Rabu, 17 Desember 2008

Geguritan : Yan Tohari

Peparabing wektu
(1)

aja sliramu nggege mangsa

awit wektu iku sesandining kamulyan

ing ngarep kerep nyebar cecangkriman

ing tengah kulina ngiming-iming klawan sanepan

lan ing mburi asring dadi pepojaraning wadi

pranyata selot adoh wektu lumaku

kepara adoh jejantraning urip kasluru

(2)

anehe, sliramu nate ndhadhung wektu

mbok pathok lan kaerut ing wit trembesi

ewasemana pungkasane sira sing ajur ketawur

awit wektu malik lembuting lebu

ngrabasa awakmu, sing kulina lirwa

lan randhat anglenggana

(3)

ya, prayoga elusen wae wektu ing pangkonmu

tembangna lagon ilir-ilir ing esuk lan sore

sandhingen sinambi ngulatake

jumedhul angslupe rembulan

awit ing kana bakal mbok tampa

lelarikane nugraha, tetela

ing walike wektu tinemu mutyara tan kinira

(4)

yen sliramu takon apa tumandange wektu

mula piyaken alang-alang kalbu

awit wektu iku sing ndadekake

banyu dadi watu

watu dadi banyu

( kapetik saking Solo Pos )