Rabu, 16 Juli 2008
Cerkak : Diwayuh
Cerkak : Kajiret Alang-alang
"Nanging geneya kowe nolak yen daktuku lan dakgawa bali,"aku mbbujung omongane.
Jumat, 11 Juli 2008
Cerkak : Angin Telaga
Angin dolanan pang randhu sangarepe omah cilik iku nalika Surjan mudhun saka becak. Panyawange landhep ngematake omah sing kebak nyimpen lelakon uripe duking uni. Wis rong tahun dheweke ninggalake papan iki, lan nganti seprene durung akeh owah-owahan. Wit randhu sing tumiyung pinggir kali, kembang kenanga sing wiwit mranggas lan plataran sing kethukulan suket-suket teki. Isih dadi sesawangan kaya mangsa sing wis-wis. Ing kene Surjan dilairke lan ing kene Surjan ngronce urip nganti nyandhak dewasa.
Kelingan iku kabeh Surjan nelangsa. Kenangapa katresnan sing wis karonce kanthi kesabaran lan kateguhan kudu rantas dening kanyatan sing pait nyetheg. Lamat-lamat wewayangan lelakon duking uni mrentul maneh, Kelingan iku prasasat kabeler landheping welat, atine Surjan perih.
Sawise ngipatake sih tresnane Surjan, Ningrum, kenya gegantilaning atine milih Dibya anake lurah kene. Lan saiki mesthine bisa urip mulya klawan juragan kayu sing cukup sukses iku. Pancene ya ngono. Sapa gelem klawan Surjan pria sing dilairake saka wong tuwa miskin lan nganti saiki uripe ya durung nemokake owah-owahan . Isih mlarat. Rikala nyawang kumlebate manuk dara sing nuli mencok ing pang randhu ngarep omah iku. Atine Surjan kumitir. Manuk dara, ya manuk iku sing dadi wewayangan kang banget nabet ati. Ing telaga sing ora adoh saka omahe Ningrum, sineksen sepasang manuk dara kang kekiberan ing telaga iku. Surjan nelakake rasa tresnane klawan Ningrum. Tan kanyana wong wadon iku datan nolak apa kang dikarepake Surjan. Wong loro iku nuli kekanthen tangan sinambi ngurut dalan cilik sing ngepung telaga. Prasasat Surjan kepengin pamer marang dara-dara iku kalamun dudu manuk-manuk iku wae sing bisa kekanthen klawan pasangane sinambi ngiberi akasa.
"kowe ora bakal blenjani tresna iki, Ning?" surjan katindhes rasa wang-wang.
"kang surjan ora susah sumelang. Aku bakal setya kaya setyane talaga iki sing nyranti tekane banyu ing kapan wae, "Ningrum nanduki mawa tembung sing ngumbulke atine Surjan.
Lan sore ing sawetara taun kepungkur saiki amung dadi wewayangan sing nedhas ing dhadha, jalaran ora gantalan suwe amung telung sasi saka kedadeyan kuwi Ningrum wis dadi darbeke Dibya. Tan kuwat ngampah kanyatan sing gawe tatune ati , ora ana plihan liya Surjan kudu minggat, nadyan pilihan iku kudu ditohi klawan negakake wongtuwane wadon sing wis urip ijen awit katinggal bapake kanggo salawase.
Nganti saiki sawise rong taun lumaku, Surjan antuk kabar yen mboke lara nemen. Lan iku sing dadi alesan Surjan bali ing papan kelairane iki, sawuse ngumbara mecaki ambane kutha Jakarta.
Tan kinira wewayangan iku bali ngalela maneh nalika Surjan jumangkah ing plataran. Kalawan ngimpun kateguhan ati, dheweke age jumangkah nuju ing emperan omah sing selot kelem ing umur, sepi, ora ana sabawane wong. Mangu-mangu Surjan anggone nerusake jangkah, kudu piye nalika dheweke kudu adu arep klawan mbokne. Sawuse rong taun ninggal tanpa pepoyan lan saiki ketemu kanthi wong tuwa wadon jroning kahanan ringkih. Gumlethak ana ngamben kanthi ngampah lara, ijen tanpa rowang. Kelingan iku dumadakan mripate Surjan kembeng-kembeng. Rasa dosa sing sakgumuk gedhene prasasat nganteb dhadhane.
Apa Ningrum iku jejere mustikane wanita? Apa Ningrum iku ngungkuli kamulyane wanita sing nate ngembol Surjan sangang sasi sepuluh dina? sing meres susune saben mangsa kanggo ngandelake daginge.
"Oh, kenangapa aku dadi liwung jroning ngadhepi kahanan rong taun kepungkur?"
Wis sawetara Surjan lelungguhan ana lincak sing tetep pengkuh sumeleh ing emper. Lincak sing pengkuh iku kaya nggambarake pengkuhe atine sing nggawe, yaiku bapake. Saiba wongtuwa lanang iku ngetohi pati lan uripe kanggo ngeboti kulawarga. Nadyan mangkat esuk mulih wengi, udan klawan panas, ngelak klawan luwe, nyambut gawe minangka buruh panggul pasar kudu dilakoni. Nganti kasetyane mring kulawarga kudu ditembus klawan tetesing getih pungkasan.
Ngelingi iku kabeh dadi gawang-gawang ing tlapukane Surjan nalika bapake digawa mulih dening kanca-kancane kanthi tatu dhadha kang abot. Dina kuwi nalika ing pasar teko trek kanthi momot beras, wis dadi jejibahane bapake Surjan sakancane kudu ngudhunake. Nanging dina iku tiba apes, lagi wae tutup bak trek dibukak. Dumadakan bak iku mrucut saka gujengan lan sarosane ngantep dhadhane bapake Surjan. Wekasane priya iku gugur ing kalane dheweke ngembari rosaning sesanggan urip kanggo ngopeni anak lan bojone.
Nanging geneya, rikala bapake ora ana lan Surjan kudu wani kesampiran tanggung jawab ngopeni mbokne, kedadak tinggal glanggang colong playu kagawa saka solahe wanita sing blenjani atine. Ana ngendi rasa bhaktine anak marang wongtuwa, ana ngendi dunung ngregani labuh labete marang wongtuwa sing wis wani ngetohi pati lan soroh nyawa? Apa kudu lunga maneh awet ketemu emboke kepara malah nambah atine kasiksa?
Ora! Saiba selot mbledhak tumpukan dosa iku yen aku kudu ninggal kanyatan iki. Mangkono tuwuh kekuwatane Surjan. Bener! Aku kudu mlebu omah, mangkono katetepane atine.
Wong lanang iku age menyat saka lincak. Tumuli kanthi ngumpulake kekuwatan jeron dhadha mara dicoba Surjan nyaketi lawang omah cilik iku. Alon kebak pangati-ati lawang dibukak. Raine coba diungak manjero, kahanan njero tetep sepi. Surjan jumangkah kanggo marani papan peturone mbokne. Nanging sing digoleki ora ana kono. Rasa bingung, miris, lan sedhih gilir gumanti.
"Mbok kowe ana ngendhi, Mbok?" lirih lambene Surjan nyuwara kanthi geter.
Sepi.
"Sapa kuwi?" dumadakan keprungu swara ringkih saka pawon.
Atine Surjan lega. Genah kuwi swarana mbokne, age-age dheweke jumangkah menyang pawon. Nalika tekan pawon, sapandurat Surjan ora percaya. Nanging rasa kaget mau amung sakedhep netra, nuli malik rasa bungah awit nyatane mbokne katon seger waras ora apa-apa. Ora kaya kabar sing teka ing kupinge sawetara dina kepungkur.
"Mbook...,"Surjan njerit karo ngrangkul mbokne kenceng. Sasat dheweke kepengin nglebur rasa salah sing matumpa ing kekepane mbokne.
"Sepuranen aku Mbok, aku wis ninggal simbok sasuwene iki," swarane Surjan melas karo tetep ngrangkul lan ngambungi pipine mbokne sing wis kisut.
"Ya Le, simbok wis ngapura kabeh salahmu. Wis ora ana salah tumrap awakmu ngger. Dina kepungkur mbokmanawa lagi lali, lan saiki kowe wis kelingan maneh", wongtuwa wadon kuwi sansaya ora bisa ngampah luhe kang terus ngurut kali cilik sing ngrenggani pipine.
"Mbok aku bali merga krungu Simbok lara nemen, apa kuwi bener?"
"Aku sing meling-melingke kanthi kabar kuwi, Le, murih kowe gelem bali."
Sawuse katon aring. Tumuli wong wadon kuwi nyritakake mula-bukane gawe kabar yen dheweke lara banget lan ngajab Surjan bisa bali.
"Simbok darbe tamba kanggo larane atimu rong taun kepungkur, Ngger," pungkasan alesan kuwi sing mrentul saka wong wadon tuwa kuwi.
"Aku manut wae Mbok, kabeh kanggo nebus sagunung dosaku klawan Simbok," Surjan saiki anane mung pasrah.
"Ya, wis, manawa mangkono mengko sore bocahe dakjaluke bisa mrene."
Godhong-godhong randhu ngarep omah cilik iku kumitir katiyup angin sore. Surjan lan mbokne wis lungguhan ana emperan omah nyranti wanita sing wis dijanjekake teka sore kuwi.
"Sapa ta mbok wanita kuwi?" pitakone Surjan saselane ngrantu sing bakal teka.
"Mengko kowe harak ngerti dhewe," wangsulane mbokne cekak. Wanita sing diantu-antu Surjan lan mbokne wis katon kledhang-kledhang teka.
"Kuwi bocahe, Le," kandhane Mbokne Surjan klawan nuduhake sing lagi teka.
Bareng ngerti sapa sing teka, Surjan dadi kaget. Wanita kanthi pawakan kuru cilik lan praupane ciyut kuwi dudu wanita sing asing mungguhe Surjan.
"Bener Mas, aku. Dudu salah pandelengmu, aku Ningrum," age-age wanita kuwi ambruk ing pangkone Surjan.
"Geneya, ge...geneya kowe, Ning?" sagumuk pitakon lan sewu rasa bingung matupa ing dhadhane Surjan.
Ewasemana wanita sing rong taun kepungkur ngrojah-rajeh atine kuwi wis ora bisa wangsulan. Tangise kasuntak, lan sing bisa amung ngrangkul kenceng sikile Surjan. Mbokne sing ngerti mungguh nasib kang tumempuh ing panguripane Ningrum mung bisa kembeng-kembeng waspa nyipati kedadeyan surup iku. Ing langit sansaya peteng, krungu tangise Ningrum surup iku. Angen-angene Surjan tumlawung. Kaya keprungu maneh angin telaga sing dadi seksi kandha-kandhane Ningrum rong taun kapungkur.
******