Tekamu prasasat angin
kalamun kaduga kita mamiling
tetela pucuk alang-alang iku sing asring sesambat
ngrerintih, tetangisan, ngaru-ara sauruting rumambate angin
geneya titimangsa lirwa mring sesanggeman
coba delengen mring eseming
kembang-kembang mawar
ngebaki tamansari pojok kutha pamer ganda angambar
melingake sagerombolan kupu-kupu padha
andhon tresna
saiba ngujiwat yen ati katingset ing tali asmara
banjur nganti kapan sakabehe kudu angrantu
sapinggiring alun-alun iki, sliramu nate nulis prasetya
sapinggiring sendhang iki, sliramu nate ngengudang
ewasemana, tekamu nganti saiki prasasat angin
tanpa gatra, tanpa sabawa
Mring Buku-buku
wusana nalika kita ambuka
buku-buku katulisan aksara crita
salarik tandha ing ngarep plataran iki
awak lunglit kaliren ngathung mring endah rembulan
kita waca saka kaca ganti kaca candhake
buku nyethakake urut-urutane panelangsan
jagad mendem pepenginanku lan pepinginanmu
sing kandel sundhul tumpukan wektu
wusana nalika kita ambuka
iya buku-buku kang trengginas nuduhake
yen kita durung pana
yen kita durung cetha
mring salarik tandha memaca
Ing palung angin lan sepi
dumadakan aku kepingin ngganda wangine angin
sing kumlesik sauruting pang-pang tuwa
lan sore angrenggani
mbokmenawa bisa daktlesih sungapaning sih
kang bening, bening saka kang bening
dumadakan aku kepingin rerangkulan klawan sepi
nedya dakkandhakake, lamun ing lempitaning alam
mapan maewu mutiara ngelam-lami
kang nusuh ing palung angin lan sepi