Gelem kowe melu nyambut gawe panggonanku?”
“Gelem wae, aku mrene iki pancen butuh nyambut gawe”
Dina iku Paino nyambut gawe kang kawitan, dadi kuli bangunan proyek gedung susun limolas. Rasa bungah campur kesel ndadekake wektu telung tahun wis diliwati, rasa kangen marang wong tuwa sithik mbaka sithik kesilep endahing kutha Jakarta.
      “Pai,... kowe ora mudik bakda iki?”, pitakone  kanca nunggal gaweyan
      “Ra duwe sangu”, wangsulane Paino entheng.
“Hla dhuwitmu kok guwang neng ngendi?”
“ biyasa,.. dhuwit setan dipangan jin”
      Sejatine yen gelem mudik mono bisa wae nanging wong enom yen lagi kedanan wedokan lali samubarang, dhuwit sepirang-pirang mung kanggo nguja wedokan kang penggaweyane adol awak ayu. Mula dhuwit setan kang asale saka korupsi mau mung entek dipangan jin wedok.
      Kalungguhane pinangka mandhor proyek kepenak banget, saben ana juragan material kang nglebokake pasir lan kricak, pendhak sak trek Paino bisa njaluk bageyan limang persen, tanpa ana tanda tangane Paino tangeh lamun juragan pasir lan kricak bisa oleh order.
      Saiki Paino dudu Paino limang tahun kepungkur, para juragan material yen ngundang Mas ingsinyur utawa Mas  Pai, sing nguwasani bagian material proyek.
      Wolak waliking jaman, tumindake Paino dikonangi kontraktor proyek. Paino dipecat saka penggaweyane tanpa pesangon. Jebul Jakarta iku kejem, grundelane Paino marang atine dhewe. Siji mbaka siji kanca rakete padha ngadoh, wedokan sing mbiyen diuja uga ilang saka genggemane. Bandha donya sing asale saka dhuwit setan entek saklemetan.
      Gawang-gawang kahanan urip ing desa kumlebat aneng pengangene. Jebul urip bagya mulya iku ora amung amarga bandha donya, malah sok kadhang kala bandha donya kang akeh ndadekake urip sengsara, kenapa aku ora mulih?.
      Aku apa kudu mulih menyang desa?, pitakonan mau nggodha atine Paino, kanggo apa urip neng paran yen mung saben dina meres kringet lan ngguwang eluh tanpa guna. Paino nyawang praupane dhewe neng ngarep kaca pengilon. Wong lanang kuru aking tanpa daya urip, umure wis ngancik seket tahun nanging kahanan ragane kaya wong kang wis umur sewidak tahun. Saben wong padha ngundang mbah Paino, urip ijen ing pinggiran kutha Jakarta mapane urip aneng omah kerdhus.
      Kabar sing ditampa saka desa, emboke isih urip ngantu-antu tekane Paino. ”Simbok aku njaluk pangapuramu,.........” tangise Paino aneng njero omah kerdhus dirungu saben dina marang tangga- tanggane
      “Mbok wis mulih menyang desa wae ta mbah!”, kandhane para tangga sing padha krungu sambate mbah Paino,
“Mulih?”, wangsulane Paino kebak teges
“Ya mbah,  muliha wae, sapa ngerti uripmu luwih kepenak tinimbang ana kene”
“Njur raiku tak deleh ana ngendi?”
“Ora perlu isin mbah, sapa ngerti keluwargamu gelem menehi pitulungan marang mbah Paino, apa mbah Paino isih duwe keluwarga?”
“Aku isih duwe biyung, jare kabar sing tak tampa dheweke isih urip!”
“Hla yen ngono mbah Paino kudu wajib mulih, kowe kudu ngabekti marang biyungmu!”
      Mbah Paino atine bingung, ana rasa dosa gedhe kang ngebaki dhadhane, saksuwene iki mbah Paino ora tau mulih tilik marang wong tuwane apameneh gelem kirim dhuwit marang wong tuwane ing desa.
      “Hei menungsa lanang sing jeneng Paino”. Krungu swara banter mau mbah Paino kaget karo noleh ngiwa nengen nggoleki asale swara mau.
      “Kowe iki menungsa kok kebangeten tenan”
“Njenengan sinten kok ngertos nami kula?”
“Aku iki atimu dhewe, ati kang suci kang saksuwene iki mbok lalekake!”
“Kowe kudu mulih nyang desamu, selak telat, kae mbokmu ngantu-antu tekamu”
      Paino kaya lagi eling saka anggone turu suwe, mripate diucek-ucek kaya wong bingung. Aku kudu mulih, aku kudu ngrungkepi pangkone simbok njaluk pangapura.
      Sepur ekonomi saka Jakarta mlebu stasiun Balapan Solo, wong lanang kuru tuwa mau mudhun karo nyangking kerdhus isi sandhangan. Dheweke mlaku arah mengidul kang dituju tlatah desa ing Sukoharjo.
      Mlebu kampung asale, Paino wis ora dikenal marang sapa wae sing ditemoni, atine nratap nyawang sesawangan desa sing wis telung puluh tahun ditinggal lunga. Saka Kadohan papan pomahe wis katon ngegla, emboke lagi lungguhan ijen neng lincak ngarep omah  kang jembar gilar-gilar, Paino ngrungkupi pangkone emboke,
      “Mbok,.... apuranen luputku mbok”, ujare Paino karo nangis sesenggukan. Wong wadon mau kaget banget lan bingung ora kenyana-nyana ana wong lanang ngrungkupi pangkonene.
“Kowe sapa kok nangis neng pangkonku?”. Wong lanang mau nangise sansaya banter ndadekake tangga-tangga padha mara.
”Mbok,.. aku Paino anakmu sing mrosal”. Wong wedok tuwa mau kaget karo nyawang wong sing ngaku jeneng Paino mau.
“Kowe Paino anakku?”, pitakone karo nyawang praupane wong sing nangis neng pangkonan mau.
“Bener mbok, aku Paino anakmu lanang sing mrosal”. Wong wedok mau nyawang  kanthi temenan, ana rasa ing sakjerone ati kang mbenerake yen wong mau pancen bener Paino anake lanang. Gawang–gawang kelingan nalika nyusoni lan ndulang bayi lanang kang digadhang-gadhang bisa mendhem jero mikul dhuwur. Bayi sing ndhisik dicewoki lan didusi, bayi sing ndhisik diterke lan dipethuk saka sekolah dasar. ”Bener kowe Paino anakku lanang sing menyang Jakarta mbiyen?”,
“Bener mbok, aku Paino anakmu lanang, nanging aku Paino sing wis rusak uripe, aku Paino sing wis kalah neng Jakarta”.
 Atine wong wedok mau kaya didhodhok, jebul wong lanang sing nangis aneng pangkone pancen anake lanang sing saksuwene iki diantu-antu tekane.
“Oalah ngger,.... jebul kowe anakku lanang Paino”. Tangise sesenggukan wong wedok tuwa mau ora bisa dibendung, eluhe dleweran nelesi pipi sing wis kisut dipangan umur.
“Kowe, ora luput ngger,....  kowe anakku lanang sing saksuwene iki tak antu-antu tekamu. Paino diambungi karo dikekep sakrosane. “Oalah ngger,....  kowe menang, kowe ora kalah, kowe gelem mulih wis ateges kowe bisa menang ngalahake hawa nafsumu sing ajak-ajak nglalekake marang wong tuwamu iki. Kowe ora rusak, ragamu sing rusak iki bisa didandani kanthi urip ing dalane Pangeran Kang Maha Kuwasa, wis ayo mlebu ngomah, iki omahmu dhewe, iki duwekmu sing kudu mbok rukti sak bisamu.
      Para tangga sing padha teka ngrubung lagi mudheng jebul wong sing mertamu awan iki pancen anake mbok Wirya kang aran Paino kang gelem mulih, mulih saka lelungan kang suwe banget, mulih saka paran kang adoh ngoyak bandha lan kaendahaning kutha Jakarta, nanging oleh-olehane mung kecelik
***
Sukoharjo, awal Romadhon 2013

Sekar Setaman

Sekar setaman No.1
Adicara konggres basa jawi ing Konggres Bahasa  Jawa (KBJ) kados dening layadan
Assalamu’alaikum ww,
       Sugeng pepanggihan, saderengipun kula nyuwun panga punten ingkang kathah dumateng panitya KBJ lan sedaya priyantun ingkang nyengkuyung adicara ageng kala wau utaminipun dumateng fihak pamarentah Jawa-Tengah, Jawa Timur lan Daerah Istimewa Yogjakarta, kula kumawantun nyerat pemanggih kula punapa malih kula mboten nyumerepi adicara punika sacara langsung. Wong cilik ongklak angklik kados kula punika sagedipun namung ningali saking njawi pager, saking ketebihan sarana maos buku lan maos layang kabar, kula inggih ngrumaosi mboten nate sinau ingkang mligi babagan basa jawi, dados inggih namung kados pemanggihipun tiyang limrah biyasa mboten wonten pathokanipun kaliyan teori-teori basa ingkang njlimet lan gathik-gathik kados pemanggihipun para nimpuna basa. Buku Proseding Kebahasaan Konggres Bahasa Jawa ke-3 2001 ketingal sae sanget wujudipun, mboten maiben lhawong inggih dipunragadi pamarentah tigang provinsi nanging sareng kula maos isinipun hlakok benten kaliyan pengajeng-ajeng kula. Kula kados tiyang bingung maos buku punika, ing salebeting manah tuwuh pitakenan, iki asile konggres basa jawa apa konggres bahasa Indonesia?, sepindhah malih kula nyuwun pangapunten, lembar lembar kaca ing buku kula waos:
No.i Pengantar  Badan Pekerja Kongres seratanipun mboten ngginakaken basa jawi, kula mboten saget manggihaken alesan ingkang gumathok saking fihak panitya punapa sababipun buku punika ngginakaken bahasa Indonesia?
No.2 Makalah utawi bab-bab ingkang dipunrembag meh sedaya magepokan kaliyan basa jawi nanging anggenipun ngrembag mawi bahasa Indonesia malah wonten ingkang nglampiraken pemanggih-pemanggih mawi basa manca negari, saking irah-irahan (judul) sampun ketingal cetha wela-wela, contonipun:
  1. Studi Diakronis Tentang Pinjaman Bahasa Dalam Bahasa Jawa dan Prospeknya Bagi Pembinaan Budi Pekerti. Oleh Pujiati Suyata
  2. Penyimpangan Bahasa Jawa Dalam kaitannya dengan Budi Pekerti. Oleh Sariyem
  3. Kepribadian dalam Tuturan Bahasa Jawa. Oleh Leine Berman
  4. Pemilihan dan Loyalitas Bahasa Keluarga Jawa: Kajian Sosiolinguistik Pada Masyarakat Tutur Jawa Dialek Banyumas. Oleh Fathur Rahman
  5. Netralisasi Kosakata Ngoko ke Krama dalam Bahasa Jawa dan Pola Pikir Penuturnya. Oleh Sri Sumarlan
  6. “Njenggelekipun” Basa-basa Daerah Wonten Tengahing Globalisasi: Refleksi Pengalaman ing Eropa lan ing Indonesia. Oleh Christian Gross Weiler
  7. Pengausan Kemampuan Menggunakan Undha Usuk Bahasa Jawa bagi Etnik Jawa Setelah Satu Generasi Bertempat Tinggal di Denpasar.Oleh I.Wayan Bawa
  8. Peningkatan Kualitas Peristiwa Tutur Pada Masyarakat Yang Berbahasa jawa: Suatu Kajian Sosiolinguistik. Oleh Eddy Sugiri
  9. Bahasa Jawa Bagi Transmigran Bali di Lampung Tengah: Sebuah Fenomena Yang Mengisyaratkan Pentingnya Bahasa Daerah Asal di Daerah Transmigrasi.Oleh Ni Made Dhanawaty
  10. Dampak Kealpaan Penutur Bahasa Jawa Terhadap Perilaku Bangsa.Oleh Abdul Wahab
  11. Basa-basi Dalam Bahasa jawa:Tinjauan Jenis dan Maksud. Oleh Wiwin Nurlina
  12. Tindak Tutur Tidak Langsung Dalam Bahasa Jawa:Upaya Memahami Metapesan.Oleh Edi Sutiyanto
  13. Identifikasi Dialek dan Subdialek Bahasa Jawa Timur Bagian Utara dan Blambangan.Oleh Kisyani Laksono
  14. Transhirarki Dalam Bahasa Jawa dan Masyarakat tuturnya. Oleh Maryono Dwiraharjo
  15. Bahasa Jawa dalam Ludruk di Jawa Timur (Studi Tentang Tata Krama) Oleh Maryaeni
  16. Fungsi Bahasa Jawa Dalam Keluarga Dwisuku.Oleh Aron Meko Mbete
  17. Melemahnya Kontak Bahasa ibu di Kalangan Anak Anak Keluarga Muda Masyarakat Tutur Jawa di Lingkungan Pemukiman Real Estate (Survei Kontak Bahasa di Lingkungan Perumahan Pasadena Semarang, Tahun 2000).Oleh Puji Joharnoto
  18. Keimperatifan Anak SD Terhadap Orang Tua dan Sebayanya Dalam Bahasa Jawa:Penelitian di Sekolah Dasar Jomblang, Semarang. Oleh Endang Sumartono
  19. Hegemoni Dalam Bahasa Jawa. Oleh M. Jazuli
  20. Proyek Kamus Bahasa Jawa di Negeri Belanda. Oleh Rob Van Albada
  21. Slang Dalam Stiker. Oleh Surana
  22. Digitalisasi Bahasa dan Sastra Jawa: Suatu Teknik Penempatan Data dan Penggarapannya Menuju Budaya Nasional dan Internasional.Oleh John Paterson dan Supardjo
  23. Bahasa Wantah Sakjeroning Pedhalangan Gaya Pesisiran. Oleh Enthus Susmono
Mirsani setunggal mbaka setunggal punapa malih nalika sampun rampung maos, kula ingkang nampi kok kirang sreg, kirang nyes amargi kathah ingkang migunakaken bahasa Indonesia. Kula  atur raos kormat dumateng sedherek kula Christian Goss weiller, ing saatasipun sanes priyayi saking tanah jawi (Jerman) kok malah paring andharanipun mawi basa jawi ingkang sae sangat. Kula namung saget mbayangaken kemawon kados pundi swasana Kongres Bahasa Jawa kalawau, punapa kados kahanan nalika ing satunggaling griya kedadosan kesripahan, sedaya sami iwut ngrembag punapa kemawon ngenani “si mayit”, nanging si mayit sampun mboten saget punapa-punapa malih amung pasrah bongkokan dumateng para kulawarga ugi pelayat. Si mayit namung saget nyrantos du mugining donga saking anak putu.
Namung semanten atur kula, kula piyambak menawi dipun aken caos makalah inggih sok mboten sanggup amargi mboten gadhah pengalaman lan kewasisan bab basa jawi ingkang sae, kula suwun seratan punika dipunanggep ”Wong ndelok bisane ya mung alok”, inggih mekaten kahananing donya apik apadene elek mesthi dicatur. Wasana namung sumangga.

Sukoharjo 27 Juli 2012



Sekar setaman No.2
Joko Widodo (Jokowi), pejabat ingkang andhap asor, jujur ugi mumpuni bab tata pamarentahan
Assalamu’alikum ww,
Sugeng pepanggihan, Sinten priyantun ingkang mboten tepang kaliyan priyantun setunggal punika?, sanajan mboten tepang sacara langsung adhep-adhepan, kula pidados penjenengan sedaya sampun sumurup fotonipun. Priyantunipun alit lencir kuning, pasuryanipun bagus tur inggih sumeh, mbokmenawi inggih sok brah-breh seneng weweh, nanging bab setunggal punika kula dereng sumerep piyambak, saking foto kula sampun nyumerapi Jokowi paring arta dumateng kawula alit nalika dinten lebaran, nanging punika arta saking kantor utawi pribadi kula mboten mangertos. Babagan kejujuran kula kula pidados menawi  Jokowi jujur amargi blanjanipun saben sasi kemawon mboten dipun tampi malah kepara diparingaken tiyang sekeng, ningali tumindak punika kula saget mbiji menawi Jokowi kagungan watak brah-breh seneng weweh. Kridhanipun mimpin kitha Sala ing periode sepisan damel cingakipun tiyang kathah, mboten nyana babar pisan, juragan mebel kajeng jatos kalawau saget mimpin kanthi asil ingkang sae sanget, para pedagang kakilima dipun damelaken dhasaran ing pasar Notoharjo, Anggenipun ngemudhi pamarentahan inggah cakcek mboten wigah wigih, malah kepara banter ngantos para andhahanipun (PNS) keconthalan, amargi para PNS kalawau sampun kulina nyambut damel kanthi sasekecanipun piyambak, nuwun sewu punika mboten sedaya lho. Mangsuli bab kiprahipun Jokowi ing jagadipun pamarentahan, Fihak PDIP pinangka partai ingkang ngusung jokowi dados walikota Surakarta (Sala) ngantos gumun ing saatasipun priyantun alit kados mboten mitayani jebul tandang gawenipun ngedab-edabi, malah kathah para pemelihipun ngajab supados Jokowi majeng wonten ing palagan pemilihan presiden. Nanging sampun kados dados watakipun Jokowi ingkang andhap asor, piyambakipun namung mesem ngguyu, mboten purun umuk. Ningali kawontenan punika kala wau  fihak PDIP lan Gerindra matah Jokowi nyalon dados gubernur Daerah Khusus Ibukota(DKI),lan saget kita pirsani piyambak, pasangan cagub Jokowi-Ahok mimpang wonten tahapan sepisan. Kados padatan kiprahipun Jokowi ingkang sae, cepet, ugi nggatosaken kemajengan kitha Sala kalawau  kadhang kala kaanggep sawetawis pejabat sanes “sok keminter”, “sok jujur”, panci wonten ing budaya jawi wonten unen-unen ingkang sae: “Kena banter nanging ora kena ndhisiki, kena pinter nanging ora kena ngguroni”. Menawi ngrembag bab Jokowi mboten wonten telasipun, panci priyantun setunggal punika nggadhahi daya tarik istimewa, nanging saking pemanggih kula, daya tarik ingkang utami inggih punika bab kejujuran lan kesalehanipun, wasana namung sumangga ingkang  badhe ngalembana punapadene nyacad.

Sukoharjo, 27 Juli 2012



 
Sekar setaman No.3
Kahanan Margi Ageng Sakpunika Mbebayani Sanget

Menawi penjenengan maos serat kabar, meh saben dinten temtu wonten kedadosan kacilakan lalulintas, mboten sekedhik ingkang nandang tatu, malah ingkang ngantos dumugi seda inggih mboten sekedhik, rugi sedayanipun. Wonten salebeting manah kula namung saget menggalih lan ing pikir nggagas, apata sababe?. Kula olak alik manah kula, kula peres utek kula, wong cilik wae kok melu nggagas masalah lalu lintas masa keconggaha. Nanging idhep-idhep mbantu pak polisi mbok menawa usul kula punika pajeng lan dipuntampi pak polisi, saking panginten kula sababipun polisi kirang tanggap, kados rangu-rangu. Mboten kita selaki, panci wonten sawetawis polisi ingkang “nakal”, malah kepara kathah sampun mbiji institusi polisi mujudaken institusi ingkang korup. Wekdal sakpunika Insitusi polisi sajakipun nembe ndandani nami supados sae lan kinormat, pramila polisi mboten purun ngawontenaken razia statis (momen), amargi momen kalawau dipun biji masyarakat, “Polisi golek dhuwit”, saengga nami saenipun polisi risak. Unen–unen jawi ingkang sampun asring kita pireng, “aja digebyah uyah padha asine”. Kita pidados taksih kathah sanget polisi ingkang sae, jujur, disiplin paring katentreman dumateng sedaya brayat agung, nanging bab ngamanaken kawontenan margi ageng kedahipun mboten saget dipun tinggal glanggang. Razia tetumpakan kedah tetep dipun wontenaken, tetumpakan ingkang mboten wonten serat-seratipun (asil malingan ) kedah dipun cepeng, para kaneman lan sok sintena kemawon ingkang mboten mawi helm lan nerak angger-angger kedah dipun tangkep saperlu dipun patrapi paukuman dendha samesthi nipun, mboten wonten malih “dendha damai” amargi saget ngucemaken nami polisi. Kula aturi mirsani piyambak sakpunika, kathah priyantun nitih tetumpakan motor tanpa helm, lare alit (temtu dereng gadhah SIM) sami numpak motor ngebut damel girisipun manah ingkang nyumerapi. Margi ageng kados bebas tanpa wates, hla tundhonipun kathah sanget kacilakan-kacilakan ingkang mawa korban nyawa  dalah bandha donya. Kawontenen lan keslametan margi ageng dados tanggel jawab kita sedaya, mangga pak polisi lalulintas, tumandang damel malih, sampun kathah lho tentumpakan iangkang ical dipun maling.

Sukoharjo, 27 Juli 2012


Sekar setaman No.4

Kahananipun Indonesia, Menawi mboten Warta Bab Kebanjiran Inggih Warta Bab Kasatan, lan Kemiskinan

Mboten ateges badhe nyalahaken pamarentah, kahanan Repu blik Indonesia ingkang kabiji dereng sae kala wau salah kita sedaya. Nuwun sewu, pamarentahan dereng mlampah kanthi sae, taksih kathah pejabat tumindak korupsi ugi mlendhukaken padaranipun piyambak, “ngaji mumpung”. Pinangka warga masyarakat inggih kathah ingkang tumindak sasekecanipun piyambak, mbucal uwuh dhateng kalen utawi lepen, pabrik ageng mbucal limbah ingkang mbebayani dhateng lepen sacekakipun tundhonipun kathah iwak ingkang pejah, ingkang taksih gesang mboten saget tumangkar sae, ngrisak wana nyolong kajeng, alas dados gundhul amargi ingkang nyolong kajeng kalawau juragan kayu, ingkang dipuntegor lan dipunangkut mboten setunggal kalih nanging ewonan hektar kajeng ingkang wonten alas. Pramila nalika mangsa ketiga warta bab kasatan toya lan sawah ingkang garing mekingking asring kita pireng. Cobi kita bayangaken, pados toya kangge panggesangan kemawon kedah mlampah pinten-pinten kilometer mikul jrigen. Kathah sabin  utawa tegalan mboten saget dipungarap, para among tani rugi ageng, gesangipun sansaya kesrakat. Ing pula Sumatra, Kalimantan wananipun sami kobong, asepipun mabul-mabul dumugi negara Malaysia, Singapura. Suwalikipun nalika mangsa rendheng, warta bab kebanjiran ngebaki seratan ing serat kabar. Gambar-gambar ing televisi paring gegambaran nrenyuhaken ingkang sami mirsani, memelas saestu nasibipun bangsa kita punika. “Indonesia iku sejatine sugih mblegedhu lhakok rakyate akeh sing isih kesrakat”, mekaten kula sok grundelan piyambak. Wonten unen-unen sae ingkang kula pireng, “Kasugihane Indonesia iku cukup lan malah kepara turah kanggo nyukupi kebutuhan kabeh rakyate, nanging cupet yen kanggo nyukupi wong siji wae sing srakah, apameneh wong siji mau nglungguhi dadi pejabat”. Kula nembe sadhar, jebul unen-unen kalawau wonten leresipun, seprana seprene kok akeh kere, akeh wong ngemis, akeh wong edan kapiran turut dalan. Punapa pemimpin ingkang adil mboten wonten?. Wasana namung sumangga.

Sukoharjo, 27 Juli 2012


Sekar setaman No.5
Pesta Demokrasi, Pilihan Pejabat/Partai, Penjenengan Badhe Milih Sinten/Menapa

Jujur kemawon, menawi mboten pekewuh kula pilih dados golongan putih (golput), ananging tumindak kados mekaten dipun anggep mboten sae utawi mboten gadhah tanggel jawab, pramila kula nggih kepeksa milih, milih kula sarana merem dipet awur-awuran kemawon, hla kula rewangi milih kanthi teliti jebul kok klintu terus.Yen mboten Telane boleng, Jagunge mambu, Parine badheg. Milih priyantun inggih wongsal wangsul klentu terus, milih Bedor katone resik jebul senengane maling pitik, milih Kerok jebul pakulinane nyang papan pelanyahan. milih Ciwir lha kok nyolong dendheng. Milih Kucing jebul kleru Asu, milih Kenci kleru Bajing, wis rasane pun wegah tenan. Donyanipun politik sanjangipun tiyang kathah panci mekaten, “Politik itu kotor karena memang tidak pernah dicuci”, kula nembe mudheng sakmenika, unen-unen kalawau leres, nanging kita mboten perlu kemba, taksih kathah pengarep-arep, menawi jaman Orla reget nyatanipun sampun saget dipunreseki jaman Orba, Nalika jaman Orba mboten sae saget dipundandosi jaman Reformasi, hla menawi jaman Reformasi kathah Tikus werogipun kados pundi?. Kula mboten saget mbayangaken awit biyasanipun saben-saben gantos pemimpin sok wonten gegeran ingkang mawi banten(korban). Kados cariyos sejarah raja-raja rumiyin. Nanging kedahipun ing jaman ingkang nganut faham demokrasi kedadosan mekaten mboten wonten, amargi pemimpin dipunpilih dening rakyat piyambak, nanging kahanan kok mboten ewah?, lha sumangga dipunpadosi sabab-sababipun punapa. Punapa anggen kita milih kanthi nampi besel seket ewu rupiyah?, punapa anggen kita milih dipun janjeni kalenggahan kepala seksi (kasi) kepala dinas?, dipunjanjeni pikantuk proyek?. Mangga sami kersa mawas dhiri pribadi, mulat salira kita piyambak-piyambak, kita saget ugi urun kesalahanipun. Mangsuli bab wontenipun pesta demokrasi mbenjing emben, mangga kita kedah tetep nyengkuyung pesta demokrasi dados pesta ingkang semuwa sae, gayeng, jujur. Nyoblos punapa dene nyontreng mboten benten, ananging setunggal kemawon ingkang dipunpilih. Bles,…..utawi Treng,… setunggal kemawon ingkang dados mantepipun manah.

Sukoharjo, 27 juli 2012


Sekar setaman No.6
Dhalang menawi seda mboten perlu dipunkubur
Mak jleg raosipun manah menawi maos irah-irahan utawi judhul seratan punika, bayangan penjenengan kados pundi nalaripun profesi dhalang ingkang ketingal kinormat kok dipun siya-siya. Kamangka dhalang–dhalang punika sampun kathah sanget jasa-jasanipun mungguhing kemajengan budaya jawi  punapadene bebrayan agung. Dhalang ingkang sampun kawentar kados: Ki Anom Suroto Lebdacarita, Warsena slenk, Jlitheng, Ki Benawa, Narto Sabdo, drs.Imam Sutardjo, Ki Enthus, Ki Gundono lsp.
“Tenan kok le, dhalang yen mati rasah dikubur, rasah dilayad tokno wae, kok kober-kobermen ngubur dhalang, yen aku ora sudi!”, mekaten ngendikanipun bapak nailka kula taksih alit umur-umuran antawis pitung tahunan. ”Hla lepatipun menapa pak kok mboten dikubur”, ”kowe rasah nggoleki salahe mengko rak ngerti dhewe salahe dhalang iku. Wekdal semanten kula bingung saestu. Nalika semanten dhalang ingkang kula mangertosi kadosta dhalang Bagong, dhalang Letre, inggih namung menika sakngertos kula. Nalika semanten dereng kathah tanggapan wonten dhusun kula, pramila ingkang kula ngertosi inggih asma dhalang kalih punika. ”Larah-larahipun kados pundi pak kok pak dhalang pikantuk paukuman kados mekaten?”, kula taksih ndhedhes sababipun. ”Gawe rugine kadang tani”, wangsulanipun bapak cekak aos”. ”Damel rugi ing babagan punapa, tiyang kasunyatanipun asring paring panglipur lan paring seserepan bab punapa kemawon”, kula terus mbantah pemanggihipun bapak. Nyumerapi kula ngeyel kados mekaten bapak lajeng gemujeng kepingkel-pingkel.”Le,… le,… dhalang sing takkarepake ing kene dudu dhalang wayang kulit, nanging dhalang alias kadhal lan walang”. Mireng wangsulanipun bapak wau kula ngguyu kepingkel-pingkel, “bapak ki kok aneh-aneh wae!”

Sukoharjo, 27 Juli 2012


Sekar setaman No.7

Cimplung

Leres, naminipun Cimplung, ampun ngantos klintu nyemplung, amargi artosipun tebih sanget. Nyemplung artosipun: mlebet ing salebeting……, kados nyemplung sumur, nyemplung blumbang lsp. ”Cimplung” ing ngriki naminipun inuman ingkang seger lan eca sanget. Lare sakmenika kathah ingkang mboten mangertosi, ugi priyantun ingkang gesang wonten kitha ageng. Radin-radin inuman ingkang dipun mangertosi:wedang kopi, wedang jae, wedang teh, es dhawet, es degan, ugi minuman botolan sanesipun. Inuman Cimplung sampun sawetasis wekdal dipun tilaraken, duka sababipun menapa kula mboten mangertos, mbokmenawi kaanggep ndamelipun radi ribet, menapa kaanggep kirang modern. Sejatosipun inuman menika sae lan migunani tumrap badan tur inggih kraos seger sumyah mboten usah mawi gendhis. Caranipun ndamel sakjanipun inggih sedherhana kemawon. Bahan bakunipun santen sacekap ipun dipun colok sarem sekedhik kersanipun manteb. Lajeng isinipun inuman  tela godhog dipun rajang alit-alit dipun entha-entha kotak alit-alit, saben ngunjuk kaliyan dhahar setunggal irisan tela kalawau, wah raosipun, nyamleng saestu. Kagem priyantun ingkang nggadhahi sesakit DM (kencing manis), inuman menika cocok sanget menapa malih wanci siyang mangsa ketiga ngaten. Mangga kula aturi nyobi, kula tanggung penjenengan tuman.

Sukoharjo, 27 Juli 2012
Sekar setaman no.8

Ayo gawe tempe dhele
Sabar kisanak, ampun ngremehaken tempe dhele, sanajan sepele ageng lho mupangatipun dhateng badan kita. Ing jaman ingkang sarwa majeng lan sarwa kepengin cepet kados sakmenika, kathah priyantun ingkang nandang gerah werni-werni kados ta: sakit jantung, liver, hipertensi, obesitas, ginjel lsp. Menawi kita purun ngatur babagan dhedhaharan kita saben dintenipun mbokmenawi sedaya penyakit kados kasebat ing nginggil mboten kelampahan. Ujaripun para ahli, “nyegah lelara luwih gampang tinimbang ngobati”, lan sumberipun penyakit wonten ing padharan kita amargi kekathahen anggenipun dhahar lan kirang olah raga. Dene ingkang dipun dhahar kathah daging lan tigan kirang sayur lan buah, tundhonipun padharan lajeng ketingal mblendhug. Kangge ngawekani bab punika kita kedah kersa dhahar tempe lan tahu sacekapipun, katambah sayur lan woh-wohan. Kadhangkala kita sok anyel menawi dhahar tempe, mak klethuk,… tempenipun katutan krikil. Pramila menawi mekaten kita kedah saget ndamel tempe piyambak, pamrihipun saget pikantuk tempe ingkang resik lan higienis. Dene caranipun kados ing ngandhap menika.
  1. Setengah kg kedhele dipunkum sedalu, pamrihipun supados gampil dipunklecep kulit arinipun
  2. Menawi sampun dados dhele klecepan ingkang resik lajeng dipun godhog ngantos mateng.
  3. Dhele kalawau lajeng dipunisis ngantos asrep saestu
  4. Saklajengipun dipuncampur kaliyan ragi tempe ngantos rata.
  5. Bahan kalawau lajeng saget dipun buntel godhong gedhang utawi plastik, ukuran  miturut seleranipun piyambak.
  6. Buntelan-buntelan dhele wau dipun seleh wonten papan ingkang keyuman.
  7. Kalih dinten saksampunipun sampun dados tempe ingkang eca lan resik. Wasana sugeng nyobi.

Sukoharjo, 27 Juli 2012


Sekar setaman No.9
Pring
Kula kinten sedaya tiyang sampun sumerep pring utawi dheling, wujudipun panjang wonten lugutipun.Taneman pring sanget mupangati tumraping panggesangan menungsa. Jinisipun werni-werni kados ta: Pring Ori, pring Petung, pring Cendani, pring Wulung, Pring Kuning,lsp. Nalika bahan saking aluminium lan plastik dereng dipun panggihaken, meh kabetahan griya lan bekakas pawon dipun damel saking pring. Kathah kabetahan gesang ingkang dipun damel saking pring antawisipun:
Bekakas pawon ingkang dipun damel saking pring contonipun: Tenggok, Senik, Tompo, Tampah, Tambir, Tepas, Kalo, Kreneng, Kranjang, Gribik, Anyam-anyaman kangge suvenir, Tusuk sate, Tali,lsp
Pring ugi migunani sanget kangge bahan damel bangunan. Ing Padhusunan ugi wonten kitha mliginipun ingkang mboten gadhah yatra kathah kangge mbangun griya pring dados pilihan bahan ingkang mirah. Dene bahan bangunan ingkang dipun damel saking pring antawisipun: Gedheg. Kepang, Usuk, Reng, Cagak, Pyan lsp.
Dene pring ugi saget dipun ginakaken ndamel piranti musik, contonipun: Suling, Angklung, Gong bumbung, Kenthongan lsp.
Pring inggih saget dipundamel gegaman, contonipun: Bambu runcing, Welat
Ngrembag pigunanipun pring panci kathah sanget, malah pring ingkang taksih enem dipunsebut “Bung” saget dados bahan pangan ingkang eca sanget. Mangsakan ingkang dipundamel saking bung: Kangge isen lompia, utawi dipun sayur lodheh.

Sukoharjo, 28 Juli 2012


Sekar setaman No. 10
Grabah
Sedaya barang ingkang dipundamel saking lemah naminipun Grabah. Lare-lare sakmenika mbokbilih kathah ing dereng mangertos. Nalika kemajengan jaman dereng kados sakmenika meh sedaya kabetahan panggesangan dipundamel saking grabah. Bekakas ingkang dipun damel saking grabah contonipun:
1.   Anglo  ginanipun kangge ngobong/manasi, dene bahan bakaripun naminipun Areng
2.   Keren meh sami kaliyan anglo, bahan bakaripun kajeng obong
3.   Kwali, bekakas pawon ginanipun kangge nggodhog, ukur anipun ageng
4.   Kendhil, ginanipun inggih kangge nggodhog, ukuranipun alit lan benten bentukipun
5.   Pengaron, kangge wadhah toya biyasanipun toya kangge siram lan ngingu ulam hias
6.   Kendhi, kangge wadhah toya  kangge ngunjuk
7.   Cuwo, ginanipun kangge wadhah toya wijikan, wadhah kembang setaman
8.   Wajan, ginanipun kangge nggoreng
9.   Kekep, ginanipun kangge tutup wajan
10.Lemper, ginanipun kangge nyambel
11.Celengan, kangge nyelengi arta, bentukipun werni-werni kados ta:Celengan pitik, celengan gajah, celengan macan, celengan semar lsp
Lemah ingkang dipunangge damel grabah kedah lemah lempung ingkang sae, mboten kenging kecampuran pasir/krikil. Lempung lajeng dipun cithak utawi dipun wangun, saksampun ipun dados wewangunan ingkang dipun kersakaken, lajeng dipunpepe ngantos garing, saklajengipun dipun besem utawi dipunobong.
Menika sekedhik bab seserepan Grabah, sanajan bekakas  ingkang dipun damel saking grabah sampun kesingkir dening kemajengan jaman, kita kedah sumerep asil budaya leluhur kita kalawau, wasana namung sumangga.

Sukoharjo, 28 Juli 2012